Babad Tanah Djawi (11)


SUNAN_KALIJAGA

Sang pandhita ngandika, “Yèn kang dadi pakewuhing atinira mangkono, iku gampang bae, kakangiraKi Pamanahan pundhutên prasêtyane, ingsun kang nêksèni.Payo thole Pamanahan, sira prasêtyaa marang adhinira sultan. Ingsun kang nêksèni.”

Ki Pamanahan enggal matur prasêtya, “Sang pandhita, kula mugi sampeyan sêksèni, mênawi kula gadhah cipta badhe jumênêng ratu wontên ing Matawis, utawi sumêjaa angêndhih karaton ing Pajang, awak kula piyambak mugi sampun manggih wilujêng, wikana ingkang wingking-wingking, sintên ingkang sumêrêp ing karsaning Allah.”

Sang pandhita ngandika dhatêng Ki Pamanahan, “Wis cukup prasêtyamu iku, ingsun ya wis anêksèni.”

Wondene Sultan Pajang inggih sampun lêga galihipun, amirêng prasêtyanipun Ki Pamanahan. Nanging botên sumêrêp yèn punika ujar keras. Lajêng ngandika dhatêng Ki Pamanahan, “Dawêg kakang Pamanahan, ing Mataram dika tampani, nanging taksih dados alas.”

Ki Pamanahan inggih sampun anampèni sarta sangêt ing panuwunipun. Sang pandhita ngadika, “Thole Pamanahan, sira nuli ngaliha marang Mataram lan saanakbojonira, sarta ingsun dongakake tulusa ênggonira saduluran lan si thole sultan. Wis padha karia ingsun mulih.” sang pandhita sampun mangkat. Ki Pamanahan inggih sampun mantuk dhatêng ing griyanipun, lajêng pradandosan.

Kacariyos Ki Pamanahan sampun pêputra pitu, pambajêngipun anama Radèn Ngabèi Loring Pasar, kalih Radèn Jambu, tiga Radèn Santri, sakawan Radèn Tompe, gangsal Radèn Kadhawung, nênêm èstri krama angsal Tumênggung Mayang ing Pajang, pitu èstri krama angsal Arya Dhadhaptulis ing Pajang, putra èstri kêkalih wau sami tumut lakinipun, botên tumut dhatêng ing Matawis.

Sarêng sampun anggènipun pradandosan, Ki Pamanahan lajêng sowan nyuwun pamit ing sang nata, lan sagarwaputranipun tuwin santananipun sadaya, sadhatênge ing ngarsanipun sultan. Ki Pamanahan anyuwun pamit sarta sêsalaman. Kangjêng sultan ngandika, “Inggih kakang, mugi salamêta ingkang mangkat, ingkang kantun inggih salamêta.”

Ki Juru inggih sampun jawab tangan kalihan sang nata, tuwin garwa putranipun Ki Pamanahan sarta santananipun sami angujung gêntos. Radèn Ngabèi Loring Pasar arêrangkulan kalihan putranipun pambajêng kangjêng sultan kang nama Pangeran Banawa, kalih-kalihipun sami ambrêbês mili. Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun tuwin santananipun sadaya sampun mangkat saking Pajang, asêlur rêmbatan tuwin gotongan. Sadandosanipun tiyang gêgriya botên kantun. Lampahipun sakalangkung rêmbênipun.

Kala samantên sampun dumugi ing Taji, lajêng sami kèndêl alênggah sangandhaping waringin.Kacariyos Ki Agêng ing Karanglo, sampun sumêrêp yèn Ki Pamanahan boyong dhatêng ing Matawis. Ki Agêng Karanglo sumêja asêsêgah sêkul sarta pêcêl pitik jangan mênir, Ki Agêng Karanglo lan garwanipun sampun dumugi ing Taji, lajêng sêsalaman sarta matur dhatêng Ki Pamanahan, “Kula angaturi sêsêgah sêkul, sarta pêcêl pitik jangan mênir, supados dadosa jêjampining lêsu.”

Ki Pamanahan mangsuli, “Inggih kisanak, sangêt ing panarima kula ing sih jêngandika”

Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun lajêng sami dhahar, waradin lan sabrayatipun sadaya, sami tuwuk. Ki Pamanahan angandika, “Bangêt panarima kula adhi, ênggèn kula nêdha lan sabrayat kula sadaya sami eca sarta tuwuk, dados kula rumaos kapotangan dhatêng dika, pintên banggi ing benjing yèn kula sagêd malês.” Ki Agêng Karanglo matur nuhun.

Ki Pamanahan nuntên mangkat saking ngriku, Ki Agêng Karanglo inggih andhèrèk, sumêja ngatêrakên dumugi ing Matawis. Ing samargi-margi tansah ênggènipun minta sih, supados ing têmbe wingking sagêda tumut mukti. Kala samantên lampahipun sampun dumugi ing lèpèn Opak. Susunan Kalijaga pinuju siram, wontên ing ngriku, Ki Pamanahan lan Karanglo enggal sami amurugi dhatêng sang pandhita, Ki Pamanahan angosoki sukunipun sang pandhita kang têngên. Ki Karanglo suku kang kiwa. Sang pandhita alon ngandika dhatêng Ki Pamanahan,“Wêruhanamu ing besuk turune Ki Karanglo iki bakal milu mukti ing turunmu, nanging ora wênang kasêbut mas utawa radèn. Lan ora wênang nunggang jêmpana utawi tandhu, wis padha bacuta lakumu.”

Ki Pamanahan sarta Ki Agêng Karanglo inggih lajêng mangkat, sampun dumugi ing Matawis, lajêng atata pemahan wontên ing ngriku, kala samantên sinêngkalan 1532.

Kacariyos ing Matawis, punika sitinipun radin, sarta kathah toya, kathah wowohan, pala gumantung, pala kapêndhêm, pala kasimpar, tulus kang sarwa tinandur. Kalangênan ing toya lan ing dharat inggih kathah, sawarnining sumbêr toyanipun sakalangkung bêning, tiyang gêgramèn inggih kathah, wontên ingkang lajêng agêgriya ing ngriku. Ki Pamanahan sampun angalih nama Ki Agêng Matawis, sarta sampun mukti sakulawangsanipun sadaya, nanging Ki Agêng Matawis wau tansah ambantêr ing tapanipun, sabab sumêrêp ing wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Mataram benjing badhe wontên kang jumênêng ratu agêng angrèh ing tanah Jawi sadaya, ciptanipun Ki Agêng Matawis yèn sayêktos wirayat wau sampun liya saking turunipun.

Milanipun Ki Agêng wau botên pêgat ênggènipun tapa utawi tirakat dhatêng ing wana sarta ing rêdi. Kala samantên Ki Pamanahan kesah tirakat ijèn, sarta sumêja anuwèni sadhèrèkipun ing tanah rêdi Kidul anama Kyai Agêng Giring utawi Ki Agêng Paderesan. Anggènipun sadherekan kalihan Ki Agêng Matawis sakalangkung sae, sampun kados sadulur tunggil rama ibu.

Kacariyos Ki Agêng Giring wau inggih sangêt anggènipun tapa, pandamêlanipun andèrès. Ing wanci enjing Ki Agêng anginggahi paderesanipun. Ing ngriku wontên tirisan satunggil, cakêt lan kang sawêk dipun inggahi Ki Agêng, tirisan wau salaminipun dèrèng nate awoh, ing dintên punika wontên wohipun satunggil, dawêgan. Ki Agêng sawêg atrap bumbung wontên ing nginggil tirisan. Anuntên mirêng swara, prênahipun ing swara wontên ing dawêgan satunggil wau, ujaring swara, “Ki Agêng Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe banyu dêgan iki, yèn kongsi êntèk, iku saturun-turune bakal dadi ratu gêdhe, amêngku ing tanah Jawa kabèh.”

Ki Agêng Giring sarêng mirêng swara makatên, enggal mudhun saking anggènipun andèrès. Wontên ngandhap sampun sèlèh bonjor, lajêng amènèk dawêgan satunggil wau, sampun kapêndhêt binêkta mudhun. Dene deresanipun botên dipun manah, namung dawêgan kang pinêlêng binêkta mantuk. Sadhatêngipun ing griya lajêng dipun parasi, nanging botên lajêng dipun unjuk. Mila makatên pamanahipun Ki Agêng, sarèhning taksih enjing dados kakintên botên têlas yèn dipun unjuka, sabab dèrèng ngêlak. Karsanipun Ki Agêng badhe babad dhatêng wana rumiyin adamêl ngêlak. Dawêgan lajêng kasinggahakên ing paga sanginggiling pawon. Ing sadintên punika Ki Agêng botên angopèni padamêlanipun anggodhog lêgèn adamêl gêndhis. Amung manah dawêgan kemawon. Ki Agêng Giring nuntên kesah dhatêng ing wana sumêja babad.

Ing sapêngkêripun Ki Agêng Giring Ki Agêng ing Matawis dhatêng wontên ing ngriku, sarta pitaken dhatêng semahipun Ki Agêng Giring, “Bakyu, rakane dhatêng pundi, dene botên wontên kêtingal.”

Nyai Giring sumaur, “raka dika kesah dhatêng wana ucal kajêng.”

Ki Agêng Matawis lajêng lumêbêt ing pawon, sumêja ngunjuk kilang, sarêng aningali ing pawon sêpên. Botên wontên kilang utawi lêgèn, amung dawêgan satunggil ingkang wontên tumumpang ing paga, enggal kapêndhêt dhatêng Ki Agêng Matawis, kabêkta lumêbêt ing griya, lênggah ing ambèn, sarta ambolong dawêgan. Sumêja dipun unjuk toyanipun, sarta wicantên dhatêng Nyai Giring, “Bakyu, punapaa dene botên anggodhog lêgèn. Kula dhatêng pawon ajêng ngombe, ngupados lêgèn botên angsal.”

Nyai Giring sumaur, “Inggih amung sadintên punika towong, karsane raka aso.”

Nyai Giring kagèt aningali dawêgan badhe dipun unjuk dhatêng Ki Agêng Matawis, enggal wicantên, “Adhi, dawêgan niku êmpun dika unjuk, wêlinge raka dika wantos-wantos, yèn siyos dika unjuk, amêsthi kula digitiki marang raka dika”

Ki Agêng Matawis sumahur, “Bakyu, êmpun maras ati dika, dika sanjang yèn kula kang mêksa, sabab ngêlak kula sangêt, pinujunipun wontên dawêgan ing pawon, botên susah mènèk piyambak.”

Ki Agêng lajêng ngunjuk dawêgan, têlas sami sakal. Botên kantun sacêrêt-cêrêta, sakalangkung nikmat raosipun.

Botên antawis dangu Ki Agêng Giring dhatêng sarta angrêmbat kajêng, anjujug ing pawon. Kajêng sampun kasèlèhakên. Karsanipun Ki Agêng Giring badhe lajêng ngunjuk dawêgan. Sarêng dipun tingali ing paga dawêgan botên wontên, Ki Agêng enggal lumêbêt ing griya amanggihi Ki Agêng Matawis, sarta pitakèn dhatêng semahipun,“Wong wadon, dawêganaku kang takdokok ing paga mau ana ing ngêndi ?”

Aemahipun amangsuli, “Rayi dika niku kang mêndhêt, kula pênging botên kenging, wicantêne saking ngêlake, lajêng dipun unjuk.”

Kyai Agêng Matawis sumambung, “Inggih sayêktos kula kakang, kang ngombe dawêgan. Tiyang sangêt ênggèn kula ngêlak. Sampeyan dukani inggih sumôngga.”

Ki Agêng Giring sarêng mirêng wicantênipun Ki Pamanahan, sangêt ênggènipun gêtun, dangu ênggènipun kèndêl. Bawaning tiyang sampun linuwih, dados sumêrêp ing takdir, yèn sampun pinêsthi karsa Allah, Ki Agêng Matawis badhe anurunakên ratu kang mêngku ing tanah Jawi. Ki Agêng Giring lajêng ambêlakakakên swara kang saking dawêgan sarta agadhah panêdha dhatêng Ki Agêng Matawis, “Adhi, panêdha kula mêkatên kemawon. Sarèhning dawêgan sampun dika ombe, angsal kula anjaluk kadospundi, amung turun kula kemawon benjing kenginga gêgêntosan lan turun dika.Turun dika sapisan, nuntên kagêntosan turun kula.”

Ki Pamanahan botên suka, panêdhanipun Ki Agêng Giring makatên wau ngantos ping nêm. Ki Agêng Matawis inggih botên suka, nuntên nêdha gêntos turun kaping pitu. Ki Agêng Matawis sumaur, adhi Allahu alam, sok sukaa ing wingking, kula botên nguningani. Ki Agêng Matawis lajêng pamit mantuk dhatêng ing Matawis.

Sarêng sampun antawis lami putranipun Ki Agêng Matawis kang nama Radèn Ngabèi Loring Pasar angrêmêni tiyang èstri sêsêngkêranipun Sultan Pajang kang saking Kalinyamat. Ingkang dipun titipakên dhatêng Ki Agêng Matawis. Dhawahipun sultan, lare èstri wau samangsanipun sampun birai andikakakên ngaturakên dhatêng kangjêng sultan. Môngka ing mangke sampun birai, nanging lajêng dipun rêmêni dhatêng Radèn Ngabèi, mila Ki Agêng Matawis sangêt ênggènipun prihatos. Botên wande angsal dukanipun kangjêng sultan.

Kala samantên Ki Agêng Matawis mangkat dhatêng Pajang sumêja ngaturakên ing kalêpatanipun. Radèn Ngabèi inggih binêkta, sadhatêngipun ing Pajang lajêng sowan lumêbêt ing kadhaton, sampun sêsalaman kalihan kangjêng sultan. Ki Agêng Mataram matur, “Sowan kula punika, kula angaturakên pêjah gêsangipun putra sampeyan Radèn Ngabèi Loring Pasar, amargi agêng kalêpatanipun ing panjênêngan sampeyan.”

Sultan Pajang mirêng aturipun Ki Pamanahan sakalangkung kagèt, sarta ngandika, “Kakang, Si Ngabèi dosanipun punapa, dene dika aturake pati uripe, wong êmpun kula pèk anak pambarêp. Dika êmpun botên milu anguwasani marang Si Ngabèi.”

Ki Agêng Matawis matur malih, “Milanipun pun Ngabèi kula aturakên makatên, sabab angrumiyini karsa sampeyan, akaronsih kalihan lare èstri ingkang kagadhuhakên dhatêng kula kang saking Kalinyamat rumiyin. Inggih saking tiwasipun anggèn kula rumêksa.”

Kangjêng sultan nuntên ngandika,“Kakang, yèn kaluputane Si Ngabèi mêngkotên mawon, kula ênggih êmpun ngapura, sarta banjur dika ningkahake, kula êmpun lila, nanging wêkas kula, bocah wadon wau yèn besuk êmpun botên kanggo êmpun disiya-siya, kalih dene dika kula tutuh ênggon dika momong marang Si Ngabèi kurang ati-ati, bênêre bocah êmpun diwasa mêngkotên rak dika rabèkake, utawa dika wèhi sêlir, supaya êmpun kongsi nêrak kaluputan.”

Ki Agêng Matawis sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa, angraos yèn kadukan ing batos. Sarêng kangjêng sultan sampun kendêl ênggènipun ngandika, Ki Agêng Matawis sarta Radèn Ngabèi nuntên pamit mantuk dhatêng ing Matawis. Sadhatêngipun ing Matawis Radèn Ngabèi inggih lajêng kêpanggih kalihan lare èstri wau, ing lami-lami sampun apêputra jalêr satunggil abagus warninipun, kanamanan Radèn Rôngga, ingkang rama ibu sakalangkung asih.

Kacariyos Sultan Pajang bidhal dhatêng ing Giri lan sabalanipun sadaya, Ki Agêng Matawis inggih andhèrèk. Sumêja nyuwun idi anggènipun jumênêng sultan dhatêng Sunan Parapèn. Kala samantên para bupati ing bang wetan sami pêpak wontên ing ngriku sadaya, ing Japan, Wirasaba, Kadhiri, Surabaya, Pasuruan, ing Madura, Sadayu, Lasêm, Tuban, ing Pathi, sarta sami damêl pasanggrahan wontên ing ngriku.

Ing satunggil dintên Sunan Parapèn miyos siniwaka, Sultan Pajang sarta para dipati sami lênggah jèjèr, balanipun sami linggih ing wingkinge gustine piyambak-piyambak. Sultan Pajang nuntên katimbalan lênggah cakêt lan sang pandhita, sarta kamupakatakên anggènipun jumênêng sultan amêngku nagari ing Pajang ajêjuluk Sultan Prabu Adijaya, utawi sang pandhita inggih sampun angidèni, kala samantên sinêngkalan 1503.

Anuntên pêpundhutan dhahar mêdal, lumintu saking kadhaton. Sunan Parapèn lan Sultan Pajang sarta para bupati sami dhahar, sang pandhita ngandika, “Anak ingsun para bupati kabèh, diatut ênggonira padha saduluran, aja ana kang sulaya ing budi, dipadha ati raharja, sokura ing Allah ing salungguhe dhewe-dhewe, kang tinitah dadi gêdhe, lan kang tinitah dadi cilik. Iku wis pêsthine dhewe-dhewe, ingsun têdha ing Allah, anak putuningsun kabèh padha salamêta ing donya ngakherat.”

Para bupati sadaya asaur pêksi. Para bupati sarêng sampun anggènipun sami dhahar, nuntên kalorodakên dhatêng para abdi, para abdi inggih lajêng sami nêdha, Sunan Giri sangêt anggènipun mandêng dhatêng Ki Agêng Matawis, sabab Sunan Giri wau sumêrêp ing sadèrènge winarah, nuntên andangu dhatêng Sultan Pajang, “Thole, baturmu kang mangan ngèrèni iku jênênge sapa ?”

Sultan Pajang matur, “Punika rencang kula patinggi ing Matawis, ingkang dipun rèh siti wolung atus karya”

Raja pandhita ngandika malih, “Timbalana maju, konên linggih jèjèr lan para dipati.”

Ki Agêng Matawis inggih sampun majêng, raja pandhita ngandika dhatêng para bupati, “Anak ingsun para dipati kabèh, wruhanamu turune Ki Agêng Matawis iku besuk bakal angrèh wong satanah Jawa kabèh, sanajan ing Giri kene besuk iya ngidhêp marang ing Mataram.”

Ki Agêng ing Matawis sarêng mirêng pangandikanipun sang pandhita lajêng sujud ing siti, sakalangkung nuhun dhatêng sang pandhita, nuntên angaturi dhuwung satunggil ing sang pandhita, nanging botên tinampèn. Para dipati sami rêsêp aningali dhatêng Ki Agêng Matawis. Raja pandhita lajêng parentah adamêl têlaga dhatêng para dipati, balanipun para Bupati inggih enggal tumandang dhudhuk-dhudhuk. Têlaga sampun dados, sakalangkung sae, sarta kanamanan têlaga Patut dhatêng sang pandhita.

Sultan Pajang sarta para Bupati sampun sami kalilan mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Tuwin Ki Agêng Matawis inggih sampun mantuk dhatêng ing Matawis. Sultan Pajang sarawuhe nagarinipun lajêng ngandika wêwartos dhatêng putra tuwin balanipun sadaya punapa ing sawirayatipun Sunan Giri, para bupati, mantri sarêng sami mirêng wirayat makatên sakalangkung kagèt.

Putranipun sultan kang nama Pangeran Banawa matur, “Rama prabu, mênawi wirayatipun Sunan Giri sayêktos, ing Mataram punika kula upamèkakên latu sapêlik. Prayogi tumuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngômbra-ômbra, yèn panjênêngan dalêm parêng, ing Mataram badhe kula risak saking pêrang !”

Para bupati gumarumung sami ambiyantoni ing aturipun Pangeran Banawa. Sultan Pajang alon ngandika, “Kulup, aturira iku iya bênêr, gôndra pira ing Mataram, sira gêcaka ya amêsthi bêdhah, nanging pêpêsthèning Allah iku ora kêna yèn dipikira ing manungsa, lan ingsun wêdi ing wêwalêre Sunan Giri, sapa kang miwiti amêsthi bakal ora salamêt.”

Pangeran Banawa sarta para punggawa sami mênggah manahipun.

Kacariyos Ki Agêng Matawis pinuju lênggah ingadhêp para putra tuwin kulawangsanipun sadaya, Ki Agêng Matawis ngandika, “Anakku lan sanak-sanakku kabèh, sarèhning aku dicêtha marang Sunan Giri, yèn turunku ing besuk bakal amêngku ing tanah Jawa, iku wêkasku, yèn ing besuk kowe anglurug marang bang wetan, anuruta ing dina kalane aku andhèrèkmarang sultan seba marang ing Giri, ing dina Jumungah Paing sasi Mukaram, pomapadha wuri-wurinên. Dene yèn dilurugi, ênggonmu mapagake pêrang aja kongsi angliwati gunung Kêndhêng, sabab bakal apês pêrangmu, lan maninge turun-turunku besuk yèn agawe bupati, aja liya turune wong Mataram iki kabèh, sabab iku padha milu lara, yèn turune besuk duwe dosa mati, laranana bae, yèn dosa lara apuranên.”

Akathah-kathah wêwêlingipun Ki Agêng wau dhatêng ingkang para putra tuwin santana.

Kala samantên nagari Matawis sampun gêmah raharja, mirah sandhang sarta pangan. Anuntên Ki Agêng Matawis gêrah sangêt, amêmêling dhatêng Ki Juru Martani, “Ki ipe, sarèhning kula bakal tinêkakake ing jangji, môngsa bodhoa ênggon dika momong marang anak-anak kula kabèh, dene kang kula lilani anggêntèni ing kula, Si Ngabèi Loring Pasar”

Ki Agêng ngandika dhatêng kang para putra, “Anak-anakku kabèh, kowe padha mituruta marang pamanmu Ki Juru Martani, Ki Agêng tumuntên seda, layon sampun binêrsihan kasarèkakên sakilèning masjid, sinêngkalan 1535.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s