Bantahipun Rêsi Padya kalihan Mintaraga


mintaraga_solo3

Rêsi Padya punika malihanipun Bathara Endra, sumêdya andadar kawicaksananipun ingkang tapa wontên ing ardi Endrakila, inggih punika Sang Arjuna, tapa nama: Bagawan Mintaraga.

Kacariyos, Rêsi Padya tumurun saking kaendran, anjujug dhatêng ing guwa Endrakila. Sang Mintaraga nuju sêmadi êning. Rêsi Padya dhèhèm. Sang Mintaraga tumuntên mudhar sêmadinipun, lajêng manggihi dhatêng ingkang rawuh sampun atata lênggah.

Sang Mintaraga manambrama saha pitakèn asma, tuwin sêdya miwah pinangkanipun dhatêng ingkang rawuh.

Rêsi Padya ngakên yèn pandhita ingkang tapa sasênênging manah. Pratelanipun makatên wau nyêmoni dhatêng Sang Mintaraga, dene tiyang tapa patapanipun rinarêngga sarwa asri, sarta kadekekan dêdamêl sarwa gumêlar, punika tapanipun tiyang punapa. Sang Mintaraga inggih botên kêkilapan dhatêng pasêmon wau, nanging botên patos kagalih, amargi ewanipun ingkang rawuh punika kamanah amung tumrap ing lair, dèrèng dumugi ing kajatèn. Rêsi Padya nglajêngakên pratelanipun, saking anjajah wana tuwin ardi, lajêng sumêrêp teja manthêr, dipun purugi tejaning guwa Endrakila punika, icaling teja wontên manungsa ingkang tapa salêbêting guwa.

Pangandikanipun Rêsi Padya:

“Inggih punika pun adhi, mênggahing sêdya badhe anggayuh punapa, sarta pun adhi punika jumênêng punapa.”

Sang Mintaraga sampun priksa yèn badhe dipun ayoni dhatêng ingkang rawuh, lajêng mangsuli pitakèn wau, sarana kerasing basa sasmita, têmbungipun Sang Mintaraga:

“Ingkang winênangakên mangun tapa punika nama pandhita, tumamaning tapa dados wicaksana.”

Rêsi Padya gumujêng latah. Wangsulanipun:

“Bab punika wêrit sangêt, sarta botên gampil pun adhi mangsuli ingkang kados makatên, dados têgêsipun: pun adhi punika ngakên pandhita ingkang wicaksana, rak inggih makatên ta, suwawi inggih makatên punapa botên adhi, sampun kumbi lho.”

Rêsi Padya gumujêng malih.

Sang Mintaraga wicantên, wêdaling swantên sakalangkung ulêm:

“Kula amung nyumanggakakên, langkung-langkung ingkang mastani.”

Rêsi Padya nêmaha nandukakên têmbungipun diksura:

“Lah dalah, pun adhi saya andaluya, punapaa yèn pun adhi ngakên pandhita ingkang wicaksana, têka mawi angrêngga guwa, sarta samêkta sanjata, punapa pandhita badhe ngraman, utawi pandhita aling-aling ulah kawibawan wontên ing donya, ingkang makatên wau mêsthi sasaripun, pratingkahipun adhi punika pandhita cara pundi, dene pandhita tansah apêpaès sabên dintên, yèn makatên pun adhi kenging kula wastani pandhita pulasan.”

Anggènipun nguwus-uwus Rêsi Padya makatên wau, supados Sang Mintaraga mêdala kanêpsonipun, nanging ingkang dèn uwus-uwus botên môntra-môntra rêngu, pasêmonipun malah mèntèr kados dilah, jênjêm tajêm tur jatmika. Sang Mintaraga wicantên:

“Prakawis kalairan punika botên dados wosing parlu, ugêripun wontên lênging tekad, manawi manungsa sampun sagêd anjumbuhakên awon saening kadonyan, saèstu sampun mêngku ing prana pranawa.”

Rêsi Padya gumrêbêg panggalihipun,

1.Batara Indra“E e toblas, toblas, wong iki ngakokake ati, samangke andika botên kenging mingkuh, yèn dhasar waskitha yêktos, lah ingkang kula gêgêm punika punapa. Yèn andika botên sagêd ambatang saèstu sinurak ing jagad, nglêmpara namaning pandhita, jugar namaning ajar.”

Sang Mintaraga matur:

“Ingatasipun bêbantahan botên wontên awonipun, wangsul karsanipun sang rêsi punika nama dadar-dadaran, punapa botên kalêbêt ambuka kêkêran ingkang winados.”

Rêsi Padya mangsuli:

“E botên, inggih punika ingkang utami kangge tôndha saksi, yèn dhasar andika pandhita ingkang waskitha ing budi, amêsthi sagêd ambatang ingkang kula gêgêm punika: punapa, suwawi cêplos andika wastani lêganing manah kula.”

Sang Mintaraga matur ngrêrêpa:

“Prakawis punika bok inggih kasigêg samantên kemawon.”

Rêsi Padya mêksa, Sang Mintaraga kapurih ambatang, sampun botên kenging mingkuh. Sang Mintaraga matur:

“Manawi makatên karsanipun sang rêsi inggih nuwun-nuwun. Mugi lêpata sêsikuning jawata, tinêbihna ing tulah-sarik, manawi botên lêpat panawang kula, ingkang kagêgêm sang rêsi punika uwos. Inggih punapa botên, môngga kabikaka.”

Rêsi Padya eram sangêt, dene Sang Mintaraga waskitha, lajêng ngandika:

“Inggih lêrês uwos, mênggahing uwos punika andika wardèni suraosipun kadospundi.”

Sang Mintaraga matur:

“Uwos punika saking panglaras kula anggadhahi suraos: mêngku bêbakuning parlu, awit sadaya daya ingkang kaudi amung wosipun. Inggih makatên punapa botên saking karsanipun sang rêsi.”

Rêsi Padya ngandika malih:

“Inggih lêrês makatên. Mênggah cacahing uwos ingkang kula gêgêm punika, andika wastani wontên sapintên, sarta anggadhahi suraos kadospundi.”

Sang Mintaraga matur:

“Manawi botên kalintu pangetang kula, cacahipun wontên sapta wêwijangan. Sapta, têgêsipun: pitu. Wêwijangan, têgêsipun: êlas. Dados wontên pitung êlas, inggih makatên punapa botên.”

Rêsi Padya ngungun lajêng ngandika:

“Inggih lêrês pitung êlas, mênggah uwos pitung êlas wau dunung sarta suraosipun kadospundi, suwawi kapratelakna.”

Sang Mintaraga matur:

“Inggih, manawi condhong kalihan cipta riptanipun sang rêsi, uwos pitung êlas wau dunungipun wontên ing dintên pitu, 1. Raditya, 2. Soma, 3. Anggara, 4. Buda, 5. Wrahaspati, 6. Sukra, 7. Tumpak. Dene suraosipun dintên pêpitu wau dados têtêngêring pèngêtan môngsa, awit sadaya prakawis katitik saking têranging panêngêran, witipun têrang saking soroting baskara, inggih makatên punapa botên.”

Rêsi Padya gèdhèg-gèdhèg sarwi ngandika:

“Inggih makatên. Uwos pitung êlas kula bucal ingkang saêlas kantun pintên, dunung sarta suraosipun kadospundi.”

Sang Mintaraga matur:

“Uwos pitung êlas kabucal ingkang saêlas kantun sad wêwijangan. Sad, têgêsipun: nênêm. Wêwijangan, têgêsipun: êlas. Dados kantun nêm êlas. Mênggah dunungipun wontên tataning agami kadewatan, inggih punika dununging panêmbah, 1. Dhatêng Sang Hyang Sambo, 2. Dhatêng Sang Hyang Brahma, 3. Dhatêng Sang Hyang Endra, 4. Dhatêng Sang Hyang Wisnu, 5. Dhatêng Sang Hyang Bayu, 6. Dhatêng Sang Hyang Kala. Dene suraosipun jawata nênêm wau dados ugêr-ugêring panêmbah, inggih makatên punapa botên.”

Rêsi Padya saya eram lajêng ngandika malih:

“Uwos nêm êlas kula bucal ingkang saêlas kantun pintên, dunung sarta suraosipun kadospundi.”

Sang Mintaraga matur: uwos nêm êlas kabucal ingkang saêlas kantun pônca wêwijangan. Pônca, têgêsipun: gangsal. Wêwijangan, têgêsipun: êlas, dados kantun gangsal êlas. Mênggah dunungipun wontên ing pôncadriya, ingkang dados palawanganing budi, wijangipun makatên: 1. pagêpokan, raosing sarira, 2. panggônda, raosing grana, 3. pangênyam, raosing tutuk, 4. pamirêng, raosing talingan, 5. paningal, raosing mripat. Inggih makatên punapa botên.”

Rêsi Padya ngandika:

“Inggih lêrês. Gangsal êlas kula bucal ingkang saêlas kantun pintên, lênggahipun wontên ing pundi, sarta suraosipun kadospundi.”

Sang Mintaraga matur:

“Uwos gangsal êlas kabucal ingkang saêlas kantun catur wêwijangan, dados kantun kawan êlas, mênggah lênggahipun wontên ing keblat sakawan. 1. Purwa, têgêsipun: wetan, 2. Duksina, têgêsipun: kidul, 3. Pracima, têgêsipun: kilèn, 4. Utara, têgêsipun: lèr. Dene suraosipun dados wêwaton tataranipun lampahing ngèlmi, 1. Lampahing raga, 2. Lampahing budi, 3. Lampahing rasa, 4. Lampahing sukma. Inggih makatên punapa botên.”

Rêsi Padya ngandika:

“Inggih lêrês. Sakawan kula bucal satunggal kantun pintên, lênggahipun wontên ing pundi, sarta suraosipun kadospundi.”

Sang Mintaraga matur:

“Sakawan êlas kabucal ingkang saêlas kantun tri wêwijangan, dados kantun tigang êlas, mênggah lênggahipun wontên ing dêdunungan, inggih punika wosing cariyos, awit sakathahing cariyos punika saèstu mawi dêdunungan. 1. Dumunung wontên ingkang cariyos. 2. Dumunung wontên ingkang nampèni cariyos. 3. Dumunung wontên ingkang cinariyos. Ingkang makatên punika dados ugêring ukara, dene suraosipun nelakakên wiji purwaning dumados, inggih punika trimurti, têgêsipun: kêmpaling musthika têtiga. Inggih punapa botên.”

Rêsi Padya ngandika:

“Inggih. Tiga kula bucal ingkang satunggal kantun pintên, lênggahipun wontên ing pundi, suraosipun kadospundi.”

Sang Mintaraga matur:

“Tiga kabucal ingkang satunggal kantun dwi wêwijangan, utawi kalih êlas, lênggahipun wontên ing wadhah kalihan isi, dene suraosipun nelakakên mor misahing lair batos, wujud kêkalih dados satunggal, inggih punapa botên.”

Rêsi Padya nglêrêsakên.

“Kalih kula bucal ingkang satunggal kantun pintên, lênggah sarta suraosipun kadospundi.

Sang Mintaraga matur:

“Kantun eka wêwijangan, inggih punika kantun satunggal, lênggahipun wontên lênging sêdya, suraosipun wontên ing kalanggêngan, awit sadaya kawontênan ing donya, punika botên têtêp, kêdah mawi ewah gingsir, ingkang langgêng amung sawiji ingkang kuwasa, Hyang Sukma Kawêkas. Inggih makatên punapa botên karsanipun sang rêsi.”

Rêsi Padya mangsuli:

“Inggih makatên. Sapunika satunggal, kula bucal ingkang satunggal dados kantun pintên, suwawi andika wasisakakên sampun katanggêlan.”

Sang Mintaraga andhêku sarwi matur:

“Dhuh mugi sampun makatên, punika awisan botên kenging kawêdhar, prayogi kèndêl samantên kemawon, amargi nama miyak warana, manawi ngantosa kawanguran, saèstu nyudakakên kawingitan têmahan kirang prayogi dinulu, sang rêsi.”

Rêsi Padya kêncêng lajêng ngandika:

“Botên, inggih kêdah andika wastani, satunggal kula bucal satunggal kantun pintên, suwawi kantun pintên, yèn andika botên kadugi ambatang, kula lajêng sagêd mastani, bokmanawi sakathahing cariyos punika wau, amung dumunung ing kawasisanipun adhi kemawon, sajatinipun manahipun adhi taksih pêtêng dhêdhêt dèrèng tarawangan.”

Sang Mintaraga matur:

“Botên ta sang rêsi, mugi kagaliha ingkang lêbêt, bab punika manawi kaparêng sampun ngantos kalajêng-lajêng, barang kantun satunggal prayogi kataksihakên. Sampun ngantos kabucal mindhak ical, uwos kantun saêlas wêkasanipun badhe têlas.”

Rêsi Padya midhangêt ginêmipun Sang Mintaraga makatên wau lajêng gumujêng latah,

“O, o, sêmune gênah yèn jedok pandhita iki. Botên ta adhi, pasajanipun andika kaconggah punapa botên, manawi kaconggah suwawi andika wastani, satunggal kula bucal ingkang satunggal kantun pintên.”

Rêsi Padya anggènipun gumujêng latah wau, angintên bilih Sang Mintaraga botên andungkap dhatêng prakawis punika, botên wande pambatangipun: barang satunggal kabucal ingkang satunggal inggih sampun têlas, môngka botên wontên barang têlas, tansah tuwuh sirna, tuwuh sirna.

Sang Mintaraga inggih sampun pirsa bilih dipun ina ing batos dhatêng Rêsi Padya. Aturipun:

“Dados sang rêsi kêncêng sampun botên kenging kula aturi kèndêl.”

Rêsi Padya mangsuli:

“Botên kenging, inggih kêdah andika pêthèk, supados nêtêpi namanipun pandhita ingkang wicaksana.”

Sang Mintaraga wicantên:

“Ssang rêsi, mugi kauningana, manawi lêpat anggèn kula ambatang sampun ngantos andadosakên runtiking panggalih, pintên banggi yèn lêrêsa, uwos ingkang saêlas kabucal saêlas, punika sampun ical botên wontên uwos malih, dene icalipun uwos sapunika ingkang wontên kantun Sang Hyang Bathara Endra.”

Kacariyos, sarêng Sang Mintaraga sampun amêdharakên kawicaksananipun, ingkang binatang kagèt lajêng anjola, sanalika sirna warnining Rêsi Padya, babar awarni Sang Hyang Endra, sarwi anjêngèk ngrangkul dhatêng Sang Mintaraga,

“Ladalah, ora kaya kowe wong abagus, dene samono kawicaksananira.”

** Kapethik saking Sêrat Têpapalupi

Advertisements

One thought on “Bantahipun Rêsi Padya kalihan Mintaraga”

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s