Category Archives: Macapat

Macapat (3)


Sumber Gambar : http://www.tembi.org/kursus1/20100827-2.jpg

Sumber artikel : http://wikisource.org/wiki/Jv/Macapat

Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Yen sinawang saka kerata basa, macapat iku artine maca papat-papat. Macané pancèn rinakit saben patang wanda (suku kata). Tembang iki kira-kira lagi ana ing pungkasaning jaman Majapahit lan wiwitan Walisanga nyekel kuwasa. Nanging iku ya durung mesthi, amarga ora ana tulisan gathuk kang bisa mesthèkaké. Macapat akeh dienggo ing saperangan Sastra Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Anyar. Yen disandhingake karo Kakawin, aturan-aturan ing macapat luwih gampang. Kitab-kitab jaman Mataram Anyar, kaya Wedhatama, Wulangreh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, lan liya-liyane dirakit nganggo tembang iki. Aturan-aturan iku ana ing:

  • Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
  • Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
  • Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Déné, macapat dhéwé ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku:

Sekar Macapat utawa Sekar Alit

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

  • Maskumambang. Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
  • Mijil. Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
  • Sinom. Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
  • Kinanthi. Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
  • Asmarandana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
  • Gambuh. Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
  • Dhandhanggula. Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
  • Durma. Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha – padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
  • Pangkur. Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha – padha.
  • Megatruh. Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
  • Pocung. Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Sekar Madya utawa Sekar Tengahan Continue reading Macapat (3)

Macapat (2)


Sumber Gambar : http://www.thejakartapost.com/files/images2/Macapat010411-1.img_assist_custom-510×340.jpg

http://www.4shared.com/dir/12215004/9b58bdb6/Ibu_Supadmi.html

  1. Dandanggula Buminatan Sl. 9
  2. Kinanti Sl. 9
  3. Pangkur Paripurna Sl. 9
  4. Pucung Linduran Sl. 9
  5. Asmarandana Sloboh Sl. 9
  6. Sinom Sloboh Sl. 9
  7. Maskumambang Buminatan Sl. 9
  8. Durma Suragreget Sl. 9
  9. Mijil Dhomas Sl. 9
  10. Dhudhuk Wuluh Sl. 9
  11. Gambuh Tanjungseta Sl. 9
  12. Girisa Sl. 9

Macapat (1)


Tembang-tembang Macapat Dandanggula, Kinanti, Asmarandana bersama Sudarti dan S. Daladi

Sumber Gambar : http://ketoprakjawa.files.wordpress.com/2010/10/sinau-macapat.jpg?w=300&h=228

http://www.4shared.com/dir/12421854/f6a716d1/Dhandhangula.html

  1. Sudarti – Sekar Macapat Dandanggula Banjet Pl. Br
  2. S. Daladi – Sekar Macapat Dandanggula Banjet Pl. Br
  3. Sudarti – Sekar Macapat Dandanggula Padarsih Sl. 9
  4. S. Daladi – Sekar Macapat Dandanggula Padarsih Sl. 9
  5. Sudarti – Sekar Macapat Dandanggula Temanten Anyar Sl. 9
  6. S. Daladi – Sekar Macapat Dandanggula Temanten Anyar Sl. 9
  7. Sudarti – Sekar Macapat Dandanggula Mas Kentar Sl. 9
  8. S. Daladi – Sekar Macapat Dandanggula Mas Kentar Sl. 9
  9. Sudarti – Sekar Macapat Dandanggula Mas Kentar Pl. 6
  10. S. Daladi – Sekar Macapat Dandanggula Mas Kentar Pl. 6
  11. Sudarti – Sekar Macapat Dandanggula Turulare Pl. 6
  12. S. Daladi – Sekar Macapat Dandanggula Turulare Pl. 6

http://www.4shared.com/dir/12421861/ade0b19d/Kinanthi.html

  1. Sudarti – Sekar Macapat Kinanti Pl. 6
  2. S. Daladi – Sekar Macapat Kinanti Pl. 6
  3. Sudarti – Sekar Macapat Kinanti Suro diwangsa Pl. 6
  4. S. Daladi – Sekar Macapat Kinanti Suro diwangsa Pl. 6
  5. Sudarti – Sekar Macapat Kinanti Wisanggeni Pl. 6
  6. S. Daladi – Sekar Macapat Kinanti Wisanggeni Pl. 6
  7. Sudarti – Sekar Macapat Kinanti Pl. Br
  8. S. Daladi – Sekar Macapat Kinanti Pl. Br
  9. Sudarti – Sekar Macapat Kinanti Sl. Mnyr.
  10. S. Daladi – Sekar Macapat Kinanti Sl. Mnyr.
  11. Sudarti – Sekar Macapat Kinanti Suro diwangsa Sl. Mnyr.
  12. S. Daladi – Sekar Macapat Kinanti Suro diwangsa Sl. Mnyr.
  13. Sudarti – Sekar Macapat Kinanti Sandung Sl. Mnyr.
  14. S. Daladi – Sekar Macapat Kinanti Sandung Sl. Mnyr.
  15. Sudarti – Sekar Macapat Kinanti Pangukir Sl. Mnyr.
  16. S. Daladi – Sekar Macapat Kinanti Pangukir Sl. Mnyr.
  17. Sudarti – Sekar Macapat Asmarandana Dudo Kasmaran Sl. 9
  18. S. Daladi – Sekar Macapat Asmarandana Dudo Kasmaran Sl. 9

Serat Wulangreh


Sumber : http://kyaikanthongbolong.blogspot.com/2010/06/wulangreh.html

Macapat Serat Wulangreh silahkan unduh disini

Yasa Dalem : Sri Susuhunan Pakubuwana IV

PUPUH I
DHANDHANGGULA

01
Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.
02
Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
03
Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.
04
Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.

05
Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang : prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.
06
Ana uga den antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembah Hajang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang sarengat, batal haram nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.
07
Angel temen ing jaman puniki, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene prijangga.
08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kantira.
PUPUH II
K I N A N T H I

01
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
02
Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan guling, lawan ojo sukan-sukan, anganggowa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.
03
Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.
04
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil, yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
05
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi maling.
06
Sanadyan nora melu, pasti wruh lakuning maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha gelis bisa, yeku panuntuning iblis.
07
Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung linakwan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mufa’ati badanneki.
08
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor dipun bucal, unbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk kang den gulang, kumenthus lengus kumaki.
09
Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lambanging waong ala, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, kang ala miwah kang becik.
10
Cerita kang wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener lan becik, tindak bener lan kang salah, kalebu jro caritareki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
11
Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
12
Ingkang becik kojahipun, sira anggawa kang remit, ingkang ala singgahana, aja niat anglakoni, lan den awas wong kang kojah, ing lair masa puniki.
13
Akeh wong kang bisa muwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolihaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.
14
Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana amemedha, angrasa pinter ngluwihi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipun cedhaki.
15
Singakna den kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen open nora layak, yen sira sadhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkiorana kaki.
16
Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lan den wedi mring wong tuwa, ing lair prapto ing batin, saunine den estokna, ywa nambuh wulang kang becik.

PUPUH III

Serat Wedhatama


Sumber : http://sodinco.blogspot.com/2007/11/serat-wedhatama-edisi-lengkap.html

Macapat serat Wedhatama dapat didengar disini

Serat Wedhatama (Edisi Lengkap)

PANGKUR

Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji

Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak-ganyik nglilingsemi

Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo paparah lamung angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis

Si pengung ora nglegewa
Sangsayarda denira cacariwis
Ngandhar-andhar angendhukur
Kandhane nora kaprah
Saya elok alangka longkanganipun
Si wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang si pingging

Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si punggu anggung gumunggung
Agungan sadina-dina
Aja mangkono wong urip

Uripe sapisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindha padhane si mudha
Prandene paksa kumaki

Kikisane mung sapala
Palayune ngendelken yayah-wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lah iya ingkang rama
Balik sira sasrawungan bae durung
Mring atining tata krama
Ngon-anggo agama suci

Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh asor kudu unggul
Sumengah sosongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki

Kekerane ngelmu karang
Kakarangan saking bangsaning gaib
Iku boreh paminipun
Tan rumasuk ing jasad
Amung aneng sajabaning daging kulup
Yen kapengkok pancabaya
Ubayane mbalenjani

Marma ing sabisa-bisa
Babasane muriha tyas basuki
Puruita kang patut
Lan traping angganira
Ana uga angger-ugering keprabun
Abon-aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri

Iku kaki takokena
Marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa naheb hawa
Wruhanira mungguh sanyataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wredha
Tuwin muda sudra kaki

Sapa ntuk wahyuning Allah
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit
Bangkit mikat reh mangukut
Kukutaning jiwangga
Yen mangkono kena sinebut wong sepuh
Liring sepuh sepi hawa
Awas roroning atunggal

Tan samar pamoring sukma
Sinukmanya winahya ing ngasepi
Sinimpen telenging kalbu
Pambukaning warana
Tarlen saking liyep layaping ngaluyup
Pindha pesating supena
Sumusiping rasa jati

Sajatine kang mangkana
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming asuwung
Tan karem karameyan
Ingkang sipat wisesa-winisesa wus
Milih mula-mulanira
Mulane wong anom sami.

TEMBANG SINOM

Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama

Continue reading Serat Wedhatama