Babad Tanah Djawi (6)


sisillah Raja Demak

Kacariyos Sultan Bintara, lami ênggènipun angantos-antos ing sowanipun Ki Agêng Pêngging, awit sampun dumugi ubangginipun kalih taun. Ing mangke Sinuhun Bintara anggalih sampun têtela, yèn Ki Agêng Pêngging balela, botên purun sowan. Sinuhun Bintara lajêng utusan Sunan Kudus dhatêng ing Pêngging angêmban dêduka, nuntên mangkat namung ambêkta sabat pêpitu, sarta ambêkta bêndhe, wasiyat saking marasêpuhipun kang nama Dipati Têrung, bêndhe wau anama Ki Macan.

Kacariyos Sunan Kudus samargi-margi adamêl wasiyat namaning tanah, kados ta namaning dhusun ing Sima, ing Jimbungan, ing Dêrana, ing Ngaru-aru, punika Sunan Kudus kang anamakakên. Ing mangke lampahipun sampun dumugi ing Pêngging, kêpanggih kalihan Ki Agêng Pêngging, lajêng sami tarung bantah ing ngèlmunipun. Ki Agêng Pêngging kacêthikan karsanipun, anggènipun ngrangkêp pikajêngan. Nanging botên mingkêd ing ukumipun tiyang mirong ing ratu angandhêmi, Ki Agêng Pêngging sampun seda amargi binêlèk sikutipun dhatêng Sunan Kudus.

Kulawarganipun sami gègèr, sadaya sumêja ambelani dhatêng Ki Agêng Pêngging kang sampun pêjah, sami anututi ing Sunan Kudus. Sunan Kudus nuntên angêdalakên kasêktèn. Sabatipun amung pitu, pangraosipun tiyang Pêngging katingal tiyang kalih lêksa sarta pêpak sadêdamêlipun. Nanging tiyang Pêngging botên ajrih, mêksa badhe angamuk, sarta anitir bêndhe nama Kyai Udanarum. Sunan Kudus nuntên amêdalakên kasêktèn malih, têkênipun kakipatakên. Tiyang ing Pêngging sakala ical nêpsunipun, lajêng sami mantuk amênêdi layoning gustinipun, kapêtak salèr wetaning dalêm. Sarêng sampun antawis kawandasa dintên, garwanipun Ki Agêng Pêngging nusul seda, Mas Karèbèt kantun lola, kaêmong dhatêng para santananipun.

Sarêng sampun agêng Mas Karèbèt nuntên kabêkta dhatêng nyai rôndha ing Tingkir, wontên ing ngriku dipun ugung sakarsanipun. Dhasar nyai rôndha ing Tingkir sugih mas picis, kèringan ing tôngga desa, Mas Karèbèt wau dados katêlah nama Ki Jaka Tingkir, solah pikajênganipun sanès lan lare kathah, rêmên anênêpi dhatêng ing rêdi utawi ing wana-wana tuwin guwa, ngantos sadasa dalu tuwin satêngah wulan. Dene ingkang putra botên kenging dipun cêgah ênggènipun rêmên saba wana tuwin rêdi.

Pinuju satunggiling dintên Ki Jaka Tingkir mantuk, lajêng rinangkul kang ibu sarwi ngandika, thole, kowe aja dhêmên saba ing gunung, wruhanamu wong kang padha tapa ing gunung iku isih kapir, durung manut agamane kangjêng nabi, luwih bêcik kowe anggêgurua marang wong mukmin. Ki Jaka lajêng nyuwun pamit, badhe anggêguru dhatêng tiyang mukmin. Ingkang ibu inggih anglilani, Ki Jaka nuntên mangkat ijèn, ngalèr ngetan anjog ing Sela, badhe anggêguru dhatêng Ki Agêng ing Sêsela. Ki Agêng ing Sêsela rêsêp aningali Ki Jaka Tingkir, lajêng kapêndhêt putu, ingugung sakarsanipun. Wontên ing ngriku Ki Jaka rêmên angringgit, sarta sampun misuwur sagêdipun angringgit. Ki Agêng ing Sêsela sangsaya wêwah sihipun. Ki Jaka botên kenging pisah, utawi yèn Ki Agêng anênêpi, Ki Jaka inggih kabêkta.

Yêktosipun Ki Agêng Sela punika sagêd anyamur lampah, ing batos sangêt panêdhanipun ing Allah, supados sagêda anurunakên para ratu ingkang amêngku ing tanah Jawi, awit Ki Agêng rumaos yèn trahing Brawijaya ing Majapait. Kala samantên Ki Agêng Sela sampun pitung dintên pitung dalu anggènipun wontên ing gubug, pagagan wana kang enggal binubak, pêrnah salèr wetaning Tarub, kawastanan wana ing rèncèh, ing wanci dalu Ki Agêng sare wontên ing ngriku, Ki Jaka Tingkir tilêm wontên ing gagan. Ki Agêng Sela supêna dhatêng wana anyangking pudhi badhe babad. Katingal salêbêting supêna Ki Jaka Tingkir sampun kêpanggih wontên ing wana, sarta sakathahing kêkajêngan sampun sami rêbah, kaseredan dhatêng Ki Jaka Tingkir, salêbêting supêna Ki Agêng eram sangêt, nuntên kagèt wungu saking ênggènipun sare, Ki Jaka Tingkir taksih tilêm wontên gagan, lajêng ginugah, Ki Agêng pitakèn.

Thole, sasuwene aku turu kowe apa ora lunga, wangsulanipun Ki Jaka, botên. Ki Agêng mirêng aturipun ingkang wayah sangêt anggènipun gagêtun, rumaos yèn supêna, ngandika salêbêting galih, gêtun têmên impènku, dene bangêt têmên ênggonku duwe panêdha ing Allah, ing salawase durung pinaringan ngalamat mêngkono, bocah iki kang ora duwe panêdha ing Allah parandene têka pinaringan ngalamat kang kaya mêngkono, Ki Agêng lajêng pitakèn dhatêng Ki Jaka, thole, saelingmu kowe biyèn wis ngimpi apa, Ki Jaka Tingkir matur bêlaka, kala kula tirakat dhatêng ing rêdi Telamaya rumiyin, wontên ing ngriku kula ing dalu tilêm sarta supêna katiban rêmbulan. Sanalika punika ugi rêdi ing Telamaya mungêl gumludhug. Kula lajêng tangi, punika kadospundi ing wahananipun. Ki Agêng mirêng aturipun ingkang wayah sangsaya ngungun. Ciptanipun, yènta sampuna ajrih ing Allah, Ki Jaka kados dipun purih ing cilakanipun. Nanging Ki Agêng sumêrêp, yèn papêsthèning Allah punika botên kenging dipun têkerah ing têtiyang, Ki Agêng nuntên ngandika, thole, kowe aja takon wahananing impènmu, wis ngaluwihi bêcike, yaiku ratu-ratuning impèn.

Dene pituturku marang kowe, ing saiki kowe ngawulaa marang ing Dêmak, ing kono mênawa kêtêmu wahanane impènmu, aku anjurungi pandonga bae. Ki Jaka matur, kawula sandika anglampahi saking dhawah sampeyan, sarta kula pundhi-pundhi ing salaminipun. Ki Agêng ngandika malih, iya thole, ênggonku kurang mangan turu iki muga tinêmua marang kowe, nanging thole, ing buri turunku kênaa anyambungi wahyumu. Ki Jaka aturipun sumôngga, Ki Agêng Sela mirêng aturipun Ki Jaka sakalangkung lêga ing galihipun sarta akathah-kathah pawulangipun dhatêng Ki Jaka.

Ki Jaka Tingkir inggih lajêng mangkat, lampahipun mampir dhatêng ing Tingkir, matur dhatêng ingkang ibu punapa ing sadhawahipun Ki Agêng Sela, ingkang ibu angandika, thole, pituduhe Ki Agêng Sela iku bangêt bênêre, dadi ana kang dakarêp-arêp. Nuli lakonana nanging ngêntènana baturmu loro iku dhisik. Lagi tak kon matun gaga, iku bakal dakkon ngatêrake marang kowe, aku duwe sadulur lanang siji ngawula Sultan Dêmak, jênênge Kyai Ganjur, dadi lêlurah suranata, iku kang bakal daktitipi marang kowe, sarta angaturêna ing sang nata, Ki Jaka inggih amiturut ing dhawahipun kang ibu, nuntên tumut matun gaga angrencangi tiyang kêkalih wau ngantos sadintên botên mantuk-mantuk.

Sarêng ing wanci asar wontên mêndhung sarta grimis. Sunan Kalijaga pinuju langkung cêlak ing pagagan sarta tatêkên cis. Ki Jaka dipun cêluk saking sajawining pagagan. Thole, sira iku têka pijêr matun gaga bae, mariya ênggonmu matun, nuli ngawulaa marang ing Dêmak. Sabab sira iku bakal raja amêngku ing tanah Jawa, sampuning ngandika lajêng kesah mangalèr. Sarêng sampun botên katingal Ki Jaka tumuntên mantuk, matur dhatêng ingkang ibu, kang ibu mirêng sakalangkung bingah sarta ngandika, thole, kowe bêgja bangêt, olèh pituduhe Sunan Kalijaga, kêbat nuli lumakua marang ing Dêmak, aja ngêntèni ênggone matun gaga, sing kèri dakrêmbatne bae, Ki Jaka inggih nuntên lumampah kadhèrèkakên tiyang kêkalih, sampun dumugi ing Dêmak, anjujug griyanipun Kyai Ganjur.

Kacariyos sultan ing Bintara sampun dumugi ing jangji puput yuswanipun, atilar putra nênêm. Pambajêngipun èstri anama Ratu Mas, sampun krama angsal Pangeran Carêbon. Panênggak anama Pangeran SabrangLèr, punika ingkang anggêntosi kang rama jumênêng ratu, nuntên Pangeran Sedalèpèn. Nuntên Radèn Trênggana, nuntên Radèn Kandhuruwan. Wuragilipun anama Radèn Pamêkas. Dene ingkang jumênêng ratu wau dèrèng lami lajêng seda, dèrèng apêputra, ingkang anggêntosi jumênêng ratu Radèn Trênggana ajêjuluk Sultan Dêmak. Ki Patih Mangkurat inggih sampun pêjah, ingkang anggêntosi dados patih anakipun jalêr anama Patih Wanasalam. Kawicaksananipun angungkuli ingkang rama, para bupati sapangandhap sami ajrih asih.

Kacariyos Radèn Jaka Tingkir sampun katampèn pangawulanipun ing Sultan Dêmak. Mênggah katuripun wau Sultan Dêmak pinuju miyos saking masjid. Ki Jaka andhodhok wontên pinggir balumbang badhe sumingkir botên sagêd, sabab kapêngkok ing balumbang, Ki Jaka lajêng nglumpati ing balumbang sarwi mungkur, Sultan Dêmak sarêng aningali sakalangkung kagèt, sarta andangu, Ki Jaka matur yèn kapenakanipun Kyai Ganjur, Ki Jaka lajêng kapundhut sarta kaabdèkakên. Kangjêng sultan sakalangkung asih dhatêng Ki Jaka Tingkir, amargi warninipun bagus, sarta anglangkungi kadigdayanipun. Ing lami-lami Ki Jaka Tingkir lajêng kapundhut putra, kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton, sarta kadadosakên lêlurah prajurit tamtama, sampun misuwur ing tiyang sanagari Dêmak.

Sarêng sampun antawis lami malih sang nata kagungan karsa badhe amêwahi prajurit tamtama, kathahipun kawanatus malih, amundhuti sarta amilihi tiyang sanagari sarta padhusunan. Kapilihan ingkang sami digdaya sarta têguh, yèn sampun angsal lajêng dipun coba kaabên kalihan banthèng, mênawi anampiling banthèng rêmuk sirahipun inggih kalêbêt dados tamtama, yèn botên inggih botên kalêbêt.

Kacariyos wontên tiyang ing Kêdhungpingit, anama Ki Dhadhungawuk, warninipun botên prayogi, nanging sampun komuk ing têguhipun. Ki Dhadhungawuk wau lajêng dhatêng ing Dêmak, sumêja lumêbêt prajurit tamtama, sarêng katur ing Radèn Jaka Tingkir nuntên katimbalan dhatêng ing ngarsanipun. Radèn Jaka Tingkir sarêng aningali sangêt ênggènipun botên rêmên, sabab warninipun sakalangkung awon … lajêng tinantun.

Sarèhning wontên ing dhusun sampun kalok ing têguhipun, punapa purun kacoba dipun suduk. Wangsulanipun inggih purun. Ki Dhadhungawuk lajêng kasuduk ing sadak dhatêng Radèn Jaka Tingkir, dhadhanipun pêcah lajêng pêjah, kancanipun tamtama êndikakakên sami tumut nyuduki ing dhuwung, jisimipun Ki Dhadhungawuk tatunipun arang kranjang, Radèn Jaka Tingkir sangsaya misuwur ing kadigdayanipun.

Kala samantên sampun katur ing sang nata, yèn Radèn Jaka Tingkir amêjahi tiyang badhe lumêbêt dados tamtama, kangjêng sultan sakalangkung duka, sarèhning kangjêng sultan wau ratu sangêt ing adilipun. Radèn Jaka Tingkir lajêng kadhawahan tundhung saking nagari ing Dêmak. Kangjêng sultan amaringi diyat dhatêng ahli warisipun ingkang pêjah kathahipun gangsal atus reyal.

Wondene Radèn Jaka Tingkir inggih lajêng kesah sami sakala saking ing nagari Dêmak. Ingkang ningali sami wêlas sadaya, utawi prikancanipun tamtama inggih sami anangisi sadaya, Radèn Jaka Tingkir sangêt ênggènipun kaduwung ing solahipun kang sampun kêlampahan, sarta sangêt ing wirangipun aningali têtiyang ing Dêmak, sariranipun marlêsu, ciptanipun rêmên yèn tumuntêna amanggih pêjah, lampahipun ngidul ngetan anjog ing wana agêng, botên kantênan kang dipun jujug, sabab saking sangêt bingunging manahipun.

Kacariyos ênggènipun wontên satêngahing wana, sarta lumampah ing sapurug-purug ngantos gangsal wulan. Kala samantên lampahipun dumugi ing wana Jati Têngah tanah rêdi Kêndhêng, wontên ing ngriku kêpêthuk kalihan Ki Agêng Butuh, Ki Agêng kagèt sarta ngandika, sarta anyêlaki, thole, mandhêga, rupamu lan pasêmonmu mèmpêr kakang Pêngging kang wus mati, yèn kowe dadia putrane patut. Nanging bagus kowe lan dêdêgmu pidêgsa, si kakang ing Pêngging biyen rada kadhuwurên sathithik. Kêbat sumaura, pinangkamu ing ngêndi. Ki Jaka matur, wartosipun ingkang sami sumêrêp, kula inggih anakipun Ki Agêng Pêngging. Ki Agêng sarêng mirêng enggal angrangkul dhatêng Ki Jaka sarwi ngandika, yagene ênggèr, kowe ana satêngahing alas kene. Ki Jaka matur ing wiwitan dumugi wêkasan.

Kyai Agêng sakalangkung ngungun.Kyai Agêng tumuntên kondur, ingkang putra Radèn Jaka binêkta, sadhatêngipun ing Butuh Radèn Jaka sakalangkung sinungga-sungga, Kyai Agêng Butuh nuntên angaturi Kyai ing Ngêrang, inggih sampun dhatêng wontên ing Butuh, lajêng winartosan yèn Radèn Jaka punika putranipun Kyai Agêng Pêngging, Kyai Agêng Ngêrang enggal angrangkul sarta anangisi, wicantênipun. Thole, aku biyèn tilik mênyang Pêngging, nanging kowe ora nana, wis digawa marang ibumu ing Tingkir, dadi wis bungah atiku, saikine kowe nêmu kasrakat mêngkono, thole, kowe narimaa, ing sakèhe tindakmu ora bênêr iku atas karsaning Allah, lan wis lumrahe wong bakal kapenak iku amêsthi wiwitane lara.

Ki Agêng Butuh lan Kyai Agêng Ngêrang wau akathah-kathah pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir, Radèn Jaka inggih sakalangkung narima sarta suka ing galihipun. Dene anggènipun wontên ing Butuh Radèn Jaka wau ngantos kalih wulan. Sarêng sampun nêlas pamulangipun Kyai Agêng Butuh ngandika, thole, sarèhning wis antara pitung sasi ênggonmu lunga saka ing Dêmak, ing samêngko kowe balia marang Dêmak, utawa muliha marang Tingkir lan ing Pêngging, bokmanawa kangjêng sultan wis èngêt sarta animbali marang kowe, ora wurung digolèki ing ênggon kawijilane, Ki Jaka Tingkir matur sandika, tumuntên mangkat ijèn. Sadhatêngipun sajawining nagari Dêmak lajêng amêlingakên prikancanipun tamtama, inggih sami dhatêng cêcolongan. Radèn Jaka pitakèn dhatêng tamtama, sarèhning ênggènipun kesah sampun lami, sang nata punapa sampun andangu dhatêng piyambakipun. Wangsulanipun tiyang tamtama, sang nata dèrèng wontên andangu, Ki Jaka sarêng mirêng sangêt malih susahing manahipun, lajêng pamit dhatêng kancanipun tamtama sumêdya ngêlambrang malih.

Lampahipun Radèn Jaka anjujug ing Pêngging, ing dalu lajêng sare ing dêdagan, wontên ing pakuburanipun ingkang rama, ngantos kawan dalu, nuntên mirêng swara atêtela, thole, sira lungaa angidul ngetan, cêdhaking desa Gêtasaji ana wong dhêdhukuh jênênge Kyai Buyut ing Banyubiru, sira ngèngèra ing kono, anglakonana saparentahe. Radèn Jaka kagèt tumuntên wungu saking ênggènipun sare, lajêng mangkat ijèn.

Gêntos kacariyos ing dhukuh Calpitu sukunipun rêdi Lawu, ing ngriku wontên tiyang tapa, anama Ki Jabaleka, inggih trah saking ing Majapait. Ki Jabaleka wau agadhah putra jalêr satunggil abagus warninipun, nama Mas Mônca, Ki Mas Mônca wau kesah saking ing Calpitu sumêja tapa dhatêng ing pasisir kidul, kèndêl wontên ing Toyabiru, lajêng kapêndhêt mitra dhatêng Ki Buyut ing Banyubiru sarta sangêt dipun sihi, ingugung sapolahipun, winulang sakathahing kadigdayan, lan kinèn bantêr tapanipun. Supados enggala tuwuh kang darajat. Sabab Ki Buyut sumêrêp yèn Mas Mônca wau badhe dados êmbaning ratu.

Kala samantên Ki Buyut ngandika dhatêng Ki Mas Mônca, kulup, bakal ratumu mèh têka ing kene, rong dina êngkas mêsthi têka ing kene, yèn wis têlung sasi ênggone ana ing Banyubiru kene, iku wus dungkap jumênênge nata, besuk bakal kêkutha ing Pajang, ratu iku angluwihi sêkti, kineringan ing mungsuh, karatone angkêr, iya iku turune Dipati Andayaningrat ing Pêngging, kowe kang bakal dadi pêpatih, aku besuk kang angreka, amrih gêlise jumênêng ratu. Ki Mas Mônca aturipun nuwun.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s