Babad Tanah Djawi (12)


panembahan-senopati

Ing sanèsing dintên Kyai Juru Martani mangkat dhatêng Pajang sarta putranipun Ki Agêng Matawis sadaya, sumêja ngaturi uninga ing kangjêng sultan. Lampahipun sampun dumugi ing Pajang, Sultan pinuju miyos sinewaka, Kyai Juru sarta kapenakanipun lajêng sami pepe sakiduling waringin kurung, sarêng katingalan ing kangjêng sultan, enggal kapariksa sarta sami tinimbalan.

Sampun sami sowan wontên ing ngarsa dalêm. Kyai Juru tumuntên matur, angaturi uninga yèn patinggi ing Mataram pêjah, sarta angaturakên têtilaranipun anak jalêr gangsal, pundi ingkang kakarsakakên anggêntosi. Kangjêng sultan sarêng mirêng yèn patinggi Mataram pêjah, sakalangkung ngungun, lajêng ngandika, “Kakang Juru Martani, kang ingsun gêntèkake ana ing Mataram, anak ingsun Si Ngabèi Loring Pasar, sarta ingsun paringi jênêng Senapati ing Ngalaga, Sayidin Panatagama. Lan maninge kakang Juru Martani, sira kang sun pasrahi momong marang putraningsun Senapati, ing dalêm sataun iki ora ingsun lilani seba marang Pajang, anataa nagarane sarta angrasakna mukti ana ing Mataram. Yèn wis sataun tumuli sebaa aja kongsi kasèp.”

Kyai Juru sarta Senapati aturipun sandika, sarta sami ngujung ing kangjêng sultan. Tumuntên nyuwun pamit dhatêng ing Mataram. Ing Mataram sangsaya wêwah-wêwah tiyangipun, sarta sakalangkung rêjanipun. Senapati Ngalaga sampun amukti, lajêng parentah anyithak banon dhatêng tiyang ing Mataram, badhe sumêja kadamêl kitha.

Kala samantên sampun kêlangkung sataun, Senapati dèrèng sowan dhatêng Pajang, Kyai Juru inggih tansah angatag sowan. Wangsulanipun Senapati, benjing mênawi Sultan utusan nimbali kemawon kula sowan.

Kacariyos Sultan Pajang miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas tinatrapan ing sêsotya, sangandhaping dhampar linemekan babut, sinêbaran sêkar, para bupati, mantri, rôngga, dêmang sampun pêpak sowan sadaya, cahyanipun kanjêng sultan kados wulan purnama, kangjêng sultan alon andangu dhatêng para abdi kang sami sowan.

“Bocah ingsun kabèh, apa sira padha ngrungu wartane putraningsun Senapati, dene wis kêliwat sataun ora nana sowan marang Pajang, apa awit sumurup wirayate Sunan Giri ênggone ora gêlêm seba marang ingsun. Ing samêngko wirayate Sunan Giri mèh anêtêpi, yèn upamia kêmbang misih kudhup, ing saiki mangsane mêkar”, Sultan Pajang sampun kacariyos yèn ratu digdaya sêkti linuwih sugih bala, botên wangwang yèn sumêja angrisak ing Matawis, nanging kados wontên kang mambêngi ing karsanipun.

Para Bupati sami matur, kawula inggih amirêng pawartos. Putra dalêm Senapati Ngalaga badhe mirong, sampun akèn nyithak banon badhe adamêl kitha. Sultan Pajang nuntên ngandika dhatêng Ngabèi Wuragil lan Ngabèi Wilamarta, “Sira wong loro mênyanga ing Mataram, waspadakna pratingkahe Senapati.”

Ki Wuragil lan Wilamarta aturipun sandika, lajêng mangkat sami numpak kapal. Lampahipun sampun dumugi ing Matawis. Senapati botên pinanggih ing dalêmipun, amêng-amêng dhatêng ing Lipura sarta numpak kapal. Utusan kêkalih anjujul. Dumuginipun ing Lipura sampun aningali dhatêng Senapati pinuju têtêgar, Ki Wuragil wicantên dhatêng Ki Wilamarta, “Dawêk sami mudhun, lajêng sami andhawahakên timbalane kangjêng sultan.”

Ki Wilamarta sumaur, “Yèn dika mudhuna saking kapal rumiyin, dados botên angluhurakên kang angutus. Sabab utusan wau kalane andhawahakên pangandika, inggih prasasat kang angutus. Môngka kang dèn dhawahi taksih numpak kapal, dados dika angêsorakên Panjênêngane kangjêng sultan, dika kêna dèn arani utusan nistha, kalih dene pandugi kula Senapati puniku sampun sumêrêp, yèn dika lan kula diutus ing kangjêng sultan, dhasar anjarag botên purun mudhun.”

Ki Wuragil wicantên malih, “Makatên punika dèrèng kantênan, pamanah kula ing samangsane dika sanjang yèn kautus ing kangjêng sultan, amêsthi enggal mudhun.”

Tiyang kêkalih wau lajêng sami mudhun saking kapal, sarta amurugi dhatêng Senapati, Senapati enggal pitakèn sarta numpak kapal, “Ki Wuragil lan Wilamarta, pênapa dika diutus ing sultan.”

Ki Wilamarta wicantên dhatêng Ki Wuragil, “Lah botên linyok ujar kula, Senapati dhasar anjarag botên purun mudhun, dika lan kula puniki sampun têtêp utusan nistha”

Ki Wuragil enggal sumaur dhatêng Senapati, “Inggih tiyang kêkalih puniki sami dipun utus ing kangjêng sultan. Sampeyan kadhawahan mantuni ênggèn sampeyan asring suka-suka sarta mangan nginum, lan acukura rambut sarta nuntên sebaa dhatêng Pajang.”

Senapati sumaur taksih manggung wontên sanginggiling kapal, “Dika matura ing kangjêng sultan. Kula andikakake marèni mangan nginum, kula taksih doyan. Kula kapurih cukur rambut, wong rambut thukul piyambak kadospundi anggèn kula ngulapi, kula kadhawahan sowan inggih purun. Yèn sultan sampun mantuni anggènipun ngalap dho garwa sarta amantuni anggènipun asring mundhut bojo tuwin anake wadon para abdinipun, amung makatên kemawon wangsulan kula.”

Utusan kêkalih lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing Pajang, nanging sami adamêl dora sêmbada, aturipun ing kangjêng sultan “Kula kautus animbali putra dalêm Senapati, aturipun inggih sandika, nanging kula dipun kèn mantuk rumiyin, putra dalêm badhe tumuntên nusul.” Kangjêng sultan inggih lajêng kèndêl, botên karsa andangu kathah-kathah.

Kacariyos Senapati pinuju lênggah wontên ing dalêmipun kalihan Ki Jurumartani, Kyai Juru wicantên, “Thole, kapriye karêpmu, kowe tinimbalan ing ramakmu sultan têka ora gêlêm seba, kangjêng sultan amêsthi duka, ora wurung kowe bakal mêmungsuhan lan kangjêng sultan. Yèn kowe mêmungsuhana kang koandêlake apa, balamu mung sathithik. Môngsa wania kodu lan bala Pajang, sanajan waniya bakal mêsthi tumpês. Karodene Sultan Pajang iku wis misuwur yèn ratu angluwihi digdaya, kinèringan marang para ratu liya nagara, dhèk biyèn dicidra ing maling, sultan pinuju sare amujung kampuh, maling banjur anyuduki, pangrasane kangjêng sultan kaya diencoki lalêr, kêmule bae ora pasah, iku kowe sumurupa ing katêguhane kangjêng sultan. Karo dene yèn kowe mungsuha karo sultan kang koandêlake apa, yèn kowe ngêndêlna kasêktènmu, ênggonmu angambah banyu ora têlês, malêbu gêni ora kobong, utawa digdaya katêguhanamu, pintêrmu mêngkono iku kabèh ya têka pamuruke kangjêng sultan. Sabab kowe pinundhut putra pambarêp cilik mula, sarta bangêt sihe, wis kaya putrane dhewe, barêng kowe wis diwasa banjur diwuruk sakèhing ngèlmu sarta kasaktèn lan katêguhan, lan banjur dimuktèkake ana ing Mataram. Samono iku kang kowalêsake bae apa marang ing sihe kangjêng sultan, dadi kaluputamu iku têlung prakara, kang dhingin mungsuh gusti, ping pindho mungsuh bapa, kaping têlu mungsuh guru, iba guyune wong kang padha sêngit. Cêlathune mêngkene, Senapati iku ênggone wani prang wong mungsuh bapakne dhewe, yèn mungsuh karo wong liyane wêdi. Lan aku iki bangêt isinku andêlêng marang wong Pajang, sabab kêna diarani wong ora wêruh ing kabêcikan. Angur kowe mungsuha karo wong nagara liya, angluwihi ing Pajang gêdhene, aku ora wêdi.”

Akathah-kathah panêtahipun Kyai Juru wau.

Senapati Ngalaga sarêng mirêng anangis salêbêting manahipun, rumaos yèn kalêpatan, angrêrêpa sarwi alon matur, “Paman, kadospundi pratikêl sampeyan. Sarèhning kula sampun katrucut wicantên botên purun sowan dhatêng kangjêng sultan. Supados sampun ngantos dados dukanipun kangjêng sultan. Têtêpa anggèn kula wontên ing Matawis, sarta kula sagêda amêngku tiyang ing tanah Jawi sadaya, tumuruna ing anak putu kula.”

Kyai Juru angandika, “Yèn kang dadi kêkarêpanamu kaya mêngkono, bêcik suwunên ing Allah bae dèn mantêp. Kang supaya yèn kangjêng sultan wis seda kowe bisaa anggêntèni karatone, lan kowe aja pisan yèn duwea cipta bakal mungsuh ing kangjêng sultan, malah ing batin mung nêja amalês ing kabêcikane kangjêng sultan marang ing kowe, ênggonmu dipundhut putra lan ênggonmu dimuktèkake, sarta ênggone mulang akèh-akèh marang kowe, ing samangsane bangêt panyuwunmu marang Allah kaya mêngkono, amêsthi kangjêng sultan ya isih bangêt sihe ing batin marang kowe, sarta ing batin ya bakal lila karatone kogêntèni.”

Senapati Ngalaga sakalangkung panuwunipun, sarta amiturut ing wulangipun ingkang paman. Kyai Juru Martani lajêng mantuk dhatêng griyanipun. Senapati Ngalaga wau rintên dalu inggih botên pêgat panyuwunipun ing Allah.

Kala samantên para mantri pamajêgan ing tanah Kêdhu tuwin Pagêlèn sami sumêja lumêbêt sowan dhatêng Pajang, badhe sami angaturakên bulu bêktinipun, lampahipun sami langkung ing Mataram. Wontên ing ngriku sami dipun êndhêg dhatêng Senapati, sinungga sarta binoja krami, sarta sami dipun jak kasukan mangan nginum, lan sami dipun anggêp sadulur tuwin wong atuwa dhatêng Senapati, para mantri pamajêgan wau inggih sakalangkung sami sukanipun. Para garwanipun Senapati sami dipun kèn ambadhaya, sarta sami dipun kèn angladosi, amborèhi lan anyumpingi sêkar dhatêng para mantri pamajêgan.

Para mantri wau sangsaya sami rumaos kapotangan kasaenan dhatêng Senapati, lajêng sami prasêtya, ing benjing samangsanipun Senapati manggih mêngsah, para mantri wau sami purun yèn kaabêna prang, awit saking kathah kasaenanipun Senapati, botên sagêd amalês. Ingkang badhe kawalêsakên pêcahe kulitipun sarta wutahe gêtihipun. Senapati sarêng mirêng prasêtyanipun para mantri, sakalangkung suka ing galihipun. Pangandikanipun ing galih, “Ing saiki aku oleh rewang saka pitulunging Allah, kaya-kaya aku bakal bisa angêndhih karaton ing Pajang.”

Para Mantri Pamajêgan wau lajêng sami dipun ganjar busana kang adi-adi, sadaya waradin. Para Mantri sadaya sakalangkung suka manahipun, sarta sami matur gumarumung, “Angkat kula saking tanah Kêdhu Pagêlèn rumiyin, sumêja sami ngaturakên bulu bêkti dhatêng ing Pajang, samangke botên siyos. Sakathahe lêladosan kula bulu bêkti katura ing sampeyan sadaya, sabab botên sanes. Ing Pajang inggih ratu, ing Matawis inggih ratu.” aturipun para mantri wau sarwi kêplok asênggak-sênggak.

Senapati angandika, “Sakèhe sanakku para mantri kabèh, ya wis padha taktarima prasêtyamu, dene karêpku besuk bae padha sebaa marang Pajang, barêng lan aku, yèn sultan duka aku kang malangi, sabab sabarang ing karsane kangjêng sultan wis ana ing aku, dene sanak-sanakku iki kabèh, yèn ana kang arêp ajênêng dêmang, rôngga, ngabèi utawa tumênggung, aku wis dikuwasakake amaringi dening kangjêng sultan.”

Para mantri wau sarêng mirêng, sangsaya ing sukanipun, anggêpipun sami angratu dhatêng Senapati, para mantri lajêng sami ambêksa sarta sami ngatingalakên ing kadigdayan tuwin katêguhanipun. Wontên ingkang onclang waos, tuwin angumpulakên towok, sarta angumbulakên sela kang bobot sadhacin, udhunipun sami dipun tadhahi dhadha utawi gigir, nanging sadaya botên wontên kang tumama, sabab para mantri wau sakalangkung sami digdaya sarta têguh.

Anuntên wontên mantri satunggal anama Ki Bocor, punika sangêt susahe manahipun, aningali solahe kancanipun mantri, ciptaning manahipun “Kapriye kancaku iki kabèh, têka padha kapiluyu kapirare kabèh, padha kêna ing bujuke Senapati, padha arêp anjunjung ratu marang Senapati, ora bisa amatara yèn Senapati iku wong licik, kudu amungsuh ing Pajang, yèn mungguh aku dhewe durung gêlêm kaêrèha marang Senapati, mênawa aku durung angayoni ing kadigdayane, tak kira oraa kulit têmbaga, lan ora otot kawat. Yèn dhasar ora pasah tak suduk kêrisku prêmati Si Kêbodhêngên iki, aku ya gêlêm angawula.”

Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun sumêrêp, yèn Ki Bocor badhe angayoni, sabab katawis ing solah, botên purun tumut kasukan. Ciptanipun Senapati, “Tak kira Si Bocor iku seje lan mantri akèh iki, ora bungah dening boja krama, kudu angayoni marang aku, nanging ya bênêr Si Bocor, aku iki upamane wong cebol, mêksa anggayuh langit. Amêsthi dèn ina, lan aku yèn kadigdayanku ora angungkuli ing wong akèh, môngsa bisaa dadi ratu amêngku ing tanah Jawa kabèh”

Panêmbahan Senapati lajêng kondur, para mantri inggih sampun sami amakuwon. Senapati nuntên andhawahi dhatêng balanipun kang sami têngga regol. Ing samangsanipun Kyai Bocor lumêbêt dhatêng ing pura dipun kèndêlna kemawon. Sampun ngantos wontên kang amênging. Sarêng ing wanci dalu Ki Bocor sampun dandos, sumêja nyidra dhatêng Senapati, dhuwungipun cinoba, landhêpipun tinumpangan kapuk dinamonan bablas. Ki Bocor lajêng lumêbêt ing kadhaton ijèn. Sakathahipun tiyang ingkang sami têngga kori api-api botên uninga, Senapati Ngalaga pinuju dhahar lênggah angungkurakên korining dalêm.

Ki Bocor enggal narajang anyuduki, Senapati botên pasah sarta botên nolèh, eca dhahar kemawon. Pucuking dhuwungipun Ki Bocor ngantos pêpêr, Ki Bocor sayah lajêng dhawah ing siti sadhêku, dhuwungipun tumancêp ing siti, sangêt luma sariranipun. Ki Bocor nuntên ngujung sarta atur tobat. Senapati nolèh sarta ngandika, “Kakang Bocor, kula êmpun ngapura, sarta pracaya marang dika” Ki Bocor nuntên mantuk.

Senapati ing wanci têngah dalu lajêng kesah, ingiring tiyang gangsal, anjujug ing Lipura, ing ngriku wontên sela kumlasa sae warninipun. Senapati lajêng sare wontên ing sela wau. Kacariyos Ki Juru Martani ing wanci lingsir dalu wontên dalêmipun, dèrèng karsa sare, enggal kesah dhatêng ing kadhaton. Sumêja kêpanggih kalihan Senapati, sarêng dumugi ing regol pitakèn dhatêng tiyang ingkang têngga, “Wong tunggu lawang, putraningsun apa isih wungu”

Tiyang têngga kori amangsuli, “Kyai Juru, sabibaring kasukan wau, suruping baskara ginanti padhanging côndra, putra dika lajêng kesah wikana purugipun.”

Kyai Juru sarêng mirêng ing aturipun tiyang têngga kori, lajêng sumêrêp ing purugipun Senapati, enggal dipun susul dhatêng ing Lipura, dumuginipun ing ngriku Senapati kêpanggih sare ing sela gêgilang, Kyai Juru enggal anggugah, wicantênipun “Thole tangia, jarene arêp dadi ratu, têka enak-enak turu bae.”

Anuntên wontên lintang dhawah saking langit. Mêncorong sakalapa dalasan tabonipun sumèlèh ing ulon-ulonipun cakêt Senapati. Kyai Juru sakalangkung kagèt. Sarta anggugah dhatêng ingkang putra, “Thole, kêbat tangia, kang mancorong kaya rêmbulan ana ing ulon-ulonmu iku apa.”

Senapati kagèt nuntên wungu, aningali sarta pitakèn, “Sira iku apa, dene mêncorong ana ing dhuwurku turu, sajêgku durung tau wêruh.”

Lintang enggal sumaur kados manungsa, “Wruhanira ingsun iki lintang, ênggonira manêkung ngêningakên paningal, anêgês karsaning Hyang, ing saiki wis tinarima ing Allah, kang sira suwun kêlilan. Sira bakal jumênêng nata amêngku ing rat Jawa, tumurun marang anak putunira, padha jumênêng ratu ana ing Mataram tanpa timbang, kineringan ing mungsuh, sugih êmas lan sêsotya, buyutira besuk kang mêkasi dadi ratu ing Mataram. Nagarane nuli rêngka, kêrêp grahana sasi lan surya, lintang kumukus sabên bêngi katon, gunung padha guntur, udan awu utawa ladhu, iku cirining nagara bakal rusak.”

Lintang wau sasampuning wicantên makatên lajêng musna. Senapati ngandika salêbêting galih, “Ing saiki panyuwunku marang Allah wis kêlilan. Ênggonku sumêja dadi ratu anggêntèni ing rama sultan, tumurun marang anak putuku, minôngka damare ing tanah Jawa, wong tanah Jawa padha têluk kabèh.”

Kyai Juru sumêrêp ing batose kang putra, lajêng wicantên “Senapati, kowe aja ujub riya, amêsthèkake kang durung kêlakon, iku ora bênêr, yèn kowe ngandêl calathuning lintang, iku kowe luput. Sabab iku jênênge swara jais. Wênang goroh lan têmên, ora kêna dicêkêl ilate kaya manungsa, lan ing besuk mênawa kowe kêlakon pêrang karo wong Pajang, amêsthi lintang mau ora kêna kotagih utawa kojaluki tulung, ora wurung aku lan kowe padha angawaki pêrang dhewe, yèn mênang kowe mêsthi jumênêng ratu ana ing Mataram. Mênawa kalah ora wurung padha dadi boyongan.”

Senapati Ngalaga sarêng mirêng wicantêne kang paman, sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa, sarta alon matur, “Paman, kadospundi kang dados pratikêl sampeyan. Kula inggih badhe amiturut. Kula upaminipun baita, sampeyan kêmudhinipun.”

Kyai Juru angandika, “Thole, yèn kowe wis miturut, ayo padha nyênyuwun ing Gusti Allah, sakèhe kang angèl muga ginampangna, ayo padha andum gawe, kowe mênyanga ing sagara kidul. Aku tak munggah marang ing gunung Marapi, padha anyatakake karsaning Allah, ayo barêng mangkat.”

Kyai Juru lajêng mangkat dhatêng ing rêdi Marapi, Senapati Ngalaga mangkat ngetan lêrês. Anjog ing lèpèn Umpak, ambyur ing toya, nglangi ambathang anut ilining toya.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s