Category Archives: Cerita Basa Jawa

Cerita wayang dalam Bahasa Jawa

Bantahipun Rêsi Padya kalihan Mintaraga


mintaraga_solo3

Rêsi Padya punika malihanipun Bathara Endra, sumêdya andadar kawicaksananipun ingkang tapa wontên ing ardi Endrakila, inggih punika Sang Arjuna, tapa nama: Bagawan Mintaraga.

Kacariyos, Rêsi Padya tumurun saking kaendran, anjujug dhatêng ing guwa Endrakila. Sang Mintaraga nuju sêmadi êning. Rêsi Padya dhèhèm. Sang Mintaraga tumuntên mudhar sêmadinipun, lajêng manggihi dhatêng ingkang rawuh sampun atata lênggah.

Sang Mintaraga manambrama saha pitakèn asma, tuwin sêdya miwah pinangkanipun dhatêng ingkang rawuh.

Rêsi Padya ngakên yèn pandhita ingkang tapa sasênênging manah. Pratelanipun makatên wau nyêmoni dhatêng Sang Mintaraga, dene tiyang tapa patapanipun rinarêngga sarwa asri, sarta kadekekan dêdamêl sarwa gumêlar, punika tapanipun tiyang punapa. Sang Mintaraga inggih botên kêkilapan dhatêng pasêmon wau, nanging botên patos kagalih, amargi ewanipun ingkang rawuh punika kamanah amung tumrap ing lair, dèrèng dumugi ing kajatèn. Rêsi Padya nglajêngakên pratelanipun, saking anjajah wana tuwin ardi, lajêng sumêrêp teja manthêr, dipun purugi tejaning guwa Endrakila punika, icaling teja wontên manungsa ingkang tapa salêbêting guwa. Continue reading Bantahipun Rêsi Padya kalihan Mintaraga

SERAT KALIMATAYA (1)


kalimataya8-1

Sumber Gambar : http://maspatikrajadewaku.wordpress.com

1. Dhandhanggula

1. rarasing rèh sinawung mêmanis | dènirarsa marsudi utama | maspadakkên caritane | ngago[2] tulatdan[3] agung | berata tyas ingkang tan yukti | ika para Pandhawa | atmajaning Pandhu | mêmardi tyas martotama | tama têmah bisa luhur madêg aji | rumêgêm ing Ngastina ||

2. pinèngêtan duk nurun marêngi | ari Akat Wage ping sapisan | kasadasa ing mangsane | candrama Sapar nuju | wuku Wayang lagya lumaris | Sancaya windunira | Jimakir kang taun | sangkalanira pinetang | dadine kang guna angèsthi sawiji |[4] ran Srat Kalimataya ||

3. kang tinutur tartiping pawarti | mèt turuting Srat Pustakaraja | pinugut ing panganggite | nênggih sabibaripun | aprang Bratayuda ing nguni | kang jumênêng Ngastina | Yudhisthira Prabu | sakadangira sadaya | karatone wus ngumpul dadya sawiji | Wiratha wus aniwa ||

4. sagung para kadanging narpati | wus sinungan mulya kawiryawan | sajuru-juru pinancèn | pan jinêjêr jinurung | sadayanya wus samya mugti | samya jinunjung lênggah | nagri dèn dum-êdum | marang Prabu Darmaputra | para ari sadaya wus samya tampi | pamatahnya sri nata ||

5. Arya Wrêkudara sinung linggih | Banjarjungut dene Sang Arjuna | nênggih wus dhinaupake | lan Banuwati sampun | pinaringan ing Banakêling | gumantyèng Jayadrata | myang ari waruju | sira Sang Arya Nangkula | lan Sadewa kalih samya kinaryaji | mêngku nagri Môndraka ||

6. nama Prabu Nangkula lan ari | Prabu Sadewa tulus raharja | ing Mandraka karatone | miwah kang para wadu | samya sinung môncanagari | bêktan saking Ngamarta | kang sami jinunjung | miwah Prabu Baladewa | Rêsi Bisma palênggahannya ginanti | dumadi parampara ||

7. wontên punakawannya kêkalih | kakang adhi kadang naking sanak | sinung sih nama kalihe | Draswapasi kang sêpuh | pinaringan ing Gilingwêsi | Sayakèsthi rinira | Mukabumi sinung | kalihnya jinunjung raja | nama Prabu Praswapati Sayakêsthi | sami tulus wibawa ||

8. wontên malih kang sinungan linggih | para santana kawula warga | pinangkat punggawa kabèh | Ngastinarja kêlangkung | para ratu misih sumiwi | dèrèng wontên rinilan | marang prajanipun | miwah Sri Bathara Krêsna | dèrèng kondur dhatêng nagri Dwarawati | mêgsih anèng Ngastina ||

9. cinarita dene ingkang warsi | sangking dènira prang Bratayuda | pan misih tunggil taune | taun surya ingetung | sinangkalan sajroning warsi | pêgsa gunaning nata |[5] taun côndra ketung | tata gatining pandhita |[6] duk samana nagri Ngastina winarni | wontên sipta sasmita ||

10. kadhatêngan cahya anglimputi | sato wana kèbêgkan[7] sadaya | tan ana wruh pinangkane | cahya wênês sumunu | lintang-lintang kang bumi langit | miwah kang surya côndra | sadaya kalimput | kongsi saptari mangkana | datan ana kang wikan ing rina wêngi | amung kang tinêngêran ||

11. lamun krasa luwe arsa bugti | miwah nginum puniku siyangnya | kang tinêngaran[8] wêngine | kabèh swaraning manuk | kang pancèn tan rinêngèng jalmi | walang krèk calapita | lir natarèng gunung | nanging padhang tan prabeda | surya côndra kalihnya datan kaègsi | kasongan prabèng cahya ||

12. duk sêmana Sang Sri Narapati | Yudhisthira miwah para nata | sêdaya ngungun galihe | samya duhkitèng kalbu | karsa prabancana dhatêngi | sagunging para nata | prasamya angrungruh | manawana ingkang mawa | Sang Bathara Krêsna myang Sri Maswapati | katiga Baladewa ||

13. samya parentah kinèn ngulati | kang amawa cahyarda angkara | samana tan wruh ênggène | kampitèng tyas sêdarum | dadya rêmbag samya sêmadi | manêgas[9] karsaning Hyang | kang murwèng pandulu | ri wusnya samya mangkana | nulya wontên parmaning jawata luwih | nuruni rata cahya || Continue reading SERAT KALIMATAYA (1)

Bagawatgita (4)


baratayudha

Wiraos ingkang kaping sakawan.

Pangandikanipun Krêsna: Piwulang panunggal iki nguni sun wêdharake marang Wiwasdan, Wiwasdan marah marang Manu, apadene Manu kang anggêlarake piwulang mau marang Ikwasku.[45]

Hèh pangrurahing satru, tumimbal-timbaling piwulang iku, jalaraning para narendra uninga ing kawicaksanan, ananging piwulang panunggal mau wus kasilêp lawas.

Kang sun warahake marang sira samêngko iki, ora ana bedane karo piwulang panunggal ing jaman kuna, awit sira parêk lan ingsun, utawa manjing mitraningsun, sêjatine iku wêwadi kang luhur.

Aturipun Arjuna, kula kantos botên sagêd andugi ing pangandika paduka, awit paduka sajarwa bilih ing têmbe badhe miyos, môngka ing jaman kina sampun sugêng, kala panjênêngan Wiwasdan, anggèn paduka miwiti amêdharakên piwulang wau.

Pangandikanipun Krêsna, wirang tumimbalan kang wus sun lakoni ing nguni-uni, apadene sira Arjuna, ingsun bisa mêruhi kabèh, ananging sira ora bisa nyumurupi mangkono iku.

Sanadyan ingsun ora manjalma, iya jumênêng dat kang langgêng, utawa gustining dumadi kabèh, mangkono uga sanadyan wus mangrèh prakritiningsun pribadi, ewadene iya kalairake, kang marga saka mayaningsun dhewe.

Sabab sabên-sabên darma iku kêndho, utawa wudharing darma saya dadra, hèh têdhaking Barata, pribadiningwang nuli sun utus manjalma, pêrlu angayomi kabêcikan, lan angrurah pialane si angkara murka, sanadyan darma mau lêstari kaanane, ewadene ingsun ing têmbe iya bakal manjalma rambah-rambah.

Sing sapa wêruh kamulyaning manjalma lan panggaweningsun, dadi ing dalêm batine wis sumurup, sawuse ninggal ragane, Arjuna iya iku kang bisa têkan maring ingsun, ananging ora linairake manèh. Continue reading Bagawatgita (4)

Bagawatgita (3)


Bagawatgita 2

I. Pangandikanipun Krêsna: Hèh atmajaning Kunthi, yèn manungsa wus ambirat sakabèhe papengenane, lan wis marêm ing dalêm dat, akarana dat iku arane wus têtêp pikire.

Sing sapa pikire ora mirit dening bilai, lan wis sirna kapengine marang kabêkjan, sarta ilang pangôngsa-angsane wêdi lan kanêpsone, iku diarani muni (sukci): sujana kang santosa pikire.

Sing sapa anindaki sagunge panggawe, wus sêpên kamelikan, sanadyan bêcik utawa ala tinêmune, lan wus ora bungah lan ora susah, pratôndha wus têtêp budine.

I. Lan kang sapa bisa nyandhêt kêkarêmane, kaya dene bulus anggone mangkêrêtake sikile lan êndhase, maring thothoke, iku pikire wus santosa.

Apa kang dikarêpake bakal tumiba saka jiwane kang santosa mau, mung kari rasaning ilat, sanadyan rasaning ilat pisan iya bakal ilang, manawa kang Maha Luhur wus bisa katonton.

Hèh Arjuna, iya saka pamêksane karêpe, kanthi wicaksana lan sarosa, pikire kang adrêng mau bisane kawasesa, yèn sajrone nêlukake mau lêstari pangangkahe marang ingsun, sabab sapa kang bisa ngêrèh kêkarêpane iya iku kang têtêp budine.

Manungsa kang mung ngèngêti marang karêpe, iku anuwuhake dhêmêne, saka dhêmên nganakake melik, saka melik nganakake nêpsu,  saka nêpsu banjur nasar, saka nasar êntèk elinge, ilange kaelingane nuli sirna budine, marga sirnaning pambudi wêkasan tumiba ing papa.

Akarana pamasesaning dat, anggone anggarap kang dikarêpake, sêpên hawa napsu lan gêthing, dadi tumindaking sêdya wus katêlukake, iku bakal tumêka ing katêntrêman.

Sajroning têntrêm sirna sakèhe prihatine, sing sapa wus têntrêm pikire, batine nuli bisa timbang (ngadil). Continue reading Bagawatgita (3)

Bagawatgita (2)


 INDIAN GOD KRISHNA IN MAHABHARAT WAR WITH ARJUN

Bagawatgita ingkang suci punika, wontenipun ing piwulang wados (opanishad), winastan kawicaksananing Brahma. Sêrat piwulang panunggal, inggih wiraosipun Sri Krêsna kalihan Arjuna.

Ingkang kawasita ing nginggil wau, winastanan wiraosan ingkang kapisan, utawi rangu-rangunipun Arjuna.

Wiraosan ingkang kaping kalih.

Aturipun Sanjaya: Sang Pangrurahing Madu[12] (jêjulukipun Krêsna) andhawuhi dhatêng Arjuna, ingkang sawêg rangu-rangu saha karêrantan, kalihan netranipun akêmbêng-kêmbêng nênggak waspa, awit saking rudahing panggalihipun.

Pangandikanipun Krêsna: Saka ing ngêndi pinangkane kêkêsing ati ingkang tumanduk maring sira Arjuna, iku dudu wêwatêkaning para Arya, ora marakake ing swarga, malah anuntun marang kanisthan.

Hèh atmajaning Prita, aja ngalumpruk, iku ing atase sira, ora patut, beratên anglêsing atinira, lah Pangrurahing Satru (Sarantapa) sêsêbutanipun Arjuna: nuli mangsaha prang.

Aturipun Arjuna: Dhuh pukulun, kadospundi sagêd lumawan Sang Bisma miwah Druna, môngka sakalihan wau pantês ingaji-aji.

Awit ing dunya punika langkung eca nêdha sêkul sapulukan saking anggènipun pêpariman, katimbang kamulyan agêng sarana amêjahi para guru kang dibya: sêngsêmipun dhatêng kasugihan tuwin kamuktèn ingkang makatên wau badhe cêmêr dening rah.

Tuwin malih kula dèrèng uninga, pundi ingkang prayogi tumrap ing kula, punapa kula ingkang mênang punapa kula ingkang kawon, sarèhning mêmêngsahan sami kadang piyambak, upami kula sagêd nyirnakakên piyambakipun, saèstunipun kula ugi bosên gêsang. Continue reading Bagawatgita (2)

Bagawatgita (1)


Bagawatgita

Bêbuka

Sêrat Bagawatgita, punika papêthikan sêrat “Mahabarata” bageyan nênêm, nyariyosakên para senapatining ngalaga tanah Hindhusêtan, inggih punika lêlampahanipun para putraning Pandhu gangsal, ingkang sinêbut Pandhawa, anggènipun prang mêngsah kadang kaprênah nakdhèrèk, têdhakipun Kuru, ingkang sinêbut Kurawa. Pandhawa wau gangsal pisan sami anggarwa Dèwi Drupadi, panêngahipun akêkasih Arjuna, ibunipun Dèwi Kunthi, pêparap Sang Dyah Prita. Sadèrèngipun paguting prang, Arjuna wiraosan kalihan Narendra Krêsna, ingkang sawêg angusiri ratanipun, Sri Krêsna punika satunggaling Awatara. Tumimbulipun utawi panjanmanipun Bathara Wisnu.

Mênggah ratuning Kurawa ingkang sêpuh punika wuta, ajêjuluk Dritarasta, pêpatihipun nami Sanjaya, punika ingkang anggancarakên kawontênaning paprangan ing panjênênganipun.

Bagawatgita

(Kidung suksma)

Wiraos ingkang sapisan.

Pangandikanipun Sang Prabu Dritarasta: Hèh Sanjaya, sabanjure kapriye kaanane para putraningsun, lan sutane Pandhu kang nêdya bôndayuda, satêkane ana ing Têgalkuru, iya ing Têgal kang sukci.

Aturipun Sanjaya, rikala Prabu Duryudana anguningani bilih wadyabalanipun para putraning Pandhu ingkang sakalangkung agêng punika sampun angrakit gêlaring ayuda, enggal marêki gurunipun (Druna) sarwi umatur.

Katingalana guru: Wadyaning Pandhutanaya ingkang sakalangkung agêng, sampun karakit gêlaring aprang dening atmajaning Drupada. Murit paduka ingkang bèr budi.

Lah punika para senapati agêng ingkang ngirit, wadya sikêp jêmparing kados ta: Bima tuwin Arjuna ingkang sami sudira ing ayuda, Yuyudana, Waratha tuwin Drupada, sami awahana rata.

Dristakètu, Cêkitana, sarta narendra ing praja Kasi (Bênarès) ingkang surayèng ing alaga, Purujit, Kunthiboja tuwin narendra nagri Sibi, sami bêbanthènging manungsa.

Kang prakosa Risang Yudamanyu, atmajaning Sumbadra tuwin ingkang ambêg sura pun Utamuya, sutanipun Drupadi, sami awahana rata.

Dhuh Sang Dwija (ingkang sampun kalairakên kaping kalih)[2] sintên antawisipun sadaya têtindhih wadyabala kula, ingkang prayogi paduka tuduh, murih kula lajêng anjunjung ing panjênênganipun.

Paduka pyambak punapa Sang Bisma (senapati Kurawa kaprênah eyangipun Duryudana utawi Pandhawa (punapadene Karna) putranipun Dèwi Kunthi ingkang pambajêng, tuwin Krapa. Sami pilih tandhingipun ing ayuda, Aswatama sarta Wikarna, punapadene atmajaning Samadati).

Saha para senapati sanès-sanèsipun malih, awit sangking trêsnanipun dhatêng kula, sampun anglilahakên gêsangipun, kalihan asikêp dêdamêl warni-warni, sêdya anandukakên sagunging gêlar wontên samadyaning paprangan.

Sanadyan wadyabala kula dipun pramugarèni dening Bisma. Punapa dèrèng nyêkapi, ananging punapa sampun nyêkapi, Bima dados kondhanging wadyabalanipun mêngsah. Continue reading Bagawatgita (1)

Lokapala [4]


Batara_Kuwera

Bareng lakune tekan ing tepis-wiringing piaja Ngalengka, barisan wadyabala Lokapala dialang-alangi dening wadya raseksa kang njaga tapel-watesing nagara, tinindhihan dening Marica, satemah dadi pancakara. Amarga karoban lawan, wadyabala Ngalengka kasoran. Marica mlayu menyang kadhaton Ngalengka, ngaturi priksa marang Prabu Sumali yen ana mungsuh teka saka nagara Lokapala, lakuning barisane rnungsuh wis ngliwati tapel-watesing praja.

Midhanget ature Mirica, Prabu Sumali gugup panggalihe, enggal-enggal nimbali Mintragna lan liya-liyane para gegedhunging wadyabala, didhawuhi mepak wadyabala, pinerang dadi rong bregada. Kang sabregada kadhawuhan nempuh mungsuh ana ing sajaban kutha, kang sabregada pacak-baris ana ing sakubenge dhatulaya.

Ora kacarita ramening campuhe wadyabala Ngalengka lumawan wadyabala Lokapala. lng sakawit perange wadyabala Ngalengka tansah unggul; akeh wadyabala Lokapala kang palastra. Nanging bareng Prabu Wiisrawana nyalirani perang, wadyabala Ngalengka keseser, kepeksa ngunduri pangangsege wadyabala Lokapala.

Undure wadyabala Ngalengka nenangi adrenging panggalihe Resi Wisrawa nedya nyalirani perang. Sawise cancut taliwanda, Sang Resi tumuli mangsah yuda.

Bareng priksa ingkang rama nyalirani perang, dukane Prabu Wisrawana kaya diububi. Sang Prabu banget ora sranta panggalihe, kumudu-kudu enggai bisa midana marang ingkang rama. Awit saka iku, wadyabalane tumuli diabani sumisih. Wadyabala Lokapala piyak ngiwa-nengen, satemah Prabu Wisrawana banjur ayun-ayunan karo ingkang rama.

“Bapa awatak slingkuh, kepatuh nletuh atindak rusuh !” Mangkono panguman-umane Prabu Wisrawana marang ingkang rama, banjur nglepasake jemparing dahana. Sang Resi prayitna, enggal-enggal nglepasake Barunastrso rninangka panulaking jemparing dahana.

Nganti suwe perange Resi Wisrawa lumawan ingkang putra Prabu Danaraja, padha ngadu tyasa arebut prabarwa, padhadene ngetokake aji kamayan lan pangabaran. Suwe-suwe Prabu Danaraja entek sabare, kapengin tumuli mungkasi yuda. Awit saka iku, Sang Prabu banjur ngetokake sanjata pamungkas, yaiku Kunta Baswara. Bareng priksa ingkang putra ngasta sanjata Kunta Baswara, Resi Wisrawa enggal-enggal ngeremake netra, panggalihe pasrah-sumarah marang kang murbeng bawana, wis nyipta manawa bakal tumuli palastra ketaman Kunta Baswara. Continue reading Lokapala [4]