Category Archives: Budaya Jawa

Babad Tanah Djawi (17)


book babad tanah djawi

Sang dipati ing Pathi pinuju lênggah ing paseban jawi, sangajênge paseban ngriku wontên sela agêng satunggil. Sang dipati sarêng aningali kapenakanipun dhatêng, enggal dipun awe, Radèn Rôngga wau sarèhning ênggènipun lumampah lêrês ing panggenan sela, botên purun nyimpang, sela lajêng katumbuk balêdug. Tiyang ing Pathi sami eram sadaya.

Sarêng sampun lami ênggènipun wontên Pathi, Radèn Rôngga nuntên mantuk dhatêng Matawis. Wontên ing margi ningali tiyang tapa satunggil. Asêsèndhèn wit asêm. Lajêng dipun candhak kasêmpal-sêmpal sampun pêjah, Radèn Rôngga lajêng lampahipun dumugi ing Matawis. Panêmbahan sarêng aningali ingkang putra dhatêng nuntên dipun timbali sarta andikakakên anggêguru dhatêng Ki Juru Martani, supados wêwaha ing kasêktènipun tuwin kasagêdan sanèsipun. Radèn Rôngga matur sandika, lajêng mangkat dhatêng dalêmipun kang eyang Kyai Juru.

Radèn Rôngga wicantên salêbêting manah, “Aku iki wis angluwihi ing sapêpadhaku, môngka isih dikon ênggêguru marang eyang Juru, sing tak guroni apane.”

Lampahipun sampun dumugi ing dalême kang eyang, Kyai Juru pinuju salat wontên ing masjid alit. Radèn Rôngga lajêng lênggah wontên ing undhak-undhakaning masjid, kang dipun damêl sela kumlasa, sela kumlasa wau dipun cublêsi ing dariji dhatêng Radèn Rôngga kados anyublêsi siti ingkang êmpuk. Sela kumlasa pating dharêkok tatu dariji.

Kyai Juru sabakdane salat luhur nuntên mêdal saking masjid. Kagèt aningali ingkang wayah anyublêsi sela, lajêng ngandika, “Radèn Rôngga, watu kocublêsi iku apa ora atos ?”

Sela wau inggih lajêng atos sami sakala, dipun cublês botên pasah, Radèn Rôngga wicantên salêbêting manah, “Bênêr rama Senapati, aku dikon anggêguru marang eyang Juru, wong tuwa mono ora kêna diungkuli marang wong nom, ing kasêktène utawa ngèlmu liyane.”

Radèn Rôngga lajêng nyuwun wulang dhatêng ingkang eyang, Kyai Juru inggih kathah pêparingipun wulang dhatêng ingkang wayah, Radèn Rôngga tumuntên mantuk. Continue reading Babad Tanah Djawi (17)

Babad Tanah Djawi (16)


silsilah-panembahan-senopati-raja-surakarta-yogyakarta

Sarta awêlas dhatêng ingkang rayi, tumuntên ngandika, “Yèn mêngkono kang dadi karsane adhi mas. Nagara Pajang iku bakal taktêmu pèk. Kowe matura marang adhi mas. Adhi mas dakaturi mrene, lan anggawaa bala sagêgamaning prang, mêtua ing tanah Gunung Kidul. Aku ya bakal amapak ing kono.”

Utusan lajêng pamit mantuk, lampahipun gêgancangan, sampun panggih kalihan Pangeran Banawa, sarta matur wiwitan dumugi ing wêkasan. Pangeran Banawa sarêng mirêng, sakalangkung suka galihipun. Enggal angundhangi balanipun. Samêkta sagêgamaning prang, lajêng bidhal. Senapati Ngalaga inggih sampun bidhal lan sabalanipun, dhatêng ing tanah Rêdi Kidul. Kèndêl wontên ing dhusun Wêru, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Banawa, lajêng sami rêrangkulan. Kalih-kalihipun sami muwun. Kèngêtan dhatêng kangjêng sultan kang sampun seda, lajêng sami amasanggrahan wontên ing ngriku, sarta sami apirêmbagan ênggènipun badhe ambêdhah nagari ing Pajang.

Kacariyos bala ing Pajang ingkang lami-lami sampun sami mirêng wartos, yèn Pangeran Banawa akumpul kalihan Senapati, amasanggrahan ing dhusun Wêru, badhe ambêdhah nagari Pajang, bala ing Pajang wau lajêng kathah kang ambalik. Sami andhèrèk gustinipun lami. Wondene ingkang taksih wontên ing Pajang, amung kantun bala bêbêktan saking Dêmak kemawon. Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa, sarêng aningali bala ing Pajang kathah kang sami êmbalik, sakalangkung suka galihipun. Anyipta yèn gampil bêdhahipun nagari ing Pajang.

Senapati ngandika dhatêng Pangeran Banawa, “Adhi mas, sarèhning bala ing Pajang sampun kathah kang sami nungkul, sarta gêgaman puniki sampun kathah, ing dintên benjing-enjing sumôngga sami bidhal anggêbag ing Pajang, jêngandika anindhihana têtêlukan bala saking Pajang, amêdala korining kitha kang wetan. Kula lan tiyang Mataram sadaya amêdal korining kitha kang kilèn.” Continue reading Babad Tanah Djawi (16)

Babad Tanah Djawi (15)


 Kota gede

Kacariyos Senapati Ngalaga lan balanipun tiyang Mataram wolung atus sumêja amêthuk prang, sampun abaris wontên ing Randhulawang, sarta sami angatos-atos. Kyai Juru wicantên dhatêng Senapati, “Senapati, kang dadi karêpku kowe aja kongsi prang karo kangjêng sultan. Sabab balamu ming sathithik. Bala ing Pajang tanpa wilangan. Amêsthi bakal tumpês, sarta aku bangêt isin andêlêng wong ing Pajang, ayo padha nênêdha ing Allah, kang supaya wong Pajang padha girisa atine, kowe anagiha prajangjine Nyai Kidul. Aku tak nagih jangjine kakahyangan ing gunung Marapi, lan balamu konên baris ing Gunung Kidul sawêtara, ing Gunung Kidul konên numpuki kayu akèh dohe lêt sapambêdhil. Amratanana gunung iku, mêngko bêngi konên ngobong barêng.”

Makatên wau inggih nuntên kalampahan. Sarêng ing wanci sêrap srêngenge, Senapati lajêng angadêg sarta sidhakêp anênga ing awang-awang, Kyai Juru inggih makatên ugi, botên dangu nuntên jawah awor barat. Kêkajêngan kathah kang sêmpal tuwin sol. Ing awang-awang gumuruh swaranipun. Punika pratandhanipun yèn jim pêri prayangan sami dhatêng, sumêja têtulung prang, ing rêdi Marapi inggih nuntên murub. Swaranipun kados galudhug, angajrihi, sarta nuntên jawah awu, ing lèpèn Umpak mili ladhu, sela agêng-agêng sami minggah dhatêng dharatan. Ing Rêdi Kidul têtumpukan kajêng sarêng dipun obong, ing Rêdi Kidul dados latu sadaya, sarta bêndhe kang nama Ki Bicak tinabuh botên kèndêl-kèndêl.

Kangjêng sultan pinuju lênggah wontên ing pasanggrahan cakêt lèpèn Umpak, ingadhêp para bupati, kangjêng sultan alon ngandika, “Bocah bupati, ingsun andêlêng ing Gunung Kidul ika dadi gêni, utawa gunung Marapi ya murub. Sarta ing awang-awang iki swaraning apa, kaya swaraning gêgaman maju prang, bangêt girise atiningsun.”

Adipati ing Tuban matur alon, “Kangjêng sultan, pangandika dalêm punika angajrihi ing tiyang kathah, ingkang kamirêng punika swaraning jawah lan barat, botên amatosi, kalih dene abdi dalêm ing Pajang sadaya botên wontên kang ajrih amêngsah prang kalihan Senapati, yèn wontên dhawah dalêm amêsthi tiyang Matawis ing sakêdhap tumpês dening kula sarta tiyang Pajang sadaya.”

Kangjêng sultan alon ngandika, “Anak ingsun Ki Dipati Tuban, sira aja wani amungsuh kakangira Senapati, wruhanira, ingsun bakal tumêka ing jangji, dene karaton ing Pajang amung ingsun dhewe kang jumênêng nata, nuli kagêntèn marang kakangira Senapati, saturune bakal angrèh ing tanah Jawa kabèh, dene ênggon ingsun marang Mataram iki, ingsun amung arêp andêlêng marang Ki Senapati, krana bangêt ênggon ingsun kangên. Sarta Ki Senapati ingsun kira ora wani amungsuh marang ingsun.” Continue reading Babad Tanah Djawi (15)

Babad Tanah Djawi (14)


 Senapati Ratu Kidul

Lampahipun Pangeran Banawa inggih sampun dumugi ing Randhulawang, sarêng aningali ingkang raka mêthuk, Pangeran Banawa enggal tumurun saking titihan, paran-pinaranan kalihan Senapati, lajêng sami rêrangkulan, kalih-kalihipun sami muwun. Sabab lami botên kêpanggih, sangêt ing kangênipun. Pangeran Banawa alon matur,

“Kakang, sangêt kangên kula dhatêng sampeyan. Sabab sampun lami ênggèn kula botên kêpanggih, kaping kalihe kula dipun utus. Sarèhning rama jêngandika amirêng yèn sampeyan badhe amêngsah ing rama jêngandika, punika punapa yêktos punapa botên. Kula mugi sampeyan bêlakani.”

Senapati amangsuli, “Adhi mas, môngsa boronga rama jêngandika kangjêng sultan, ratu sidik ing paningal. Punapa saosiking manah kula mêsthi sampun sumêrêp. Sagêd kula samantên punika inggih saking pêparingipun rama jêngandika, ing Matawis kula botên rumaos gadhah, atas kagunganipun rama jêngandika, punika kula angaturakên sêsêgahipun abdi sampeyan ing Matawis, mugi kadhahara.”

Pangeran Banawa lawan sabalanipun lajêng sami anêdha waradin. Senapati Ngalaga ngandika malih, “Adhi mas, sampeyan kula aturi lajêng dhatêng Matawis. Sampun kula cawisi kalangênan tuwin arak waragang, sampeyan kasukana wontên ing Matawis. Sabab sampeyan gustine tiyang ing ngriki sadaya, sumôngga sampeyan kula aturi nitih gajah kalihan kula.”

Pangeran Banawa ngandika dhatêng Tumênggung Môncanagara, Tumênggung Môncanagara, pawarta kang katur ing kangjêng rama sultan iku goroh kabèh, dene iki Si kakang Senapati ora sumêja amungsuh marang kangjêng rama, aku ya angandêl marang kakang Senapati, pratandhane yèn ora sumêja amungsuh, sabab suguh sarta angajèni marang wong ing Pajang.

Pangeran Banawa wau lajêng nitih gajah kalihan ingkang raka, bidhal saking ing ngriku lan sabalanipun. Sarawuhipun ing Matawis lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sampun sami tata lênggah, nuntên sami kasukan dhêdhaharan inum-inuman. Sarta anabuh gamêlan Gala Ganjur, arame ênggènipun sami kasukan. Utawi balanipun Pangeran Banawa sarta balanipun adipati ing Tuban inggih sinêgahan piyambak wontên ing jawi.

Adipati Tuban pitaken dhatêng Senapati, “Kakang Senapati Ngalaga, kula mirêng pawartos, yèn sampeyan rêmên ambêksa rangin.”

Senapati amangsuli, “Adhi, inggih rêmên, nanging tiyang Matawis botên wontên kang sagêd.”

Adipati Tuban lancang ing pangucap. Kêdah angatingalakên ing kasagêdan tuwin kadigdayane rencangipun. Lajêng parentah dhatêng rencangipun kinèn sami ambêksa rangin. Tiyang Tuban inggih sampun sami wiwit ambêksa, anêlasakên ing tênaganipun. Angungasakên ing kakêndêlan sarta katêguhanipun. Anuntên wontên putranipun Panêmbahan Senapati ingkang pambajêng, anama Radèn Rôngga, patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat rumiyin. Continue reading Babad Tanah Djawi (14)

Babad Tanah Djawi (13)


nyi-roro-kidul

Kacariyos wontên ulam laut, anama olor, punika kala rumiyin Senapati kalangênan dhatêng ing lèpèn Samas, anjala, ngrakat, tuwin ancolan susug. Kathah pirantosipun tiyang amêndhêt ulam. Utawi angsalipun ulam inggih kathah, anuntên ulam olor wau kacêpêng ing tiyang kathah, agêngipun anglangkungi, lajêng kabêkta mêntas kaaturakên Panêmbahan Senapati, Senapati sakalangkung suka aningali, ulam olor lajêng binusanan sarwa mas, pinaringan nama pun Tunggul Wulung, nuntên inguculakên dhatêng ing toya malih, ulam olor wau rumaos kapotangan gêsang dhatêng Senapati.

Ing nalika punika ulam olor wau sumêrêp yèn Senapati angèli ing lèpèn anjog ing sawangan sagantên. Ulam olor lajêng angambang amêthukakên dhatêng Senapati, supados Senapati anitiha ing gigiripun, nanging Senapati botên karsa anitih, lajêng mêntas, jumênêng sapinggiring sagantên, sarta andêdonga ing Allah, anuntên prahara dhatêng, barat awor jawah, kêkajêngan kathah sêmpal tuwin sol. Alun sagantên agêngipun sarêdi-rêdi, swaranipun anggêgirisi, sarta toyanipun panas kados wedang, ulam kathah ingkang kaplêsat kabêntus ing karang têmahan sami pêjah wontên ing dharatan. Punika saking prabawanipun Panêmbahan Senapati ênggènipun andêdonga ing Allah.

Kacariyos ing sagantên kidul ngriku wontên ingkang jumênêng ratu, wanodya anglangkungi ayunipun. Ing sajagad botên wontên ingkang nyamèni, anama Rara Kidul, angrèh sawarnine lêlêmbut ing tanah Jawi sadaya, kala samantên Rara Kidul pinuju wontên ing dalêm, pinarak ing kathil mas, tinarètès ing sêsotya, ingadhêp para jim pêri prayangan. Rara Kidul kagèt aningali gègèripun ulam ing sagantên. Sarta toyanipun panas kados ginodhog. Swaraning sagantên anggêgirisi. Rara Kidul wicantên salêbêting galih, “Salawasku urip aku durung andêlêng sagara kaya iki, kiye ya genea, apa kêna ing gara-gara, apa srêngenge runtuh bakal dina kiyamat.” Continue reading Babad Tanah Djawi (13)

Babad Tanah Djawi (12)


panembahan-senopati

Ing sanèsing dintên Kyai Juru Martani mangkat dhatêng Pajang sarta putranipun Ki Agêng Matawis sadaya, sumêja ngaturi uninga ing kangjêng sultan. Lampahipun sampun dumugi ing Pajang, Sultan pinuju miyos sinewaka, Kyai Juru sarta kapenakanipun lajêng sami pepe sakiduling waringin kurung, sarêng katingalan ing kangjêng sultan, enggal kapariksa sarta sami tinimbalan.

Sampun sami sowan wontên ing ngarsa dalêm. Kyai Juru tumuntên matur, angaturi uninga yèn patinggi ing Mataram pêjah, sarta angaturakên têtilaranipun anak jalêr gangsal, pundi ingkang kakarsakakên anggêntosi. Kangjêng sultan sarêng mirêng yèn patinggi Mataram pêjah, sakalangkung ngungun, lajêng ngandika, “Kakang Juru Martani, kang ingsun gêntèkake ana ing Mataram, anak ingsun Si Ngabèi Loring Pasar, sarta ingsun paringi jênêng Senapati ing Ngalaga, Sayidin Panatagama. Lan maninge kakang Juru Martani, sira kang sun pasrahi momong marang putraningsun Senapati, ing dalêm sataun iki ora ingsun lilani seba marang Pajang, anataa nagarane sarta angrasakna mukti ana ing Mataram. Yèn wis sataun tumuli sebaa aja kongsi kasèp.”

Kyai Juru sarta Senapati aturipun sandika, sarta sami ngujung ing kangjêng sultan. Tumuntên nyuwun pamit dhatêng ing Mataram. Ing Mataram sangsaya wêwah-wêwah tiyangipun, sarta sakalangkung rêjanipun. Senapati Ngalaga sampun amukti, lajêng parentah anyithak banon dhatêng tiyang ing Mataram, badhe sumêja kadamêl kitha.

Kala samantên sampun kêlangkung sataun, Senapati dèrèng sowan dhatêng Pajang, Kyai Juru inggih tansah angatag sowan. Wangsulanipun Senapati, benjing mênawi Sultan utusan nimbali kemawon kula sowan.

Kacariyos Sultan Pajang miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas tinatrapan ing sêsotya, sangandhaping dhampar linemekan babut, sinêbaran sêkar, para bupati, mantri, rôngga, dêmang sampun pêpak sowan sadaya, cahyanipun kanjêng sultan kados wulan purnama, kangjêng sultan alon andangu dhatêng para abdi kang sami sowan.

“Bocah ingsun kabèh, apa sira padha ngrungu wartane putraningsun Senapati, dene wis kêliwat sataun ora nana sowan marang Pajang, apa awit sumurup wirayate Sunan Giri ênggone ora gêlêm seba marang ingsun. Ing samêngko wirayate Sunan Giri mèh anêtêpi, yèn upamia kêmbang misih kudhup, ing saiki mangsane mêkar”, Sultan Pajang sampun kacariyos yèn ratu digdaya sêkti linuwih sugih bala, botên wangwang yèn sumêja angrisak ing Matawis, nanging kados wontên kang mambêngi ing karsanipun.

Para Bupati sami matur, kawula inggih amirêng pawartos. Putra dalêm Senapati Ngalaga badhe mirong, sampun akèn nyithak banon badhe adamêl kitha. Sultan Pajang nuntên ngandika dhatêng Ngabèi Wuragil lan Ngabèi Wilamarta, “Sira wong loro mênyanga ing Mataram, waspadakna pratingkahe Senapati.”

Ki Wuragil lan Wilamarta aturipun sandika, lajêng mangkat sami numpak kapal. Lampahipun sampun dumugi ing Matawis. Senapati botên pinanggih ing dalêmipun, amêng-amêng dhatêng ing Lipura sarta numpak kapal. Utusan kêkalih anjujul. Dumuginipun ing Lipura sampun aningali dhatêng Senapati pinuju têtêgar, Ki Wuragil wicantên dhatêng Ki Wilamarta, “Dawêk sami mudhun, lajêng sami andhawahakên timbalane kangjêng sultan.” Continue reading Babad Tanah Djawi (12)

Babad Tanah Djawi (11)


SUNAN_KALIJAGA

Sang pandhita ngandika, “Yèn kang dadi pakewuhing atinira mangkono, iku gampang bae, kakangiraKi Pamanahan pundhutên prasêtyane, ingsun kang nêksèni.Payo thole Pamanahan, sira prasêtyaa marang adhinira sultan. Ingsun kang nêksèni.”

Ki Pamanahan enggal matur prasêtya, “Sang pandhita, kula mugi sampeyan sêksèni, mênawi kula gadhah cipta badhe jumênêng ratu wontên ing Matawis, utawi sumêjaa angêndhih karaton ing Pajang, awak kula piyambak mugi sampun manggih wilujêng, wikana ingkang wingking-wingking, sintên ingkang sumêrêp ing karsaning Allah.”

Sang pandhita ngandika dhatêng Ki Pamanahan, “Wis cukup prasêtyamu iku, ingsun ya wis anêksèni.”

Wondene Sultan Pajang inggih sampun lêga galihipun, amirêng prasêtyanipun Ki Pamanahan. Nanging botên sumêrêp yèn punika ujar keras. Lajêng ngandika dhatêng Ki Pamanahan, “Dawêg kakang Pamanahan, ing Mataram dika tampani, nanging taksih dados alas.”

Ki Pamanahan inggih sampun anampèni sarta sangêt ing panuwunipun. Sang pandhita ngadika, “Thole Pamanahan, sira nuli ngaliha marang Mataram lan saanakbojonira, sarta ingsun dongakake tulusa ênggonira saduluran lan si thole sultan. Wis padha karia ingsun mulih.” sang pandhita sampun mangkat. Ki Pamanahan inggih sampun mantuk dhatêng ing griyanipun, lajêng pradandosan. Continue reading Babad Tanah Djawi (11)