Tag Archives: partawiraya

Mahabarata, Partawiraya [31]


Bab IX Lêlampahan Kang Wêkasan

Saparipurnaning anggènipun angêsokakên sêsajinipun ing lèpèn Gangga, Prabu Yudhisthira lajêng nêdya kundur, nanging sangking sangêting rudatosipun, sang prabu lajêng dhawuh wontên ing têpining lèpèn, kadosdene dipangga ingkang kenging jêmparinging tuwaburu. Sang Guwinda inggal anglipur ingkang sawêg karêrantan, sarta dhawuh manawi kasêdhihan sangking anggènipun anggalih dhatêng ingkang sami sawarga punika adamêl sangsaranipun, Sang Wiyasa dhawuh supados Prabu Yudhisthira adamêl Aswa Wedha, mila parwa punika kanamèkakên makatên. Punapadene kadhawuhan anggêganjar, sarana kalih warni wau ingkang sagêd dados pambirating prihatosipun.

Yudhisthira matur manawi gêdhonging rajabrana kothong, môngka dèrèng sagêd angindhakakên pajêging nagarinipun ingkang sawêg kamlaratan punika. Nanging Sang Wiyasa lajêng ngandika, bilih sariranipun manggih pasimpênaning rajabrana agêng ing Imalaya. Têtilaranipun satunggaling narendra ingkang mêntas adamêl sêsaji, ingkang lêlampahanipun ugi lajêng dipun cariyosakên dening Sang Wiyasa. Anggènipun Kesawa badhe adamêl lêrêming rudahipun Prabu Yudhisthira, lajêng amêdhar piwulang, manawi tiyang sagêd pisah saking kasêdhihan sarana mangrèh ciptanipun, dhawuhipun: Yudhisthira samangke sampun wancinipun andika prang wontên paprangan, ingkang sabên tiyang kêdah angawaki prang piyambak, ing paprangan wau tiyang botên prêlu ngangge jêmparing, botên mawi kanthi, tuwin botên prêlu mawi wadyabala.

Paprangan ingkang kêdah linampahan ijèn wau, sampun andhatêngi andika, manawi andika kasoran wontên ing paprangan wau, andika badhe dhumawah ing kasangsaran agêng, dhuh atmjaning Kunthi, samangke andika sampun priksa, lajêng katindakna, jêngandika badhe rahayu. Ing nalika wau Yudhisthira lajêng amêrangi prihatosipun, sakalangkung panuwunipun dhatêng Sang Kesawa. Sadumugining Astinapura, Prabu Yudhisthira lajêng anglampahakên kawajibanipun.

Sri Krêsna kalihan Sang Arjuna, lajêng anginggar-inggar dhatêng pasitèn-pasitèn ingkang nêngsêmakên ing satunggaling dintên Arjuna kèngêtan manawi kasupèn dhatêng piwulanging dewa mitranipun ingkang kawêdharakên nalika badhe têmpuking prang, mila matur supados kêparêng angambili pamulangipun, wangsulanipun Wasudewaputra sêmu sêrêng, sarta anêtah dene Arjuna kasupèn dhatêng wêdharing kasunyatan ginaib kang langgêng, ingkang kawêdharipun saking anggènipun yoga. Nanging Sri Krêsna lajêng kêparêng nyariyosakên dongèng kina, lêlampahanipun satunggaling brahmana ingkang kadhatêngan dewa awiraosan prakawis kamajêngan, wiraos wau winastan: anugita ingkang misuwur. ing ngriku nyariyosakên kados Sri Krêsna amulang Arjuna, ingsun iki juru mulang, lan wêruh yèn suksmaning manungsa iku siswaningsun. Inggih punika piwulang ginaib ingkang ing têmbe mêsthi sami andika parsudi. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [31]

Mahabarata, Partawiraya [30]


Sinaua dhatêng kasantosan, sanadyan botên gampil dipun lampahi, sampun ngantos takluk dening badan, badan andika dipun rèha, kuwawia nandhang kêkirangan, badan punika rencang tumbasanipun manungsa, dados sanès Gusti. Gêsang jaman samangke kathah badan ingkang kirang santosa, kirangipun santosa wau adamêl saya lêsunipun. Suwawi anulada ratu ingkang kacêpêng dening satunggaling raksasa. ratu wau botên ajrih, amargi panjênênganipun sampun anêtêpi kawajibanipun. Ingkang anêtêpi kawajibanipun, punika botên prêlu ajrih dhatêng punapa kemawon, kalampahanipun tiyang kadhatêngan pakèwêd, punika manawi supe dhatêng kawajibanipun, utawi nglirwakakên wajib. Tiyang botên sagêd kataton dening samukawis, botên wontên pangwasa ingkang sagêd adamêl kawonipun tiyang, sadangunipun tiyang taksih anêtêpi darmanipun. Tiyang rumaos kawarôngka tuwin kawêngku, amargi tiyang priksa dhatêng kalintuning cipta tuwin tindakipun, sarta angêngakakên kontên kangge lêbêting mêngsahipun, môngka tiyang ajrih tinêmpuh. Kainêbna kontênipun, supados sampun kalêbêtan satru.

Sang Bisma ngakêni luhuring anggènipun dados guru, karantên sangking titining pamawasipun dhatêng wujud kalihan gêsang, pangandikanipun: ing layang Wedha wêwarah, yèn mangrèh pribadine iku angungkuli sêsaji, ing mêngko ingsun nêdya nyaritakake bab sêsaji kang ora katarik dening sadhengah, dhuh narendra kang wicaksana, katilingna wêdharing pituduhingsun, amambênga saliring panggawe ala, lire dilêgawa, lan, wêlas asiha, iku kaanggêp sêsaji gêdhe dening para wicaksana, dudu kang anglêlêsu badan.

Piwulang punika katingal condhong kalihan lêlampahanipun Prabu Janaka kalihan Sulamba, pandhita èstri. Sang Prabu ngandika, manawi tiyang mangangge abrit, gundhul, ngangge têkên palunton tiga, (drie dubbele stok) tuwin mandhula, punika panitikan lair ingkang nêdahakên kadospundi gêsangipun tiyang wau, punika botên wontên ajinipun tumrap panggayuh dhatêng kamursidan kang luhur. Kula gêsang wontên ing nagari ingkang mardika, sanadyan kalairan kula kawêngku ing agami, kasugihan, tuwin kasênêngan, ingkang awujud kaprabon miwah pawèstri, ingkang limrah dados bêbandaning tiyang. Tangsul ingkang sangking kaprabon miwah kasugihan kula, sarta talining karêm kula wau sampun kula pagas dening pêdhanging pamambêng, tiyang sagêd sinau amambêng, sarana lair tuwin batos, nanging pamambêng ing dalem batos punika langkung rêkaos. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [30]

Mahabarata, Partawiraya [29]


Piwulang Luhur

Kita anilar senapati agêng ingkang sare wontên pasareyanipun ing têngahing Têgal Kuru, dados panjênênganipun wau priksa dhatêng sadaya lêlampahan ingkang sami kita sumêrêpi, ngantos bibaring prang tuwin Yudhisthira kajumênêngakên narendra, samangke anyêlaki têtingalan kang wêkasan, utawi perangan ingkang kandêl piyambak, nama Santiparwa. Wontênipun ing Sêrat Mahabarata, Santiparwa punika parwa ingkang panjang piyambak, makatên ugi Anusasanaparwa, anyariyosakên lêlampahan ingkang minôngka panutup, saha pitêdahipun Sang Bisma prakawis wêjanganing darma.

Yudhisthira martuwi dhatêng Dwaraka, nanging Sri Krêsna pinuju sêmadi, pangagêmanipun sarwa jêne, katingal agêbyar-gêbyar saking soroting sêsotya nawarêtna, punapadene sulistyaning warninipun Sri Krêsna tribawana botên wontên ingkang animbangi. Sri Krêsna kèndel kemawon, botên paring wangsulan dhatêng aturipun Yudhisthira, pratôndha panjênênganipun pinuju silêm ing dalêm panunggal, mila Prabu Yudhisthira lajêng manêmbah. Saparipurnaning anggènipun sêmadi, Yudhisthira nyuwun supados kajarwanan, kadospundi dene panjênênganipun punika dewa, têka anggêgulang panunggal.

Sri Krêsna gumujêng, lajêng ngandika: Sang Bisma angèsthi maringsun, mula ingsun anujokake ciptaningsun marang senapati iku, ciptane Sang Bisma katon sumorot kayadene cahya. Yèn wong manêmbah môngka ciptane angèsthi dewa, dewa iya banjur tumolèh marang wong mau. Manawa wong atine angèlingi dewa, ciptaning dewa banjur katarik. Sri Krêsna pratela supados sadèrèngipun Sang Bisma anilar marcapada, Prabu Yudhisthira puruhitaa bab kawajibanipun ingkang kêdah dipun sumêrêpi. Amargi bilih Sang Bisma, têtungguling bôngsa Kuru sampun oncat saking dunya, sadaya kawruh bab wau ugi badhe sirna.

Yudhisthira miturut, nanging Sri Krêsna kasuwun kaparênga angèstrèni anggènipun Prabu Yudhisthira nyuwun barkahipun senapati ingkang angandhêg sedanipun punika. Sri Krêsna dhawuh amundhut rata titihanipun, lajêng bidhal dhatêng Kurusetra kadhèrèkakên wadyabala agêng. Sang Bisma wontên ing têngah- têngahing Têgal Kuru mangangkah oncatipun saking marcapada, punika sagêda lêstantun taksih angèsthi Sri Krêsna, mila lajêng kinintunan nugraha, ingkang prêlu sami jêngandika sumêrêpi. Sri Krêsna, ingkang priksa batosipun sadaya, sarta dêdunung ing pundi-pundi, punika gêntos-gêntos dipun baktèni, wasana Bisma nampèni wangsulan sih katrêsnanipun Krêsna, saha sang sinukci lajêng angrawuhi baktènipun. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [29]

Mahabarata, Partawiraya [28]


Pamalêsipun Aswatama dhatêng sirnaning sudarmanipun kacariyos wontên ing Surtikaparwa. Aswatama badhe anyidra wadya Pandhawa ingkang sami tilêm, ananging cuwa dene pinambêngan dening Krêpa, supados sampun damêl makatên. Ewadene Aswatama mêksa lajêng pangkat dhatêng wiwara pakuwon Pandhawa.

Aswatama kacêgatan dening satunggaling kawontênan ingkang sakalangkung sakti, botên tumama dening sadaya dêdamêlipun. Ing nalika wau Aswatama angèsthi Bathara Rudra, adamêl latu kurban, ingkang kinurbanakên badanipun, wasana tampi nugrahanipun Bathara Mahadewa sagêd kadumugèn sêdyanipun. Ing pêtênganing wanci dalu manjingipun dhatêng pakuwon, lajêng amarwasa mêngsahipun ingkang sami tilêm. Ingkang rumiyin piyambak Drêstajumna, lajêng putranipun Drupadi, lajêng sanès-sanèsipun kajawi para putranipun Pandhu, Satyaki, tuwin Kesawa, ingkang wêkdal punika botên wontên ing ngriku. Aswatama wangsul dhatêng panggenanipun Duryudana, Krêpa, tuwin Kartawarma, nyariyosakên sirnaning para mêngsahipun.

Taksih wontên soroting raos bingahipun Duryudana, inggih punika kabingahanipun kang wêkasan, ngantos ngandika: sira kabèh padha sêtya tuhu, sira padha kabêgjan, kariya slamêt, têmbe padha sapatêmon manèh anèng kaswargan. Sasampunipun ngandika makatên, Duryudana lajêng anilar kawadhaganipun.

Ing nalika Yudhisthira mirêng pawartos ingkang anyêdhihakên wau, lajêng animbali Dèwi Drupadi, kalayan raos sêdhih ingkang tanpa upami. Drupadi prasêtya, badhe anganyut tuwuh manawi Aswatama botên pinêjahan, utawi sêsotya rêrêngganing sirah, ingkang kadèkèk wiwit lairipun punika botên katampèkakên ing sariranipun. Bima nêdya ngupaya Aswatama, Kesawa dhawuh dhatêng Yudhisthira tuwin Arjuna supados sami tumut numpak ratanipun Wrêkudara, amargi Bima botên kawawa anadhahi bramastra, ingkang Aswatama sagêd sangêt anglêpasakên. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [28]

Mahabarata, Partawiraya [27]


Dintên kaping wolulas, Salya ingkang kapilih dados senapatining wadya Kurawa. Lêlampahan ingkang botên sapintêna dangunipun punika kacariyos wontên ing Salyaparwa.

Têtindhihing wadya Pandhawa Sang Yudhisthira, campuhipun wadya Pandhawa kalihan Kurawa sakalangkung rame. Marambah-rambah Yudhisthira tinêmpuh dening mêngsahipun, nanging ingkang nêmpuh wau malah kasêsêr, amargi lajêng tinalabung saking kanan kering, wasana Yudhisthira ingkang rata sapangiridipun sampun sirna dangu, amênthang langkapipun, mantêk mantra lajêng linêpasakên, Salya kenging dhadhanipun, lajêng anggêblag dhawah ing siti.

Kajawi ingkang pinasrahan layoning senapati, sadaya taksih sami anglajêngakên prangipun, ngantos para putranipun Dritarastra kantun kalih, inggih punika Suyudana kalihan Sudarsa. Dangu-dangu kantun Duryudana piyambak, satunggal kemawon sampun botên wontên ingkang ambiyantu anggènipun prang, mila Duryudana lajêng anilar rata ingkang pangiridipun sampun pêjah, lumajêng nilar paprangan sêsingidan ing talaga, toya piniyak saking pangwasaning Masi, lajêng sêsingidan ing dhasaring toya.

Wadya pêpilihaning Kurawa ingkang wahana rata kantun tiga: Krêpa, Aswatama tuwin Kartawarma, ananging Duryudana botên wuninga bilih taksih wontên ingkang kantun, kagalih sampun sirna sadaya.

Sarêng katiganipun wau dipun cariyosi Sanjaya ing pundi pasingidanipun Sang Duryudana, dalunipun lajêng sami anusul kairit dening Sanjaya. Katiganipun atur pamrayogi supados Duryudana angêdali prang malih, nanging Suyudana botên amituruti kabêkta saking kasayahan saha katêlasan upacaraning prang. Para tuwaburu ingkang langkung sacêlakipun ngriku mirêng anggènipun sami wiraosan wau, dados mangrêtos manawi Duryudana nêdya sêsingidan ing salêbêting talaga, para tuwaburu wau lajêng ngaturi uninga dhatêng Pandhawa. Mila Pandhawa sagêd priksa ing pundi pasingidanipun Suyudana.

Yudhisthira manantang supados Duryudana mêdal saking toya, amangun prang ngrêbat kaprabonipun. Duryudana mangsuli, manawi sampun lêrêm sawatawis Duryudana sagah badhe angêdali prang malih. Nanging Pandhawa mêksa manantang, wangsulanipun Duryudana sêmu pangerang-erang, mratelakakên manawi sadaya kêkasihipun sampun sami sirna, panganggêpipun bawana sampun risak, sariranipun amung badhe lumêbêt ing wana kemawon, sarta sampun lila Yudhisthira jumênêng nata amêngku nagari ingkang sampun sonyaruri wau. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [27]

Mahabarata, Partawiraya [26]


Dintên paprangan kaping nêmbêlas, winastan Karnaparwa. Karna kajumênêngakên senapati. Ramening paprangan botên suda malah andados, Karna ajêng-ajêngan prang kalayan Nangkula, ngantos kusiripun, kapalipun tuwin dêdamêlipun Nangkula sami sirna. Ananging Nangkula botên pinêjahan, angèngêti kasagahanipun dhatêng Dèwi Kunthi. Nangkula kinalungan kêndhênging gandhewa lajêng kauculakên.

Yudhisthira ugi botên karsa amêjahi Duryudana ingkang nandhang kanin ngantos kantu, dening dêdamêlipun, mila botên linampus amung angèngêti dhatêng pangancam-ancamipun Bima. Kanugrahan ing dintên punika kakêkap dening Arjuna, amargi Arjuna sagêd ambibarakên mêngsahipun, sapêngkêring mêngsah Arjuna katingal ngalela wontên sanginggiling rata ingkang pangirid kuda pêthak, kinusiran ing dewa.

Dalu punika Karna sampun anamtokakên, bilih enjingipun nêdya tandhing kalayan Arjuna. Mila sarêng Hyang Pratônggapati sampun katingalan ing têmbinging langit iring wetan, inggih punika dintên paprangan kaping pitulas, Karna lajêng nêdya anêtêpi prasêtya, badhe amungkasi prangipun, punapa Arjuna, punapa sariranipun ingkang kaparèng tiwas. Karna nyuwun dhatêng Prabu Salya, narendra ing Madras, supaya kaparêng angusiri ratanipun, dados botên kuciwa ajêng-ajêngan kalihan Arjuna.

Sakawit Prabu Salya sangêt dukanipun, amargi panêdhanipun Karna makatên wau, kagalih anyênyamah dhatêng kaprabonipun. Nanging Duryudana lajêng angarih-arih, sarta mrayogèkakên Salya mituruti sapanêdhanipun Karna, karantên sang prabu badhe têtimbangan kalihan Sri Krêsna, sarta ngèngêtakên bilih Sang Hyang Brahma pribadi ugi nate angusiri ratanipun Bathara Rudra. Kalampahan ratanipun Adipati Karna kinusiran dening Prabu Salya. Dintên punika kathah cipta sasmita ingkang kirang prayogi amargi kusir kalihan ingkang numpak sampun botên golong, inggih punika Salya anguwus-uwus dhatêng dêgsuranipun Karna, sarta lajêng angalêmbana dhatêng mêngsahipun. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [26]

Mahabarata, Partawiraya [25]


Paprangan agêng ing dalu wau ingkang anggêgirisi piyambak, prangipun Gathutkaca kalihan Karna. Campuhipun sakalangkung rame, wusana Karna kapèpètakên dening Gathutkaca, ngantos Karna bingung dening pujan kawujudanipun Gathutkaca, mila Karna angunus sanjata Kunta pêparingipun Hyang Indra, sarta anting-antingipun pisan. Lajêng kalêpasakên, ing ngriku botên wontên kawasa ingkang sagêd adamêl cabar. Jêmparing lumêpas angênani Gathutkaca dhawah Kurawa surak mawurahan.

Sarêng Pandhawa priksa bilih Gathutkaca pêjah sami anangis, amung Kesawa surak amratandhani bingahing panggalih. Saking sangêt kagawokan mila Arjuna matur pitakèn dene wontên lêlampahan kang mokal. Kesawa pratela manawi salêbêtipun Karna taksih kanggenan jêmparingipun Hyang Indra, sagêd anyirnakakên mêngsahipun satunggal, pundi ingkang kinajêngakên, môngka samangke sampun kalêpasakên, dados Arjuna mêsthi wilujêng, sarta sagêd anyirnakakên Karna.

Sampun mêsthi jêmparing wau tansah kapundhi-pundhi dening Karna, prêlu badhe kangge mrawasa mêngsahipun ingkang tansah kaajap-ajap, malah badhe kasarêng kalayan Kesawa, ananging kasupèn ing wanci anggènipun badhe anglêpasakên. Samangke pangwasanipun sampun têlas, pangajêng-ajêng dhatêng lêstantunipun gêsang sampun sirna amargi saking pandamêlipun piyambak.

Dumugi wanci têngah dalu, para prajurit ingkang sampun sangêt sayahipun sami tilêm kalayan bôndayuda, mila Arjuna lajêng undhang angèndêlakên prangipun, ngantos rêmbulan dadari.

Paprangan wiwit malih, ramening ingkang sami bôndayuda tansah matambah- tambah, dene ingkang minôngka watêsing dintên paprangan kaping gangsal wêlas, punika campuhipun Arjuna kalihan Drona, kalihipun sami angêdalakên pangabaran warni-warni, botên wontên ingkang kasoran, lajêng sami anêmpuh sanès barisan, nanging taksih sami prang, wasana Kesawa paring dhawuh wontêna ingkang suka pawartos dhatêng Drona, manawi Aswatama kasambut ing adilaga.

Arjuna botên kadugi anglampahi, nanging Bima sigra amêjahi gajah ingkang nama Aswatama, sarwi manguwuh sora: Aswatama mati. Lêrês Aswatama pêjah nanging Aswatama gajah, sanès Aswatama putranipun Drona. Sakawit Drona sêdhih, nanging lajêng sirna, amargi andugi bilih pawartos punika cidra.

Ing nalika wau para maharêsi sami manguwuh dhatêng Sang Drona bilih sampun dumugi mangsanipun Sang Drona anilar marcapada. Sami sanalika, kapapagakên dening Drêstajumna ingkang pinasthi anguntapakên angkatipun Drona dhatêng kaswargan. Drona lajêng larut bingah ing manahipun, enggal pitakèn dhatêng Yudhisthira, ingkang sampun prasêtya bilih botên badhe cidra, sanadyan ginanjar mangrèh tri bawana.

Lêrês punapa botên pawartos pêjahipun Aswatama wau. Saking wêwêlingipun Sri Krêsna kêdah cidra, makatên cobi tumrap sihipun Yudhisthira dhatêng katêmênan. Ing têlênging batosipun Yudhisthira isi watak kirang santosa, sarta kasangêtên rêmênipun miturut dhatêng tiyang sanès, mila botên kawawa madêg saha adamêl kêkêncêngan piyambak. Ambêgipun alus, adil, momot tuwin sih, nanging ing nglêbêtipun isi watak kirang kêkêncêngan, mila tamtu wontên môngsakalanipun kalair, anjalari kuciwanipun, dados gampil sangêt dipun ewahi ing liyan. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [25]