Bathara Ghana utawa Ganesa iku putrane Bathara Guru lan Dewi Uma Parwati. Bathara Ghana arupa gajah raseksa. Nalika Sanghyang Manikmaya mbangun tapa utawa mesubrata, tapane cabar amarga dipanah dening Bathara Kamajaya nggunakake panah kembang Pancawisaya, panah pralambang asmara.
Bathara Guru banjur bali menyang kayangane. Sanghyang Manikmaya mbangun tapa amarga prihatin mikirake Suralaya kang ana ing bebaya amarga dirabasa dening raja raseksa jejuluk Prabu Nilarudraka saka nagara Glugutinatar. Sedyane Nilarudraka kepengin nglamar widadari Suralaya, Dewi Gagarmayang.
Sejatine wus akeh dewa lan pehak liya kang aweh pepeling lan pituduh marang Nilarudraka, ananging dheweke tetep ora gelem murungake sedyane nglamar Dewi Gagarmayang. Dheweke terus ngrabasa, ngrusak lan gawe dredah ing Suralaya nganti pepenginane bisa kasembadan.
Sanghyang Manikmaya banjur mbangun tapa supaya bisa peputra maneh, putra kang nimpuna babagan aweh wewulang. Nalika ngrabasa Suralaya, Prabu Nilarudraka ngepyakake kabeh wadya balane kang numpak gajah.
Kanggo nandhingi, Bathara Guru mrentahake para senapati perang kadewatan supaya mbangun kekuwatan kanthi wadyabala kang uga numpak gajah. Sawise kabeh sumadya, Bathara Guru sedya nitipriksa barisane wadyabala Suralaya kang numpak gajah sing ditindhihi dening Bathara Indra lan Dewi Uma. Continue reading Bathara Ghana, dewane ngelmu kang ngreksa panti pustaka kayangan