Category Archives: Ki Herman Pratikto

Ki Herman Pratikto : Gathutkaca Sungging


Makarya sesarengan kaliyan Radio Mutiara AM Bandung

Dening MasPatikrajaDewaku PPW 11 – 01 – 0006

Menika link undhuhan Gathutkaca Sungging ingkang katindakaken dening Ki Herman Pratikto.

Kairing Karawitan RRI Jakarta

Pangarsa:         Bp Sukiman

Waranggana :  Nyi Condrolukito

Ny Retna Dewati

Ny Darmadi

Nyi Sukarni

Link                 http://www.mediafire.com/?3dd3znnb1didb

Sugeng Midhangetaken

Ki Herman Pratikto : Gatutkaca Sungging


(Makarya sesarengan kaliyan Radio Mutiara AM Bandung)

Dening: MasPatikrajaDewaku. (PPW-11-01-0006)

Menawi kita mireng asma Ki Herman Pratikto, kita enget kaliyan novel silat karyanipun Herman Pratikto ingkang irah-irahanipun Bende Mataram, Jala Karawelang lan kathah malih jenis novel silat ingkang kababar dening Herman Pratikto. Nami menika ugi asring kula tulis ing cukilan alih basa Indonesia dhateng Basa Jawi, wonten ing tulisan bab serial Rama Parasu ing wekdal wingi menika. Kumpulan cariyos Ramayana ingkang kaanggit dening panjenenganipun ugi nyata jangkep nyariyosaken epos menika saking jamanipun leluhuring Rama Parasu dumugi pungkasaning cariyos Rama ing bab Sinta Obong.

Dasaripun novelis, pinuju ndalang ugi sanget “text-book”. Basanipun runtut, sastranipun jangkep. Ing jamanipun antawis tahun 70’an, Ki Herman Pratikto ugi sampun kula wanuhi asring nggelar giyaran “resensi” lan cuplikan ringgitan, ingkang badhe kagiayaraken ing radio. Menawi mboten lepat, menika Radio Swara Jakarta ingkang wekdal sakmenika taksih tetep siaran nguri-uri kabudayan Jawi. Nanging emanipun, jarak pancaripun samenika kirang jembar tebanipun. Kedadosan menika kawiwitan tahun kepengker, nalika toweripun rubuh katempuh ing angin brubuh. Eman inggih ?!!

Plot-plot adegan pagelaran menika sanget baku, namung ing adegan keputren kacariyosaken ing “narasi” kemawon. Sulukan, kados dene ada-ada, sendonan lan sapiturutipun, penuh ing kalimah sastra runtut. Dhodhogan lan jejakan keprak ingkang “cermat”, lumayan mboten cewet. Mila tumraping para ingkang nggilut ing ringgitan klasik, pagelaran dening ki Herman Pratikto saged sinudarsana. Senajanta radi “datar” anggenipun nggelar pedhalangan ing panggung, nanging saged kawastanan menika wujuding pagelaran ringgit klasik sejati.

Pagelaran menika karekam ing tanggal 1 Sura tahun Masehi 1976, lan nalika ing tahun menika tahun Masehi lan tahun be dhawah ing setunggal wulan. Ing mriki ringgitan kagelar wonten ing gedhung DPR-RI. Saperangan ing pidhato saderengipun ringgit kawiwitan radi panjang. Nanging ing convert dhateng sinyal digital, pidato-pidato kula punggel.

Panjenengan ingkang ngefans kaliyan Nyi Condrolukita saged ngrahabi pasegahanipun ingkang khas “condrolukitan”, arupi cengkok, timbre swantenipun lan mboten ketilaran kalimat ingkang ngajak kita sami marsudi. Marsuudiiyaaaaaa . . . . . . . . .

Ing “segmen” gara-gara, “kekhasan” Nyi Condro anggenipun ngasta Kutut Manggung lan Glathik Glindhing dipun todhi kaliyan keng mantu (?). Mboten kantun, putra putrinipun Nyi Condro, Nyi Retna Dewati, ugi tumut ngregengaken pagelaran ringgitan, ngancani pun ibu lan ugi wonten pesindhen tetap Radio Republik Indonesia – Jakarta Nyi Darmadi lan Nyi Sukarni.

Lampahan Gatutkaca Sungging asring kita prangguli ing inggahan wayangprabu.com. Nalika semanten, nyaritaaken Begawan Nilayaksa kasraya dening Prabu Duryudana kinen ngurak saha nyirnaake trekahipun para putra Pendhawa anggenipun yasa pakuwon wonten ing tepis iringing tegal Kurusetra. Kados dene lampahan ingkang katindakaken dening Ki Nartosabdo, sanggit lampahan jebles kados ingkang katindakaken dening Ki Herman Pratikto menika. Upaminipun nalika Prabu Baladewa ingkang ndirgantara matak aji Balarama, nanging dupi badhe ndharat ngraos kecipuhan amargi arang-arang aji Balarama menika kawatek. Namung saking iguh pratikelipun Prabu Kresna, Prabu Baladewa saged ndharat kanthi sekeca. Senajan mekaten, antawisipun Ki Nartasabda kaliyan Ki Herman Pratikto, kenging kula umpamaaken, seje koki inggih seje raosipun.

Panjenengan sedaya ugi bakal mrangguli antawecana ingkang raosipun kados dene maos novel. Nalika semanten Raden Gathutkaca katimbalan dening Prabu Kresna ingkang wosipun supados Raden Gathutkaca kapatah dados wakilipun para asepuh ingkang nedya jengkar saking Praja. Menawi kenging kajarwaaken bebas, suraosipun mekaten:

Anakku ngger Gathutkaca, Mangertiya ngger ingsun jarwani. Ing dina kalengahan iki, ingsun lan para wonga tuwamu bakal linggar saka praja. Seka pamudhute wakmu Batara Kresna, sira kang pinarcaya ngreksa karahayoning para kawula lan negara Amarta – makaten pangandikanipun Prabu Puntadewa njarwaaken menapa ingkang dados kersanipun kaliyan ingkang pulunan Raden Gathutkaca. – Apa patembayamu lan sesanggemanmu ing babagan iki -.

Gathutkaca matur sarwi manembah – Adhuh uwa, awrat jejibahan ingkang kula sengkuyung. Amung mboten angrumiyini ingkang ngobahaken jagad, yen ta Wa Prabu paring kapitayan dumateng ingkang putra. Aluwung kula pecah tanpa dadi, menawi mboten saged nindakaken pakaryan utawi jejibahan ingkang kula sengkuyung –.

Yen kaya mangkana, banget ndadekake leganing tyasingsun – Kalegan raosing manah Prabu Punta, lajeng mundhut atur kalian ingkang raka, Sri Kresna, – Swawi Kaka Prabu menapa  bade paring dawuh dhumateng pun Gathutkaca –

Kados sampun cekap. Kula pitados kaliyan anak kula pun Gathutkaca, sayekti badhe saged  angreksa karahayon lan kawibawaning Negara – . Makaten pangandikanipun Prabu Kresna dhumateng Prabu Kresna ingkang ugi lega raosing manah saking kesaguhaning Gathutkaca.

Senajana mekaten meksa Prabu Kresna ngandika paring wewarah kaliyan Raden Gathutkaca –Amung kaya mangkene ngger Gathutkaca,  jeneng para dak pasrahi amomong kawula ing Ngamarta, lan njaga karahayuning negara iki, ana pirang-pirang perkara kang isih kineker ing jagad. Lire mengkene, wis pinasthi lan dadi kodrating jagad, menawa ing tembe prang Baratayuda kudu dumadi. Nanging kawruhana, sapa kang unggul lan sapa kang asor, isih mujudake cecangkriman. Lah jeneng sira kaki prabu Gathutkaca, sira sun utus gawe pakuwon lan pasanggrahan ing tepis iringing negara Astina. Yakuwi wilayah kang ingaran Mandhalayuda, isih ing wilayahing Amarta. Kawruhana wilayah Mandhalayuda kuwi, dumunung ing imbang sisih kudul Kurukasetra. –

Sawatawis gancaring rerembagan antawisipun Prabu Kresna kaliyan Raden Gathutkaca. Ing mriki, Raden Gathutkaca kapatah mbangun pakuwon masang bendera rontek lan umbul-umbul ingkang dados dhak-dhakan para Kurawa anggenipun ngurak para Pandhawa saking imbanging Kurukasetra. Senadyan para putra Pandhawa sampun dipun dhawuhi, mboten keparangan ngidak bumi Ngastina, senajana amung sanyari.

Ing saperangan malih, nalika Raden Gathutkaca nedya pamit kaliyan ingkang rama Raden Wrekudara, rembagipun makaten:

– Rehning Gathutkaca kuwi ya anakku, mula aku arep kanda, Gathut! – Raden Werkudara ndangu keng putra.

Kula Kyai.- Gatutkaca matur.

Kowe dipilih dadi ratu ngganteni uwakmu, kowi ditodhi utawa diteter. Ngerti? Amarga uwakmu Jlitheng, kuwi milih kowe kang dipercaya mengkoni kaprajan, sebab, kowe duwe kawignyan,  kowe wis dadi ratu. Kowe jumeneng ratu ing Pringgandani – Makaten sambungipun Raden Wrekudara. Sarwi ngulataken putranipun

Inggih kyai

 – Mung aja kok padhaake, Pringgandani ki kaya Ngamarta. Kowe mrentah buta gek mengko wong Ngamarta kok sengguh kaya buta kabeh! Mula kudu kok bedaake aja kok gebyah uyah. Yen kowe ngliwaake jejibahan, ora mung kowe kang tak pateni, ibumu ya bakal tak pegat. Ngerti! –

Kejawi antawecana ingkang runtut. Ki Herman Pratikto ugi teteh ngaturaken narasi utawi janturan. Mangga panjenengan migatosaken ing segment jejeran ing Saptaarga.

Nahenta ingkang kacaritaake. Ing pertapan Saptaarga, pramila kawastanan Sapataarga, pramila kedadosan saking gunung pitu dadi sawiji. Ing tengah mumbul puncakipun inggih menika ingkang winastanan Satasrengga. Padhepokanipun winastan Wukir Retawu awit wonten sendhang ingkang wening tirtane, sinebat sendhang Pawitra. Tirtane angganda arum rumabaseng durgandana. Dasar kena kinarya sarana amaluyaake kang anandang brana.

Jroneing sendhang katon buron toya kang padha mangerti marang satataning jalma. Sapinggiring balumbang tindanduran pepetethetan manca warna kang endah endah kembange, layak datan mantra-mantra warnaning sendhang Retawu, saksat tetamanan ing swargaloka.

Karita pertapan Saptaarga, kalangkung wingit angker gawat tur ta gedhe perbawane. Aja maneh sipating janma, drubiksa sarta sato peksi kang waniya anglangkungi. Senajanta mega mendhung samya nyisih kiwa nengen datan kuwawa angluhuri pertapan. Labet kang mangasrama tuhu pendita kan gentur tapane gedhe perbawane dasar trahing kusuma rembesing madu wijiling kang andana warih.

Jangkepipun, mangga dipun srantos link unggahanipun. Nuwun.