Babad Tanah Djawi (13)


nyi-roro-kidul

Kacariyos wontên ulam laut, anama olor, punika kala rumiyin Senapati kalangênan dhatêng ing lèpèn Samas, anjala, ngrakat, tuwin ancolan susug. Kathah pirantosipun tiyang amêndhêt ulam. Utawi angsalipun ulam inggih kathah, anuntên ulam olor wau kacêpêng ing tiyang kathah, agêngipun anglangkungi, lajêng kabêkta mêntas kaaturakên Panêmbahan Senapati, Senapati sakalangkung suka aningali, ulam olor lajêng binusanan sarwa mas, pinaringan nama pun Tunggul Wulung, nuntên inguculakên dhatêng ing toya malih, ulam olor wau rumaos kapotangan gêsang dhatêng Senapati.

Ing nalika punika ulam olor wau sumêrêp yèn Senapati angèli ing lèpèn anjog ing sawangan sagantên. Ulam olor lajêng angambang amêthukakên dhatêng Senapati, supados Senapati anitiha ing gigiripun, nanging Senapati botên karsa anitih, lajêng mêntas, jumênêng sapinggiring sagantên, sarta andêdonga ing Allah, anuntên prahara dhatêng, barat awor jawah, kêkajêngan kathah sêmpal tuwin sol. Alun sagantên agêngipun sarêdi-rêdi, swaranipun anggêgirisi, sarta toyanipun panas kados wedang, ulam kathah ingkang kaplêsat kabêntus ing karang têmahan sami pêjah wontên ing dharatan. Punika saking prabawanipun Panêmbahan Senapati ênggènipun andêdonga ing Allah.

Kacariyos ing sagantên kidul ngriku wontên ingkang jumênêng ratu, wanodya anglangkungi ayunipun. Ing sajagad botên wontên ingkang nyamèni, anama Rara Kidul, angrèh sawarnine lêlêmbut ing tanah Jawi sadaya, kala samantên Rara Kidul pinuju wontên ing dalêm, pinarak ing kathil mas, tinarètès ing sêsotya, ingadhêp para jim pêri prayangan. Rara Kidul kagèt aningali gègèripun ulam ing sagantên. Sarta toyanipun panas kados ginodhog. Swaraning sagantên anggêgirisi. Rara Kidul wicantên salêbêting galih, “Salawasku urip aku durung andêlêng sagara kaya iki, kiye ya genea, apa kêna ing gara-gara, apa srêngenge runtuh bakal dina kiyamat.”

Nyai Kidul lajêng mêdal ing jawi, jumênêng wontên sanginggiling toya, aningali jagad padhang, botên wontên punapa-punapa, amung tiyang linuwih satunggil jumênêng wontên sapinggiring sagantên, angêningakên paningal nênêdha ing Allah, Nyai Kidul wicantên piyambak.

“Iku layake kang agawe gara-gara ing sagara,” sarta lajêng sumêrêp ing saciptanipun Senapati, Rara Kidul enggal amurugi, lajêng nyêmbah anyungkêmi sukunipun Senapati sarta matur angrêrêpa,

“Mugi sampeyan icalakên susahing galih sampeyan, supados sirnaa gara-gara punika, tumuntên mulyaa saisining sagantên kang sami risak kenging ing gara-gara, sampeyan mugi wêlasa dhatêng ing kula, sabab sagantên punika kula kang angrêksa, dene anggèn sampeyan anyênyuwun ing Gusti Allah samangke sampun angsal. Sampeyan lan satêdhak-têdhak sampeyan sadaya amêsthi jumênêng ratu, angrèh ing tanah Jawi tanpa timbang, utawi jim pêri prayangan ing tanah Jawi sadaya inggih karèh ing sampeyan. Upami ing benjing sampeyan amanggih mêngsah, sadaya inggih sami amitulungi, ing sakarsa sampeyan sadaya anut. Sabab sampeyan kang minôngka bapa babuning para ratu ing tanah Jawi.”

Senapati Ngalaga sarêng mirêng ature Nyai Kidul, sakalangkung suka ing galihipun. Sarta gara-gara wau inggih sampun sirna, utawi ulam ingkang sami pêjah inggih sampun gêsang malih. Nyai Kidul nyêmbah sarwi angujiwati, lumampah kondur dhatêng satêngahing sagantên. Senapati Ngalaga sangêt kasmaranipun, lajêng anut wingking dhatêng Rara Kidul. Senapati lumampah sanginggiling toya kados angambah dharatan.

Sadhatêngipun ing kadhaton sagantên lajêng sami pinarak ing kathil mas sakalihan, ingadhêp para pêri prayangan. Senapati Ngalaga eram aningali kadhatonipun Nyai Kidul, anglangkungi sae, ingkang kadamêl griya utawi pagêr banonipun sadaya mas sarta salaka, karikilipun ing palataran mirah, intên utawi sawarnine pêpêthetan ing pataman inggih sakalangkung sae, wowohan sarta sêsêkaranipun adi-adi sadaya, ing dharatan botên wontên sêsaminipun.

Senapati wau ênggènipun pinarak adhêdhepelan kemawon lan Nyai Kidul. Sarta tansah anyantosakakên ing galih, emut yèn dede jinis. Wondene Nyai Kidul inggih anampèni ing sêmunipun Senapati, sarta tansah angujiwati Senapati Ngalaga mèsêm sarwi ngandika dhatêng Rara Kidul.

“Nimas ingsun arêp wêruh ing pasareanira, kaya apa rakite.”

Nyai Kidul matur, “Sumôngga botên wontên pakèwêdipun. Kula darmi têngga, sampeyan ingkang kagungan.”

Senapati astane lajêng dipun kanthi, kabêkta lumêbêt dhatêng ing pasarean, sami pinarak. Senapati alon ngandika, “Nimas, ingsun bangêt eram andêlêng paturonira, layake caritaning suwargan iya kaya iki, sajêg aku durung wêruh pêpajangan kaya iki, sêmbada lan kang duwe, dhasar ayu bisa angrêrakit. Ingsun aras-arasên mulih marang Mataram. Bakal katrêm ana ing kene, nanging cacade mung siji, dene ora nana wonge lanang, yèn ana wonge lanang kang bagus iba bêcike.”

Aturipun Nyai Rara Kidul, “Sae lamban, jumênêng ratu èstri kemawon. Ing sakajêng-kajêng botên wontên kang amarentah.”

Senapati mèsêm sarwi ngandika, “Nimas, ingsun muga paringana tômba, ênggon ingsun kaedanan marang sira.”

Rara Kidul matur sarwi malerok, “Kula botên sagêd ngaturi jêjampi, sabab kula dede dhukun, sampeyan ratu agêng, môngsa kiranga wanodya kang ngungkuli ing kula.”

Senapati manahipun kados dèn unggar, Rara Kidul lajêng pinondhong andumugèkakên karsanipun. Kacariyos Senapati anggènipun wontên sagantên kidul tigang dintên tigang dalu, tansah sih-sinisihan kalihan Rara Kidul. Senapati wau ing sabên dintên dipun wêjang ing ngèlmunipun tiyang umadêg ratu, ingkang ngèdhêpakên sakathahe manungsa lan jim pêri. Senapati angandika, “Nangêt panarimaningsun, ing sakèhe wurukira, lan ingsun ya pracaya, balikaning besuk. Yèn ingsun anêmu mungsuh, kang sun kongkon ngaturi ing sira sapa, wong ing Mataram amêsthi ora ana kang wêruh marang ing sira.”

Rara Kidul matur, “Makatên punika gampil kemawon. Bilih sampeyan karsa animbali dhatêng kula, sêdhakêp suku tunggal, nuntên tumêngaa ing awang-awang, amêsthi kula enggal dhatêng, sarta kula ambêkta bala jim pêri prayangan lan sadêdamêling prang.”

Senapati ngandika malih, “Nimas, ingsun pamit mulih marang ing Mataram. Wêwêkasira kabèh ya bakal ingsun èstokakên.”

Senapati sampun mangkat, angambah toya sagantên kados angambah dharatan. Sarêng dumugi ing Parangtritis kagèt aningali dhatêng sang pandhita Sunan Kalijaga lênggah pitêkur wontên sangandhaping Parangtritis. Senapati enggal angujungi, sarta angrêrêpa nyuwun pangapuntên, amargi ênggèning ngatingalakên kasaktènipun angambah sagantên botên têlês.

Susunan Kalijaga ngandika, “Senapati, marenana ênggonira angêndêlake sakti digdayanira iku, dadi iku jênênge wong kibir, para wali ora gêlêm anganggo kaya mêngkono, amêsthi bakal kasiku ing Allah, yèn sira bakal sumêja tulus jumênêng ratu, anganggoa sokur ing satitahe bae, ayo marang Mataram. Ingsun arsa wêruh ing omahira.”

Lajêng sami mangkat, sampun dumugi ing Mataram. Sang Pandhita aningali padalêmanipun Senapati dèrèng mawi pagêr lajêng ngandika, “Omahira ora nganggo pagêr bata, iku ora bêcik, dadi sira jênêng wong ujub riya kibir, angêndêlake kasêktèn sarta têguh digdayanira, upamane kêbo sapi tanpa kandhang mêsthi bakal ucul ing saparan-paran. Kêbo sapi mau bêcik cancangên. Yèn bêngi kandhangna, ing jaba jaganana uwong, sarta pasrahna ing Allah, mêngkono manèh ênggonira omah-omah bêcik nganggoa pagêr jaba, jênênge pagêr bumi, wong Mataram sabên katiga konên nyithak bata, yèn wis akèh gawea kutha bacingah.”

Sang pandhita lajêng nyandhak bêruk isi toya, dipun curakên mubêng sarwi dhikir, sang pandhita ngandika, “Yèn sira besuk gawe kutha iki turutên.”

Senapati matur sandika, sang pandhita lajêng pamit kondur.

Kacariyos Kangjêng Sultan Pajang miyos sinewaka wontên ing pagêlaran. Para putra, santana, mantri bupati pêpak sadaya, para bupati sami matur, putra dalêm Senapati Ngalaga saèstu mirong badhe mêngsah ing panjênêngan dalêm. Pratandhanipun samangke sampun adamêl bètèng sarta lêlarèn wiyar. Sultan Pajang ngandika dhatêng Pangeran Banawa, “Putraningsun Ki Banawa sira mênyanga ing Mataram karo ipenira Adipati Tuban, lan Si Tumênggung Môncanagara gawanên. Kakangira Senapati takonana, apa nyata dheweke sumêja amungsuh marang ingsun.”

Pangeran Banawa sarta Dipati Tuban, Tumênggung Môncanagara aturipun sandika, lajêng budhalan sabalanipun. Ing Pajang wontên mantri satunggil, anama Pangalasan. Sampun atêpang sae kalihan Senapati Ngalaga, Pangalasan wau enggal anglampahakên utusan dhatêng ing Mataram. Asuka pariksa Senapati, yèn Sultan Pajang anglampahakên utusan putranipun dhatêng Mataram, sarta ambêkta sadêdamêling pêrang. Senapati Ngalaga sarêng sampun tampi pawartos wau enggal amêthuk dhatêng ing Randhulawang, tiyang Mataram kêrig lampit, sarta sami ambêkta sêsêgah.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s