Babad Tanah Djawi (7)


ki ageng selo

Sarêng sampun kalih dintên malih, Radèn Jaka Tingkir sampun dumugi ing Banyubiru, inggih nuntên kapêndhêt putra dhatêng Ki Buyut. Sakalangkung ingêla-êla, kasadhèrèkakên kalihan Mas Mônca, Ki Buyut anêlas pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir tuwin Mas Mônca, sasampuning jangkêp tigang wulan Ki Buyut ngandika dhatêng Radèn Jaka, ênggèr, wis mangsane kowe ngaton marang ramakmu kangjêng sultan, mumpung iki môngsa rêndhêng, amêsthi ngadhaton ing gunung Prawata, dakkira têkamu ing Prawata kangjêng sultan durung kondur marang ing Dêmak. Aku anggawani sarat, kang dadi jalarane kowe diwawuh ing kangjêng sultan. Lêmah iki lolohna ing kêbo dhanu, amêsthi kêbo mau banjur ngamuk marang Prawata, wong Dêmak ora nana kang bisa amatèni, iku margane sang nata andangu marang kowe, yèn kowe andikakake matèni kêbo mau, lêmahe buwangên dhisik. Amêsthi kêbo iya banjur kêna kopatèni, lan kowe dakwèhi kanthi, adhimu Ki Mas Mônca, sarta sadulurku lanang jênênge Ki Wuragil, lan kaponakanku, anake Ki Buyut Majasta, jênênge Ki Wila, wong têlu iku aja nganti pisah karo kowe. Radèn Jaka Tingkir matur sandika.

Kyai Buyut lajêng parentah dhatêng anak putunipun, andikakakên sami damêl gèthèk, badhe têtumpakanipun Radèn Jaka Tingkir, sarêng sampun mirantos nuntên mangkat numpak gèthèk. Ki Buyut Banyubiru angatêr sapinggiring lèpèn. Sarwi andêdonga anênga langit. Ki Majasta ngatêra tumut nitih gèthèk. Gèthèk milir ing lèpèn Dêngkèng, sampun dumugi ing dhusun griyanipun Ki Majasta, kèndêl sipêng wontên ing ngriku tigang dintên, lajêng mangkat, Ki Majasta botên tumut. Gèthèk milir dumugi ing bêngawan Picis. Tiyang sakawan wau ingkang kêkalih anyatangi, ingkang kêkalih amêlahi.

Sarêng wanci pukul sakawan sontên dumugi ing kêdhung Srêngenge, anuntên wontên mêndhung sarta grimis awor barat. Ing kêdhung Srêngenge ngriku wontên ratuning baya, anama Baurêksa, pêpatihipun anama Jalumampang, balanipun baya tanpa wilangan. Baya Jalumampang wau angirid baya kalih atus, sami angrampit gèthèk, lajêng pêrang rame kalihan Mas Mônca wontên ing dharatan, Patih Jalumampang sarta baya pitung dasa sampun sami pêjah sinabêtakên ing kêkajêngan dhatêng Mas Mônca, dene Radèn Jaka Tingkir lajêng ambyur dhatêng salêbêting toya, pangraosipun kados wontên ing dharatan kemawon, nuntên prang rame, baya kathah kang pêjah, ratuning baya kang nama Baurêksa sampun nungkul dhatêng Radèn Jaka, sarta aprajangji badhe ngatêr ing lampahipun Radèn Jaka wontên ing toya, lan prajangji badhe angaturi kalangênan baya satunggil-satunggil ing sabên taun.

Radèn Jaka Tingkir nuntên mangkat anitih gèthèk malih, iliring gèthèk dipun sanggi ing bajul kawan dasa, ingkang nitih sami ngeca-eca lênggah kemawon, satang lan wêlahipun sami binucalan. Ing wanci dalu dumugi Bêbagan ing Butuh, gèthèk kathothok. Bajul sami sumêrêp ing wangsit, gèthèk kakèndêlakên. Radèn Jaka sarta rencangipun têtiga sarèhning sami sayah lan arip. Lajêng sami tilêm wontên ing gèthèk. Ing wanci têngah dalu Ki Agêng Butuh mêdal saking griyanipun, kagèt aningali pulung karaton, cumlorot saking lèr kilèn, dhawah wontên ing lèpèn, panggenanipun tilêm Radèn Jaka wau, Ki Agêng nuntên nututi ing dhawahing pulung, sadhatêngipun ing pinggir lèpèn, Ki Agêng botên samar aningali dhatêng Radèn Jaka, kang sare ing gèthèk kadhawahan pulung, lajêng ginugah, thole, tangia, aja pijêr turu bae, pulung karaton ing Dêmak wis ngalih marang sira.

Radèn Jaka lan sarencangipun sampun sami tangi, lajêng binêkta dhatêng dhepokipun Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang inggih sampun dipun aturi dhatêng ing ngriku, nuntên sami amulang dhatêng Radèn Jaka, sarèhning pulung karaton ing Dêmak sampun ngalih dhatêng piyambakipun. Punika ênggènipun badhe anggêntosi ing Sultan Dêmak sampun ngantos kakasap, kasuwuna ing Allah kemawon, lan amuriha lunturing sihipun sang nata, sarta kawulang ing lampah nistha lan kang utami, akathah-kathah pawulangipun Ki Agêng kêkalih wau ing Radèn Jaka, Radèn Jaka inggih sangêt anarimah sarta badhe angèstokakên ing piwulang wau. Radèn Jaka nuntên pamit mangkat lan sarencangipun, sami anumpak gèthèk, alon miliripun. Sarêng dumugi ing dhusun Bulu tanah Majênang, nuntên mêntas dhatêng dharat. Bajul sami kawangsitan kapurih wangsula dhatêng ing panggenanipun ing kêdhung Srêngenge, Radèn Jaka lan sarencangipun lajêng sami lumampah dharat. Wiwit kala samantên ing dhusun Bulu kaêlih nama ing Tindak.

Lampahipun Radèn Jaka ngalèr ngilèn mêdal ing Garobogan. Sadhatêngipun talatah ing Prawata, Radèn Jaka sumêrêp yèn sang nata taksih ngadhaton ing ngriku, dèrèng kondur dhatêng Dêmak. Radèn Jaka nuntên ngupados maesa dhanu, sarêng sampun angsal lajêng kalolohan siti babêktanipun saking ing Majasta, maesa wau enggal lumajêng angamuk dhatêng pasanggrahan ing Prawata, angobrak-abrik pasanggrahan. Sarta anggudag anyudhangi têtiyang, kathah tiyang kang sami tatu tuwin pêjah, andadosakên gègèripun tiyang sa Prawata, karampog lan dipun sanjatani botên pasah. Kangjêng sultan nuntên parentah dhatêng abdinipun tamtama, andikakakên mêthukakên pangamuking maesa dhanu, sampun ambêkta gêgaman, sabab prajurit tamtama wau sampun sami dipun gêgulang anampiling banthèng, sapisan rêmuk sirahipun pêjah, prajurit tamtama inggih nuntên mêthukakên pangamuking maesa, ijèn gêntos-gêntos, nanging botên wontên ingkang ngêntasi damêl. Malah kathah kang sami pating kalèsèd, amargi dipun bijigi sarta kaidak-idak. Pangamuking maesa wau ngantos tigang dintên tigang dalu, yèn sêrap srêngenge maesa wangsul dhatêng ing wana, mênawi enjing lajêng ngamuk dhatêng ing pasanggrahan malih, ambêbujêng tiyang.

Ing sabên dintên sang nata aningali saking pêpanggungan, kala samantên sang nata aningali dhatêng Radèn Jaka Tingkir ingiring tiyang têtiga, lumampah malipir sawingkinging baris. Solahipun kados tiyang aningali pangamuking maesa, sang nata enggal ngandika dhatêng abdinipun kang nama Jêbad. Jêbad, pandêlêng ingsun kae kaya Si Tingkir ingiring bature tatêlu, ingsun ora pangling, sira taria apa dheweke wani sun adu lan kêbo ngamuk. Yèn Si Tingkir bisa matèni kêbo iku, dakapura dosane kang wus kalakon.

Radèn Jaka sarêng kadhawahan aturipun sandika, sang nata nuntên parentah angêpung maesa sarta andikakakên sami anyuraki ing Radèn Jaka ênggènipun tanglêd kalihan maesa lan andikakakên nabuh monggang, sang nata aningali saking pêpanggungan. Radèn Jaka Tingkir tumuntên amurugi maesa, maesa inggih lajêng anggudag, adangu ênggènipun tanglêd, kapurih erama kang sami ningali, Radèn Jaka dipun undha katadhahan sungu, nanging botên pasah, sungu sarta buntuting maesa kacandhat dipun sêndhal, maesa dipun tampiling, rêmuk sirahipun sampun pêjah, andadosakên eram sarta sukanipun sang nata, tuwin ingkang aningali sadaya, Radèn Jaka Tingkir lajêng kawangsulakên kalênggahanipun lami anglurahi prajurit tamtama, kangjêng sultan sampun pulih sihipun kados ingkang wau-wau, sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng nagari ing Dêmak.

Botên antawis lami kangjêng sultan bidhal dhatêng ing Carêbon, sumêja amondhongi ing Sunan Kalijaga, kaaturan adalêm ing nagari Dêmak. Susunan Kalijaga inggih amiturut, lajêng adhêdhêkah wontên ing Kadilangu, padamêlanipun amêmulang ing agami Rasul, sampun kathah muridipun.

Kacariyos Kyai Agêng ing Sêsela sumêja lumêbêt prajurit tamtama, nuntên dipun coba kaabên kalihan banthèng, banthèng tinabok sirahipun sapisan pêcah, rahipun mancurat. Kyai Agêng Sela mengo, lajêng kapariksa ing sababipun amengo, atur wangsulanipun Ki Agêng Sela, bokmênawi kapancorotan rah, Kyai Agêng ing Sela nuntên dipun tampik ênggènipun badhe dados tamtama, kawastanan ajrih ing rah, Ki Agêng Sela sangêt isinipun, mantuk lajêng amêpak gêgaman, sumêja soroh amuk angrisak kadhaton ing Dêmak.

Ki Agêng anumpak kapal, kairing rencangipun sami numpak kapal tuwin dharat kathah. Sadhatêngipun sêlaning waringin kurung ing alun-alun Dêmak, lajêng dipun jêmparing dhatêng sang nata, kapalipun Ki Agêng kenging pathakipun, anglumba sarta anubruk kapale rencangipun. Rencangipun pating balêsar, lajêng dipun jêmparing malih kenging jilinging kapal. Kapalipun Ki Agêng ambandhang mantuk dhatêng ing Sela, rencangipun inggih bibar sadaya, sang nata ningali sakalangkung suka, sarta ngandika dhatêng Patih Wanasalam. Nyata tipis atine Ki Thole ing Sela, ingsun kira ora bisa jumênêng ratu, êmbuh kang buri-buri.

Kacariyos sang nata sampun pêputra nênêm. Pambajêngipun èstri, sampun kakramakakên angsal putranipun Ki Agêng ing Sampang, anama Pangeran Langgar, ingkang rayi jalêr, anama Pangeran Prawata, tiga èstri, krama angsal Pangeran Kalinyamat. Sakawan èstri, krama angsal Pangeran ing Carêbon. Gangsal èstri, krama angsal Radèn Jaka Tingkir, wuragilipun jalêr, nama Pangeran Timur. Radèn Jaka Tingkir sarêng sampun atut ênggènipun krama lajêng kadadosakên bupati ing Pajang, kaparingan lênggah siti kawan ewu karya, pasowanipun dhatêng Dêmak sabên taun. Botên antawis lami nagari Pajang sampun gêmah raharja, tulus kang sami tinanêm. Dipati Pajang sampun adamêl kadhaton.

Kacariyos Sultan Dêmak sampun seda, ing sasedanipun Sultan Dêmak, Dipati Pajang jumênêng sultan. Nagara kang sami kabawah sadaya kairup dhatêng ing Pajang, ingkang mogok kagêbag ing prang, tanah pasisir tuwin môncanagari kang wetan, lan pasisir kilèn, sadaya sampun sami suyud, botên wontên kang purun anglawan ing prang, sami ajrih ing kadigdayanipun Adipati Pajang, amung adipati ing Jipang kang botên purun têluk, kang anama Pangeran Arya Panangsang, punika putranipun Pangeran Seda ing Lèpèn, wayahipun kangjêng sultan ing Dêmak, dados kaprênah nak-sanak lan garwanipun dipati ing Pajang, wondene kang jumênêng amêngku nagari ing Dêmak putranipun kangjêng sultan ingkang panênggak, anama Sunan Prawata, ananging rukun kalihan sang dipati ing Pajang, sami narimahipun. Putranipun kangjêng sultan kang wuragil kang nama Pangeran Timur kabêkta dhatêng ing Pajang lajêng katanêm bupati wontên ing Madiun.

Amangsuli cariyos malih, kala taksih panjênênganipun kangjêng sultan ing Dêmak, punika Kyai Agêng ing Sêsela pinuju jawah dhatêng ing sabin, ambêkta pacul, wanci ngajêngakên asar, sadhatêngipun ing sabin lajêng macul. Sawêg angsal tigang kêcrokan, nuntên wontên gêlap dhatêng, awarni tiyang kaki-kaki, Kyai Agêng sumêrêp yèn punika gêlap, enggal kacêpêng, gêlap mungêl jumêgur, Ki Agêng kêkah ênggènipun nyêpêngi, blêdhèk lajêng binônda, kaaturakên dhatêng ing Dêmak. Gêlap lajêng kinunjara ing kunjara wêsi, sang nata parentah botên kalilan nyukani toya, têtiyang ing Dêmak agêng alit sami aningali sadaya, anuntên wontên tiyang nini-nini dhatêng, angulungi toya ing bêruk. Punika semahipun ing gêlap kang kinunjara wau, gêlap ing kunjara sarêng sampun anampèni toya, lajêng mungêl gumêbyur, kunjara wêsi ajur sami sakala, gêlap kêkalih sarêng icalipun.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s