Babad Tanah Djawi (5)


masjid agung demak2

Kala samantên Sunan Bonang animbali pandhe ing Tuban awasta Ki Sura, punika kaparingan cis dhatêng Sunan Bonang, andikakakên damêl pasunatan. Ananging Ki Sura wau lajêng adamêl dhuwung dhapur sangkêlat. Nuntên andikakakên damêl malih sakantuning tosan cis wau, inggih nuntên kadamêl warni wulung malih dhapur pasopati, kasaosakên dhatêng Sunan Bonang. Wondene dhuwung kêkalih wau dede ingkang kakarsakakên Sunan Bonang, ewadene padamêlanipun Ki Sura wau inggih katarimah, sabab Sunan Bonang sumêrêp yèn dhuwung kêkalih wau badhe dados panganggènipun para ratu ingkang ngêrèh ing tanah Jawi, ananging Ki Sura wau sasampunipun damêl dhuwung lajêng sakit mripatipun, têmahan ina, botên sagêd damêl dhuwung malih.

Sunan Bonang anuntên dhatêng wana, aningali tunggak jati growong wontên sapinggiring toya katuwuhan godhong pakis, angrêmbyung wontên sangandhaping tunggak wau, sarta pating cêkênuk êlungipun. Tunggak kasawang-sawang pinanggih panggalihipun, badhe kapola wangunipun, kadamêl garaning dhuwung wau, badhe kaagêm piyambak.

Sakonduripun Sunan Bonang lajêng adamêl garan wau, sarêng sampun dados sangêt ing prayoginipun, pantês yèn kaagêma ing para ratu, mila lajêng kaêtrapakên ing dhuwung kêkalih wau, mênggah namanipun kawastanan ukiran tunggak sêmi dhatêng Sunan Bonang.

Pinuju ing dintên Jumungah Sunan Bonang sêmbiyang dhatêng ing masjid. Sabakdaning sêmbiyang Sunan Kudus pitakèn, sababipun botên ngangge cis. Sunan Bonang anyêrêpakên sarta andêdahakên dhuwung pasopati wau, Sunan Kudus rêmên aningali wanguning dhuwung, lajêng kasambut kadamêl pola, ingkang dipun kèn damêl tiyang pandhe anama Ki Janas. Sarêng sampun dados dhuwung inggih lajêng kawangsulakên malih.

Kacariyos Kyai Agêng Tarub sangêt asihipun dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, kados putranipun piyambak. Sabab Kyai Agêng sumêrêp ing pêpêsthèn. Awit sampun angsal wisik. Mila ingkang putra sangêt anggènipun amulang, dipun kèn amratapa, aling-aling sêsabin. Radèn Lêmbu Pêtêng ngèstokakên parentahe kang rama, ing sabên dintên saba ing pagagan, anênanêm sarêmênipun warni-warni, manawi siyang kakirim dhaharipun.

Kala samantên putranipun Kyai Agêng ing Tarub kang nama Rêtna Nawangsih sampun môngsa birai sandhang, sangsaya sangêt ayunipun. Ing sabên siyang andikakakên ngirim dhaharing Radèn Lêmbu Pêtêng ing pagagan. Sadhatêngipun ing pagagan babêktanipun dipun tampèni dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, nanging astanipun tansah dipun cêpêngi dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, andadosakên kagètipun Dèwi Nawangsih, lajêng mantuk sarta awêwadul dhatêng ingkang rama, Kyai Agêng Tarub ngandika, wis mênênga bae dhenok, satêmêne Si Lêmbu Pêtêng iku sadulurmu angkat, dudu sadulurmu têmênan.

Sang Rêtna Nawangsih lajêng kèndêl. Sarêng ing dalunipun Sang Rêtna Nawangsih lajêng kadhaupakên kalihan Radèn Lêmbu Pêtêng nanging dèrèng ngantos atut. Kyai Agêng tumuntên seda, sarêng sampun lami-lami Sang Rêtna Nawangsih rumaos lola, lajêng atut anggènipun palakrama, sarta sangêt anggènipun sih-sinihan. Radèn Lêmbu Pêtêng lajêng ngalih nama Kyai Agêng Tarub. Ing lami-lami Rêtna Nawangsih wawrat. Sarêng dumugi ing môngsa saha mbabar miyos kakung abagus warninipun. Ingkang rama ibu sangêt asih, sarêng sampun kasapih nuntên gadhah putra malih èstri, Kyai Agêng Tarub lajêng gêrah dados ing sedanipun.

Putra kêkalih wau ingkang jalêr anama Ki Gêtas Pandhawa sampun krama, ingkang èstri kakramèkakên angsal Ki Agêng Ngêrang. Kacariyos Ki Gêtas Pandhawa wau sampun apêputra pitu, pambajêngipun jalêr, awasta Ki Agêng Sela, ingkang rayi nênêm èstri sadaya, Nyai Agêng Pakis, Nyai Agêng ing Purna, Nyai Agêng ing Kare, Nyai Agêng ing Wanglu, Nyai Agêng ing Bokong, Nyai Agêng Adibaya, sami rukun anggènipun saduluran.

Kacariyos Ki Agêng ing Pêngging, anama Dipati Jayaningrat, saklangkung digdayanipun. Sangêt dipun sihi dhatêng Prabu ing Majapait, sarta katariman putrinipun. Sampun apêputra kêkalih, anama Ki Kêbo Kanigara, kalih Ki Kêbo Kananga, sarêng sampun pêputra kêkalih, Dipati Jayaningrat seda. Putra kêkalih punika wau sami pradondi, ingkang sêpuh Ki Kêbo Kanigara kêdah angêkahi agami Buda, lajêng kesah amartapa dhatêng salêbêting kawah tuwin ing rêdi-rêdi, anèlad lampahing ajar, pêjahipun obong, botên kantênan kuburipun.

Dene Ki Kêbo Kananga anglampahi agami Islam, anut ing sarakipun kangjêng rasul. Sampun angadêg Jumungahipun wontên ing Pêngging, kathah têtiyang dhusun kang sami sêmbiyang Jumungah dhatêng ing Pêngging, sarta Ki Kêbo Kananga wau anggêguru dhatêng pangeran ing Siti Jênar, sêsarênganipun anggêguru tiyang tiga, anama Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang, tiyang sakawan wau sami manjing dados sadulur sarta kêmpal manahipun dados satunggal, awit saking karsanipun Pangeran Siti Jênar.

Kacariyos sultan ing Dêmak mirêng wartos, yèn têdhakipun Ki Dipati Dayaningrat, kang nama Ki Kêbo Kananga, ing mangke anama Ki Agêng Pêngging, punika sampun agami Islam, nanging dèrèng wontên sowan dhatêng ing Dêmak.

Sinuhun Bintara asêmu duka, awit ing Pêngging wau tilas kabupatèn, sarta kaprênah santana dening Sultan Dêmak, bokmênawi amikir sumêja jumênêng ratu, Sultan Dêmak lajêng utusan pinisêpuh, anama Ki Agêng Wanapala, sarta kabêktanan suwal tigang prakawis. Kang sapisan kadospundi, ingkang dados kaniyatanipun, punapa inggiha tulus anggènipun ngibadah kemawon, punapa badhe melik karaton ing Dêmak. Kaping kalih, sultan ing Dêmak inggih sampun sumêrêp, yèn piyambakipun santananipun Sultan Dêmak. Kang kaping tiga punapa sababipun dene botên purun sowan dhatêng ing Dêmak. Ki Wanapala sagêda nyêngkolong ingkang dados kaniyatanipun. Sasampuning têrang Ki Wanapala lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Pêngging sampun kêpanggih kalihan Ki Agêng, nuntên sami sêsalaman. Ki Agêng Pêngging pitakèn mênggah ingkang dados damêlipun, dene lampahipun anyalawadi, Ki Wanapala mangsuli bêlaka yèn kautus ing kangjêng sultan.

Tiyang kêkalih wau lajêng sami bêbantahan. Rame gêntos kawon. Ki Wanapala sarêng sampun sumêrêp ingkang dados kaniyatanipun Ki Agêng Pêngging, lajêng pamit mantuk dhatêng Dêmak, matur ing kangjêng sultan, yèn Ki Agêng Pêngging wau gadhah cipta kêkalih, ing lair anêtêpi anggènipun ngibadah, nanging ing batos sumêja jumênêng ratu, sangêt sagêdipun anyamur lampah, aturipun Ki Wanapala, prayogi kasarèhakên ing sawêtawis. Sabab sampun kula wangêni kalih taun, tumuntên sowana dhatêng ing Dêmak. Akathah-kathah aturipun Ki Wanapala wau ênggènipun amurih icaling dukanipun dhatêng Ki Agêng Pêngging.

Kacariyos Ki Agêng Pêngging, saantukipun utusan ing Bintara, lajêng katamuan Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Ngêrang, Ki Agêng Butuh, mila sami mara tamu, sabab mirêng wartos, yèn Ki Agêng Pêngging tinimbalan dhatêng ing Dêmak mopo, tiyang têtiga wau sarèhning sadhèrèk tunggil guru dados sami kuwatos dhatêng Ki Agêng Pêngging, nuntên sami takèn mênggah ing sababipun, dene tinimbalan dhatêng ing Dêmak botên purun sowan, sarta sami amituturi, supados yèn dipun timbali malih lumampaha, nanging Ki Agêng Pêngging taksih sangêt ing wangkotipun.

Kala samantên Ki Agêng Pêngging ing dalu nanggap wayang bèbèr, sarêng sadalu punika ugi garwanipun Ki Agêng Pêngging wawratanipun sampun sêpuh, lajêng ambabar miyos jalêr, abagus warninipun. Kasarêngan dhatênging kêkuwung sarta jawah dêrês. Ingkang angringgit bèbèr kinèn kèndêl. Jabang bayi sasampuning binêrsihan ingaturakên dhatêng Ki Agêng Tingkir, tinampèn lajêng pinangku, Ki Agêng Tingkir ngandika dhatêng Ki Agêng Pêngging, adhi, anakmu iki bagus têmên, aku amêsthèkake bocah iki ing besuk gêdhe darajate, bêgjane kang padha mênangi, sarta bocah iki dakwehi jênêng Mas Karèbèt, dene ênggone lair pinuju nanggap wayang bèbèr.

Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang, sarêng sampun sadasa dintên anggènipun wontên ing Pêngging, lajêng sami mantuk. Botên antawis lami Ki Agêng Tingkir nuntên seda, Ki Agêng Pêngging inggih dipun aturi dhatêng garwanipun Ki Agêng Tingkir, anggènipun wontên ing Tingkir gangsal dintên, nuntên mantuk. Dhatêngipun ing dalêm Ki Agêng Pêngging sangêt susah ing galihipun, ciptanipun tumuntên nusula pêjah dhatêng Ki Agêng Tingkir.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s