Babad Tanah Djawi (15)


 Kota gede

Kacariyos Senapati Ngalaga lan balanipun tiyang Mataram wolung atus sumêja amêthuk prang, sampun abaris wontên ing Randhulawang, sarta sami angatos-atos. Kyai Juru wicantên dhatêng Senapati, “Senapati, kang dadi karêpku kowe aja kongsi prang karo kangjêng sultan. Sabab balamu ming sathithik. Bala ing Pajang tanpa wilangan. Amêsthi bakal tumpês, sarta aku bangêt isin andêlêng wong ing Pajang, ayo padha nênêdha ing Allah, kang supaya wong Pajang padha girisa atine, kowe anagiha prajangjine Nyai Kidul. Aku tak nagih jangjine kakahyangan ing gunung Marapi, lan balamu konên baris ing Gunung Kidul sawêtara, ing Gunung Kidul konên numpuki kayu akèh dohe lêt sapambêdhil. Amratanana gunung iku, mêngko bêngi konên ngobong barêng.”

Makatên wau inggih nuntên kalampahan. Sarêng ing wanci sêrap srêngenge, Senapati lajêng angadêg sarta sidhakêp anênga ing awang-awang, Kyai Juru inggih makatên ugi, botên dangu nuntên jawah awor barat. Kêkajêngan kathah kang sêmpal tuwin sol. Ing awang-awang gumuruh swaranipun. Punika pratandhanipun yèn jim pêri prayangan sami dhatêng, sumêja têtulung prang, ing rêdi Marapi inggih nuntên murub. Swaranipun kados galudhug, angajrihi, sarta nuntên jawah awu, ing lèpèn Umpak mili ladhu, sela agêng-agêng sami minggah dhatêng dharatan. Ing Rêdi Kidul têtumpukan kajêng sarêng dipun obong, ing Rêdi Kidul dados latu sadaya, sarta bêndhe kang nama Ki Bicak tinabuh botên kèndêl-kèndêl.

Kangjêng sultan pinuju lênggah wontên ing pasanggrahan cakêt lèpèn Umpak, ingadhêp para bupati, kangjêng sultan alon ngandika, “Bocah bupati, ingsun andêlêng ing Gunung Kidul ika dadi gêni, utawa gunung Marapi ya murub. Sarta ing awang-awang iki swaraning apa, kaya swaraning gêgaman maju prang, bangêt girise atiningsun.”

Adipati ing Tuban matur alon, “Kangjêng sultan, pangandika dalêm punika angajrihi ing tiyang kathah, ingkang kamirêng punika swaraning jawah lan barat, botên amatosi, kalih dene abdi dalêm ing Pajang sadaya botên wontên kang ajrih amêngsah prang kalihan Senapati, yèn wontên dhawah dalêm amêsthi tiyang Matawis ing sakêdhap tumpês dening kula sarta tiyang Pajang sadaya.”

Kangjêng sultan alon ngandika, “Anak ingsun Ki Dipati Tuban, sira aja wani amungsuh kakangira Senapati, wruhanira, ingsun bakal tumêka ing jangji, dene karaton ing Pajang amung ingsun dhewe kang jumênêng nata, nuli kagêntèn marang kakangira Senapati, saturune bakal angrèh ing tanah Jawa kabèh, dene ênggon ingsun marang Mataram iki, ingsun amung arêp andêlêng marang Ki Senapati, krana bangêt ênggon ingsun kangên. Sarta Ki Senapati ingsun kira ora wani amungsuh marang ingsun.”

Botên dangu nuntên ladhu aminggah dhatêng ing pasanggrahan. Sela agêng-agêng sami anggalundhungi bala ing Pajang, bala ing Pajang sami gègèr arêbut gêsang, lumajêng ing sapurug-purug. Kangjêng sultan tuwin para dipati kèlu sami lumajêng, pangraosipun katêmpuh ing mêngsah, gêgaman agêng gusis sami sakal saking ing ngriku.

Sarêng wanci enjing lampahipun kangjêng sultan dumugi ing Têmbayat. Karsanipun badhe angujung dhatêng ing astana Têmbayat, nanging korining pakuburan dipun sorog botên kenging, kangjêng sultan lajêng angujungi kori kemawon. Sasampuning ngujung nuntên ngandika dhatêng tiyang juru kunci pakuburan, “Juru kunci yagene lawanging pasarean ora kêna disorog.”

Juru kunci matur, “Kangjêng sultan, pandugi kula panjênêngan dalêm sampun botên kalilan jumênêng ratu dening Gusti Allah, pratandhanipun kori pasarean punika kasorog botên kenging.”

Kangjêng sultan mirêng aturing juru kunci anglês galihipun, lajêng sipêng, ing dalu sare wontên ing griya bale kêncur, kangjêng sultan wau salaminipun gêsang dèrèng rumaos sare sakeca kados punika, ing enjingipun wungu lajêng bidhal kondur dhatêng Pajang, kangjêng sultan nitih gajah, wontên ing margi dhawah saking gajah, andadosakên gêrahipun, lajêng nitih tandhu, sakalangkung rêmbên lampahipun.

Kacariyos Senapati Ngalaga mirêng wartos, yèn kangjêng sultan wontên ing margi gêrah, Senapati enggal anusul. Ambêkta bala kawan dasa, sami numpak kapal sadaya, andhèrèkakên saking katêbihan. Para putra tuwin para dipati ing Pajang sami uninga dhatêng Senapati, Pangeran Banawa matur ing kangjêng sultan, “Punika Senapati Ngalaga anututi ing lampah dalêm. Untap-untapan kemawon. Bilih panjênêngan dalêm parêng badhe kula wangsuli, sumêja kula tumpês, mumpung balanipun sakêdhik, bala ing Pajang kathah.”

Kangjêng sultan ngandika alon, “Putraningsun Pangeran Banawa, sira aja wani marang kakangira Ki Senapati, krana ing besuk yèn ingsun wis seda, amêsthi kakangira kang minôngka gêgêntiningsun. Dene ênggone nusul iku amung sumêja angatêrake marang ingsun. Sabab wis sumurup yèn ingsun gêrah, iku pratandhane yèn asih sarta urmat ênggone duwe bapa marang ingsun. Karo dene wêkas ingsun marang sira, besuk yèn ingsun wis seda, sira diatut lan kakangira Senapati, sarta dèn bêkti, sabab iku gêgêntiningsun. Ing samangsaning sira kongsi sulaya amêsthi sira bakal ora bisa jumênêng ratu ana ing Pajang.”

Pangeran Banawa tuwin sanèsipun kang sami mirêng ing pangandikanipun kangjêng sultan, sadaya sami anangis. Lampahipun sampun dumugi ing Pajang, lajêng lumêbêt ing kadhaton. Nanging gêrahipun kangjêng sultan sangsaya sangêt. Wondene Senapati lan sabalanipun inggih lajêng mondhok ing dhusun Mayang, sakilèning kadhaton Pajang, kangjêng sultan sampun ingaturan pariksa dhatêng balanipun. Yèn Senapati mondhok ing dhusun Mayang, kangjêng sultan lajêng utusan animbali, nanging Senapati botên purun. Wangsulanipun dhatêng utusan, “Munjuka ing kangjêng sultan, aku ditimbali suthik, nanging aku ya ora mulih marang Mataram. Ana ing kene bae, lagi angêntèni karsaning Allah” utusan inggih sampun wangsul, sarta sampun matur ing kangjêng sultan.

Wondene Senapati wau lajêng atumbas sêkar salasih sakalangkung kathah, tinumpuk wontên ing korining alun-alun kang kilèn. Ing wanci dalu Senapati alênggah pitêkur andêdonga ing Allah, anuntên wontên jim dhatêng, anama Juru Taman. Punika abdinipun kêkasih dhatêng Senapati, nanging kang uninga dhatêng Juru Taman amung Senapati piyambak, tiyang sanes botên wontên kang uninga, agêngipun angungkuli têtiyang. Juru Taman wau matur dhatêng Senapati, “Gusti, bilih sampeyan karsa ambêdhah nagari Pajang sarta amêjahi ing sultan, kula kemawon kadhawahana, amêsthi Sultan Pajang badhe pêjah dening kula.”

Senapati ngandika, Juru Taman, aturmu iku ya wis tak tarima, nanging aku ora duwe karêp mêngkono, dene kowe duwe niyat dhewe apa sakarêpmu, aku ora akon ora mênging.”

Juru Taman lajêng kesah dhatêng kadhaton Pajang. Senapati nuntên bidhal, sumêja kondur dhatêng ing Matawis.

Kala samantên kangjêng sultan pinuju lênggah wontên ing pasarean, sarta jinaganan para garwa, para putra inggih sami ngadhêp. Pangeran Banawa matur, “Pun kakang Senapati tumbas sêkar salasih kathah, katumpuk wontên korining alun-alun.”

Kangjêng sultan ngandika, “Kakangira iku bangêt trêsnane marang ingsun. Sarta wis sumurup yèn ingsun bakal seda.”

Anuntên Juru Taman wau dhatêng, nanging botên wontên kang uninga, lajêng andhodhog jajanipun kangjêng sultan, kangjêng sultan lajêng aniba botên èngêt gêrahipun saya sangêt. Antawis dangu nuntên seda, gumuruh swaraning tangis. Pangeran Banawa enggal utusan, angaturi Senapati, sanajan botêna purun inggih kapêksa dipun aturi, sabab dipun êntosi ênggènipun badhe anyirami layonipun kangjêng sultan. Utusan enggal mangkat asêsandêran. Senapati kacandhak wontên ing margi, sarêng dipun aturi dhatêng utusan, Senapati inggih enggal wangsul, anyandêr nyongklang, Kyai Juru botên kantun. Sadhatêngipun ing Pajang Senapati lajêng lumêbêt ing kadhaton. Anyungkêmi sukunipun kangjêng sultan sarta anangis. Layon nuntên dèn bêrsihi, sarta kasalatakên. Lajêng kapêtak ing Butuh.

Ing sanèsipun dintên para putra santana tuwin para bupati punapadene Sunan Kudus sarta Senapati sami kalêmpakan wontên salêbêting kadhaton Pajang, Sunan Kudus ngandika dhatêng para bupati, “Para bupati, sira ingsun tari, mungguh para putrane sultan kang wus seda, sapa prayogane kang ênggêntenana jumênêng ratu ana ing Pajang.”

Para bupati sami matur, “Prayoginipun inggih Pangeran Banawa kang anggêntosana jumênêng ratu, sabab punika putra jalêr, sarta sampun wajibipun.”

Sunan Kudus ngandika, “Yèn Pangeran Banawa kang jumênêng anggêntèni, aku ora rêmbug. Krana iku putra nom. Adipati ing Dêmak kang prayoga anggêntenana marang sultan kang wus seda, sanajan iku putra mantu, sabab padha trahing ratu, karodene garwane Adipati Dêmak iku putrane sultan kang tuwa dhewe, dene Pangeran Banawa dadia dipati ing Jipang, kang minôngka warise.”

Senapati Ngalaga badhe anyambungi wicantên. Nuntên dipun saru dhatêng Kyai Juru, Senapati ing Ngalaga inggih lajêng kèndêl. Wondene karsanipun Sunan Kudus wau inggih sampun kalampahan. Pangeran Banawa ênggènipun wontên ing Jipang kapêksa, sarta sangêt sakite galihipun. Senapati Ngalaga inggih lajêng mantuk dhatêng ing Matawis. Kyai Juru tansah amituturi dhatêng Senapati, “Thole, kowe aja dahwèn ênggone rêbut kamuktèn Pangeran Banawa lan dipati ing Dêmak. Wong padha sadulure dhewe, sanajan kongsia dadi pêrang ya cikmèn. Angur kowe sêdhêkaha, sarta angajèkna marang kang wus seda, supaya kowe oleha sawabe” Senapati inggih amiturut dhatêng ingkang paman.

Kacariyos ing Pajang inggih saèstu Adipati Dêmak kang jumênêng wontên ing Pajang, sarta kathah babêktanipun tiyang saking Dêmak. Sami agêgriya ing Pajang, kala samantên sawarninipun tiyang ing Pajang kang sami gadhah lêlênggah sabin. Sadaya sami dipun longi sapratigan, kaparingakên dhatêng tiyang babêktan saking Dêmak. Sarta sami kajunjung lênggahipun, sapangkat-pangkat. Dene têtiyang kang sami dipun longi sabinipun wau, sadaya sami sakit manahipun, sarta pamujinipun sami awon. Andadosakên rêsahe nagari ing Pajang, kathah têtiyang alampah durjana, ambegal, ngampak, tuwin mandung, wontên ingkang tilar bale griyanipun, ngalih gêgriya ing Matawis.

Mantri pangalasan ing Pajang utusan dhatêng Mataram, asuka pariksa dhatêng Senapati, yèn nagari Pajang samangke sakalangkung rêsah tatanipun, sarta ambêbangus dhatêng Senapati, supados puruna ambêdhah nagari Pajang, lajêng jumênêng ratu wontên ing ngriku, ing samangsanipun Senapati purun ambêdhah ing Pajang, amêsthi bala ing Pajang sadaya sami ambalik, ambiyantoni dhatêng Senapati. Wangsulanipun Senapati dhatêng utusan, “Kowe tutura marang pawong sanakku Ki Pangalasan. Wus bangêt ênggonku narima pangandêle marang aku, nanging aku durung duwe cipta mêngkono, dene yèn wis ana parentahing Allah aku andikakake jumênêng ratu gampang bae angrusak ing Pajang.” Utusan wau inggih lajêng mantuk dhatêng Pajang.

Kacariyos Pangeran Banawa kang wontên ing Jipang, sakalangkung ênggènipun prihatos, kirang dhahar sare, bilih wanci dalu sare naritis. Botên kauban griya. Kala samantên Pangeran Banawa ing dalu supêna, kêpanggih ingkang rama swargi, kadhawahan anyuwuna pitulung dhatêng Senapati ing Ngalaga. Sawungunipun enjing lajêng utusan dhatêng Matawis. Senapati dipun aturi dhatêng Jipang, utusan inggih nuntên mangkat.

Sampun kêpanggih kalihan Senapati, ing sadhawahipun Pangeran Banawa inggih sampun kaaturakên sadaya. Panêbahan Senapati ngandika, “Kongkonan, kowe matura marang adhi mas. Aku diaturi marang Jipang gawene apa, yèn aku bakal dijak ngrêbut nagara ing Pajang, aku suthik. Wong rêbut nagara padha sadulure dhewe, aku suthik milu-milu, lan iku wong wis diparingi nagara dhewe marang kangjêng sultan swargi, ing Mataram iki kang môngka warisku, wis, matura mêngkono bae marang adhi mas.”

Utusan inggih lajêng mantuk dhatêng Jipang, punapa ing sadhawahipun Senapati inggih sampun kaaturakên sadaya. Pangeran Banawa ngandika, “Kowe balia maneh mênyang Mataram. Kowe matura marang kakang Senapati, yèn aku biyèn diwêkas marang kangjêng rama swargi, andikakake amiturut sabarang rèhe kakang Senapati, sabab iku kang minôngka gêgêntine kangjêng rama, lan nagara ing Pajang samêngko dakaturake marang si kakang, si kakang dakaturi jumênêng ratu ana ing Pajang, aku lila lair batin. Lan si kakang iku putrane pambarêp marang kangjêng rama swargi, wis wajib yèn anggêntenana jumênêng ratu, yèn Dipati Dêmak kang anggêntèni aku ora lila, angur aku tumuli matia, mênawa si kakang lila ing patiku amêsthi ora anuruti ing aturku iki, wis, tumuli mangkata.”

Utusan inggih enggal mangkat, sampun kêpanggih kalihan Senapati, sarta angaturakên ing sadhawahipun Pangeran Banawa, botên wontên kalangkungan. Senapati Ngalaga sarêng mirêng aturing utusan, sakalangkung suka galihipun.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s