Category Archives: Cerita Basa Jawa

Cerita wayang dalam Bahasa Jawa

Arya Udawa setya tuhu mbelani Narayana


udawa_solo

Arya Udawa kang uga kondhang sinebut Patih Udawa iku putrane Arya Basudewa lan Ken Sagopi utawa Sagupi.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, sawise Ken Sagopi palakrama karo Antagopa, Arya Udawa lan loro sedulur liyane, Dewi Rarasati utawa Larasati lan Arya Adimanggala banjur dumunung ing kabuyutan Widarakandhang utawa Widarakandha.

Amarga Ken Sagopi palakrama karo Antagopa, sabanjure Udawa lan kabeh sedulure dadi anak-anake Antagopa. Nalika iku ing krajan Mandura dumadi dredah saka trekahe Kangsadewa kang sedya nguwasani dhampar keprabon Mandura. Kangsadewa uga ngracik rancangan arep mateni kabeh putrane Prabu Basudewa, raja kang jumeneng ing Mandura.

Jalaran iku, putra putrane Prabu Basudewa yaiku Kakrasana, Narayana lan adhine Dewi Wara Sumbadra didhelikake ing kabuyutan Widarakandhang, dititipake marang Nyai Sagopi lan Antagopa supaya digulawenthah kanthi permati. Wiwit tekane putra putrane Prabu Basudewa ing Widrakandhang iku Udawa banjur duwe sesambungan raket karo Narayana. Prasasat Narayana iku wus dadi kadidene sedulur tuwane Udawa. Lan Udawa dhewe uga tansah enthengen yen kudu mbiyantu Narayana. Continue reading Arya Udawa setya tuhu mbelani Narayana

Yuyutsuh mehak Pandhawa mbelani bebener


yuyutsu_solo

Arya Yuyutsuh iku putrane Arya Widura utawa Yamawidura. Arya Widura dhewe putrane Begawan Wiyasa lan Dewi Datri. Arya Yuyutsuh duwe sedulur tunggal bapak ibu sing jenenge Sanjaya.
Dene ibune Yututsuh yaiku Dewi Padmarini. Yuyutsuh lan Sanjaya melu bapak ibune lan dedunung ing kasatriyan Pagombakan. Kasatriyan iki mujudake perangan mburi wangunan Karaton Astina.

Wiwitane kulawarga Arya Widura milih meneng lan ora nemtokake sikep arep mbela Pandhawa apa Kurawa nalika perang Baratayuda arep pecah. Wusana Arya Yuyutsuh nemtokake sikep kang dadi katetepan batine sawise ngliwati laku batin kang abot.

Yuyutsuh netepake sikep milih mbela para Pandhawa. Yuyutsuh duwe panganggep, sawise ngliwati laku batin kang abot, yen para Pandhawa iku pehak sing ngugemi bebener. Dene Kurawa dadi mehak kang nerak wewaler, ora ngugemi bebener, kepara ngiwakake bebener.

Yuyutsuh nganggep para Pandhawa pancen dumunung ing kalungguhan kang bener ing bab cecongkrahan kalawan para Kurawa kanggo ngrebut panguwasa ing Krajan Astina. Miturut Yuyutsuh, Pandhawa iku kang duwe hak marisi panguwasaning Krajan Astina saka Prabu Pandudewanata, panguwasane krajan Astina kang sah.

Nalika Prabu Pandhudewanata surut ing kasedan jati, Pandhawa, para putrane pancen durung cukup dewasa yen dipasrahi tanggung jawab mimpin krajan Astina. Amarga iku banjur diracik Piagam Astina kang disekseni lan ditandhatangani dening kabeh pehak lan kabeh krabat sesepuh Astina. Continue reading Yuyutsuh mehak Pandhawa mbelani bebener

Pragota seneng guyon lan gojegan


pragoto_solo

Arya Pragota utawa Patih Pragota iku patihe Prabu Baladewa ing Krajan Mandura. Pragota nglenggahi jejering patih njaba. Sedulure Pragota yaiku Arya Prabawa kang ing wektu iku nglenggahi jejering patih njero.

Pawakane Patih Pragota iku gagah pideksa, mirip kaya Dursasana. Swarane bantas, seneng guyon lan gojegan, lan yen micara mesthi dipungkasi kanthi ngguyu lakak-lakak. Amarga sipate kang mangkono iku, Patih Pragota bisa ngimbangi sipate Prabu Baladewa kang gampang nesu.

Nalika dumadi paprangan, kridhane Pragota ing paprangan iku uga kayadene wong kang seneng-seneng, ora lali guyon lan gojegan lan tansah ngumbar esem lan ora kendhat gumuyu nalika ngadhepi mungsuh.
Yen katemben menang ing paprangan Pragota tansah ngguyu cekakakan sinambi jejogedan. Lan yen katemben kalah ing paprangan, dheweke uga ora sedhih. Kabeh dianggep lumrah lan sabanjure lumaku kanthi entheng.

Sadawane uripe Pragota tansah setya tuhu ngabdi marang Prabu Baladewa utawa Kakrasana ing krajan Mandura. Miturut crita ing jagad pedhalangan, Pragota iku anake Antagopa lan Nyai Sagopi. Continue reading Pragota seneng guyon lan gojegan

Sitija putrane Hyang Wisnu kang nguwasani krajan loro


sitija_solo

Tembung sitija ateges lair saka lemah, siti ateges lemah lan ja ateges lair. Bambang Sitija iku anake Hyang Wisnu lan Dewi Pratiwi utawa Pertiwi, putrane putri Prabu Nagaraja, raja krajan Sumur Jalatunda. Sitija duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Dewi Siti Sendari.
Ing jagad pedhalangan Sitija kondhang kanthi jeneng Bambang Suteja utawa Seteja. Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Sitija duwe pusaka peparing ibune, saka kanugrahan kang diparingake Hyang Wisnu, arupa cangkok Kembang Wijayakusuma kang arane Wijayamulya. Pusaka iki duwe kasiyat nguripake titah kang wus mati lan kabeh barang kang wus ora migunani.

Sawijining dina Bambang Sitija pengin nggoleki bapake, kang wektu iku tumurun ing Arcapada njilma dadi sawijining raja gung binathara. Saka pituduhe ibune, Dewi Pratiwi, dheweke diwenehi pangerten, yen sejatine Bambang Sitija iku putrane Hyang Wisnu, ananging ing wektu kuwi nembe njilma marang Narayana utawa Sri Kresna. Dene cirine yaiku kulite cemani utawa ireng, padha kalawan kulite Hyang Wisnu. Continue reading Sitija putrane Hyang Wisnu kang nguwasani krajan loro

Raden Samba mati nglabuhi tresna


samba_solo

Samba iku ing jagad pedhalangan uga dikenal kanthi jeneng Wisnubrata, Kusumakilatmaka. Raden Samba duwe sisihan sing jenenge Dewi Yatnyawati, putrane putri Prabu Karekatnyana, raja ing nagara Tasikmadu.

Miturut andharan ing buku Ensklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Samba iku putrane Prabu Kresna raja Dwarawati. Ibune Samba yaiku Dewi Jembawati kang ora liya prameswarine Prabu Kresna.

 

Samba duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Raden Gunadewa lan dedunung ing Gadamana. Gunadewa wujude wanara, lan ing Gadamana digulawenthah dening simbahe, yaiku Resi Jembawan.
Dene papan dununge Samba yaiku kasatriyan Paranggarudha. Sedulure liyane kang tunggal bapa nanging beda ibu yaiku Raden Sarana, Partadewa utawa Partajumena, lan Dewi Titisari kang kabeh lair saka guwa garbane Dewi Rukmini.

Sedulur tunggal bapa liyane yaiku Raden Setyaka (lair saka guwa garbane Dewi Setyaboma) lan sing lair saka guwa garbane Dewi Pertiwi yaiku Sitija lan Siti Sendari. Maratuwane Samba, yaiku Prabu Karekatnyana, miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, karyane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih, ora liya sedulure Prabu Karentaknyana, raja ing nagara Calamadu. Continue reading Raden Samba mati nglabuhi tresna

Jaman Mataram Wis Nganggo Punakawan


WAYANG KULIT PURWA

28/04/2008 11:41:26

JAMAN Mataram mligine nalikane Amangkurat I kuwasa, wayang purwa wiwit nggunakake punakawan. Kaya kang ditulis dening Soekatno BA ing bukune Wayang Kulit Purwa, Klasifikasi, Jenis lan Sejarahe, mekare wayang purwa ngalami owah-owahan.

Jaman Mataram Mas Jolang (1601-1613), (Panembahan Seda Krapyak) uga nggatekake wayang kulit. Owah-owahan kang ditindakake, gawe wanda (pawakan) anyar. Antarane:

  • Arjuna wanda jimat (jimat = azimat, kesucian),
  • Bima wanda mimis (mimis = pluru = trampil),
  • Suyudana wanda jangkung (jangkung = ngayomi),
  • Raseksa Raton wanda Barong (barong = singa rambut dawa) lan sapanunggalane.

Uga ana dhagelan lan gapet wayang luwih becik.

Jaman Mataram Sultan Agung (1613-1645), wayang digawe kanthi mawerna-werna wujud mripat, kayata: liyepan, dondongan, thelengan, lan sapanunggalane. Uga gawe wanda (pawakan) wayang anyar kayata:

  • Baladewa wanda geger (geger = hura-hura),
  • Kresna wanda gendreh (gendreh = sifat mulya),
  • Arjuna wanda mangu (mangu = ragu-ragu),
  • Sembadra wanda rangkung (rangkung = langsing/singset),
  • Banowati wanda golek (golek = boneka),
  • Semar wanda brebes (brebes = luh utawa kaya arep nangis),
  • Bagong wanda gilut (gilut = ora duwe untu),
  • Semar wanda dhukun (dhukun = tabib),
  • Petruk wanda jlegong (jlegong = dhadha ciut weteng gedhe).

Dipengeti kanthi candra sengkala memet, wujud raseksa rambut geni = Buta Rambut Geni. Unine: Umurubing wayang gumuling tunggal, utawa taun 1563 Saka.

Jaman Mataram, Amangkurat I (1645-1677) Ana rong lakon yaiku:

  1. Lakon Kasepuhan kang digawe Kyai Panjang Mas. Crita iki digelar ana sajroning kraton, kanthi punakawan: Semar, Gareng, Petruk.
  2. Lakon Kanoman kang digawe Nyai Anjang Mas. Crita iki digelarake ing Kadipaten kanthi punakawan: Semar, Gareng, Petruk, Bagong. (Joko S/Top)-k KR-

SUTOPO SGH Punakawan ing wayang purwa koleksine Hadi Sukirno. 1

http://222.124.164.132/web/detail.php?sid=161138&actmenu=46

Leksmana


LEKSMANA atau Laksmanawidagda adalah putra Prabu Dasarata, raja negara Ayodya dengan permaisuri kedua Dewi Sumitra, putri Prabu Ruryana raja negara Maespati. Ia mempunyai empat orang saudara seayah lain ibu masing-masing bernama ; Ramawijaya/Ramadewa, dari permaisuri Dewi Kusalya, dan Barata, Satrugna serta Dewi Kawakwa ketiganya putra Prabu Dasarata dengan permaisuri Dewi Kekayi. Leksmana bertempat tinggal di kesatrian Girituba. Ia seorang satria brahmacari (tidak kawin). Mempunyai watak halus, setia dan tak kenal takut. Sejak kecil Leksmana sangat rapat dan sangat sayang kepada Ramawijaya. Leksmana diyakini sebagai titisan Bathara Suman, pasangan Bathara Wisnu.

Dengan setia Leksmana mengikuti Ramawijaya menjalani pengasingan selama 13 tahun bersama Dewi Sinta. Ketika Dewi Sinta diculik Prabu Dasamuka dari tengah hutan Dandaka dan disekap di taman Argasoka negara Alengka, Leksmana membantu perjuangan Ramawijaya  merebut dan membebaskan kembali Dewi Sinta dari sekapan Prabu Dasamuka. Di dalam perang besar Alengka, Leksmana banyak menewaskan senapati ulung andalan negara Alengka. Ia menewaskan Dewi Sarpakenaka serta Indrajid/Megananda, keduanya adik dan putra kesayagan Prabu Dasamuka.

Setelah berakhirnya perang Alengka dan Ramawijaya beserta Dewi Sinta kembali kenegara Ayodya, dengan setia Leksmana tetap membantu Prabu Ramawijaya mengatur tata pemerintahan negara Ayodya. Ia meninggal dalam usia lanjut, dan jenazahnya dimakamkan di gunung Kutarunggu  berdampingan dengan makam Prabu Ramawijaya.

http://edisicetak.solopos.com/jajawa/keluaran.asp?id=12415

Leksmana, satriya digdaya kang netepi brahmacari

Raden Leksmana kang uga disebut Widagda, Murdaka yakuwi putra Prabu Dasarata, raja Ayodya kang dhaup lawan Dewi Sumitra.

Leksmana yakuwi satriya brahmacari, satriya sing wadat utawa ora bakal kawin salawase urip, lan mapan ing Girikestuba.

Awit cilik Leksmana diwulang dening Resi Wismamitra (Begawan Wasista) supaya sukmbene nalika wus gedhe dadi satriya digdaya, mbelani kabecikan lan njejegake adiling tatanan donyan. Leksmana uga dadi seksi kawine Sri Rama, kakange karo Dewi Shinta, putri Prabu Janaka raja Mantili.

Sanajan Sri Rama sedulur bedha ibu, nanging katresnane Leksmana marang Sri Rama temen-temen. Leksmana uga melu ngumbara ing alas Dandaka, nalika Sri Rama lan Dewi Shinta metu saka karaton Ayodya jalaran Dewi Kekayi njaluk supaya putrane, raden Bharata sing jumeneng nata ing Ayodya.

Nalika Sri Rama ngoyak kidang kencana jilmane Kala Marica, Leksmana pasrahi njaga Dewi Shinta. Nanging liya pamikirane Dewi Shinta. Dheweke ngira manawa Leksmana duwe niyat pengin ngepek dheweke amarga ora ngrewangi Sri Rama ngoyak kidang kencana.

Leksmana dhewe dadi bingung meruhi kahanan kaya mangkono. Karo ngampet isin, Leksmana sumpah bakal nglakoni brahmacari, yakuwi ora kawin utawa wadat. Papan panggonane Dewi Shinta banjur dipageri nganggo rajah. Sawuse nitip pesen supaya Dewi Shinta njaga awake dhewe, Leksmana banjur lunga nyusul Sri Rama.

Sawuse Leksmana lunga, Prabu Dasamuka banjur nyolong Dewi Shinta lan digawa menyang Alengka. Wusanane, kahanan kuwi njalari perang gedhen ing Alengka antarane Sri Rama lan sawadyabala wanara kalawan Dasamuka lan para butha.

Ing perang gedhen kuwi, Leksmana bisa mateni para senapati utama Alengka, kayata Ditya Mintragna sing nemoni pati jalaran dipanah gulune. Raden Trinetra, Trikaya, Trisirah, padha nemoni pati jalaran kudanan panah Naracabala sing cacahe nganthi ewonan. Narantaka lan Dewantaka sing nyoba mblirit uga wusanane mati adus getih amarga awake dhedhel dhuwel kena panah Naracabala sing dipanahake dening Leksmana.

Meruhi adhi-adhine mati kabeh, Indrajit banjur ngetokake mantra sirep Meganandha, sahingga wadyabala wanara padha turu angler. Semono uga Sri Rama lan Leksmana. Amung Gunawan Wibisana sing isih bisa melek amarga duweni ajian kanggo nglawan sirep Megananda. Indrajit nesu lan ngajak tandhing Wibisana.

Para wanara sing sadurunge keturon angler banjur padha tangi amarga kebrebegen perang tandhing antarane Indrajit kalawan Wibisana. Wusanane Indrajit bisa dipateni Leksmana sawuse dikandhani carane ngasorake Indrajit dening Gunawan Wibisana. ::Damar Sri Prakoso::