Babad Tanah Djawi (8)


arya penangsang

Kacariyos ing Dêmak wontên dhalang ringgit purwa, anama Ki Bicak, bojonipun sakalangkung ayu, punika dipun tanggap dhatêng Ki Agêng Sela, Kyai Agêng sarêng aningali semahing dhalang sangêt ênggènipun rêmên. Dhalang Ki Bicak lajêng pinêjahan. Ringgit sarta bêndhe tuwin semahipun sami kapêndhêt dhatêng Kyi Agêng Sela, Ki Agêng sarêng sampun angsal bêndhe botên siyos rêmên dhatêng semahipun dhalang Ki Bicak. Sangêt kasêngsêmipun dhatêng bêndhe, bêndhe wau kanamakakên Kyai Bicak. Sarta lajêng kaidèn ing Kangjêng Sunan Kalijaga, yèn bêndhe wau badhe dados wasiyat karaton, sarta badhe dados têngêraning prang, yèn bêndhe wau katabuh mungêl ngungkung, amêsthi badhe unggul prangipun. Yèn katabuh botên mungêl, pratôndha badhe asor prangipun.

Kala samantên Kyai Agêng Sela pinuju angêmban putranipun alit, dipun aring-aringi cêlak wontên ing têtanêmanipun waluh, Kyai Agêng anyamping cindhe botên mawi paningsêt. Nuntên mirêng rame-rame alok tiyang ngamuk. Kyai Agêng niyat badhe mantuk, anyèlèhakên putranipun. Nanging tiyang ngamuk kasêlak dhatêng, lajêng anyuduki dhatêng Ki Agêng, Kyai Agêng botên pasah, nanging Kyai Agêng kasrimpêd ing wit waluh dhawah kalumah, nyampingipun cindhe udhar saking badanipun dados wuda, Kyai Agêng nuntên tangi, tiyang ngamuk dipun tampiling pêcah sirahipun sampun pêjah, Kyai Agêng lajêng andhawuhakên prasapa, benjing ing saturun-turunipun sampun wontên kang nyamping cindhe, sarta ananêm waluh tuwin adhahar wohipun.

Kacariyos Kyai Agêng Sela sampun pêputra pitu, sampun sami krama, satunggil nama Nyai Agêng Lurung Têngah, kalih Nyai Agêng Saba, tiga Nyai Agêng Bangsri, sakawan Nyai Agêng Jati, gangsal Nyai Agêng Patanèn. Nênêm Nyai Agêng Pakisdadu, wuragilipun jalêr nama Kyai Agêng Ngênis. Sarêng sampun pêputra pitu Kyai Agêng Sêsela seda, dene Kyai Agêng Ngênis wau inggih sampun pêputra jalêr satunggal, anama Kyai Pamanahan, sampun kakramakakên angsal putranipun Kyai Agêng Saba ingkang pambajêng, ingkang wuragil jalêr, anama Kyai Juru Martani, dados Kyai Pamanahan wau kalihan Kyai Juru Martani kaprênah nak-sanak dados ipe.

Kyai Agêng Ngênis amêndhêt anak angkat satunggil jalêr, kaprênah kaponakan misan, anama Ki Panjawi, kasadherekakên kalihan Ki Pamanahan tuwin Ki Juru Martani, atut ênggènipun saduluran. Tiyang têtiga wau ing sapurugipun inggih botên pisah, lajêng sami anggêguru ing Sunan Kalijaga, sêsarênganipun anggêguru Kangjêng Sultan Pajang, karsanipun Sunan Kalijaga, Sultan Pajang kasadulurakên kalihan tiyang têtiga wau, inggih sakalangkung sae anggènipun saduluran, sampun kados sadulur tunggil rama ibu. 

Anuntên karsanipun Sultan Pajang Ki Agêng Ngênis kaaturan gêgriya ing Lawiyan. Ki Agêng inggih sampun adhêdhêkah wontên ing Lawiyan. Sarêng sampun lami Kyai Agêng Ngênis seda, inggih kakubur ing Lawiyan ngriku. Ki Pamanahan sarta Ki Panjawi sampun kaabdèkakên ing Sultan Pajang, kadadosakên lurah tamtama, sakalangkung kanggêp pangawulanipun, kapitadosan rumêksa pakèwêdipun ing nagari Pajang, sarta sami dipun basani kakang dhatêng Sultan Pajang, wondene Kyai Juru damêlipun amung momong dhatêng Ki Panjawi lan Ki Pamanahan. Ingkang dados pêpatih ing Pajang Ki Mas Mônca, anama Tumênggung Môncanagara, Ki Wila lan Ki Wuragil sami dados bupati.

Kacariyos Ki Pamanahan sampun apêputra pitu, ingkang jalêr gangsal, ingkang èstri kêkalih, pambajêngipun anama Radèn Jambu, kalih Radèn Bagus. Tiga Radèn Santri, sakawan Radèn Tompe, gangsal Radèn Kadhawung, nênêm èstri, krama angsal Tumênggung Mayang, wuragilipun èstri taksih alit. Kala samantên Kangjêng sultan Pajang dèrèng apêputra, putranipun Ki Pamanahan kang nama Radèn Bagus wau kapundhut putra pambajêng dhatêng Sultan Pajang, sakalangkung dipun sihi, sampun kados putranipun piyambak. Karsanipun Sultan Pajang kadamêl lanjaran, supados tumuntêna gadhah putra piyambak.

Ing waktu punika têtiyang Jawi kathah kang sami rêmên anggêguru lampahing agami Rasul, tuwin anggêguru kadigdayan sarta katêguhan. Guru wau ingkang sampun misuwur kêkalih, satunggil Kangjêng Sunan Kalijaga, kalih sunan ing Kudus. Sunan Kudus wau muridipun têtiga, satunggil Pangeran Arya Panangsang ing Jipang, kalih Sunan Prawata, tiga Sultan Pajang, ingkang dipun sihi piyambak Pangeran Arya Panangsang, kala samantên Sunan Kudus pinuju lênggah ing dalêmipun kalihan Pangeran Panangsang, Sunan Kudus ngandika dhatêng Arya Panangsang, wong ngalapdho guru iku ukume apa.

Arya Jipang matur alon. Ukumipun pinêjahan. Sarèhning kula dèrèng sumêrêp, sintên ingkang gadhah lampah mêkatên punika. Sunan Kudus ngandika, kakangmu ing Prawata. Arya Panangsang sarêng mirêng dhawahipun Sunan Kudus lajêng sagah badhe amêjahi ing Sunan Prawata, nuntên angutus abdinipun kajinêman, anama Rangkud, andikakakên nyidra ing Sunan Prawata, Rangkud inggih lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Prawata inggih sampun kêpanggih wontên ing dalêm. Sunan Prawata pinuju gêrah, asêsèndhèn kang garwa, sarêng aningali dhatêng pun Rangkud Sunan Prawata takèn. Kowe iku wong apa, Rangkud matur, kula utusanipun Arya Panangsang, andikakakên nyidra ing sampeyan.

Sunan Prawata ngandika, iya ing sakarêpmu, nanging ngamungna aku dhewe kang kopatèni, aja angilok-ilokake marang wong liyane, Rangkud lajêng anyuduk sarosanipun. Sunan Prawata jajanipun butul ing gigir, anêrus jajanipun kang garwa, Sunan Prawata sarêng aningali kang garwa kêtaton. Enggal narik dhuwungipun, anama Kyai Bêthok, kasawatakên dhatêng Rangkud. Pun Rangkud kabêsèr ing kêmbang kacanging dhuwung niba ing siti lajêng pêjah, Sunan Prawata lan sagarwanipun inggih sampun seda, sinêngkalan sedanipun Sunan Prawata 1453. Milanipun Arya Panangsang purun akèn mêjahi ing Sunan Prawata, sabab ingkang rama Arya Panangsang sampun dipun pêjahi dhatêng Sunan Prawata, pinuju kondur saking Jumungahan kacêgat wontên ing margi dhatêng utusanipun Sunan Prawata, anama Surayata, Ki Surayata wau inggih lajêng dipun pêjahi dhatêng rencangipun ingkang rama Arya Jipang, punika cariyos kala sedanipun ingkang rama Arya Jipang.

Kacariyos Sunan Prawata wau gadhah sadhèrèk èstri, anama Ratu Kalinyamat. Punika sangêt anggènipun botên narimah pêjahe sadhèrèkipun jalêr, lajêng mangkat dhatêng ing Kudus kalihan lakinipun, sumêja nyuwun adil ing Sunan Kudus. Inggih sampun kêpanggih sarta matur nyuwun adil. Wangsulanipun Sunan Kudus, kakangmu iku wis utang pati marang Arya Panangsang, samêngko dadi sumurup nyaur bae, Ratu Kalinyamat mirêng wangsulanipun Sunan Kudus makatên sangêt sakit ing manah, lajêng mangkat mantuk. Wontên ing margi dipun begal utusanipun Arya Panangsang, lakinipun Ratu Kalinyamat dipun pêjahi, Ratu Kalinyamat sakalangkung mêmêlas. Sabab mêntas kêpêjahan sadulur, nuntên kêpêjahan bojo, dados sangêt ênggènipun prihatos. Lajêng martapa awêwuda wontên ing rêdi Danaraja, kang minôngka tapih remanipun kaore, Ratu Kalinyamat amêdalakên prasêtya, botên purun angangge sinjang salaminipun gêsang, yèn Arya Jipang dèrèng pêjah, punapa dene apunagi sintên-sintên kang sagêd amêjahi Arya Jipang, Ratu Kalinyamat badhe ngawula lan sabarang gêgadhahanipun kasukakakên sadaya.

Kacariyos Sunan Kudus, pinuju sawêg rêrêmbagan kalihan Arya Panangsang, Sunan Kudus ngandika, kakangmu ing Prawata lan Kalinyamat samêngko wis padha mati, nanging durung lêga atiku, yèn kowe durung jumênêng ratu amêngku ing tanah Jawa kabèh, lan yèn misih adhimu Sultan Pajang dakkira kowe ora bisa dadi ratu, sabab iku kang amakewuhi. Arya Panangsang matur, mênawi parêng ing karsa sampeyan, nagari Pajang badhe kula gêbag ing prang, pun adhi ing Pajang kula pêjahi, supados sampun amakèwêdi. Sunan Kudus ngandika, karêpmu iku aku ora mrayogakake, sabab bakal angrusakake nagara, sarta akèh pêpati, dene kang dadi karêpku, kakangmu ing Pajang iku bisaa mati kacidra bae, aja kawêruhan ing wong akèh.

Arya Panangsang matur sakalangkung prayogi, lajêng angutus abdinipun kajinêman, sami andikakakên nyidra ing Sultan Pajang. Kajinêman inggih nuntên mangkat. Dhatêngipun ing Pajang wanci dalu, lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sultan Pajang pinuju sare, amujung kampuh, para garwa sami tilêm ing dagan. Kajinêman lajêng nêrajang anyuduki sarosanipun. Sultan Pajang botên pasah, taksih sakeca sare kemawon. Sanajan kampuh ingkang kadamêl mujung wau inggih botên pasah, para garwanipun kagèt, tangi lajêng sami nangis sarta anjêrit. Sultan Pajang kagèt sarta wungu, wungunipun sultan wau kampuh kang kadamêl mujung anyampyuk dhatêng pandung kang sami nyuduki, pandung lajêng sami dhawah ing siti agalasahan.

Botên wontên kang sagêd kesah, Sultan Pajang enggal andangu dhatêng kang para garwa, ana apa dene kowe padha nangis pating jalêrit. Para garwa matur, panjênêngan dalêm kula wastani sampun seda amargi dipun suduki ing pandung, sultan enggal amundhut damar sarta amurugi panggenaning pandung, pandung sakawan taksih sami anglungsar wontên ing siti, botên wontên kang sagêd anggulawat. Sultan enggal andangu, sira iku maling têka ing ngêndi, lan sapa kongkon marang kowe. Pandung matur balaka. Sultan Pajang ngandika malih, samêngko kowe wis dakapura, nanging dikêbat tumuli muliha marang Jipang, matura marang gustimu, ênggonmu mêtu saka ing kadhatonku kene dirikat, sabab mênawa kowe kawênangan marang bocahku kang padha nganglang, ora wurung kowe dipatèni.

Maling sakawan nuntên sami kaganjar arta lan busana, sakalangkung ing bingahipun, botên nyana yèn dipun gêsangi, lajêng nyêmbah sarta mangkat. Lêstantun ing lampahipun. Dumuginipun ing Jipang inggih lajêng matur ing gustinipun, yèn lampahipun botên angsal damêl. Sultan Pajang sakalangkung têguh sarta sakti, botên kenging sinawawa.

Arya Panangsang sarêng mirêng aturing kajinêman, sangêt susahing manahipun, lajêng ngaturi uninga ing Sunan Kudus, yèn anggènipun utusan anyidra ing Sultan Pajang botên angsal damêl. Mênawi parêng saking karsa sampeyan, Sultan Pajang prayogi katimbalan mriki kemawon, awad badhe kaajak rêrêmbagan bab ngèlmi, yèn sampun dumugi ing ngriki gampil. Sunan Kudus inggih anuruti ing panuwunipun Arya Panangsang, lajêng utusan animbali Sultan Pajang. Sultan Pajang sarêng tampi timbalanipun Sunan Kudus sakalangkung gugup, katimbalan ing guru, nuntên apradandosan. Ki Pamanahan lan Ki Panjawi enggal angaturi peling ing Sultan Pajang. Aturipun, sampeyan katimbalan dhatêng ing Kudus punika botên badhe rêrêmbagan bab ngèlmi, kintên kula panunggilanipun pandung rumiyin punika, sanajan sampeyan sowana dhatêng Kudus, sampun kirang ing pangatos-atos, prayogi ambêkta sagêlar sapapan.

Sultan Pajang sarêng mirêng aturipun Ki Pamanahan lan Panjawi, sakalangkung suka ing galihipun. Lajêng parentah amêpak dêdamêling prang. Putranipun Ki Pamanahan kang dipun pundhut putra pambajêng ing Sultan Pajang samangke sampun jaka kumala-kala, sampun kuwawi angêmbat lawung, sakalangkung dipun sihi ing Sultan Pajang, kaparingan nama Radèn Ngabèi Saloring Pasar, sarta kadadosakên lurahipun prajurit tamtama. Bala ing Pajang sarêng sampun samêkta, Sultan Pajang lajêng bidhal lan sabalanipun, nanging Sultan Pajang lampahipun angrumiyini kalihan bala kang sami numpak kapal. Dene bala kang sami dharat lumampah ing wingking, ingkang anindhihi pêpatih ing Pajang, kang nama Tumênggung Môncanagara.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s