Salam Tiga Jari !!!


 

jokowi 2
Janturan negri Nuswantara tahun kaping …..
————————————————————Anenggih sinigeg ing swuh rep data pitana sekaring bawana langgeng. Tiyang ngringgit sedalu mangke nggelar kandha purwa, nggelar jaman purbakala. Pundi ta ingkang minangka purwakaning kandha. Anenggih punika ta gelaring Negari Nuswantara.Swuh wa eka adi dasa purwa. Wa pangaraning wadah, eka marang sawiji, adi linuwih, dasa Sepuluh purwa wiwitaning kandha. Sapta raja sasra bawana mindra. Sapta pitu raja ratu sasra sewu bawana jagad, mindra mider. Midera sajagat rat pramudhita, sanadyan ta kathah titahing dewa ingkang kaungkulan ing akasa kasangga ing pratiwi kaapit ing samodra, nanging candranipun datan kadya ing Negari Nuswantara. Bebasan njajaha sewu negara tan wonten sedasa, ngupaya-a satus tan ganep kalih. Dhasar candrane Negari Nuswantara negari ingkang panjang punjung loh jinawi gemah ripah tata kerta tur raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra wukir gunung.

Nyata Negari Nuswantara negari ingkang nengenaken pasabinan ngeringaken tegalan, ngungkuraken pagunungan tur mangku bandaran ageng. Loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Swasana negari mirah boga lan busana, liripun murah sandhang klawan pangan, ngibarat datan wonten para warga ingkang dhahar kirang, nyandhang cingkrang, tandha yen gesangipun sarwa kacekapan. Ingkang wonten karang padesan samya sayuk saeka praya anggenipun mangun karukunan, remen tuntun tinuntunan, daya dinayan, mad sinamadan, tandha yen ing Negari Nuswantara datan wonten warga ingkang remen cecongkrahan.

Dene gemah lampahipun para warga ingkang lumampah dedagangan, dagang alit, dagang ageng sanadyanta dagang lelayaran, siyang pantaraning ratri ndlidir tan ana pedhote, tan ana rubeda ing dedalan. Aman sentosa swasananing praja apa ta tandhane. Wanci dalu tan ana kori ingkang cinengkal lamun rahina tan ana rajakaya ingkang kinandhangan. Samya gelar sepapan wonten ing papan panggonan, wancine Sang Dewangkara mangklung kilen wangsul dhateng kandhange piyambak-piyambak cinandra golong-golong mangetan, golong-golong mangulon tan ana kang kacicir ing dalem sajuga. Ripah werdine para bangsa manca ingkang bebara dhateng Negari Nuswantara candrane jejel riyel pipit aben cukit tepung taritis, papan jembar katingal rupak, ratan jembar katingal ciut saking kathahing para warga.

Pramila yen cinandra Negari Nuswantara dhasar negari ingkang jero tancepe, jembar wewengkone, padhang jagade, adoh kuncarane. Ewadene saking manca praja tlatah sabrang kathah nalendra ingkang sami sumuyut datan karana ginebag ing prang amung kayungyun pepoyaning kautaman. Pendhak warsa kathah ingkang samya asok abon atur bulu bekti wujuding guru bakal guru dadi, peni-peni raja peni. Wonten ingkang saweneh ngaturaken wanodya ingkang endah-endahing warna minangka tandha panungkul.

Dhasar negari ingkang kahayoman mring dewa jinangkung dening para Jawata sajagad rad pilih tandhinge, inggih awit para among praja tansah manunggal tekad kalayan para warga gumregut sengkut nggennya amangun negari kanthi manunggaling cipta rasa budi lan karsa ndadosaken Negari Nuswantara negari ingkang kondhang, negari ingkang sinungkanan dening nalendra manca praja.

Lah sinten ta ingkang jumeneng nalendra ing Negari Nuswantara. Dasa asmaning sang prabu, dasa Sepuluh asma kekasih, bebasan yen ta dewa bebisik, pendita apeparab, yen ta wanara pradegsa, yen ta buta ditya, yen nalendra jejuluk, manungsa awujud. Anenggih ta punika wewujudanipun Sang Prabu Joko Widodo, jejulukipun Nalendra ing Nuswantara. Cinandra nalendra ingkang mahambeg paramarta berbudi bawaleksana. Asih mring sapadha-padha, mranata kanthi arip lan wicaksana pantes dadya pandam pangayubaning para warga, awit sang nata tansah anuhoni sesantining nalendra utami, nenggih ta tanuhita, darmahita, danahita, lan sarahita. Nadyan ta sampun kaduk yuswa Nalendra Nuswantara taksih kiyat anggenipun ngembat pusaraning praja, ndadosaken Negari Nuswantara ayem, ayom, ageng tur agung.

Nalika samana sang prabu lagya mapan wonten madyaning paseban lenggah ing kursi gadhing dhampar dhenta kang linemekan babut prang wedani den apit mbok emban cethi nata gandhek kaungkulan teja kapituhu, ngagem busana keprabon ingkang sinulaman sarwa benang kencana, mancorong cahyane ageng daya prabawane, cinandra saking mandrawa kadya ilang kamanungsane yayah Bathara Endra angejawantah. Nampi sowanipun ingkang abdi Rekyana Patih Jusup Kalla ingkang katingal sendheku amarikelu sila tumpang ngapurancang tumangklung jangga pindha konjem ing pratala wadanane, nggennya angrantos dhawuhipun ingkang sinuwun Prabu Joko Widodo.

Datan kantun sowaning para wadya bala wiwit mantri bupati, para prajurit, hulubalang, senapati perang, katingal andher wonten paseban ngantos prapteng pangurakan, ibarat tanpa sela sowaning para kadang santana. Dene ingkang marak sowan wonten sak wingkingipun sang prabu nenggih punika putra ingkang mbarep kekasih Raden Gibran Rakabuming. Satriya bagus cakrak bregas, angrantos dhawuhipun ingkang rama dipun rencangi sawetara datan obah datan polah pindha tugu waja sinukarta namung sajuga ingkang karantos dhawuhipun ingkang rama.

Kenging daya prabawaning Sang Prabu Joko Widodo swasana rep sidhem premanem ibarat tan ana sabawaning walang ngalisik amung ing njawining paseban kapyarsa ocehing kukila ingkang wonten ing pucaking wit gurdha binarung larasing gamelan kraton miwah sesendhonane para widuwati, manganyut-anyut jiwa swaraning tansaya ndadosaken ngesing swasana ing paseban yen ta cinandra tansaya dangu tansaya asri. O…..

Asrining paseban datan kados Sang Prabu Joko Widodo kaadhep dening gunging para kadang santana mboten enggal paring dhawuh, sawetawis mendel wonten ing kursi gadhing kanthi nekep jaja nggeget lathi, sakedhap-sakedhap unjal ambegan mratelakaken yen ta Sang Prabu wonten ingkang dipun eningaken ing salebeting guwa parikena, nanging dereng kawijil, dereng kababar, ndadosaken gugup bingunging ingkang lagya marak awit mboten kados adat ingkang sampun.

Purwaning pangandika yenta kapyarsa alus ning mawa daya perbawa, cinandra pindha tirta ingkang kasiliring samirana. Gelising kandha kaya mangkana wedharing dhawuh ingkang arsa kawijiling lesan.

Ooooooooooooooo ….
Para rakyat ingsun kabeh …… SALAM TIGA JARI !!!!!!!!

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s