Babad Tanah Djawi (17)


book babad tanah djawi

Sang dipati ing Pathi pinuju lênggah ing paseban jawi, sangajênge paseban ngriku wontên sela agêng satunggil. Sang dipati sarêng aningali kapenakanipun dhatêng, enggal dipun awe, Radèn Rôngga wau sarèhning ênggènipun lumampah lêrês ing panggenan sela, botên purun nyimpang, sela lajêng katumbuk balêdug. Tiyang ing Pathi sami eram sadaya.

Sarêng sampun lami ênggènipun wontên Pathi, Radèn Rôngga nuntên mantuk dhatêng Matawis. Wontên ing margi ningali tiyang tapa satunggil. Asêsèndhèn wit asêm. Lajêng dipun candhak kasêmpal-sêmpal sampun pêjah, Radèn Rôngga lajêng lampahipun dumugi ing Matawis. Panêmbahan sarêng aningali ingkang putra dhatêng nuntên dipun timbali sarta andikakakên anggêguru dhatêng Ki Juru Martani, supados wêwaha ing kasêktènipun tuwin kasagêdan sanèsipun. Radèn Rôngga matur sandika, lajêng mangkat dhatêng dalêmipun kang eyang Kyai Juru.

Radèn Rôngga wicantên salêbêting manah, “Aku iki wis angluwihi ing sapêpadhaku, môngka isih dikon ênggêguru marang eyang Juru, sing tak guroni apane.”

Lampahipun sampun dumugi ing dalême kang eyang, Kyai Juru pinuju salat wontên ing masjid alit. Radèn Rôngga lajêng lênggah wontên ing undhak-undhakaning masjid, kang dipun damêl sela kumlasa, sela kumlasa wau dipun cublêsi ing dariji dhatêng Radèn Rôngga kados anyublêsi siti ingkang êmpuk. Sela kumlasa pating dharêkok tatu dariji.

Kyai Juru sabakdane salat luhur nuntên mêdal saking masjid. Kagèt aningali ingkang wayah anyublêsi sela, lajêng ngandika, “Radèn Rôngga, watu kocublêsi iku apa ora atos ?”

Sela wau inggih lajêng atos sami sakala, dipun cublês botên pasah, Radèn Rôngga wicantên salêbêting manah, “Bênêr rama Senapati, aku dikon anggêguru marang eyang Juru, wong tuwa mono ora kêna diungkuli marang wong nom, ing kasêktène utawa ngèlmu liyane.”

Radèn Rôngga lajêng nyuwun wulang dhatêng ingkang eyang, Kyai Juru inggih kathah pêparingipun wulang dhatêng ingkang wayah, Radèn Rôngga tumuntên mantuk.

Sarêng sampun lami Radèn Rôngga mirêng pawartos, yèn ing Patalan wontên sawêr agêng, anglangkungi galak. Asring nguntal tiyang langkung, lajêng dipun purugi dhatêng Radèn Rôngga, sawêr enggal anyandêr, nyakot sarta mulêt. Radèn Rôngga panggah, cinakot botên pasah, pinulêt botên ebah, sawêr lajêng kinêthok-kêthok sampun pêjah, Radèn Rôngga nuntên mantuk. Dumugining dalêm lajêng gêrah andadosakên ing sedanipun.

Kacariyos Panêmbahan Senapati sampun tulus ênggènipun mukti wontên ing Mataram, sarta sampun apêputra sanga, pambajêngipun Radèn Rôngga kang sampun pêjah wau, ingkang rayi nama Pangeran Pugêr, tiga Pangeran Purbaya, sakawan Pangeran Jayaraga, gangsal Pangeran Juminah, nêm nama Panêmbahan Krapyak, timuripun anama Radèn Jolang, punika kang dipun gadhang anggêntosi jumênêng ratu, pitu Pangeran Pringgalaya, wolu èstri, krama angsal Radèn Dêmang Tanpanangkil, sanga èstri malih, krama angsal Pangeran Têpasana, Kyai Juru Martani kaangkat nama Dipati Môndaraka.

Kacariyos Pangeran Banawa ing Pajang ênggènipun jumênêng sultan sawêg sataun lajêng seda, nuntên kagêntosan ingkang rayi Panêmbahan Senapati, anama Pangeran Gagakbaning, kadadosakên dipati ing Pajang, bala ing Pajang suyud sadaya, parentahipun ajêg, nanging botên purun ngênggèni padalêman lami, mingsêr mangetan, pagêring kitha kaêlar, ing ngriku wontên makam mukmin saking Ngarab, inggih kalêbêtakên ing pagêr kitha, kapêndhêt sawabipun. Kitha ing Pajang samangke dhapur pasagi, botên lami Pangeran Gagakbaning wau lajêng seda, kapêtak ing Matawis. Nuntên kagêntosan ing putranipun anama Pangeran Pajang.

Kala samantên Panêmbahan Senapati utusan dhatêng Giri sarta mawi sêrat. Panêmbahan Senapati badhe angyêktosakên wirayatipun Sunan Giri, kalanipun Sultan Pajang sowan dhatêng Giri rumiyin. Utusan inggih sampun mangkat. Sunan Giri nuju sineba ing balanipun. Utusan saking Matawis lajêng ngaturakên sêrat. Sunan Giri sasampuning maos sêrat mèsêm sarwi ngandika, “Kongkonan, kowe tutura marang Ki Senapati, yèn arêp anyatakake wirayatku, konên anglurug marang bang wetan. Wirayatku iki wis pinêsthi karsaning Allah, yèn ratu ing Mataram besuk bakal angrèh wong tanah Jawa kabèh, sanajan ing Giri kene besuk ya têluk marang ing Mataram. Sabab karsaning Allah iku wis ora kêna owah, ginawe jaman walikan. Gusti dadi kawula, kawula dadi gusti, pratandhane wis ana ing Pajang lan ing Mataram iku.”

Utusan lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing Matawis, matur ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Panêmbahan Senapati ngandika dhatêng kang paman Dipati Môndaraka, “Paman, kula badhe tumuntên mangkat ngalurug dhatêng bang wetan. Angkat kula benjing wulan Mukaram. Kula anurut kalanipun Sultan Pajang sowan dhatêng Giri rumiyin pinuju wulan Mukaram. Kalih dene sampeyan amarentahana dhatêng Adipati ing Pathi, Dêmak, Garobogan, kang sampun sami karèh ing kula, sami asaosa gêgamaning prang, benjing yèn kula mangkat sampuna ngalêmpak wontên ing Pajang”

Ki Dipati Môndaraka matur sandika. Sarêng dumugi ing wulan Mukaram, Panêmbahan lajêng bidhal lan sabalanipun, tuwin nagari kang sampun sami karèh tiyangipun inggih andhèrèk sadaya, sumêja anêlukakên nagari bang wetan kang dèrèng nungkul. Lampahipun anjujug ing Japan.

Kacariyos pangeran ing Surabaya, punika kang dados pangagêngipun para bupati ing bang wetan, sampun mirêng pawartos yèn Senapati ing Mataram sumêja anêlukakên nagari bang wetan sadaya, Pangeran Surabaya wau enggal utusan. Angaturi para bupati ing Tuban. Sadayu, Lamongan, Garêsik, Lumajang, Kartasana, ing Malang, Pasuruan, Kadhiri, Wirasaba, Balitar, Pringgabaya, Pragunan, Lasêm, Madura, Sêmênêp, Pakacangan. Sadaya wau inggih sampun sami dhatêng sabalanipun wontên ing Japan.

Sumêja sami mêthukakên prangipun Senapati, wondene Panêmbahan Senapati lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing Japan. Gêgamanipun sampun sami ajêng-ajêngan. Anuntên wontên utusanipun Sunan giri, sarta ambêkta sêrat. Sadhatêngipun ing Japan, lajêng damêl pasanggrahan piyambak. Nuntên angaturi Panêmbahan Senapati, sarta Pangeran Surabaya tuwin para bupati sadaya, inggih sampun sami dhatêng wontên ing pasanggrahan ngriku, atata sami lênggah, utusan ing Giri wicantên.

“Para priyantun agêng-agêng sadaya, kula dipun utus ing Kangjêng Sinuhun Giri, amaringakên sêrat, kula waose piyambak, sami kamirêngêna”

Utusan Giri lajêng maos. Ungêling sêrat.

Layang Ingsun Kangjêng Sunan Giri dhawuha marang putraningsun Senapati ing Mataram. Lan dhawuha marang putraningsun Pangeran Surabaya, liring layang, ênggonira bakal pêrangan iku ingsun ora anglilani, karana bakal akèh pêpati, angrusakake wong cilik. Ing mêngko sira wong loro amiliha, isi lan wadhah, yèn sira wis padha milih isi lan wadhah mau, ing sasênêngira dhewe-dhewe, tumuli padha atuta, lan padha sokura ing Allah, nuli padha muliha marang nagaranira dhewe-dhewe, lan ing besuk manawa ana karsaning Allah, sira padha tinitah luhur utawa andhap, anarimaa ing papêsthèn. Titi.

Senapati tumuntên ngandika dhatêng Pangeran Surabaya, “Adhi ing Surabaya, kadospundi kang dados karsa sampeyan, mênggah dhawahipun Sunan Giri, kula lan sampeyan andikakakên milih, isi lan wadhah, sampeyan milih kang pundi, kula nyarah kemawon.”

Pangeran Surabaya sumaur, “Kakang Senapati, kula amilih isi kemawon sampeyan wadhahipun.”

Panêmbahan Senapati inggih sampun narimah tampi wadhah. Sarêng sampun ênggènipun sami pilih-pinilih, lajêng sami bibar mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Utusan ing Giri inggih sampun mantuk, sarta sampun matur ing Gustinipun. Sunan Giri sarêng mirêng ing aturing utusan lajêng ngandika, “Wruhanira, wis pinêsthi karsa Allah, Senapati ênggone anampani wadhah iku wis kabênêran. Wadhah iku nagara, isi iku wonge, ing samangsane uwong ora anurut marang kang duwe bumi amêsthi bakal ditundhung.”

Kacariyos Pangeran Surabaya utusan ananêm Bupati wontên ing Warung tanah Blora, inggih sampun kêlampahan. Sarêng kauningan dhatêng Panêmbahan Senapati, lajêng katêlukakên. Yèn botên purun têluk, botên suka anganciki siti ing Warung Blora, sabab siti ing ngriku wau gadhahanipun Senapati, bupatosipun inggih sampun têluk dhatêng Mataram. Utawi sakiwa têngên ing ngriku inggih sampun sami têluk dhatêng Mataram. Ingkang mogok kagêbag ing prang. Anuntên Panêmbahan ing Madiun kalêmpakan kalihan para bupati ing bang wetan, ingkang dèrèng sami têluk dhatêng ing Mataram. Sumêja sami badhe ambêdhah nagari ing Mataram. Sabab Senapati punika kaupamekakên latu sakonang, prayogi nuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngômbra-ngômbra, para bupati wau inggih sampun sami rêmbag. Nuntên sami anglêmpakakên bala wontên ing Madiun, sarta samêkta sagêgamaning prang, sakalangkung agêng barisipun.

Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun ingaturan pariksa dhatêng abdinipun têlik yèn Panêmbahan Madiun akanthi bupati kathah, badhe anggêbag ing Matawis. Panêmbahan Senapati enggal angundhangi balanipun. Angrakit gêgamaning prang, lan angêrigi nagari kang sampun sami kaêrèh. Sarêng sampun sami ngalêmpak pinuju ing wulan Mukaram. Panêmbahan Senapati lajêng budhal sabalanipun. Kyai Dipati Môndaraka inggih tumut. Lampahipun sampun dumugi sakilèning kitha Madiun. Amasanggrahan ing dhusun Kalidhadhung, sakilèning bangawan Madiun, ajêng-ajêngan kalihan mêngsah, nanging êlêt banawi.

Panêmbahan Senapati sarêng sumêrêp mêngsahipun sakalangkung kathah, balanipun piyambak amung sakêdhik. Lajêng pirêmbagan kalihan Ki Dipati Môndaraka angupados akal. Sarêng sampun angsal akal, senapati nuntên ngandika dhatêng abdinipun èstri, anama Adisara, sakalangkung ayu warninipun.

“Adisara, kowe mênyanga kutha Madiun. Layangku iki aturna marang Panêmbahan Madiun. Unine layang iki, aku asêngadi têluk. Kang supaya ilanga pangati-atine, utawa ambubarna bêbarisane, kajabane nglayang môngsa bodhoa kowe gonmu murih lunture sihe marang aku, lan sira anganggo-anggoa sarta pêpaesa kang bêcik, sarta anungganga jolang, dene kang mikul jolangmu lan kang anggawa upacaramu prajuritku Jayataka wong patang puluh iku, yèn kowe dèn ganggu-ganggu marang para santana ing Madiun, ya ladenana sajabane paremana, naging aja nganti anjêroni.”

Bok Adisara aturipun sêndika, lajêng dandos busana kang sae-sae, sarta apêpaès. Warninipun sakalangkung ayu, kang aningali sami kasmaran. Nuntên mangkat anumpak jolang, sarta pinayungan, ingiring upacara amindha putri, lampahipun anêrak bêbarisan agêng ing Madiun. Tiyang ingkang bêbarisan botên wontên kang nyujanani, sabab sami sumêrêp yèn kang dèn dhèrèk priyantun èstri, malah sami ningali sarta pitakèn, punika sintên. Wangsulanipun tiyang Matawis. Punika raja kula ing Mataram angaturi panungkul. Tiyang ing bêbarisan sarêng mirêng sakalangkung sami suka manahipun, anyipta yèn botên siyos prang.

Kacariyos Panêmbahan Madiun punika putranipun Sultan Dêmak. Ingkang nanêm bupatos Sultan Pajang swargi. Panêmbahan Madiun sampun pêputra kêkalih, èstri satunggil, jalêr satunggil, pambajêngipun èstri sakalangkung ayu warninipun sarta sampun diwasa, anama Rêtna Jumilah, ingkang rayi anama Mas Lonthang, Rêtna Jumilah wau dipun taros krama botên purun.

Wangsulanipun, inggih badhe purun krama yèn wontên marasêpuh anyêmbah dhatêng mantunipun, lan gadhah pêpanggil lading panyukur, ing saupami tiyang jalêr kapêrang ing lading, panyukur botên pasah, Rêtna Jumilah inggih purun kapêndhet garwa, yèn botên makatên inggih botên purun krama ing salaminipun. Kala sêmantên Panêmbahan Madiun pinuju lênggah wontên ing dalêmipun, ingadhêp para santana tuwin putrinipun. Kagèt aningali dhatêngipun Bok Adisara, dumrojog tanpa larapan. Lajêng anyungkêmi sukunipun panêmbahan.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s