Babad Tanah Djawi (4)


Jaka Tarub 7 Bidadari

Wiwit kalanipun kamanungsan ênggènipun bêthak, Dèwi Nawangwulan sabên enjing anggêntang, lami-lami pantun salumbung têlas. Satêlasing pantun, rasukanipun sang dèwi anama ôntakusuma, ingkang dipun pêndhêt dhatêng ingkang raka kalanipun wontên pinggiring sêndhang, pinanggih kasasaban pantun, sangêt andadosakên nêpsunipun sang dèwi, rasukan kapêndhêt lajêng dipun agêm. Sang dèwi mantuk kasaktènipun kados ing wau-wau, matur dhatêng ingkang raka, yèn badhe mantuk dhatêng ing kahyanganipun, sampun pinêsthi botên kenging têtunggilan lami-lami, wondene wêlingipun dhatêng ingkang raka, bilih putranipun muwun, kabêktaa minggah dhatêng ing panggungan, ing ngandhapipun bêsmènana mêrang kêtan cêmêng, sang dèwi mêsthi tumurun anêsêpi ingkang putra.

Sarêng sampun mêmêling, lajêng mêndhêt mêrang kêtan cêmêng, kabêsmi, sang dèwi mumbul nurut kukus. Sangêt andadosakên susahipun Kyai Agêng ing Tarub. Kyai Agêng Tarub inggih anglampahi ingkang dados wêwêling wau, sabên-sabên ingkang putra muwun kabêkta minggah ing pêpanggungan, ing ngandhap mawi dipun bêsmèni mêrang kêtan cêmêng, lajêng katilar mudhun. Sarêng ing lami-lami sangsaya agêng, suwarninipun mèmpêr ingkang ibu.

Kacariyos Kyai Buyut Masahar lumampah dhatêng ing Majapait, badhe sowan ing sang nata, anyaosakên pamêdaling sabin, warni pantun kathah, Radèn Bondhan Kajawan tut wingking, nanging Kyai Buyut Masahar botên sumêrêp. Pantun sampun konjuk ing Prabu Brawijaya, Radèn Bondhan Kajawan anjujug ing sitinggil, anabuh gôngsa Kyai Sêkar Dalima, andadosakên kagètipun sang prabu, ingkang nabuh sampun kacêpêng, katur ing sang nata, sarêng kapariksa, anakipun Ki Buyut Masahar lajêng kapundhut ing sang nata, kaparingan dhuwung kêkalih, nama Kyai Maesa Nular, kalih Kyai Malela, sarta waos satunggil, nama Kyai Palèrèd. Dhawahipun sang nata dhatêng Kyai Buyut, Radèn Bondhan Kajawan andikakakên masrahakên dhatêng Kyai Agêng ing Tarub. Kyai Buyut matur sandika lajêng lumampah dhatêng Tarub angirid Radèn Bondhan Kajawan. Wontên ing margi dipun begal ing tiyang kêkalih, begalipun sami pêjah dening Radèn Bondhan Kajawan, amargi dipun suduk ing dhuwung Malela, nanging dhuwung wau tugêl pucukipun. Radèn Bondhan Kajawan lajêng prasapa, benjing satêdhakipun sampun wontên ingkang ngangge dhuwung Malela.

Kyai Agêng ing Tarub sampun sumêrêp, yèn badhe katamuan. Ingkang putra Dèwi Nawangsih kapurih anggêlara klasa, botên antawis dangu Radèn Bondhan Kajawan sarta Kyai Buyut dhatêng, Kyai Buyut Masahar andhawahakên timbalanipun sang nata, sarta amasrahakên Radèn Bondhan Kajawan, supados kawulanga, Kyai Agêng ing Tarub sampun nyandhak karsanipun Sang Prabu Brawijaya, wangsulanipun sandika.

Saantukipun Ki Buyut Masahar Radèn Bondhan kasadhèrèkakên kalihan putranipun Kyai Agêng Tarub. Kala samantên Sang Rêtna Nawangsih yuswanipun kawan wêlas taun. Anuntên Radèn Bondhan Kajawan kaêlih nama Lêmbu Pêtêng dhatêng Kyai Agêng ing Tarub.

Sang Prabu Brawijaya midhangêt wartos, bilih kathah têtiyang nungkul dhatêng Giri, Patih Gajah Mada lajêng kautus anglurugi ing Giri, tiyang ing Giri sami kagegeran, angili dhatêng kadhaton. Kala samantên Sunan Giri sawêg nyêrat, kagèt mirêng wartos dhatênging mêngsah, kang sumêja ngrisak ing Giri, kalam ingkang kadamêl nyêrat lajêng dipun bucal, sarta andêdonga ing Gusti Allah, kalam ingkang kabucal wau lajêng dados dhuwung, angamuk piyambak. Tiyang ing Majapait kathah kang pêjah, sakantunipun sami lumajêng mantuk dhatêng ing Majapait.

Sabibaring mêngsah dhuwung wangsul piyambak, sumèlèh ing ngarsanipun sang pandhita sarta akuthah rah, sang pandhita sarêng aningali dhuwung kuthah rah, lajêng andêdonga, mugi kaapuntêna solah ingkang sisip. Sarta anyêrêpakên dhatêng balanipun, mênggah dhuwung wau kanamanan Kalam Munyêng.

Sarêng sampun antawis lami Sunan ing Giri seda, kagêntosan wayahipun, jêjuluk Sunan Parapèn. Kala samantên Prabu Brawijaya sampun kawartosan ing sedanipun Sunan ing Giri, kagêntosan wayahipun anama Sunan Parapèn. Prabu Brawijaya lajêng parentah dhatêng Patih Gajah Mada, sarta para putra, andikakakên ambêdhah ing Giri. Sunan Parapèn inggih amêthukakên pêrangipun bala ing Majapait, nanging kawon pêrangipun, nuntên lumajêng angungsi sapinggiring sagantên. Kitha ing Giri lajêng kabêsmi sadaya.

Rajaputra ing Majapait tindak dhatêng pasareyanipun sunan lami kang sampun seda, ingkang têngga pakuburan ngriku tiyang kêkalih sami pincang, lajêng andikakakên andhudhuk pakuburan. Bala ing Majapait enggal sami tumandang andhudhuk, nanging lajêng sami dhawah gulasahan. Tiyang kêkalih kang sami pincang wau nuntên kadhawahan andhudhuk. Yèn botên purun anglampahi, kaayam-ayam badhe kadamêl coban dhuwung. Tiyang pincang kêkalih wau inggih enggal andhudhuk. Siti ing pasarean sampun kadhudhuk, balabag tutuping tabêla lajêng kabikak, kombang mêdal tanpa wicalan saking salêbêting pakuburan, manginggil angêbêki awang-awang, swaranipun kados langit rêbah, nuntên anêmpuh bala ing Majapait sami lumajêng arêbat gêsang, dumunung ing nagari Majapait, kombang taksih angêsuk. Prabu Brawijaya sabalanipun atilar nagari, angungsi têbih, awit botên kadugi anulak pangangsêging kumbang, kombang sampun wangsul dhatêng nagarinipun malih. Sarêng kombang sampun botên wontên, Prabu Brawijaya lajêng kundur dhatêng nagari ing Majapait malih lan sabalanipun, sarta botên sumêja anyikara malih dhatêng Sunan ing Giri.

Kacariyos tiyang kêkalih kang sami pincang atêngga pakuburan wau, lajêng waluya sakitipun, nuntên lumajêng asuka pirsa dhatêng Sunan ing Giri, kang ngungsi wontên pinggiring sagantên, awêwartos yèn mêngsah sampun larut, amargi katêmpuh ing kombang, sarta awêwartos jalarane anggènipun saras. Sunan Parapèn sarêng mirêng wêwartosipun tiyang kêkalih wau, lajêng kondur dhatêng ing Giri, antawis lami ing Giri sampun raharja kados ingkang wau-wau, sarta botên wontên mêngsah malih.

Kala samantên Prabu Brawijaya èngêt dhatêng putranipun ingkang dhêdhêkah wontên ing Bintara, angandika dhatêng Adipati ing Têrung, kêpriye kakangamu dene wis lawas ora nana seba, jangjine marang aku ing sabên taun bakal seba, môngka wis têlung taun ora nana mrene, apa ta wus mukti, dene ora eling marang aku, yèn mêngkono, kowe lumakua mênyang ing Bintara, kakangamu takonana, apa sababe dene ora seba marang aku.

Adipati ing Têrung enggal lumapah dhatêng Bintara, kadhèrèkakên tiyang salêksa, sampun kêpanggih kalih ingkang raka, sarta andhawahakên timbalanipun sang prabu. Radèn Patah amangsuli, yèn sampun agêng panuwunipun mênggahing sih kawêlasanipun Prabu Brawijaya, wondene sababipun botên sowan, awit saking wêwalêring agami, ingkang botên anglilani tiyang Islam sowan ing tiyang kapir, sarta sampun kajôngka yèn ing Bintara badhe jumênêng karaton, wiwitipun tiyang Jawi sami Islam. Adipati ing Têrung anggraita ing galihipun, ajrih wangsul dhatêng ing Majapait, yèn botên sarêng kalih ingkang raka, lajêng angatag dhatêng Radèn Patah, supados enggala linampahan ing kaniyatanipun, sarta Adipati ing Têrung badhe ambiyantoni pêrangipun.

Nuntên sami pirêmbagan, tiyang Islam sami kaklêmpakakên sadêdamêlipun wontên ing Bintara, bupati ing Madura, Arya Teja ing Tuban, Bupati ing Surapringga tuwin sang pandhita ing Giri inggih sampun sami ngalêmpak wontên ing Bintara lan sabalanipun. Punapadene para wali lan para mukmin inggih sampun sami ngalêmpak. Anuntên sami bidhal dhatêng Majapait. Kathahing baris tanpa wilangan. Kitha ing Majapait lajêng kakêpang, tiyang ing Majapait kathah ingkang sami têluk dhatêng Dipati Bintara, botên wontên ingkang purun mêthuk prang, Adipati ing Bintara sarta Adipati ing Têrung lajêng lumêbêt ing alun-alun. Adipati Bintara pinarak ing dhêdhampar wontên ing pagêlaran ingadhêp para prajurit.

Patih Gajah Mada angunjuki uninga ing sang prabu, yèn kadhatêngan mêngsah saking ing Bintara, samangke Adipati Bintara pinarak wontên ing pagêlaran. Sang Prabu Brawijaya sarêng mirêng yèn ingkang putra wontên ing pagêlaran, lajêng minggah dhatêng pêpanggungan, karsa aningali dhatêng ingkang putra, Sang Prabu Brawijaya sarêng sampun aningali dhatêng ingkang putra, lajêng merad lan sabalanipun ingkang sêtya dhatêng rajanipun. Kala meradipun Prabu Brawijaya ing sakêdhap punika ugi wontên ingkang katingal kados andaru, wêdalipun saking kadhaton ing Majapait, warninipun kados kilat, swaranipun gumludhug anggêgirisi dhumawah dhatêng ing Bintara.

Adipati Bintara nuntên lumêbêt dhatêng ing kadhaton, sangêt eramipun, dene botên kêpanggih tiyang satunggil-tunggila, amuwun salêbêting galih, nuntên mêdal saking kadhaton, kondur dhatêng ing Bintara, kalihan bantu saprajuritipun. Sarawuhe ing Bintara, Sunan Ngampèl Dênta ngandika dhatêng Dipati ing Bintara, andikakakên jumênêng ratu wontên ing Majapait, ingkang sampun dados warisipun, ananging Sunan Giri badhe anyêlani jumênêng Ratu Majapait, laminipun kawan dasa dintên. Anyarati supados ical lêlabêtipun ratu kapir, rêmbag mêkatên wau inggih sampun kalampahan.

Sarêng sampun angsal kawan dasa dintên, Sunan Giri nuntên pasrah karaton dhatêng Radèn Patah, Radèn Patah inggih lajêng jumênêng ratu wontên ing Dêmak, angêrèh ing tanah Jawi sadaya, ajêjuluk Senapati Jimbun Ngabdurahman Panêmbahan Palembang Sayidin Panatagama. Ki Wanapala kajunjung pêpatih, anama Patih Mangkurat.

Tiyang ing tanah Jawi sami suyud sarta anut ing agami Islam. Lajêng sami pirêmbagan badhe angadêgakên masjid ing Dêmak. Para wali sami bêbah-bêbahan ing panggarapipun. Sampun sami cumawis, amung Sunan Kalijaga ingkang kantun, dèrèng warni ingkang dados bêbahanipun. Sabab sawêg tirakat dhatêng ing Pamantingan. Sawangsulipun dhatêng ing dalêm, masjid sampun badhe kaadêgakên. Sunan Kalijaga enggal anglêmpakakên tatal. Nuntên kabêngkêkan, sarêng sadalu punika ugi bêngkêkan tatal dados saka, enjingipun tanggal kaping 1 wulan Dulkangidah masjid kaadêgakên, sinêngkalan 1428, keblatipun masjid manut kakbah ing Mêkah, pangulunipun Sunan ing Kudus.

Sarêng sampun antawis sajumungah adêgipun masjid wau, para wali pinuju sami dikir wontên ing masjid, Sunan Kalijaga lênggah nyanès, nyikruk wontên sangandhaping bêdhug. Nuntên wontên buntêlan dhawah saking nginggil, ulêsipun wacucal menda, ing lêbêt isi pasujudan sarta salendhangipun Kajêng Rasul. Para wali sami pirêmbagan, buntêlan wau prayogi kapanduma sapikantukipun. Sunan Bonang botên amrayogèkakên ing pirêmbag wau, karsanipun Sunan Bonang buntêlan prayogi kaumbulakên. Sintên ingkang kadhawahan inggih punika ingkang andarbèni. Buntêlan wau inggih nuntên kaumbulakên, dhawah wontên ing pangkonipun Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga kagèt nuntên ngaluwat laminipun kawan dasa dintên, sarwi andondomi wacucal wau sarta maos kalimah kêkalih, wacucal sampun dados rasukan anama ôntakusuma utawi Kyai Gundhil. Mênggah Kyai Gundhil punika sapanginggilipun dados agêm-agêmanipun para ratu, ing nalikanipun yèn jumênêng ratu lan yèn mangun pêrang, namung Sultan Dêmak lan Sultan Pajang kang botên ngagêm.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s