Babad Tanah Djawi (16)


silsilah-panembahan-senopati-raja-surakarta-yogyakarta

Sarta awêlas dhatêng ingkang rayi, tumuntên ngandika, “Yèn mêngkono kang dadi karsane adhi mas. Nagara Pajang iku bakal taktêmu pèk. Kowe matura marang adhi mas. Adhi mas dakaturi mrene, lan anggawaa bala sagêgamaning prang, mêtua ing tanah Gunung Kidul. Aku ya bakal amapak ing kono.”

Utusan lajêng pamit mantuk, lampahipun gêgancangan, sampun panggih kalihan Pangeran Banawa, sarta matur wiwitan dumugi ing wêkasan. Pangeran Banawa sarêng mirêng, sakalangkung suka galihipun. Enggal angundhangi balanipun. Samêkta sagêgamaning prang, lajêng bidhal. Senapati Ngalaga inggih sampun bidhal lan sabalanipun, dhatêng ing tanah Rêdi Kidul. Kèndêl wontên ing dhusun Wêru, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Banawa, lajêng sami rêrangkulan. Kalih-kalihipun sami muwun. Kèngêtan dhatêng kangjêng sultan kang sampun seda, lajêng sami amasanggrahan wontên ing ngriku, sarta sami apirêmbagan ênggènipun badhe ambêdhah nagari ing Pajang.

Kacariyos bala ing Pajang ingkang lami-lami sampun sami mirêng wartos, yèn Pangeran Banawa akumpul kalihan Senapati, amasanggrahan ing dhusun Wêru, badhe ambêdhah nagari Pajang, bala ing Pajang wau lajêng kathah kang ambalik. Sami andhèrèk gustinipun lami. Wondene ingkang taksih wontên ing Pajang, amung kantun bala bêbêktan saking Dêmak kemawon. Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa, sarêng aningali bala ing Pajang kathah kang sami êmbalik, sakalangkung suka galihipun. Anyipta yèn gampil bêdhahipun nagari ing Pajang.

Senapati ngandika dhatêng Pangeran Banawa, “Adhi mas, sarèhning bala ing Pajang sampun kathah kang sami nungkul, sarta gêgaman puniki sampun kathah, ing dintên benjing-enjing sumôngga sami bidhal anggêbag ing Pajang, jêngandika anindhihana têtêlukan bala saking Pajang, amêdala korining kitha kang wetan. Kula lan tiyang Mataram sadaya amêdal korining kitha kang kilèn.”

Pangeran Banawa matur sandika. Ing enjingipun lajêng bidhal. Lampahing baris dados kêkalih, gêgaman tuwin bandera awarni-warni, yèn tiningalan sakalangkung asri. Wondene Adipati Dêmak kang jumênêng wontên ing Pajang, inggih sampun sumêrêp yèn badhe dipun inggahi dhatêng Pangeran Banawa sarta Senapati, Adipati ing Dêmak wau lajêng parentah dhatêng balanipun tuwin tiyang têtumbasan.

“Baturku têtukon kabèh, wong Bali, Bugis, Mêkasar, kowe padha dingati-ati, kowe bakal padha takdu prang karo Senapati, sakèhe duwèkku êmas lan salaka iki padha gawenên mimis. Sabab Senapati iku wis misuwur yèn kêndêl sarta têguh, lan sabalane kabèh, samangsane kobêdhil ing mimis mas amêsthi bakal pasah, lan satêngahing prang besuk, kowe aja ana kang mundur, amêsthi kowe bakal dakpatèni dhewe, sabab kowe wis padha taktuku.”

Tiyang têtumbasan wau aturipun sandika, lajêng sami mapan minggah dhatêng balowarti, tuwin tiyang kang saking Dêmak kang dede têtumbasan, inggih sampun sami minggah dhatêng palataraning biting, sarta gêgamanipun sampun sami pirantos, sanjata tuwin waos lan towok. Botên dangu Senapati lan sabalanipun dhatêng saking kilèn. Lajêng dipun karutug ing sanjata, mimis kados garimis. Nanging Senapati lan sabalanipun botên wontên pasah, sarta botên ajrih, Senapati anitih kuda ulês purnamasada, anama Bratayuda, sarêng kadhawahan mimis botên pasah, mimis sami tumèmplèk ing awaking kapal. Yèn tiningalan kados ulês dhawuk. Utawi kang dhawah ing jajanipun Senapati, yèn tiningalan amindha prana, ing awang-awang gumuruh suwaraning suraking jim, pêri, prayangan. Sami atêtulung ing prang dhatêng Senapati.

Senapati ngandika sêru dhatêng mêngsahipun “Hèh wong têtukon kabèh, aja kapati-pati ênggonmu prang, kang korêbut apa, kowe ora milu duwe prakara, angur padha lumayua, yèn wis mênang ênggonku prang besuk padha mardikaa.”

Sakathahe tiyang têtumbasan, sarêng mirêng enggal sami lumajêng, atilar gêgamanipun. Senapati lan sabalanipun sampun dumugi korining alun-alun kang kilèn. Kang baris ing kori ngriku mantri Pajang, anama Kyai Gêdhong sarta akanthi bala ing Dêmak. Senapati anêdha mênganing kori, tiyang Dêmak botên suka, lajêng dipun amuk dhatêng Kyai Gêdhong, bala ing Dêmak kang wontên ing kori kathah pêjah, nuntên sami lumajêng, kori lajêng dipun êngakakên dhatêng Kyai Gêdhong, Senapati sampun lumêbêt ing salêbêting kori, kêpanggih lan Kyai Gêdhong, lajêng ngabêkti.

Senapati rumaos kapotangan dhatêng Kyai Gêdhong, lajêng ngandika, “Kyai Gêdhong, bangêt panarima kula marang dika, besuk ing saturun dika mugi sampun pisah lan turun kula, yèn mukti ênggih milua, yèn lara ênggih milua.”

Kyai Gêdhong aturipun nuwun. Lajêng pamit ngamuk dhatêng tiyang Dêmak kang baris ing alun-alun. Senapati anglilani, Kyai Gêdhong nuntên majêng ngamuk. Tinadhahan ing kathah Kyai Gêdhong sampun pêjah. Senapati sakalangkung ngungun. Lajêng sumungkêm ing kêkêpuh, andêdonga ing Allah, ngêningakên tingal. Bala ing Dêmak kang sami baris wontên alun-alun wau lajêng sami prang amuk-amukan sami kancanipun piyambak. Kathah ingkang sami pêjah, nuntên sami lumajêng, pangraosipun Senapati angamuk.

Kyai Juru enggal amurugi Senapati, sarta numpak kapal. Senapati taksih sumungkêm ing kêkêpuh, enggal dipun cêluk dhatêng Kyai Juru, “Senapati, tangia, aja katungkul ngantuk bae, kowe apa lali yèn iki prang.”

Senapati kagèt. Lajêng wungu sarta pitakèn, “Tiyang Dêmak kang sami baris wau samangke wontên ing pundi.”

Kyai Juru amangsuli, “Wis padha lumayu kabèh, ayo banjur nyang kadhaton. Dipati Dêmak kiraku wis wêdi, ora sumêja mapag pêrang.”

Senapati nuntên tumurun saking kapal. Lumampah dharat dhatêng kadhaton. Kyai Juru pitakèn, “Yagene kowe mudhun sêka jaran. Rak bêcik nunggang bae.”

Senapati mangsuli, “Milanipun kula mudhun, ing pagêlaran sarta ing sitinggil punika tilas pinarakanipun kangjêng sultan swargi.”

Kyai Juru inggih lajêng tumut mudhun. Lampahipun sampun dumugi kori sapisan. Garwanipun Dipati Dêmak, putranipun dening sultan swargi enggal amêthukakên, anyungkêmi sukunipun Senapati matur sarwi nangis, “Kakang Senapati, rayi sampeyan bojo kula sampun sampeyan pêjahi.”

Senapati sarêng ningali sarta mirêng aturipun ingkang rayi awêlas ing galihipun. Lajêng ngandika, “Yayi, wis, mênênga, aja nangis. Bojomu ora-orane dakpatèni, mung dakkapokake bae, sabab ênggone dadi ratu ana ing Pajang iki ora bênêr. Yèn bojomu wis ngrasa kalah, jakên marang ing sitinggil sarta bandanên. Pratandhane yèn wis kalah ênggone prang lan aku.”

Senapati lajêng dhatêng ing sitinggil, lênggah kalihan Ki Juru, Pangeran Banawa lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing sitinggil. Wondene garwanipun Dipati Dêmak wau inggih lajêng lumêbêt ing kadhaton. Dipati Dêmak sampun binêsta ing cindhe, nuntên binêkta dhatêng sitinggil, ingiringakên garwanipun, sarta para èstri kathah, alênggah tumungkul wontên ing ngarsane Senapati sarta Pangeran Banawa.

Senapati ngandika dhatêng Dipati Dêmak, “Adipati Dêmak, karaton Pajang iki dudu warismu, kang duwe waris adhiku Pangeran Banawa, iku kang sayoga anggêntenana kangjêng sultan swargi, dene warismu dhewe ing Dêmak. Kowe tumuli muliha marang ing Dêmak. Hèh wongku ing Mataram, kowe padha angatêrna marang Adipati Dêmak. Sarta salong amikula tandhune, bêbandane aja kouculi, besuk yèn wis têka ing Dêmak bae uculana.”

Bala ing Mataram matur sandika, Dipati Dêmak sagarwaputranipun sampun kaangkatakên, dipun tandhu sarta ingurung-urung gêgaman.

Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa lan sabalanipun lajêng sami kasukan. Bawanipun mêntas mênang prang, dados anutugakên ing sakarsa-karsanipun ênggènipun sami kasukan. Pangeran Banawa matur dhatêng ingkang raka Senapati, “Kakang, sampeyan kula aturi jumênêng ratu wontên ing Pajang ngriki, anggêntosana rama jêngandika swargi, sabab sampeyan putra kang sêpuh piyambak. Kula lila ing lair batin, sarta kula narima anyatriya kemawon. Punapa malih kang warni rajabrana têtilaranipun swargi, kula inggih anyumanggakakên ing sampeyan.”

Senapati amangsuli, “Adhi, sampun sangêt panrima kula ing pangandêl dika marang kula, nanging kula botên purun jumênêng ratu wontên ing Pajang ngriki, kula bakal jumênêng ratu wontên ing Mataram kemawon. Sabab punika pêparinge kangjêng rama sultan swargi, kalih dene sampun pinêsthi karsaning Allah, kula lan saturun kula bakal jumênêng ratu gêdhe wontên ing Mataram. Dene ing Pajang ngriki, jêngandika kang bakal kula jumênêngakên ratu, anggêntosana kangjêng rama sultan swargi. Amung kang rupa barang wasiyate kemawon kula jaluk. Gong Kyai Sêkar Dalima, kêndhali Kyai Macan Guguh, cêkathakan Kyai Gathayu, lan sapanunggalane kang jênêng bêbêrkatan.”

Pangeran Banawa inggih nyumanggakakên. Lajêng sami lumêbêt ing kadhaton. Sarêng ing wanci enjing sawarnine babêrkatan ingkang rumiyin-rumiyin lajêng sami kawêdalakên saking kadhaton, badhe kabêkta dhatêng Matawis. Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa nuntên miyos dhatêng pagêlaran. Senapati pinarak ing dhampar mas alêlèmèk babud. Ingadhêp para mantri tuwin para bupati, cahyanipun mancorong, Pangeran Banawa inggih kasandhing lênggah.

Senapati angandika dhatêng kang sami sowan sadaya, “Para bupati mantri kabèh, sira padha nêksenana, yèn adhiningsun Pangeran Banawa ingsun jumênêngakên sultan, amêngku nagara Pajang, anggêntèni ingkang rama swargi.”

Para bupati mantri sadaya sami jumurung, sarta sami sangsaya ajrih dhatêng Senapati, sabab botên nyana yèn Pangeran Banawa ingkang dipun jumênêngakên. Senapati lajêng amulang dhatêng ingkang rayi, bab rumêksanipun ing nagari, sampun ngantos kirang ing pangatos-atos. Sarta kapurih gadhaha tiyang tigang prakawis. Kang rumiyin pandhita, kaping kalih tiyang petang iladuni palak palakiyah, kaping tiga tiyang ahli tapa.

“Yèn dika pakèwêdan amranata nagara, atakena dhatêng pandhita, yèn dika ajêng sumêrêp ingkang dèrèng kêlampahan, atakena dhatêng tiyang petang iladuni palakiyah, yèn dika ajêng sumêrêp ing kasêktèn, atakena dhatêng tiyang ahli tapa.” Pangeran Banawa aturipun nuwun.

Senapati nuntên pamit. Sumêja kondur dhatêng ing Matawis. Lajêng bidhal sabalipun, sampun dumugi ing Matawis.

Senapati Ngalaga lajêng jumênêng sultan wontên ing Matawis. Nanging botên karan, têtiyang kathah sami amastani Panêmbahan Senapati kemawon.

Kala samantên Panêmbahan Senapati anjunjung nama dhatêng ingkang rayi, ingkang sami diwasa. Radèn Tompe kaparingan nama Pangeran Tumênggung Gagakbaning, radèn mantri kaparingan nama Pangeran Singasari, Radèn Jambu kaparingan nama Pangeran Mangkubumi. Putranipun Panêmbahan Senapati satunggil jalêr sampun diwasa, patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat, putra wau anama Radèn Rôngga.

Kacariyos Radèn Rôngga wau sakalangkung digdaya, rosa sarta têguh, watêkanipun panasbaran sarta cêngkiling, asring nampiling tiyang rêmuk sirahipun lajêng pêjah. Wontên tiyang nênêka saking Bantên satunggil, sumêja ngayoni karosanipun Senapati, lajêng dipun panggihi dhatêng Radèn Rôngga, sami ngabên karosan. Tiyang ing Bantên kawon. Inggih sampun pêjah amargi dipun tampiling. Sarêng kauningan ingkang rama, Radèn Rôngga dipun dukani, lajêng dipun kèn mutung jêmpole suku ingkang rama, Panêmbahan ngraos sakit. Radèn Rôngga dipun kipatakên malêsat.

Radèn Rôngga sangêt isin dhatêng tiyang kathah, lajêng sumêja kesah, botên purun mêdal ing kori, anumbuk pagêr banon. Pagêr bolong satiyang, Radèn Rôngga sumêja purik dhatêng Pathi, dipun kèn nututi dhatêng ingkang rama, kapurih wangsula, ingkang nututi lajêng dipun pipit ing suku sampun pêjah. Radèn Rôngga lajêng dhatêng ing Pathi tuwi ingkang paman.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s