Babad Tanah Djawi (14)


 Senapati Ratu Kidul

Lampahipun Pangeran Banawa inggih sampun dumugi ing Randhulawang, sarêng aningali ingkang raka mêthuk, Pangeran Banawa enggal tumurun saking titihan, paran-pinaranan kalihan Senapati, lajêng sami rêrangkulan, kalih-kalihipun sami muwun. Sabab lami botên kêpanggih, sangêt ing kangênipun. Pangeran Banawa alon matur,

“Kakang, sangêt kangên kula dhatêng sampeyan. Sabab sampun lami ênggèn kula botên kêpanggih, kaping kalihe kula dipun utus. Sarèhning rama jêngandika amirêng yèn sampeyan badhe amêngsah ing rama jêngandika, punika punapa yêktos punapa botên. Kula mugi sampeyan bêlakani.”

Senapati amangsuli, “Adhi mas, môngsa boronga rama jêngandika kangjêng sultan, ratu sidik ing paningal. Punapa saosiking manah kula mêsthi sampun sumêrêp. Sagêd kula samantên punika inggih saking pêparingipun rama jêngandika, ing Matawis kula botên rumaos gadhah, atas kagunganipun rama jêngandika, punika kula angaturakên sêsêgahipun abdi sampeyan ing Matawis, mugi kadhahara.”

Pangeran Banawa lawan sabalanipun lajêng sami anêdha waradin. Senapati Ngalaga ngandika malih, “Adhi mas, sampeyan kula aturi lajêng dhatêng Matawis. Sampun kula cawisi kalangênan tuwin arak waragang, sampeyan kasukana wontên ing Matawis. Sabab sampeyan gustine tiyang ing ngriki sadaya, sumôngga sampeyan kula aturi nitih gajah kalihan kula.”

Pangeran Banawa ngandika dhatêng Tumênggung Môncanagara, Tumênggung Môncanagara, pawarta kang katur ing kangjêng rama sultan iku goroh kabèh, dene iki Si kakang Senapati ora sumêja amungsuh marang kangjêng rama, aku ya angandêl marang kakang Senapati, pratandhane yèn ora sumêja amungsuh, sabab suguh sarta angajèni marang wong ing Pajang.

Pangeran Banawa wau lajêng nitih gajah kalihan ingkang raka, bidhal saking ing ngriku lan sabalanipun. Sarawuhipun ing Matawis lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sampun sami tata lênggah, nuntên sami kasukan dhêdhaharan inum-inuman. Sarta anabuh gamêlan Gala Ganjur, arame ênggènipun sami kasukan. Utawi balanipun Pangeran Banawa sarta balanipun adipati ing Tuban inggih sinêgahan piyambak wontên ing jawi.

Adipati Tuban pitaken dhatêng Senapati, “Kakang Senapati Ngalaga, kula mirêng pawartos, yèn sampeyan rêmên ambêksa rangin.”

Senapati amangsuli, “Adhi, inggih rêmên, nanging tiyang Matawis botên wontên kang sagêd.”

Adipati Tuban lancang ing pangucap. Kêdah angatingalakên ing kasagêdan tuwin kadigdayane rencangipun. Lajêng parentah dhatêng rencangipun kinèn sami ambêksa rangin. Tiyang Tuban inggih sampun sami wiwit ambêksa, anêlasakên ing tênaganipun. Angungasakên ing kakêndêlan sarta katêguhanipun. Anuntên wontên putranipun Panêmbahan Senapati ingkang pambajêng, anama Radèn Rôngga, patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat rumiyin.

Radèn Rôngga wau sakalangkung digdaya, rosa, têguh, panasbaran. Lajêng anjawil dhatêng ingkang rama, sumêja tumut ambêksa. Senapati Ngalaga sarèhning rêmên angêsorakên pambêkanipun, ingkang putra dipun sêntak. Adipati Tuban sumêrêp, yèn Radèn Rôngga badhe sumêja tumut bêksa, nanging dipun pênging dhatêng ingkang rama, Adipati Tuban lajêng angatag dhatêng Radèn Rôngga, nanging botên purun.

Senapati nuntên angatag bêksa dhatêng ingkang putra, sabab sampun dipun kèn kalihan Dipati Tuban. Radèn Rôngga enggal amundhut tamèng sarta towok. Tamèngipun wau kabêkta tiyang sakawan, towokipun inggih kabêkta tiyang sakawan. Sabab ngalangkungi agêngipun. Lajêng cinandhak kadamêl onclang. Adipati Tuban eram aningali malongok.

Adipati Tuban lajêng parentah dhatêng rencangipun kang sami bêksa, dikakakên anêmêni dhatêng Radèn Rôngga, awit sampun pitados ing kadigdayanipun Radèn Rôngga, tiyang Tuban lajêng sami anyuduki sarta anumbaki sayêktos. Radèn Rôngga botên pasah, eca ambêksa kemawon. Sarta botên purun malês. Nuntên dipun dhawahi dhatêng Adipati Tuban sarta ingkang rama, dikakakên malês. Radèn Rôngga enggal malês kalih tangan. Tiyang Tuban dipun tabok satunggil, sirahipun pêcah sampun pêjah, lajêng gègèr, Pangeran Banawa lan Dipati Tuban sabalanipun bidhal tanpa pamit, sumêja mantuk dhatêng Pajang.

Sadhatêngipun nagari Pajang lajêng sami sowan ing kangjêng sultan. Nanging Pangeran Banawa lan Dipati Tuban aturipun pradongdi, aturipun Pangeran Banawa, “Senapati sakalangkung sae, sarta urmat sangêt dhatêng tiyang Pajang, botên wontên watawisipun, yèn sumêja amêngsah ing Pajang.”

Wondene aturipun Dipati Tuban lan Tumênggung Môncanagari, “Senapati sayêktos yèn mirong, sumêja mungsuh ing Pajang, pratandhanipun sampun adamêl bètèng sarta ajêjagang, lan angungasakên kadigdayane putranipun kang anama Radèn Rôngga, anabok tiyang Tuban satunggil pêcah sirahipun pêjah.”

Kangjêng sultan sarêng mirêng atur makatên wau lajêng lêgêg. Adangu ênggènipun kèndêl. Dene ature putra lan ature nayaka sulaya, kangjêng sultan angandika, “Atur kabèh iku ora nana kang sun gugu, Ki Banawa iku ature ya bênêr, Senapati Ngalaga mokal yèn wani marang ingsun. Krana ingsun mundhut putra cilik mula, wus kaya putraningsun pambarêp, sarta akèh pawulang ingsun. Barêng wus diwasa ingsun muktèkake ana ing Mataram. Amêsthi Senapati mau sumêja malês kabêcikan marang ingsun. Dene Si Dipati Tuban lan Si Tumênggung Môncanagara ature ya bênêr, Senapati anggone sumêja angêndhih karaton ing Pajang awit sumurup wirayate Sunan Giri, môngka wirayate Sunan Giri mau upamane kêmbang, ing saiki wis mangsane mêkar.”

Tumênggung Môncanagara lan Dipati Tuban matur, “Kangjêng sultan, ing Matawis punika kula upamèkakên latu sapêlik. Mupung dèrèng mraman, prayogi kasirama tumuntên. Kula ingkang anggêbag ing Matawis.”

Kangjêng sultan alon ngandika, “Ingsun wêdi ing Allah, lan wis pinêsthi karsa Allah, yèn ing Mataram bakal ana kang jumênêng ratu gêdhe, angrèh wong sa tanah Jawa kabèh, kapriye ênggonira anêkerah.”

Dipati Tuban lan Tumênggung Môncanagara sami tumungkul botên sagêd amangsuli, kangjêng sultan lajêng kondur angadhaton.

Botên antawis lami ing nagari Pajang wontên bupati satunggil, ipenipun Senapati Ngalaga anama Tumênggung Mayang, Tumênggung Mayang wau gadhah putra jalêr satunggil, taksih anèm, sakalangkung bagus warninipun. Sanagari Pajang botên wontên kang mirib, sampun kalok sanagari Pajang bagusipun Radèn Pabelan wau, inggih punika putranipun Tumênggung Mayang, nanging Radèn Pabelan wau asring lampah awon. Angrong pasanakan, anyumur gumuling, sangêt ênggènipun brancah, dipun tantun krama dhatêng ingkang rama botên purun.

Ki Tumênggung Mayang sampun kakên galihipun, awit pawulangipun botên dipun gêga, ingkang putra wau lajêng sumêja dipun krenah, supados pêjaha. Kala samantên Radèn Pabelan dipun timbali dhatêng ingkang rama, sadhatênge ing ngarsanipun ingkang rama angandika, “Kulup, yèn kowe dhasar ora gêlêm rabi isih gêlêm laku ngiwa, karêpku aja katanggungan. Putrane wadon kangjêng sultan kang jênêng ratu sêkar kadhaton iku rahên, bedhangên. Sanajan kowe matia ucape bêcik. Yèn kabênêran kowe oleh pitulunging Allah bisa dadi bojomu, ora kaya solahmu kang wis kêlakon, ênggonmu sok ambedhang anake bojoning wong, iku ora bêcik. Yèn kongsia bilahi ucape bangêt ênggone nistha.”

Ingkang putra matur alon, “Rama, kula botên sagêd yèn angangkah ambedhang ratu sêkar kadhaton. Sabab panggenanipun salêbêting kadhaton.”

Ki Tumênggung ngandika, “Iku gampang bae, sarèhning kalumrahane wong wadon iku amêsthi padha dhêmên kêmbang wangi-wangi, aku ya wis duwe isarat arupa kêmbang capaka, iki aturna marang kangjêng ratu, luwange isaratku iki, samangsane wong wadon wis anampani sarta andêlêng, amêsthi banjur bingung ora enak ênggone mangan sarta turu, lan amêsthi banjur kongkonan. Kowe angadhanga wong kaputrèn. Abdine kangjêng ratu kang sok diutus tuku kêmbang mênyang pasar, iku konên ngaturake marang ing gustine.”

Radèn Pabelan sampun anampèni sêkar capaka, kawadhahan ing conthong, salêbêting sêkar kadèkèkakên sêrat alit. Sakalangkung rêmit anggènipun andèkèkakên. Radèn Pabelan lajêng kesah dhatêng ing margi cêlak korining alun-alun. Anuntên wontên tiyang èstri satunggil. Abdinipun ratu sêkar kadhaton. Sumêja tumbas sêkar dhatêng ing pêkên. Lajêng dipun andhêg dhatêng Radèn Pabelan sarta dipun sukani sêkar ing conthong, kapurih angaturna ing gustinipun.

Èstri wau sampun anampèni sêkar sarta sangêt bingahe manahipun. Sabab botên kangelan dhatêng pêkên lan botên mawi tumbas, lajêng pitakèn, “Bilih gusti kula mangke andangu, nama sampeyan sintên.”

Radèn Pabelan sumaur ambêlakakakên namanipun. Tiyang èstri wau inggih lajêng mantuk dhatêng ing kadhaton, sarta sangêt kasmaraning manahipun, aningali bagusipun Radèn Pabelan.

Sadhatêngipun ing kaputrèn sêkar lajêng kaaturakên ing kangjêng ratu, ratu sêkar kadhaton sarêng sampun nampèni sêkar ing conthong lajêng dipun bikak, sarta pinilihan. Anuntên ningali sêkar capaka satunggil wontên sêratipun. Enggal winaos. Ungêlipun.

Saking Radèn Pabelan, sumêja ngabdi dhatêng kangjêng ratu, ing donya dumugi dêlahan. Ratu sêkar kadhaton sampuning maos sêrat, sangêt tarataban ing galihipun. Bawanipun èstri sampun diwasa, dados sangêt kasmaranipun dhatêng ingkang ngaturi sêrat, kalih dene sampun asring mirêng para tiyang èstri kang sami micantên ing bagusipun Radèn Pabelan. Tiyang èstri kang sampun sami ningali angalêm sadaya, ratu sêkar kadhaton ngandika dhatêng abdinipun anama êmban Soka, “Biyung, kowe mêtua, anêmanana marang kang awèh kêmbang iki, yèn dhèwèke têmên anggone bakal angèngèr marang aku, mêngko bêngi konên malêbu marang kaputrèn.”

Êmban Soka aturipun sandika lajêng mêdal. Sampun kêpanggih kalihan Radèn Pabelan. Êmban soka wicantên, “Radèn dika mangke dalu dipun ajêng-ajêng dhatêng kangjêng ratu, sarta dipun cêcadhang dhêdhaharan tuwin agêm-agêman. Sampun tan botên mangke dalu sampeyan lumêbêta dhatêng kaputrèn.”

Radèn Pabelan wicantên, “Ya bibi, matura ing kangjêng ratu, aja sumêlang galihe, mêngko bêngi aku mêsthi malêbu.”

Êmban Soka lajêng mantuk dhatêng kaputrèn. Radèn Pabelan nuntên sowan dhatêng ingkang rama Ki Tumênggung Mayang, Radèn Pabelan matur, “Rama, sêkar pêparing sampeyan sampun kêtampèn dhatêng kangjêng ratu, sarta lajêng utusan. Ing mangke dalu kula dipun timbali dhatêng kaputrèn. Kula inggih sampun sagah, nanging sangêt pakèwêding manah kula, anggèn kula badhe lumêbêt marginipun mêdal ing pundi.”

Ingkang rama angandika, “Yèn kowe malêbu ing kaputrèn, aja mêtu ing lawang, manawa konangan wong nganglang, bêcik malumpata ing pagêr bata bae, ayo taktêrake, iki wis wayah sirêp wong.”

Ki tumênggung sarta ingkang putra lajêng sami mangkat. Sampun dumugi pagêr banon kaputrèn. Radèn Pabelan lajêng kawulang ngèlmu angandhapakên pagêr banon. Pangandikanipun ki tumênggung, “Yèn kowe bakal mêtu saka kaputrèn, ênggonku amuruk mau apalna, sarta angusap pagêr bata, amêsthi pagêr bata banjur mêndhak dhewe”

Radèn Pabelan aturipun nuwun, nanging Radèn Pabelan wau kawulang sisip dhatêng ingkang rama, pamrihipun supados sampun sagêd mêdal. Ki Tumênggung Mayang lajêng andonga sarta angusap pagêr banon. Pagêr banon inggih sampun mêndhak. Radèn Pabelan enggal jumangkah malêbêt. Sarêng Radèn Pabelan sampun lumêbêt. Pagêr banon nuntên kausap malih dhatêng ki tumênggung, sampun inggil kados ingkang wau-wau, ki tumênggung lajêng mantuk. Radèn Pabelan lajêng andhodhot wontên ing kêbon wingkinge dalêmipun kangjêng ratu. Wondene ratu sêkar kadhaton inggih sampun dangu anggènipun angajêng-ajêng, sarêng ing wanci sirêp tiyang lajêng mêdal saking dalêm dhatêng ing kêbon pêpungkuran.

Abdinipun èstri botên wontên kang uninga, amung êmban Soka kang andhèrèk. Anuntên kêpanggih kalihan Radèn Pabelan, kalih-kalihipun sangêt anggènipun bingah, kados tiyang amanggih êmas sakranjang, sarta lajêng sami sasêtyan. Sampun tinakdir yèn Radèn Pabelan badhe dados bêbantêning nagari. Kathah tiyang èstri salêbêting kaputrèn. Abdinipun sang putri piyambak kawan dasa, utawi tiyang jalêr nganglang inggih kathah, nanging botên wontên kang uninga dhatêng Radèn Pabelan ing sadalu punika.

Ratu sêkar kadhaton lajêng anganthi astanipun Radèn Pabelan. Kabêkta dhatêng pasarean. Andumugekakên ing karsanipun. Sarêng ing dalunipun malih Radèn Pabelan sumêja mantuk, nanging botên sagêd sabab pagêr banon kaputrèn dipun usap wali-wali botên sagêd mêndhak. Radèn Pabelan sampun anyipta yèn badhe pêjah, anuntên wangsul dhatêng ing dalêmipun sang putri malih, sanajan pêjah asarênga kalihan sang putri.

Kacariyos Radèn Pabelan wau ênggènipun wontên salêbêting kaputrèn pitung dintên pitung dalu, botên wontên tiyang kang sumêrêp. Sarêng ing wolung dintên, inya tuwin êmbanipun sang putri sami anggraita, sabab sang putri awis-awis mêdal. Tansah wontên salêbêting pasarean. Inya tuwin êmban wau lajêng sami anginjên, sarta anilingakên pamirêng, lajêng sami sumêrêp yèn gustinipun ulah lambang sari kalihan Radèn Pabelan. Inya tuwin êmban wau enggal angaturi uninga ing kangjêng sultan. Yèn ing kaputrèn kalêbêtan pandung aguna, anyidra ing rêsmi.

Kangjêng sultan sarêng mirêng sakalangkung duka, enggal animbali lurah prajurit tamtama kêkalih, anama Wirakêrti kalih Suratanu, lanjaripun kalihdasa, sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan lajêng andikakakên mêjahi pandung kang wontên ing kaputrèn. Tiyang tamtama kalih likur enggal sami lumêbêt dhatêng kaputrèn. Nanging sadaya sami kèndêl wontên palataraning kaputrèn.

Amung Ngabèi Wirakêrti piyambak kang lumêbêt dhatêng ing dalêmipun sang putri, Radèn Pabelan kêpanggih gêgulêtan kalihan sang putri, anyipta sarênga pêjah, Ngabèi Wirakarti wicantên saking katêbihan. Sabab ajrih cêlak kalihan sang rêtna, “Thole Radèn Pabelan, mrenea, kowe ngandêla ing calathuku, bapakmu Si kakang Tumênggung Mayang wis bêlaka marang aku bab solahmu iku, aku dikon amurih salamête awakmu, kang iku samêngko aku kang nanggung ing patimu, krana kangjêng sultan wis bangêt pangandêle marang aku, yèn prakara sajroning kadhaton, kowe ya sumurup dhewe, kowe bakal daksuwun ditêmokna bae karo kangjêng ratu, ayo tak jak seba marang kangjêng sultan.”

Sampun dilalah Radèn Pabelan manahipun gampil, angandêl dhatêng wicantênipun Ki Wirakêrti, uwal ênggènipun gêgulêtan, lajêng tut wingking dhatêng Ki Wirakêrti, sarêng dumugi ing palataran tiyang tamtama enggal anyuduki, Radèn Pabelan sampun pêjah tatunipun arang kranjang, jisimipun kabucal ing lèpèn Ngêlawiyan.

Anuntên Ki Tumênggung Mayang kadukan ing kangjêng sultan. Kakesahakên dhatêng ing Samawis, dipun iringakên gêgaman sewu, têtindhihipun mantri ing Pajang wolung dasa. Garwanipun Ki Tumênggung Mayang taksih kantun wontên ing Pajang, enggal utusan asuka pariksa dhatêng Senapati ing Matawis. Senapati Ngalaga sarêng mirêng aturing utusan sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng para mantri pamajêgan, “Sanak-sanak kula pamajêgan kabèh, aku anjaluk gawemu, ipèkku kang jênêng Tumênggung Mayang iku ing saiki dibuwang marang ing Samarang, iku padha rêbutên ing saênggone kacandhak. Padha mêtua ing Kêdhu bae.”

Para mantri pamajêgan sadaya matur sandika, lajêng sami mangkat anumpak kapal. Lampahipun anjog nyongklang, lampahe gêgaman Pajang katututan wontên ing Jatijajar, para mantri pamajêgan lajêng sami nêrajang angamuk sarta waos, anumpak kapal. Bala ing Pajang kathah kang tatu tuwin pêjah, nuntên sami lumajêng sumêja mantuk dhatêng Pajang, Ki Tumênggung Mayang sampun karêbat dhatêng para mantri pamajêgan. Kabêkta dhatêng ing Mataram, para mantri pamajêgan wau sami ambêkta sirahipun mantri Pajang kang sami pêjah, ingaturakên dhatêng Senapati.

Palajêngipun bala ing Pajang sampun dumugi ing Pajang, sarta sampun katur ing kangjêng sultan. Kangjêng sultan sarêng mirêng atur makatên, lajêng anggraita yèn Senapati Ngalaga sayêktos balela, sabab adamêl wiwitan pêrang, nuntên parentah angrakit gêgamaning prang, sumêja ambêdhah ing Mataram. Para bupati môncanagara kang karèh ing Pajang inggih sampun ngalêmpak, tuwin putranipun mantu kangjêng sultan, Adipati Dêmak kalih Dipati Tuban, tiga dipati ing Bantên, inggih sampun sami wontên ing Pajang lan sabalanipun. Sarêng sampun samêkta kangjêng sultan nuntên bidhal. Balanipun sakalangkung kathah, gêgaman warni-warni, kangjêng sultan nitih gajah, lampahipun sampun dumugi ing Prambanan. Lajêng amasanggrahan, bala ing Pajang angêbêki papan.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s