Category Archives: Cerita Basa Jawa

Cerita wayang dalam Bahasa Jawa

Lokapala [3]


Wisrawa-Sukesi-Danaraja

Solah tingkahe Resi Wisrawa sarta Dewi Sukesi, suwe-suwe kapiyarsa dening Prabu Sumali, ndadekake gumun-nguguning panggalihe. Wasanane sang Prabu mupus pepesthening jawata. Nanging sang Arya Jambumangli, bareng ngrungu pawartapakartine Resi Wisrawa karo Dewi Sukesi, sanalika krodha tan sipi, enggal-enggal manjing ing taman Argasuka karo sesumbar maciya-ciya. Midhanget sesumbare Arya Jambumangli, lir tinepak mukane Resi Wisrawa. Sawise pamitan marang ingkang garwa, Resi Wisrawa tumuli miyos saka pantisari, nedya methukake krodhane Arya Jambumangli.

Perange Resi Wisrawa lumawan Arya Jambumangli banget nggegirisi, padhadene ngetokake pangabaran warna-warna. Nanging wasanane Arya Jambumangli palastra ketaman jemparinge Resi Wisrawa.

Ing sasedane Arya Jambumangli, Resi Wisrawa dipethuk dening ingkang garwa Dewi Sukesi, banjur gegandhengan asta manjing ing pantisari. Rina wengi sang resi karo sang dewi tansah ana ing pantisari, pijer ulah raras karasikan.

<<< ooo >>>

Prabu Wisrawana Ratu Lokapala, uga ajejuluk Prabu Danaraja, iya Prabu Danapati, patihe apeparab Banendra. Sang Prabu abala bacingah, tegese darbe wadyabala campuran yaiku wadyabala raseksa karo wadyabala manungsa, padha mawa senapati dhewe-dhewe. Senapatine wadyabala raseksa papat, yaiku : Gohmuka, Rukmuka, Gurmuka, lan Wisnungkara. Senapatine wadyabala manungsa uga papat, yaiku Citrajaya, Citrasudirga, Citragana, lan Citrasakti.

Kreta titihane Prabu Wisrawana pinatik manik nawa retna, arane wimana Puspaka, apangirid turangga wolu. Wimana (kreta) Puspaka iku peparinge Jawata. Sanjatane Prabu Wisrawana kunta Baswara lan jemparing maneka warna. Continue reading Lokapala [3]

Lokapala [2]


wy-sumali

Resi Wisrawa ngendika :

“Yayi Prabu, ingkang ndadosaken gumuning manah kula, dene nini Dewi kok kumedah kedah nguningani sastrajendra hayuningrat. Gek sinten ingkang marahi piyambakipun mbebana aneh nyleneh makaten punika. Kawuningana yayi Prabu, sastrajendra hayuningrat punika wewadosing bawana ingkang sinengker dening Sang Hyang Jagatnata, milanipun pilih janma ingkang uninga. Sanajan pandhita linangkung, tangeh uninga bab punika, manawi dereng bontos ing kawruh. Sastrajendrahayuningrat punika inggil-inggilipun kawruh, mulya-mulyanipun gegebengan. Sato kewan ingkang mireng ungelipun sastrajendra hayuningrat, manawi pejah, yitmanipun saged ketrimah, manunggil kaliyan nyawanipun manungsa wonten ing delahan. Tiyang ingkang wuninga lan saged nyakup wardinipun sastrajendra hayuningrat, manawi palastra, suksmanipun ngalami mulya, saged manunggil kaliyan Jawata”

Midhanget ngendikane Resi Wisrawa mangkono iku, katetangi panggalihe Prabu Sumali, kepengin nguningani wardine sastrajendra hayuningrat. Awit saka iku, banget pangarerepane sang Prabu marang sang Resi, kersaa mejang wardine sastra iku.

Resi Wisrawa : “Yayi Prabu kawuningana, sastrajendra hayuningrat pangruwating raseksa diyu, boten kenging kawedhar wonten ing sadhengah panggenan, ngemungaken wonten ing salebeting sanggar palanggatan.”

Prabu Sumali tumuli dhawuh marang abdi, ndikakake ngresiki sanggar palanggatan lan nyamektakake sawarnaning ubarampe. Sawise samekta, Prabu Sumali tumuli manjing ing sanggar palanggatan bebarengan karo resi Wisrawa. Nganti suwe pamejange resi Wisrawa marang Prabu Sumali. Sawise paripurna, sakarone miyos saka sanggar palanggatan, tindak menyang taman. Kawistara ing netra, sang Prabu banget suka rena, sajak kalegan ing panggalih priksa wardine sastrajendra hayuningrat, yaiku sastra cetha ugering ngaurip, kang jalari patitising pati sampurnaning kamuksan. Continue reading Lokapala [2]

Lokapala [1]


wy-begawan-wisrawa

Lokapala, miturut carita Jawa araning nagara, kang jumeneng ratu tedhak turune Bathara Guru. Nanging miturut buku-buku asli Indu, kayata Mahabharata lan Utarakanda, Lokapala iku araning pangkate dewa 4, yaiku : Bathara Indra (ngratoni para dewa), Bathara Yama (nguwaosi nraka), Bathara Baruna (nguwaosi samodra) lan Bathara Kuwera (dewaning kasugihan, rajabrana).

Miturut serat-serat pakem padhalangan, Lokapala namanipun nagari, ratunipun ajejuluk Prabu Wisrawana utawi Prabu Dhanaraja, Prabu Dhanapati, putranipun Bagawan Wisrawa patutan kaliyan Dewi Lokati. Prabu Wisrawana punika ingkang dipun cariyosaken abala bacingah, tegesipun wadyabala campuran antawisipun wadyabala manungsa kaliyan raseksa.

Resi Wisrawa

Garwane jaka rara Resi Wisrawa yaiku Dewi Lokati, putrane putri Prabu Lokawana ratu ing Lokapala, apeputra kakung siji, sinung asma Wisrawana.

Resi Wisrawa jumeneng ratu ing Lokapala gumanti kaprabone ingkang rama marasepuh, ajejuluk Prabu Wisrawa. Nanging bareng Wisrawana wis diwasa, Prabu Wisrawa seleh kaprabon marang ingkang putra iku, nuli mbanjurake mratapa utawa mbagawan.

Sanajan wis jumeneng narendra, Prabu Wisrawana durung nambut silaning akrama. Ing sawijining dina Prabu Wisrawana midhanget pawarta, manawa Prabu Sumali ratu Ngalengka ngedegake sayembara, kanggo malakramakake putrane putri kang apeparab Dewi Sukesi. Surasane sayembara : sing sapa bisa ngasorake yudane senapati Ngalengka kang apeparab Arya Jambumangli, bakal didhaupake karo Dewi Sukesi.

Prabu Wisrawana wis muntu tekad nedya ngleboni sayembara Ngalengka, mulane dhawuh mepak wadyabala marang Patih Banendra. Sawise samekta, lagi bae nedya budhal menyang praja Ngalengka, dumadakan Sang Prabu kerawuhan ingkang rama Resi Wisrawa.

Resi Wisrawa menggak kersane ingkang putra. Sang Resi mrayogakake Prabu Wisrawana tumuli nambut silaning akrama, nanging ora nayogyani yen olehe krama kanthi karananing pancakara. Kersane Sang Resi, Dewi Sukesi supaya disuwun kanti aris. Sang Resi saguh nglamarake Sang Dewi, sarana sowan Prabu Sumali.

Prabu Danaraja ndherek kersane ingkang rama. Awit saka iku, Sang Prabu tumuli dhawuh marang Patih Banendra, ndikakake mbubarake wadyabala, ora sida budhal menyang Ngalengka. Continue reading Lokapala [1]

Makutharama [4]


Citraksi_Raden

Pakeliran Sedalu Natas
(garap tradisi Radya Pustaka)
dhalang:
Ki Purbo Asmoro
S. Kar., M. Hum.

Nalika samana lungguh nggedhangkrang sila tumpang, sikilé kemitir, sedhéla-sedhéla kecoh. Amung kang rayi Sang Citraksa miwah Citraksi ingkang anggung cinaket, merga bisa nutupi wadiné. Nalika samana angentosi bibaring paséwakan udhuning Rekyana Patih Harya Sengkuni, dadya mangkana pangandikaning Sang Dursasana.

DURSASANA: Hé, ha ha ha ha ha ha…. Citraksa.

CITRAKSA: Kula wonten pangandika, Kakangmas.

DURSASANA: Kok krungu gamelan kaé, gamelan apa?

CITRAKSA: Nuwun inggih, menika tiyang Banjarjunut sami nabuh gamelan tosan.

DURSASANA: Hé hé, ‘nggonku ‘nggoné wong sugih kok trima gamelan wesi? Kandhanana, ‘kon ‘nyang nggonku, tak-tukokaké gamelan prunggu. Ha ha ha. Sapa sing ngendhangi Loro Topèng kok dikendhangi ladrang kaé sapa kaé? Bareng kurang selarik: tung-tak-tung-den-tung-den-tung-den. Ha ha ha.

CITRAKSA: Menika ‘nggih tiyang krawitan Banjarjunut.

DURSASANA: Ha, kandhanana, trèmbèlané! Sindhèné sapa kaé kok ‚jarwèng jatma. kuwi piyé? Dibeneraké cathetané ‚jarwèng jalma. ora ‚jatma..

CITRAKSA: Sampun dipun-pernahaken nanging ngèyèl, Kakang.

DURSASANA: Wé, pecaten waé! Lha kaé apa ramé-ramé kaé ‘nèh, Citraksa?

CITRAKSA: Menika tiyang main kecepeng.

DURSASANA: Trondholo kecut! Wong ngendi sing main?

CITRAKSA: Inggih Banjarjunut.

DURSASANA: Trèmbèlané! Olèh kaya sithik wé bedhigasan. Ha ha ha. Wis tak-kandhani, tak-kon golèk ‘nggon sing rada ndhelik. Kandhakna aku nèk isih main menèh, thothoké ndhasé.

CITRAKSA: Inggih Kakang, sampun kula sanjangi. Continue reading Makutharama [4]

Makutharama [3]


Cangik - Limbuk

Pakeliran Sedalu Natas
(garap tradisi Radya Pustaka)
dhalang:
Ki Purbo Asmoro
S. Kar., M. Hum.

Limbukan

CANGIK: Anakku ‘ndhuk, anakku ’nggèr, kowé kok ndomblong bareng nyawang Ingkang Sinuwun kekanthèn asta bakal bojana andrawina ‘ndhuk, kowé kok ndomblong, ’nggèr?

LIMBUK: Ya, ‘Mak. Sinuwun bisa gandhèng asta karo Gusti Putri kaya ngono kok, aku kok ya ora ènèk sing ngandhèng, ya ‘Mak.

CANGIK: Oh, anakku ‘ndhuk. Kowé ‘ki Limbuk mbiyèn, ya wis pol-polé ya gur ngono kuwi.

LIMBUK: Iya iya ‘Yung, iya.

CANGIK: Heeh. ‘Nggèr, kadéwasaning manungsa winates. Kowé lagi semono drajatmu, lagi semono ukurmu. Ora ngukur sapa-sapa, ngukur awaké dhéwé.

LIMBUK: Iya ‘Mak, iya.

CANGIK: Mumpung iki gustimu lagi kepareng dhahar.

LIMBUK: Yèn ngono apa awaké dhéwé ngentèni lorotan, karo isah-isah mengko ya ‘Mak?

CANGIK: Sing dilorot apa? Wong ming timun dicampuri karo ampas kambil.

LIMBUK: Malah sehat.

CANGIK: Heeh, ’nggèr, ’nggèr, iya. Iki kanca pradangga komplit, saka pengrawit kraton.

LIMBUK: Kraton ngendi?

CANGIK: Adhuh ‘dhuh, abdi dalem Mayangkara.

LIMBUK: É ….

CANGIK: Tetunggulé saka Pujangga Laras, mlumpuk dadi siji ana ing kraton iki.

LIMBUK: Iya.

CANGIK: Ayo ‘ndhuk, supaya Ingkang Sinuwun seger ‘nggoné dhahar, nèk krungu swaraning, mirengaké swaraning pradangga.

LIMBUK: Ya. Adat lupiya sing kawuri, Sinuwun kuwi karemané mesthi bangsaning jineman.

CANGIK: Heeh. Karo manèh ya arep ngapa? Mangga nyuwun gungan dhumateng Nyai Bekel ingkang sampun kawentar saindenging Nuswantara swantenipun dipun-dhelikaken wonten ing suwijining srana ingkang saged medal swantenipun.

LIMBUK: Nyai Bekel sapa?

CANGIK: Nyai Bekel Ngatirah.

LIMBUK: Wah, nèk kuwi aku remen. Piyayi kondhang, ’Yung. Continue reading Makutharama [3]

Makutharama [2]


Banuwati Arjuna

Pakeliran Sedalu Natas
(garap tradisi Radya Pustaka)
dhalang:
Ki Purbo Asmoro
S. Kar., M. Hum.

DURYUDANA: Hem. Bapa Durna, nembé mangertos menika manawi Dhimas Permadi oncad saking Kasatriyan Madukara. Manawi ta tetéla mekaten, kula sampun saged anjagèkaken, yèn kula anggadhahi pepénginan badhé ngudi tumuruning kanugrahan, ingkang putra pun Jakapitana tartamtu mboten badhé saged kasembadan.

SANGKUNI: Cetha, manawi Janaka menika tumandang ngupaya wahyu, tartamtu Kurawa mboten badhé ngukup menapa-menapa.

DURNA: ‘Ko ‘sik ‘Dhi Cuni, aja cilik ati. Wong kuwi kudu sing nrima. Narima iku
tumanggaping ati ingkang jembar, ‘ning ya kudu santosa ing sedya.

SANGKUNI: Carané nrima piyé?

DURNA: Aja sok serik, lan aja nduwèni pangira-ira marang liyan. Merga aku wis kandha ing ngarep, yèn ta wahyu kuwi kudu jinangkah lan kudu digayuh. Dhasaring narima siji: narima sak-anané. Liré, upamané nyandhang nganggo lan memangan mung sak-anané, ora ngaya golèk onjo lan ora golèk sing mirasa. Kuwi tegesé wong nrima. Panganan kuwi marakaké apa. Énaké pangan ya wis mung ngana kaé, ora wurung nèk kokèhan panganan énak ya mung lara gula. Banjur narima sakkecekelé. Liré, pangudining raja brana ora nggregut banget, nganti dredah amarga nyahak wewenanging liyan. Sabanjuré narima sakkuwaté. Liré, pangangkating sesanggan ora dirosani ‘ning yèn abot disèlèhaké, mung samurwat klawan drajaté. Banjur uga ana laku nrima yèn ta diseriki, disengiti, ora bakal ngandhut tatuning ati, kepara ngrumangsani lamun ta awaké dhéwé ingkang isih kurang becik déné durung disenengi déning uwong. Nrima yèn diwirangaké. Liré, kinira gawé panasing ati iku kaanggepa ngundhakaké panemu, déné nganti bisa digawé wirang déning wong liya, nedya ngunduri tindaké ingkang nuwuhaké wirang mau. Dadi yèn ta wong iki bisa narima kaya tuladha-tuladha ingkang tak-kandhakaké kabèh mau, saka pangrasaku bakal bisa ènthèng jroning pikiré satemah bisa nampa kanyatan iki, ora susah jubriya menyang sapa-sapa.

DURYUDANA: Bapa Durna.

DURNA: Kula wonten dhawuh. Continue reading Makutharama [2]

Makutharama [1]


duryudana_bokongan_solo

Pakeliran Sedalu Natas
(garap tradisi Radya Pustaka)
dhalang:
Ki Purbo Asmoro
S. Kar., M. Hum.

[Medal parekan, Duryudana, Durna, Sangkuni, Kartamarma.]

Jejer Sepisan: Praja Ngastina

JANTURAN:

Swuh rep data pitana. Anenggih nagari pundi ta kang kaéka adi dasa purwa. Éka sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan. Senadyan kathah titahing déwa ingkang kasongan akasa, sinangga pratiwi, kaapit ing samodra, kathah ingkang anggana raras, nanging datan kadi Nagari Hastina, ya sinebat Nagari Liman Benawi. Mila kinarya bebuka, ngupaya nagari satus datan antuk kalih, sanadyan sèwu ‘tan jangkep sadasa. Dhasar nagari panjang punjung, pasir wukir, loh jinawi, gemah ripah, tata tur raharja.

Panjang: dawa pocapané, punjung: luhur kawibawané, pasir: samodra, wukir: gunung. Negara ngungkuraké pagunungan, nengenaké pasabinan, ngéringaké pategalan, ngayunaké bandaran gedhé. Loh: tulus kang sarwa tinandur, jinawi: murah ingkang tinuku. Gemah: lampahing para nangkodha surya-ratri datan ana pedhoté, labet datan ana sangsayaning dedalan. Aripah: janma manca ingkang samya bebara jejel apipit aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak saking harjaning praja. Ingon-ingon kebo sapi pitik iwèn datan ana cinancangan, yèn ta rina padha aglar ing pangonan, yèn ta wanci surup surya mulih marang kandhangé dhéwé-dhéwé.

Para mantri bupati sapanekaré jangkep sami bijaksana limpad ing kawruh, tansah ambudi raharjaning praja. Senadyan para narakisma, padha ayem tentrem atiné mungkul pangulahing tetanèn. Dhasar negari ingkang gedhé oboré, padhang jagadé, dhuwur kukusé, adoh kuncarané. Bebasan ingkang celak manglung tebih tumiyung. Mboten ing Tanah Jawi kéwala ingkang sami nungkul, sanadyan ing tanah sabrang kathah para raja ingkang sami sumawita, datan karana ginebag ing ajurit, muhung kayungyun poyaning kautaman, samya atur putri minangka panungkul. Ing saben ‘ri kalamangsa, sami asok bulu bekti glondhong pengareng-areng, pèni-pèni raja pèni, guru bakal guru dadi.

Sinten ta jejuluking sri nata ing Ngastina, wenang dèn-ucapna, nenggih Mahaprabu Duryudana, Kurupati, Jakapitana, Hanggendarisuta. Mila jejuluk Duryudana, ateges naléndra ingkang abot sangganing aprang. Kurupati, angratoni darahing Kuru. Jakapitana, duk nalika sang nata sinengkakaké ngaluhur jumeneng naléndra nyata maksih jejaka dèrèng nambut silaning akrami. Déné Anggendariputra, nyata sang nata putra pambayuning Kusuma Dèwi Gendari.

Kacarita, Prabu Duryudana kondhang ing rat naléndra bèrbudi bèrbandha, remen hanggeganjar hangulawisudha, nanging kirang marsudi rèhing tata krami. Kadang satus kang sami nyantana dèn-ugung kesenengané. Marma sagung para kadang sami kaduk adigang, adigung, miwah adiguna, ngendelaké kadanging ratu.

Yèn ta ginunggunga wiyaring jajahan, luhuring keprabon, sayekti saratri datan ana pedhoté, sinigeg ingkang murwèng kawi. Nuju ing hari Soma, sang nata miyos tinangkil munggwing sitinggil binatu rata, lenggah munggwing dhampar denta pinalipit ing kencana, pinatik ing nawaretna. Lèmèk babut prangwedani ginanda wida jebat kasturi, sinebaran kanang sari. Dhasar kinebutan laring badhak kanan-kéring, kongas gandaning nata angèbeki paséwakan.

Rep sidhem datan ana sabawaning walang ngalisik, ron-ronan datan obah, samirana datan lumampah. Ingkang kapiyarsa amung swaraning pradangga hanganyut-anyut binarung ocèhing kukila ingkang méncok ing waringin, miwah sabawaning abdi kriya gemblak kemasan, pandhé, ingkang samya nambut karya. Karengyan saking paséwakan, pating carengklang pating carengkling, imbal gantya lir mandyaraga, werdiné kaya gamelan. Teka amuwuhi asri renggeping panangkilan. Ing alun-alun papandhèn bandéra lelayu payung agung miwah bawat, tinon angendanu pindha mendhung. Para mantri bupati ingkang sami séba, ambèr ambalabar dumugi ing pangurakan yayah samodra pasang.

Nenggih sinten ta ingkang lenggah jajar klawan sang nata. Nenggih pujangganing kraton Begawan Durna ya Sang Kumbayana. Mabukuh marikelu munggwing ngarsa, nenggih Rekyana Patih Harya Sengkuni. Datan kantun pangéran ngiras paniti sastra, Radèn Harya Kartamarma ingkang wus sumahap munggwing ngayun. Dupi wus antara lama dènira lenggah tinangkil, sang nata sasmita mring sang rekyana patih arsa wawan pangandika.

Ladrang SEKAR LÉSAH, sléndro nem, suwuk
Pathet Ageng, sléndro nem

Leng-leng ramya ningkang,
Sasangka kumenyar,
Mangrengga ruming puri,
Mangkin tanpa siring,
Halep nikang umah,
Mas lir murub ing langit,
Tekwan sarwa manik,
Tawingnya sinawung,
Saksat sekar sinuji,
Unggyan Banuwati,
Ywan amrem alangen,
Lan Nata Duryudana.

Ada-ada Girisa, sléndro nem

Leng-leng gatining kang,
Hawan saba-saba,
Nikèng Ngastina,
Samantara tekèng,
Tegal Kuru Narar,
Ywa Kresna laku sirèng,
Parasu Rama Kanwa Janaka,
Dulur Naradha,
Kapanggih ing ika,
Tegal miluri karya.

DURYUDANA: Nuwun mangké ta Bapa, Bapa Durna. Sarawuh Jengandika wonten ing paséwakan, kula ngaturaken pasegahan panakrami. Continue reading Makutharama [1]