Babad Tanah Djawi (9)


Gagak Rimang

Lampahipun Sultan Pajang sampun dumugi ing Kudus, kandhêg wontên ing alun-alun. Sampun angaturi uninga dhatêng Sunan Kudus. Sunan Kudus lajêng andhawahi Pangeran Arya Panangsang, êndikakakên manggihi ing Sultan Pajang, sami pinaraka wontên ing pasowan, angêntosana miyosipun Sunan Kudus dhatêng ing pasowan. Arya Panangsang inggih sampun dandos angatos-atos, nuntên mêdal pinarak ing pasowan, sabalanipun tiyang pêpilihan sami wontên ing wingkingipun. Karsanipun Arya Panangsang, samangsanipun Sultan Pajang dhatêng badhe dipun tingali dhuwungipun, lajêng kasudukakên, rencangipun lajêng sami tumut angêrocok.

Dene Sultan Pajang wau inggih sampun dipun dhawahi dhatêng utusanipun Sunan Kudus, andikakakên pinarak wontên ing pasowan kalihan Arya Panangsang, Sultan Pajang inggih lajêng pinarak wontên ing pasowan. Ki Panjawi lan Ki Pamanahan sarta Radèn Ngabèi Saloring Pasar sami angampingi kiwa têngên ragi wingking sarta sami angatos-atos. Sultan Pajang lênggah ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang, sami sawang-sinawang, Arya Panangsang nuntên pitaken dhatêng Sultan Pajang,

“Adhi, sampun lami kula botên kêpanggih kalihan sampeyan, sapunika asêsarêngan sowan wontên ing ngriki, mênggah kang sampeyan agêm punika dhuwung ingkang pundi.”

Sultan Pajang amangsuli, “Dhuwung kula lami.”

Arya Panangsang wicantên malih, “Pundi adhi, kula badhe ningali ing dhuwung sampeyan.”

Wangkingan lajêng dipun unus, Ki Pamanahan enggal anjawil. Sultan Pajang anggraita, wangkingan sampun kaulungakên dhatêng Arya Panangsang, Sultan Pajang enggal anarik cothèn sarwi wicantên. “Kakang Arya Panangsang, taksih sae dhuwung kula punika, angungkuli kang sampeyan tingali puniku”

Arya Panangsang mèsêm sarwi wicantên,“Tingal kula kang kula cêpêngi punika inggih sae.”

Sultan Pajang sumaur, “Ingkang kula cêpêng punika nama Kyai Carubuk, sanajan sami sae taksih ampuh pun Carubuk, luwangipun kang sampun kalampahan sok bucêka mêsthi pêjah.”

Kasaru wêdalipun Sunan Kudus, aningali kang sami lênggah angliga dhuwung, Sunan Kudus enggal anyêlaki sarwi ngandika, “Iki ana apa dene padha angliga kris. Apa arêp balantikan, apa arêp ijol kêris.Kêbat padha wrangkakna, ora bêcik didêlok ing wong akèh.”

Dhuwung inggih lajêng kawangsulakên dhatêng Sultan Pajang sarta sampun sami kasarungakên. Arya Panangsang wicantên, “Layak durung pêsthine ênggonku bakal gawe rôndha.”

Sultan Pajang inggih wicantên, “Baya durung pêsthine ênggonku bakal awèh pakaning gagak.”

Sunan Kudus ngandika, “Wis aja padha kodawakake cêlathumu iku, padha atuta nggonmu padha duwe sadulur.Samêngko wis padha muliha marang pasanggrahamu dhewe-dhewe, besuk samangsane para bupati wis padha pêpak, kowe padha daktimbali.”

Sultan Pajang sarta Arya Panangsang lajêng sami mantuk dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Arya Panangsang pasanggrahanipun sawetan bêngawan Sore, Sultan Pajang pasanggrahanipun sakilèn bêngawan Sore, utawi bala ing Pajang ingkang sami lumampah ing wingking inggih sampun sami dhatêng.

Ing wanci dalu Sultan Pajang pinarak kalihan Ki Pamanahan sarta Ki Panjawi, Ki Pamanahan matur, “Kula mirêng wartos, ing sasedanipun Sunan Prawata lan raka jêngandika ing Kalinyamat, punika bok ayu jêngandika ing Kalinyamat sangêt ênggènipun prihatos, amartapa wontên ing rêdi Danaraja sarta awêwuda, pangandikanipun botên karsa ngagêm sinjang yèn Arya Panangsang dèrèng pêjah, mênawi sampeyan karsa, sumôngga sami têtuwi.”

Sultan Pajang anurut ing aturipun Ki Pamanahan. Inggih lajêng lumampah dhatêng ing rêdi Danaraja ing wanci dalu, ingkang andhèrèk Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Radèn Ngabèi Loring Pasar, dhatêngipun ing rêdi Danaraja kandhêg wontên ing paregolan, sampun kaaturakên dhatêng Ratu Kalinyamat, yèn Sultan Pajang badhe kêpanggih.

Dhawahipun Ratu Kalinyamat, “Enggal aturana, nanging surupêna dhingin, yèn aku ora bisa anêmoni sap mata, aturana lênggah sajabaning kobongan bae”

Abdi ingkang kadhawahan wau inggih enggal angaturi ing Sultan Pajang, Sultan Pajang lan rencangipun têtiga inggih sampun sami lumêbêt, alênggah sajawining kobongan.

Ratu Kalinyamat alon ngandika, “Yayi prabu, apa ingkang dadi karsamu, dene kowe tilik mrene”

Sultan Pajang matur, “Bakyu, sowan kula mriki, awit kula mirêng pawartos, yèn sampeyan tilar nagari atapa wontên ing rêdi Danaraja ngriki sarta botên karsa ngagêm sinjang, punika punapa ingkang dados prihatos sampeyan. Mênggah sedanipun kakang ing Kalinyamat tiyang sampun pinêsthi karsa Allah, mênawi parêng mugi sampeyan bucal ênggèn sampeyan prihatos.”

Ratu Kalinyamat ngandika, “Bangêt panrimaku yayi, ênggonmu amituturi marang aku, nanging wong ujarku wis katrucut kapriye, aku ora nganggo tapih yèn Si Arya Jipang durung mati.Sanajan aku kongsia tumêka ing pati, ya daklakoni, malah têkamu mrene iku bangêt ênggonku bungah, sarèhning aku wong wadon, sapa kang dakjaluki pitulung angilangi prihatinku, kajabane kowe, sabab aku wis ora duwe sadulur manèh.Yèn kowe bisa amatèni Si Arya Panangsang, nagara ing Kalinyamat lan ing Prawata utawa rajabranaku kabèh kaduwea marang kowe, sarta aku angèngèr marang kowe.”

Sultan Pajang matur, “Bakyu, kula ajrih amêngsah pun Arya Jipang, sabab sangêt ênggènipun sakti sarta têguh.”

Ratu Kalinyamat ngandika, “Adhi, sapa kang daktêtangisi liyane saka kowe, dadi ênggonmu tilik mrene iku tanpa gawe.”

Ki Pamanahan matur bisik-bisik ing Sultan Pajang, “Mênawi pikajêngan kula prayogi dipun pikir rumiyin. Sampeyan sumadosa ing sadalu mangke karêmbag. Benjing enjing sumôngga sami wangsul.”

Sultan Pajang inggih anurut, lajêng matur kamanah ing sadalu mangke, Ratu Kalinyamat ngandika, “Iya adhi, sesuk balia mrene têmênan, aku angarêp-arêp.”

Sultan Pajang sampun pamit mantuk dhatêng pasanggrahan, Ki Pamanahan tumut andhèrèk konduripun Sultan Pajang, nanging nuntên wangsul kêpanggih lan Ratu Kalinyamat, sarta lajêng tinakenan. “Adhi Pamanahan, apa ana gawemu dene kowe bali mrene”

Ki Pamanahan matur, “Bakyu, kula badhe ngaturi pratikêl dhatêng ing sampeyan, bab anggèn sampeyan mundhut pitulung dhumatêng Sultan Pajang.Kala wau kula ningali abdi sampeyan èstri kêkalih, sami ayu warninipun. Punika benjing-enjing sami sampeyan paèsi, yèn Sultan Pajang dhatêng mriki sampeyan kèn linggih cakêt kobongan ngriki, mila makatên, watêkipun Sultan Pajang yèn aningali tiyang èstri ayu lajêng gadhah kakêndêlan, amêsthi lajêng sagah amêjahi dhatêng Arya Jipang, yèn tiyang èstri wau sampeyan paringakên. Amung punika ênggèn kula prêlu wangsul mriki.”

Ratu Kalinyamat mèsêm sarwi ngandika, “Bangêt panarimaku adhi, ênggonmu awèh pratikêl mêngkono iku, sarta bakal tak turuti.”

Ki Pamanahan sampun pamit mantuk dhatêng ing pasanggrahan.

Ing enjingipun Sultan Pajang apirêmbagan kalihan Ki Panjawi lan Pamanahan. Sultan Pajang ngandika, “Kadospundi kang dados rêmbag dika prakawis pamundhute pitulung kakang bok ing Kalinyamat.”

Ki Pamanahan matur, “Ing pamanah kula prayogi dipun sagahi, sabab ingkang kawajiban têtulung amung sampeyan. Sampeyan môngsa kêkirangana budi, abdi sampeyan para bupati sapangandhap sami tinantun, sintên kang sagêd amêjahi Arya Jipang, sampeyan êbang kaganjar nagari tuwin rajabrana, mokal yèn botên wontêna kang sagah.”

Sultan sarêng mirêng ature Ki Pamanahan sakalangkung lêga galihipun. Lajêng ngandika, “Kakang mangke dalu sawêg sami wangsul. Kakang bok mêsakake, supados mantuna susahipun.”

Sarêng ing wanci dalu lajêng sami mangkat dhatêng ing rêdi Danaraja, sadhatêngipun ing ngriku Sultan Pajang kagèt aningali tiyang èstri ayu kêkalih, sami alênggah sakiwa têngêning kobongan. Sultan sangêt kagimir ing galihipun, lajêng nolih pitakèn dhatêng Ki Pamanahan,“Kakang, tiyang ayu kalih punika bojone sintên. Dene rupine ayu têmên. Kula dèrèng nate tumon.”

Ki Pamanahan matur, “Pandugi kula kalangênanipun raka jêngandika ing Prawata suwargi”

Sultan Pajang ngandika malih, “Upaminipun kula suwun, kakang bok punapa parêng”

Ki Pamanahan matur, “Pangandikanipun bok ayu jêngandika rumiyin, sampun ingkang warni tiyang èstri, sanajan sanèsipun inggih parêng, yèn sampeyan sagêd anglêgani ing pamundhutipun.”

Ratu Kalinyamat nuntên andangu dhatêng Sultan Pajang, “Kêpriye adhi, têkamu mrene iku apa wis olèh pikir kang prayoga ing panjalukku wingi.”

Sultan Pajang matur, “Bakyu, sampeyan sampun kuwatos, ingkang eca kemawon galih sampeyan. Kula kang sagah mêjahi pun Arya Panangsang, nanging tiyang èstri kêkalih punika kula suwun, kang sami lênggah cakêt kobongan.”

Ratu Kalinyamat ngandika, “Adhi, aja sing wong wadon iku yèn ora dakwèhêna, sanajan nagara Kalinyamat lan ing Prawata utawa rajabranaku kabèh ya dak wènèhake, sok uga kowe anglêganana ing panjalukku.” èstri kêkalih wau lajêng kaparingakên, êndikakakên sami lênggah ing ngarsanipun sultan. Inggih sampun sami majêng alênggah tumungkul. Mênggah èstri kêkalih punika sayêktosipun taksih gadhah laki, semahipun kajinêman ing Prawata.

Sultan Pajang sarêng sampun tampi èstri kêkalih lajêng matur, “Bakyu, sampun sumêlang galih sampeyan. Pun Arya Jipang amêsthi pêjah dening kula. Ratu Kalinyamat ngandika, iya adhi, sapa kang dakandêlake kajabane kowe.”

Sultan Pajang sampun pamit kondur dhatêng pasanggrahan, sarta ambêkta èstri kêkalih. Wondene kajinêman ingkang gadhah bojo wau ing wanci dalu sami anyidra dhatêng Sultan Pajang, sarta ambêkta prikancanipun kajinêman tiga dados tiyang sakawan. Sultan pinuju sare, lajêng dipun suduki dhatêng kajinêman sakawan, nanging botên pasah, ing sawungunipun sultan, kajinêman sakawan sami angaturakên tobat. Sultan inggih aparing pangapuntên sarta sami kalilan mantuk, lan sampun anglilakakên bojonipun.

Ing enjingipun Sultan Pajang andhawahakên parentah dhatêng abdinipun sadaya, sintên ingkang purun amêngsah sarta sagêd amêjahi dhatêng Arya Jipang, Sultan badhe angganjar nagari ing Pathi lan ing Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri botên wontên ingkang sagah, sabab sami ajrih dhatêng Arya Panangsang. Sultan Pajang nuntên dhawah angundhangakên dhatêng sawarninipun tiyang ing nagari tuwin tiyang dhusun. Sanajan tiyang pangarit, yèn sagêd amêjahi Arya Panangsang, amêsthi kaganjar nagari ing Pathi lan Mataram.

Kacariyos Ki Panjawi lan Ki Pamanahan, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi Loring Pasar, pinuju sami kalêmpakan wontên griyanipun Ki Pamanahan. Ki Juru pitakèn wartos. Ki Pamanahan sumaur, “Kala wau sang nata andhawahakên sayêmbara, sintên tiyang ingkang amêjahi Arya Panangsang, amêsthi dipun ganjar nagari ing Pathi lan Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri sami ajrih sadaya, dados dèrèng wontên tiyang ingkang gadhah kasagahan.”

Ki Juru wicantên malih, “Rêmbag kula prayogi sampeyan sagah tiyang kêkalih lan Ki Panjawi, sabab nagari ing Pathi lan Mataram wau eman sangêt yèn ngantosa kenging ing tiyang sanès.”

Ki Pamanahan sumaur, “Ki ipe, gampil yèn tiyang tampi ganjaran mêkatên, balik ênggènipun mêjahi Arya Panangsang kadospundi.”

Ki Juru Martani wicantên malih, “Upami tiyang ngabên sawung, yèn botohipun sagêd, amêsthi sawungipun inggih mênang, makatên malih tiyang pêpêrangan, yèn dhasar sagêd anggènipun angreka senapatinipun, amêsthi pêrangipun inggih mênang, sarèhning kula sampun sumêrêp ing watêkipun Arya Panangsang, sangêt ing wantêripun sarta panasbaran. Pikajêngan kula, Arya Panangsang wau badhe kula kintuni sêrat panantang, kula purih dhatênga piyambak, sampun ambêkta bala, yèn sampun dhatêng lajêng kula karubut lan santana kula sadaya, amêsthi inggih pêjah, bilih sampeyan sampun marêngi ing pirêmbag kula punika benjing-enjing sumôngga sami sowan.”

Ki Pamanahan lan Ki Panjawi inggih sami miturut ing pirêmbag wau.

Sarêng enjing tiyang sakawan lajêng sami sowan. Para bupati mantri inggih sampun pêpak sami sowan. Sultan andangu dhatêng para bupati, sapa kang sanggup amungsuh sarta amatèni marang Arya Panangsang, aturipun para bupati botên wontên ingkang sagah. Ki Pamanahan matur, “Kula kalihan pun adhi Panjawi ingkang sagah amêngsah prang lan pun Arya Jipang, panjênêngan dalêm aningalana saking katêbihan kemawon. Ingkang anadhahi pêrangipun kula piyambak lan santana kula, mila makatên, samangsanipun panjênêngan dalêm katingal dhatêng pun Arya Panangsang, amêsthi panjênêngan dalêm kemawon kang dipun têmpuh, botên angopèni ing tiyang kathah.”

Sultan Pajang sarêng mirêng sakalangkung suka sarwi ngandika, “Sokur kakang, dika piyambak ingkang sagah amêngsah pun Arya Jipang, nagari ing Pathi lan Mataram êmpun kaliya, lan reka dika kadipundi.”

Ki Pamanahan matur, “Benjing-enjing bala ing Pajang sadaya sami angrakita gêgaman. Nanging wontêna ing pasanggrahan kemawon. Kula lan sasantana kula piyambak ingkang lumampah prang.” Sultan inggih anuruti ing aturipun Ki Pamanahan.

Sarêng enjing Ki Pamanahan lan Panjawi, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi Loring Pasar sarta sakulawangsanipun sadaya, watawis tiyang kalih atus. Lajêng sami mangkat dhatêng sakilèning banawi cakêt, sarta sampun sami angatos-atos. Ki Pamanahan kalih KiPanjawi, tiga Ki Jurumartani, lajêng sami kesah tanpa bala, anjujug panggenan pangaritan, angupados pakathik ngarit. Nuntên wontên pakathik mêncil satunggal. Lajêng dipun pitakèni dhatêng Ki Pamanahan “Kowe iki pangarite sapa”

Ki pakathik sumaur, “Kula gamêlipun Adipati Jipang, ingkang angêritakên titihanipun anama Gagak Rimang”

Ki Panjawi sarêng mirêng yèn punika gamêlipun Arya Panangsang, enggal dipun tubruk dhatêng Ki Panjawi, pakathik botên sagêd polah.

Ki Pamanahan wicantên sarta mèsêm,“Ki sanak, kula nêdha maklum dika, kuping dika niku kula jaluke sisih kemawon.”

Ki pakathik sumaur, “Ah puniku dede padu, kuping ajêng dika jaluk. Angur dika mundhuta kranjang sarta arit, pêsthi kula sukakakên.”

Ki Pamanahan wicantên malih, “Yèn dika botên awèh kula jaluk, ênggih bakal kula tuku, sapintên rêgane.”

Ki pakathik sumaur, “Sanajan dika tukua kula inggih botên awèh, kula botên melik yatra, lan saumur kula dèrèng nate wade kuping.”

Ki Pamanahan wicantên malih, “Angur êndi kowe tak tuwêk.” Pakathik inggih lajêng nyumanggakakên kupingipun. Nuntên dipun paringi yatra gangsal wêlas reyal, kupingipun pinêrung sasisih, ingkang sasisih kinanthilan sêrat panantang, dipun kèn ngaturakên ing gustinipun.

Ki pakathik nuntên lumajêng mantuk dhatêng wetan banawi, sadhatêngipun ing pasanggrahan anêrak abdinipun Arya Panangsang kang sami sowan. Pêpatih ing Jipang anama Ki Mataun sakalangkung kagèt, aningali pakathikipun sang dipati agubras rah, kupingipun pinêrung sasisih sarta kakalung sêrat, lumajêng sumêja sowan ing gustinipun. Nuntên dipun kèn nyêpêng dhatêng Ki Mataun, badhe dipun pitakèni, ki pakathik budi, kêdah lumêbêt sowan ing gustinipun.

Kala samantên Arya Panangsang pinuju dhahar, kagèt mirêng rame ing jawi, lajêng akèn nimbali Ki Mataun. Arya Panangsang ngandika, “Mataun, apa kang dadi rame-rame ing jaba iku ?”

Ki Mataun matur, “Bêndara, mugi sampeyan dumugèkakên ênggèn sampeyan dhahar, mangke kemawon kula matur, sabab wartos botên sae.”

Mila Ki Mataun matur makatên, sabab sumêrêp watêking gustinipun, yèn sangêt panasbaran sarta kêndêl. Samangsanipun sampun sumêrêp ing wartos wau botên wande nuntên mangkat atilar bala.

Arya Jipang ngandika, “Mataun enggal tutura marang aku aja anganggo wêdi”

Ki Mataun inggih dèrèng purun, matur kèndêl kemawon. Nuntên pakathik wau ucul ênggènipun sami nyêpêngi, lumêbêt sowan ing ngarsanipun sang adipati.

Arya Jipang enggal andangu, “Ikuwong apa dene awake gubras gêtih.”

Ki Mataun matur sarwi nêmbah, “Inggih punika ingkang dados gumêdêr ing jawi wau.Gamêl sampeyan dipun pêrung kupingipun sasisih, sarta kinalungan sêrat.”

Sêrat lajêng pinundhut tinampèn ing asta kiwa, astanipun têngên taksih angêpêl sêkul. Sêrat winaos, ungêlipun,

—— pèngêt, layang ingsun Kangjêng Sultan Pajang, tumêkaa marang Arya Panangsang, liring layang, yèn sira nyata wong lanang sarta kêndêl, payo prang ijèn, aja anggawa bala, nyabranga marang sakulon bêngawan saiki, sun êntèni ing kono. ——–

Arya Panangsang sasampuning maos sêrat sakalangkung dukanipun.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s