Babad Tanah Djawi (10)


Ki_Ageng_Pemanahan

Wadananipun dados rah, ambêngipun kabithi sarwi angêpêl sêkul. Panjang ambêng sigar dados kêkalih, Arya Panangsang enggal jumênêng angrasuk busananing prang, sarta akèn ngambili titihanipun anama Gagak Rimang, nuntên nitih titihan sarwi mandhi waos anama Dhandhang Mungsuh.

Ki Mataun matur, “Bêndara, sampeyan kèndêla sakêdhap, angêntosana bala.Mila makatên, sampeyan punika mêsthi badhe kenging ing gêlar utawi paekan.”

Arya Panangsang botên amirêngakên aturipun Ki Mataun, malah sangsaya sangêt dukanipun kados dipun unggar-unggar.

Nuntên wontên saduluripun nèm Arya Panangsang anama Arya Mataram, enggal murugi sarta matur, “Kakang, sampeyan kèndêl rumiyin, angêntosana bala.”

Arya Panangsang ngandika, “Wis mênênga, aja carèwèt, aku ora wêdi.Wis jamake wong prang iku dikarubut ing akèh.”

Ingkang rayi taksih matur kathah-kathah. Arya Panangsang ngandika bêngis.

“Wis lungaa, aku ora ngajak kowe, sabab kowe sadulurku seje biyung, amêsthi ora kêndêl kaya aku, Arya Panangsang anyèmêthi kudanipun sampun nyandêr ijèn. Arya Mataram mantuk sangêt sakit manahipun. Ki Mataun nututi botên kacandhak. Sabab sampun sêpuh sarta gadhah sakit mêngi. Lampahipun Arya Panangsang sampun dumugi sawetaning bêngawan sore cakêt. Kacariyos wêwalêripun tiyang ingkang rumiyin-rumiyin, yèn tiyang ajêng-ajêngan badhe pêrang, sintên ingkang nyabrang bênawi punika amêsthi apês pêrangipun.

Wondene Ki Pamanahan, kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi, lan sabalanipun sadaya inggih sampun sami mirantos wontên sakilèn bênawi cakêt. Sampun sami aningali yèn Arya Panangsang dhatêng ijèn. Tiyang Sêsela sami suka ing manahipun. Arya Panangsang wicantên sêru, “Hèh wong Pajang, sapa kang awèh layang panantang marang aku, dikêbat nyabranga mangetan, aku karubutên ing akèh, lan wis dhêdhêmênaku yèn prang dikarubut ing akèh.”

Tiyanging Sêsela sami sumaur, “Iya gustiku Sultan Pajang kang awèh layang nyang kowe, yèn kowe nyata kêndêl nyabranga mangulon dikêbat, dak kêmbari padha siji.”

Arya Panangsang mirêng sêsumbar makatên talinganipun kados sinuwèk. Sangêt ing nêpsunipun. Titihanipun enggal dipun gêbrag sarta cinamêthi, kagêbyurakên ing toya, kuda inggih lajêng anglangi, gigiripun botên têlês. Panglangining titihanipun Arya Panangsang sampun dumugi ing pinggir kilèn. Lajêng sami dipun sanjatani, tuwin binêngkolang dhatêng tiyang Sêsela, wontên kang nalorong waos, nanging botên kenging. Titihanipun Arya Panangsang nuntên cinamêthi malumpat saking toya, dumugi satêngahe barisipun tiyang Sêsela, kathah kang rêbah katunjang ing titihanipun Arya Panangsang, kapal lajêng anyepaki sarta ambrakot. Ingkang nitih inggih angamuk kalihan waos.

Tiyang Sêsela kathah kang tatu tuwin pêjah. Arya Panangsang ngamuk sarwi wicantên. “Si Karèbèt ana ngêndi, kang sanggup angêmbari prang karo aku, dene ora nana katon,” Arya Panangsang dangune ngamuk tansah amungsêng ngupadosi ing Sultan Pajang kemawon.

Arya Panangsang nuntên kinarubut ing kathah, dipun tumbaki saking kiwa têngên tuwin ngajêng wingking, Arya Panangsang sampun tatu lambungipun têngên, ususipun mêdal. Lajêng kasampirakên ing ukiraning dhuwung, sarta sangsaya riwut pangamukipun, botên nêja gêsang, tiyang ing Sêsela tuwin tiyang tamtana sangsaya kathah kang tatu tuwin pêjah, Radèn Ngabèi Loring Pasar enggal badhe amêthukakên pêrangipun Arya Panangsang anitih bêlo, bêbathilan surinipun, sarta amandhi waos nama Kyai Plèrèd.

Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru sami anjagèni ing wingkingipun, sampun ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang. Kyai Juru enggal anguculakên kuda èstri, kudanipun Arya Panangsang sarêng aningali kuda èstri lajêng bigar thakur-thakur, mobat-mabit, nujah-nujah, titihanipun Radèn Ngabèi lajêng bandhang ngantos sapambalang têbihipun. Radèn Ngabèi mèh dhawah lajêng angrangkul guluning kapal. Sarêng kapal sampun kèndêl, Radèn Ngabèi enggal tumurun sarta anuntun kapal. Radèn Ngabèi andhawahakên prasapa, “Besuk ing saturunku, yèn pêrang, aja ana kang nunggang jaran bêbathilan. Sabab bakal anêniwasi.”

Kapal sampun kasukakakên ing rencangipun, Radèn Ngabèi umangsah dharat, sarta amandhi waos Kyai Plèrèd. Sampun ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang. Arya Panangsang wicantên. “Sapa jênêngmu wong nonoman amapagake pêrangku, angur mundura, eman mênawa mati, Si Pajang undangên kang sanggup prang ijèn karo aku”, nanging titihanipun Arya Panangsang wau taksih mobat-mabit sarta thakur-thakur dados botên kobêrmapanakên waosipun.

Lajêng dipun waos dhatêng Radèn Ngabèi dhadha têrus ing gigir, kapalipun inggih sampun pêjah karampog, jisimipun lajêng dipun saèni dhatêng têtiyang ing Sela, Radèn Ngabèi waosipun pugut sabêras.

Botên antawis dangu Ki Mataun dhatêng angamuk, tinadhahan karampog ing têtiyang kathah sampun pêjah, sirahipun kakêthok lajêng dipun panjêr sapinggiring lèpèn.

Kala samantên sinangkalan 1471, anuntên bala ing Jipang dhatêng sagêgamanipun sakalangkung kathah, kandhêg sapinggiring lèpèn, sampun sami kamirêngan yèn gustinipun sarta Ki Mataun sampun pêjah, Radèn Ngabèi enggal ngandika sarta astanipun angawe saking pinggir kilèn bênawi, “Hèh wong Jipang yèn kowe durung sumurup, bêndaramu sarta pêpatihe wis padha mati, êndhase tak panjêr iki dêlêngên. Kang bakal korêbut apa, luwih bêcik padha nungkula bae marang aku, sabab kowe wong cilik. Amêsthi ora sumurup apa-apa, dene Ki Mataun patut yèn belaa mati, awit milu mukti ing bêndarane.”

Tiyang ing Jipang sadaya sarêng mirêng nuntên sami sumêja nungkul. Sampun sami ambongkoki gêgaman, lajêng sami anyabrang mangilèn, asowan ing Radèn Ngabèi, sampun kabêkta dhatêng ing pasanggrahan.

Sarêng ing wanci dalu Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi, sami pirêmbagan bab ingkang amêjahi Arya Panangsang, Ki Juru wicantên dhatêng Ki Pamanahan. “Kadospundi pamikir sampeyan. Sarèhning kang mêjahi Arya Panangsang Radèn Ngabèi, punapa badhe sampeyan aturakên ing sayêktosipun dhatêng kangjêng sultan.”

Ki Pamanahan amangsuli, “Ki ipe, tiyang dhasar punika ingkang mêjahi Arya Panangsang, kula inggih badhe matur ing sayêktosipun kemawon.”

Kyai Juru wicantên malih, ing pamanah kula prayogi sampeyan kang angangkênana mêjahi dhatêng Arya Panangsang, kalih Ki Panjawi, mila makatên, ing samangsanipun sampeyan aturakên Radèn Ngabèi kang mêjahi Arya Panangsang, botên wande badhe dipun ganjar busana kang adi-adi kemawon sapanunggilanipun. Mêsthi badhe botên kaganjar nagari, sabab Radèn Ngabèi punika taksih lare, amêsthi rêmên ing busana kang sae-sae, kaping kalihipun sampun kapundhut putra pambajêng ing kangjêng sultan. Amêsthi kangjêng sultan kenging angganjar ing sakarsa-karsanipun kemawon. Bilih sampeyan kang ngangkêni, sarta Ki Panjawi, inggih badhe siyos tampi ganjaran nagari ing Pathi lan Mataram.”

Ki Pamanahan lan Panjawi sarêng mirêng wicantênipun Ki Juru salangkung bingahmanahipun, sarta amiturut. Utawi Radèn Ngabèi inggih sampun miturut ing pirêmbag wau sarta lajêng dipun umumakên dhatêng balanipun sadaya, yèn ingkang amêjahi Arya Panangsang Ki Pamanahan lan Ki Panjawi.

Ing enjingipun nuntên bidhal saking ngriku sumêja sowan ing Sultan Pajang sarta angirit tiyang Jipang kang sami têluk. Sadhatêngipun ing ngarsane Kangjêng sultan, enggal kadangu, “Kakang Panjawi Pamanahan, napa dika padha oleh gawe ?”

Ki Pamanahan matur, yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi prang dipun but kalih, lan Ki Panjawi, sarta angaturakên tiyang Jipang kang sampun sami nungkul. Kangjêng sultan sakalangkung suka, lajêng andangu dhatêng Mantri ing Jipang, “Mantri Jipang, Si Arya Panangsang biyèn duwe sadulur nom, jênênge Arya Mataram. Samêngko ana ngêndi ?”

Mantri Jipang matur nêmbah, “Gusti, kalanipun Arya Panangsang badhe mangkat pêrang, Arya Mataram matur anggêgondhèli, ingkang raka kapurih angêntosana bala, nanging lajêng dipun dukani kathah-kathah dhatêng ingkang raka, Arya Mataram sakit manahipun lajêng kesah, kula botên sumêrêp ing purugipun.”

Kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Pamanahan,“Kakang êmpun bangêt tarima kula marang dika lan marang si kakang Panjawi, mungguh ganjaran kula nagara ing Pathi lan Mataram, dika dum dhewe lan Ki Panjawi, sarèhning dika kang tuwa kula lilani yèn miliha dhingin, pundi kang dikasênêngi.”

Ki Pamanahan matur, “Sarèhning kula dados sêpuh pantês angawon. Kula milih kang taksih dados wana kemawon. Pun adhi Panjawi anampanana ing Pathi kang sampun dados nagari, sarta kathah tiyangipun. Kula ing Matawis ingkang taksih dados wana.”

Sultan ngandika malih, “Yèn êmpun padha narima ing sakarone, si kakang Panjawi tumuli mangkata marang ing Pathi saka ing ngriki kemawon. Nagara ing Pathi dèn tataa kang bêcik. Dene nagara Mataram besuk yèn kula êmpun mulih marang ing Pajang bakal kula wèhake marang si kakang Pamanahan. Lan malihe kakang Pamanahan, dika êmpun mulih barêng lan kula, dika mênyang ing Danaraja dhingin, angaturana uninga marang kakang bok, yèn Si Arya Panangsang êmpun mati dene dika lan Si kakang Panjawi, kakang bok kula aturi luwar anggènipun tapa, tumuli ngagêma sinjang, dika êmpun lawas-lawas, nuli dika mulih.”

Ki Pamanahan aturipun sandika, lajêng sami mangkat, kangjêng sultan kondur dhatêng Pajang, Ki Panjawi dhatêng ing Pathi, Ki Pamanahan dhatêng ing rêdi Danaraja. Lampahipun Ki Panjawi sampun dumugi ing Pathi, lajêng anama Kyai Agêng Pathi sarta sampun mukti, kala samantên kathahipun têtiyang ing Pathi salêksa.

Dene lampahipun Ki Pamanahan inggih sampun dumugi ing rêdi Danaraja, lajêng matur dhatêng Ratu Kalinyamat, yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi pêrang kalihan piyambakipun sarta Panjawi. Ratu Kalinyamat sarêng mirêng sakalangkung bingah manahipun, enggal angagêm sinjang sarta lajêng ngandika, “Sokur adhi yèn Si Jipang wis mati dening kowe, sarta kowe wis wajib dakngèngèri, ing mêngko nagara Kalinyamat lan ing Prawata tampanana.”

Ki Pamanahan matur, “Bakyu, kula sampun dipun ganjar nagari Matawis. Pun adhi Panjawi ing Pathi, dene nagari ing Kalinyamat lan Prawata inggih katura ing rayi sampeyan kangjêng sultan kemawon.”

Ratu Kalinyamat ngandika malih, “Adhi, yèn kaya mangkono, rajabranaku iki kabèh bae tampanana, gawenên mragadi ênggonmu bakal andandani nagara Mataram.”

Ki Pamanahan matur, “Rajabrana punika kula inggih botên ajêng, sadaya inggih prayogi katur ing kangjêng sultan, amung ingkang nama pusaka kemawon, kenginga kula suwun piyambak ing sampeyan.”

Ratu Kalinyamat ngandika sarta angulungakên. “Ênya adhi, amung rupa ali-ali loro iki pusakaku, kang siji mirah, jênêng Si Mênjanganbang, kang siji intên, jênêng Si Uluk.”

Ki Pamanahan nampèni sarta matur nuwun. Ratu Kalinyamat ngandika malih, “Nanging wêkasku adhi, dirêmit ênggonmu angrawati pusaka iku, supaya yayi prabu aja sumurup. Ing samangsane kongsi kawuningan, amêsthi bakal andadekake ing kaluputanamu, karo dene wong wadon iki tampanana kabèh, iku kabèh tilas sêsêngkêrane kakangmu swargi ing Kalinyamat lan Prawata, aku ngèngèhana kang tuwa-tuwa bae, supaya anaa kang angladèni aku.”

Ki Pamanahan aturipun sandika, lajêng pamit sarta ambêkta tiyang èstri tuwin, rajabrana, lampahipun Ki Pamanahan mampir ing Sêsela, anantun dhatêng para santananipun, kaajak gêgriya ing Matawis. Para santananipun ing Sêsela wau ingkang sami trêsna inggih lajêng sami tumut, kathahipun kalih bêlah atus.

Ki Pamanahan sampun bidhal saking ing Sêsela, dumuginipun ing Pajang lajêng sowan ing kangjêng sultan, angaturakên ênggènipun kautus dhatêng ing rêdi Danaraja, sarta angaturakên rajabrana tuwin tiyang èstri kang saking Kangjêng Ratu ing Kalinyamat. Sultan Pajang ngandika, “Bangêt panarima kula kakang marang dika, olèh-olèh dika niku dika êpèk dhewe, kula botên ajêng, sabab kêkaya dika marang kula êmpun akèh, patine Si Arya Panangsang sarta sanagarane, amung wong wadon iku kemawon kula pilihane, mênawa ontên kang kula sênêngi bakal kula pundhut.”

Ki Pamanahan aturipun sakalangkung ing panuwunipun, sarta sawarninipun tiyang èstri wau inggih lajêng sami kasowanakên ing ngarsanipun kangjêng sultan. Kangjêng sultan inggih nuntên amilih, amung satunggil ingkang dipun sênêngi, nanging taksih alit. Sultan ngandika dhatêng Ki Pamanahan, “Kakang, bocah wadon siji niku kemawon kula pundhut, nanging kula titipake marang dika, dika rêksa kang bêcik, besuk yèn êmpun birahi kula pundhut dika aturake marang kadhaton.”

Ki Pamanahan aturipun sandika. Kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Pamanahan, “Kakang, dika mulih kemawon dhingin. Besuk yèn kula miyos sinewaka, tanah Mataram bakal kula paringake marang dika.”

Ki Pamanahan aturipun sandika inggih lajêng mantuk.

Kacariyos sampun langkung saking antawis ing laminipun, kangjêng sultan ing sabên-sabên inggih miyos sinewaka, nanging botên ngandika bab tanah Matawis. Ki Pamanahan sangêt-sangêt ing pangajêng-ajêngipun anggènipun badhe tampi ganjaran tanah ing Matawis. Kyai Juru tansah pitutur akèn sabar, sabab botên wontên adatipun ratu cidra ing pangandikanipun, nanging Ki Pamanahan sampun isin aningali ing tiyang kathah sarta èngêt ing sakiting manahipun dhatêng kangjêng sultan, amargi dipun cidrani.

Kala samantên Ki Pamanahan kesah saking nagari adhêdhêkah ing dhusun Kêmbang Lampir amêrtapa wontên ing ngriku, sarêng sampun antawis lami, anuntên Susunan Kalijaga têdhak dhatêng Kêmbang Lampir, atêtuwi ing Ki Pamanahan. Ki Pamanahan enggal anyungkêmi ing sukunipun sang pandhita, sampun sami tata lênggah, sang pandhita ngandika, “Yagene sira têka dhêdhukuh ana ing kene, aninggal marang si thole ing Pajang.”

Ki Pamanahan matur, “Kilap punapa sampeyan, ing sadèrèngipun kula matur, amêsthi sampeyan sampun sumêrêp.”

Sang pandhita mèsêm sarwi ngandika, “Ingsun ya wis wêruh kang dadi karêpira, sira aja susah tutur, payo sira milua marang ingsun, ingsun sebakake marang si thole ing Pajang, sarèhning sira sadulur tunggal guru karo si thole ing Pajang, ingsun amêsthi patut angrukuna ênggone padha saduluran. Supaya aja ana kang bênggang ing karêp.”

Sang pandhita wau lajêng mangkat dhatêng Pajang, Ki Pamanahan inggih andhèrèk. Dumarojog dhatêng ing kadhaton, botên mawi larapan. Sultan pinuju lênggah, sarêng aningali sang pandhita dhatêng enggal amêthuk, sarta anyungkêmi sukunipun. Nuntên kabêkta lênggah, sang pandhita ngandika dhatêng kangjêng sultan, “Thole sultan, yagene sira cidra ing jangjinira marang kakangira Pamanahan. Sira wis sanggup angganjar tanah Mataram timbangane ing Pathi, kakangira Ki Panjawi wis anampani ing Pathi, Ki Pamanahan durung anampani ing Mataram.”

Sultan Pajang matur, “Milanipun ing Matawis dèrèng kula sukakakên dhatêng kakang Pamanahan, dene taksih cêngkar bana, lan sakêdhik tiyangipun. Sêja kula pun kakang Pamanahan badhe kula sukani nagari sanèsipun, kula pilihakên kang sampun kathah tiyangipun, sarta kang rêja.”

Sang pandhita sampun sumêrêp ingkang dados pakèwêding galihipun Sultan Pajang, nanging botên purun amêlèhakên. Sang pandhita lajêng ngandika, “Yagene sultan, Ki Pamanahan badhe sira wèhi nagara liya, wong wis dadi jangjinira dhewe, yèn ing Pathi lan Mataram iku kang môngka ganjaran. Ing samangsane Ki Pamanahan sira wèhi nagara liyane ing Mataram. Dadi sira kêna diarani ratu cidra, ing saiki tumuli ing Mataram paringna marang Ki Pamanahan, supaya aja ana kang marêngut, tulusa ênggonira saduluran.”

Sultan Pajang dangu anggènipun botên amangsuli dhatêng sang pandhita akèndêl kemawon. Yèn sampuna ajrih ing guru, amêsthi ing Mataram botên siyos kaparingakên dhatêng Ki Pamanahan. Ing wêkasan alon matur, “Milanipun ing Matawis badhe botên kula sukakakên dhatêng kakang Pamanahan, kula mirêng wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Matawis benjing badhe wontên ingkang jumênêng ratu agêng kados kula.”

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s