Tag Archives: Cerita Basa Jawa

Lampah Limang Prakawis


Lampah Limang Prakawis miturut kabudhayan Jawi wiji saking Kyai Agêng Pêngging ingkang kapêncarakên dening Seh Siti Jênar, inggih punika:

  1. Sêtya amituhu utawi têmên lan jujur.
  2. Santosa, adil paramarta, tanggêljawab botên lèwérwéh.
  3. Lêrês ing samubarang damêl, sabar wêlas asih ing sasami, botên ngunggul-unggulakên dhirinipun, têbih saking watak panganiaya.
  4. Pintêr saliring kawêruh, langkung-langkung pintêr ngécani manahing sasami-sami, punapa dènè angêreh kamurkaning manah pribadi, botên anguthuh mêlik anggéndhong lali, margi saking dhayaning mas picis raja brana.
  5. Susila anoraga, tansah ngênggéni tata krami, mawéh rêrêseping paningal tuwin sêngsêming pamiharsa, dhatêng ingkang sami kataman.

Mustikaning kawêruh tuwin luhur-luhuring kamanungsan kuwasa anindhakakên lampah limang prakawis kados kawursita ing nginggil punika. Têmah kita manggén ing sasaning katêntrêman, dene wontêning katêntrêman punika mahanani harja kréta lan kamardhikan kita sami. Yen botên makatên, ngantos sabujading jagad, kita badhe nandhang papa cintraka, kagilês dening rodha jantraning jagad margi kacidraning manah kita pribadi.

Hewandene Pêpingin Nêm Prakawis punika inggih ingkang among utawi mituruti karsa, wêwêjanganipun kados ing ngandhap punika:

  1. Paningal (Sang Prêtiwidnya), amjurungi karsa ningali wawarnén ingkang sarwa édi péni.
  2. Pangganda (Sang Sutasoma), mituruti karsa angambêt gagandan ingkang amrikarum angambar-ambar.
  3. Pamiyarsa (Sang Srutakirti), among karsa niling-nilingakên pamirênging swara ingkang sakéca angrangin angayut-ayut, langkung-langkung pangrintihing swara salêbêting pulang asmara.
  4. Pangraosing ilat inggih pangênyam (Sang Satanika), angumbar karsa raosing sawarnanipun dhadhaharan tuwin unjuk-unjukan ingkang sarwa miraos.
  5. Pangraosing anggota (Sang Srutakrama), anguja karsa sakécaning sarira (kêséd sungkan sasaminipun), langkung malih pangujaning raos kanikmataning asmara.
  6. Wicara (Sang Gatutkaca), anjurungi karsa wêdaling swara sêreng kadosta; nêpsu, muring- muring, srêngên, lsp. Dene wêdaling swara ingkang manis arum anujuprana, namung yén kapanujon amawa pamrih, atêges wicara ingkang lamisan. Inggih wêdaling pamicara ingkang manis arum kadi madu pinastika, punika mêsi darubêsi sakalangkung mandi, sintên ingkang kirang waspada, bilai ingkang pinanggih.

By Mastoni

Langkung Celak Kaliyan Seni Pedhalangan (2)


Ini adalah tulisan kedua yang melanjutkan pembahasan sekilas tentang seni pedhalangan. Berdasar informasi dari Penulisnya, ini adalah bagian dari sebuah trilogy. Mudah-mudahan nanti dapat dikembangkan lebih luas dan lebih detil dengan harapan pengetahuan kita tentang dunia seni pedhalangan dapat ter-update.

Tidak perlu banyak kata pengantar, mari kita simak tulisan dari MasPatikrajaDewaku di bawah ini

Sumber Gambar : http://www.mission-indonesia.org/images/upload/press-02.jpg

Bagian Kaping Kalih saking Trilogy Cathetan Seni Pedhalangan.

Aspek Drama lan Theater ing Seni Pedhalangan

Seni drama ing pedhalangan mujudaken faktor inti. Layak kasebat mekaten karana seni pedhalangan menika sejatinipun anggelar satunggaling drama lelampahan gegayutan kaliyan praja (negari, state), wangsa (nation) jalma manungsa (pribadi, person) lan sapiturutipun. Dene drama lelampahan kapendhet saking carita Ramayana lan Mahabarata. Awer-awer awujud babon pakem cariyos lampahan mutlak kalampahaken kanthi pathokan saking serat pedhalangan ingkang kalampah.

Senajanta serat kekalih ing nginggil saking babonipun mboten wonten gegepokan setunggal lan setunggalipun, nanging saking wasising mpu Jawi, Ramayana lan Mahabarata saged manjing ajur ajer dados urut lajur.

Lelampahan ingkang kapetha dados wanci transisi jaman Ramayana nyambet ing Mahabarata saged kapriksanan wonten antawispun Rama Nitis, Wahyu Sri Makutha Rama lan sanes sanesipun.

Pengarah utami utawi sutradara ing seni drama pakeliran kasebat dhalang, saweneh wonten ingkang njarwa-dosok: ngudhal piwulang. Dene ingkang sinutradaran menika tokoh ringgit, ingkang sejatosipun mboten saged lelewa tanpa dipun lampahaken dening dhalang.

Margi saking menika, dhalang ing mriki kedah anggadhahi prabot moncering hawi carita, saged misungsung crita dhateng pamriksa/pamiarsa (audience) temah tontonan ingkang kagelar saged dados tepa palupi lan tuntunaning agesang, kejawi srana baku, inggih menika srana panglipuran (hiburan, tontonan).

Dene jangkeping dhalang, ingkang ing seni pagelaran ringgit kados kesebat ing nginggil menika dados peran utami tunggal (role), sa kirangipun kedah andarbeni kagunan kados ing ngandhap:

Dhalang kedah kuwawi anggelar swasana nges yen adeganipun sedhih. Pamriksa saged kanyut ing swasana tintrim, kepara saget nangis menawi dhalang wasis damel sanggit lan adegan dramatis.

Sembada  damel sengsem yen pinuju adegan romantis kanthi pangrakiting tembung manis,nanging yen sereng kados saestu lan sapiturutipun. Senajanta dhalang menika umumipun priya, nanging kedah saged micara gandhes kewes ngujiwat anggenipun nglampahaken ringgit putren. Continue reading Langkung Celak Kaliyan Seni Pedhalangan (2)

Bathari Pretiwi panguwasa bumi sap kapisan


 

pertiwi_solo

Bathari Pretiwi iku dewa kang nguwasani bumi sap kapisan. Bumi sap kapisan kondhang sinebut Ekapratala. Eka ateges siji, pratala ateges bumi. Bathari Pretiwi putrane putri Sang Hyang Nagaraja, kang dumunung ing kayangan Jalatundha. Ibune asma Bathari Dewi.

Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih lan Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathari Pretiwi iku drajate padha kalawan para dewa, amarga dheweke nguwasani bumi sap kapisan.

Bumi sap kapindho, sinebut Dwipratala, dikuwasani dening Bathara Kusika. Bumi sap kaping telu kang sinebut Tribantala dadi papan dununge Bathara Ganggang. Bumi sap kaping papat utawa Caturpratala dikuwasani Bathara Sindula lan bumi sap kalima, sinebut Pancapratala, dikuwasani dening Bathara Darampalan.

Bumi sap kaping enem iku kayangane Bathara Manikem lan Saptapratala utawa bumi sap kaping pitu mujudake kayangan papan dununge Bathara Anantaboga. Bathari Pretiwi ndalem uripe tansah pengin nduweni kembang Wijayakusuma. Ananging kembang kang ora sabaene kembang iku duweke Resi Kesawasidi kang dumunung ing Padhepokan Argajati. Continue reading Bathari Pretiwi panguwasa bumi sap kapisan

Bathara Surya njurung ngrembakane titah


 

surya_solo

Bathara Surya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Senggani. Bathara Surya duwe sedulur cacah sepuluh, yaiku Sanghyang Wungkuam, Sanghyang Temboro, Sanghyang Kuwera, Sanghyang Wrahaspati, Sanghyang Syiwah, Sanghyang Surya, Sanghyang Candra, Sanghyang Yama/Yamadipati, Sanghyang Kamajaya lan Bathari Darmanasti utawa Dewi Darmanastiti.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Surya dicritakake duwe sisihan loro, mbakyu adhi, yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Sisihane Sanghyang Surya iki sabanjure nurunake bangsa kaga utawa garudha lan bangsa naga utawa ula.

Dening Sanghyang Ismaya, sisihane Sanghyang Surya sakeloron iku diparingi endhog siji-siji. Endhog kang diparingake marang Dewi Ngruna, sawise tekan titi mangsane netes dadi kaga utawa garudha kembar lan dijenengi Sampati lan Jatayu. Sabanjure, garudha kembar iku kondhang lan dadi paraga baku ing crita Ramayana.

Dene endhog kang diparingake marang Dewi Ngruni, nalika tekan titi mangsane netes dadi ula kang cacahe tanpa wilangan, akeh banget. Miturut Mahabharata, garudha Sampati lan Jatayu iku putrane garudha Aruna kang lair saka guwa garbane Dewi Sweni. Continue reading Bathara Surya njurung ngrembakane titah