Babad Tanah Djawi (3)


gajah-mada002

Ajar Camara Tunggal sarêng tamian Radèn Sêsuruh, sampun sumêrêp ikang dados karsanipun. Kyai ajar asuka pitêdah, Radèn Sêsuruh kapurih lumampah ngetan lêrês. Mênawi manggih wit maja satunggil, ingkang awoh namung satunggil, isinipun pait. Adhêdhepoka wontên ing ngriku, panggenan punika ing benjing badhe dados nagari agêng, Radèn Sêsuruh ingkang badhe angratoni, anêdhakakên para ratu ing tanah Jawi, sarta badhe malês dhatêng ratu ing Pajajaran. Wondene Ajar Camara Tunggal wau dede ajar ingkang sayêktosipun. Kala waunipun putri ing Pajajaran, ingkang rayi tumuntên ing eyangipun Radèn Sêsuruh, mila kalampahan lolos saking nagari dados ajar, awit saking lumuhipun krama, pintên-pintên ratu ingkang sami nglamar dipun tampik. Salolosipun saking nagari Pajajaran anjujug ing rêdi Kombang, ing ngriku wontên kajêngipun camara namung satunggil. Mila anama Ajar Camara Tunggal. Radèn Sêsuruh inggih dipun sêrêpakên mênggah punika, anuntên ajar malih warninipun lami, dados èstri anglangkungi ayunipun. Radèn kedanan sangêt, amarêpêki badhe nyêpêng, tiyang èstri lajêng musna, botên antawis dangu katingal malih, nanging sampun warni ajar, Radèn Sêsuruh lajêng nyungkêmi sukunipun, sarta nyuwun pangapuntên.

Ajar Camara Tunggal pitutur malih, yèn ing benjing badhe kapanggih malih kalih Radèn Sêsuruh, bilih radèn sampun jumênêng ratu, angrèhakên ing tanah Jawi sadaya, sarta kyai ajar badhe ngalih dhatêng ing sagantên wêdhi, wontên ing ngriku jumênêng ratu, angrèhakên sakathahing lêlêmbat. Anuntên badhe ngalih ngadhaton ing Pamantingan, kalèrèh dhatêng Radèn Sêsuruh, wondene têdhak-têdhakipun Radèn Sêsuruh badhe ngadhaton salèripun ing Pamantingan, sakidulipun ing rêdi Marapi, sarta sintên-sintêna ingkang jumênêng ratu ing tanah Jawi, badhe anggarwa dhatêng Ajar Camara Tunggal. Ing wusananipun Radèn Sêsuruh dipun wêling, manawi ing benjing manggih pakèwêd, kapurih animbalana Ajar Camara Tunggal, amêsthi sakêdhap dhatêng, ambiyantoni sabalanipun lêlêmbat. Satêlasing pitutur radèn dipun aturi mangkat, anjujug nagari ing Singasari.

Radèn Sêsuruh sasampuning pamit lajêng mangkat sarencangipun tiyang satus. Wontên ing wana kèndêl sangandhapipun wit maja, wohipun namung satunggal. Radèn èngêt wêwêlingipun Ajar Camara Tunggal, wohing maja andikakakên mêthik. Sarêng dipun dhahar raosipun pait. Radèn adhêdhêkah wontên ing ngriku, kawastanan dhusun ing Majapait. Anuntên kathah têtiyang dhatêng, tumut agriya wontên ing ngriku, saha sami anênanêm. Lami-lami dados nagari agêng, misiwur ing pundi-pundi.

Kacariyos Arya Bangah, sadhêrekipun Radèn Sêsuruh, ingkang jumênêng wontên ing Galuh, nagarinipun kabêdhah dhatêng ratu ing Pajajaran, lolos saking ing nagari, kêpanggih kalih ingkang rayi wontên dhusun ing Majapait wau, sarêng sampun mratelakakên ing tiwasipun, lajêng sami ngrêmbag anglurugi ing nagari Pajajaran, inggih lajêng linampahan.

Sabêdhahipun nagari ing Pajajaran, Radèn Sêsuruh jumênêng ratu wontên ing Majapait. Têtiyang sapulo Jawi suyud sadaya, Arya Bangah ngalih nama Arya Panular, Ki Wiro kajunjung lênggahipun, anama Patih Wahan, Ki Bandar sarta Ki Nambi kadamêl Mantri.

Lami-lami prabu ing Majapait pêputra, kaparingan nama Prabu Anom. Patih Wahan inggih pêputra, anama Hudara, dados Adipati ing Kadhiri, sasedanipun Prabu Sêsuruh dipun gantosi putranipun, ingkang dados patih taksih Kyai Wahan. Anuntên sang nata ingkang jumênêng enggal badhe kagungan karsa ambêbujêng dhatêng wana, Patih Wahan botên amrayogèkakên, awit sawêg jumênêng enggal, para abdi dèrèng suyud sêdaya, tampinipun sang nata kyai patih angèwêd-èwêdi karsanipun, andadosakên sangêt ing dukanipun, lajêng malêbêt ing dalêm.

Sang nata kagungan abdi satunggil, anama Ujung Sabata, dados lurah abdi kajinêman. Sampun kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton. Sumêrêp yèn sang nata duka, amargi dipun ampah karsanipun dhatêng kyai patih, lajêng sowan ing sang prabu, akathah-kathah ênggènipun ambêbolèhi, sangsaya adamêl dukanipun, angantos dhawah dhatêng Ujung Sabata, andikakakên nyidra Patih Wahan. Kaparingan agêmipun wangkingan, anama Kyai Jangkung Pacar. Ujung Sabata anglampahi, Patih Wahan pêjah dipun cidra wontên ing dalêmipun piyambak. Garwa putranipun sami kapundhut kadalêmakên

Sapêjahipun Patih Wahan, sang nata andumugèkakên karsanipun. Ambêbujêng dhatêng wana kalih ingkang garwa, kadhèrèkakên ingkang para abdi, saking bingahipun ambêbujêng sang nata ngantos pisah kalih ingkang abdi. Putranipun Patih Wahan ingkang dados Adipati Kadhiri sampun midhangêt wartos, bilih ingkang rama dipun pêjahi dhatêng sang prabu, sumêrêp yèn sang nata sawêk ambêbujêng dhatêng ing wana, lajêng anumpak kapal kalih ambêkta waos, angupadosi sang nata, sumêdya amalês pêjahipun ingkang rama, anuju kêpanggih ijen, sang nata dipun waos dados ing sedanipun. Lajêng kagêntosan ingkang putra anama Adaningkung.

Prabu Adaningkung apêputra Hayamwuruk. Hayamwuruk apêputra Lêmbu Amisani, patihipun anama Dêmung Wular, Lêmbu Amisani apêputra Bra Tanjung, Bra Tanjung apêputra Radèn Alit, sarêng jumênêng ratu anama Brawijaya, patihipun anama Gajah Mada.

Sang Prabu Brawijaya ing dalu supêna krama kalih putra ing nagari Cêmpa, enjing sawungunipun animbali kyai patih, kadhawahan lumampah dhatêng nagari ing Cêmpa ambêkta sêrat katur ratu ing Cêmpa, ungêlipun, anglamar ingkang putra, wondene prênahipun nagari Cêmpa wau ing tanah sabrang, Patih Gajah Mada lajêng lumampah numpak baita, lampahipun lastantun dumugi nagari ing Cêmpa, sang prabu putranipun tiga, pambajêng kalih panggulunipun èstri, wuragilipun jalêr, Patih Gajah Mada sowan ing sang prabu angaturakên sêrat. Sang nata parêng putranipun dipun lamar, ingkang pambajêng kabêktakakên dhatêng kyai patih, sarta dipun bêktani gong, nama Kyai Sêkar Dalima, kalihan garêbong, anama Kyai Bale Lumur sarta padhati, nama Kyai Jêbat Bètri, patih lajêng mangkat, lastantun dumugi nagari Majapait. Putri katur ing Sang Prabu Brawijaya.

Sang Prabu ing Cêmpa wau atamian tiyang saking sabrang, anama Makdum Brahim Asmara, matur ing sang nata kapurih Islama, sang nata anuruti, dalasan abdi sanagari sadaya sami Islam. Sarta putranipun èstri kantun satunggil kadhaupakên kalih Makdum Brahim Asmara, sasedanipun sang prabu kagêntosan putranipun jalêr, Makdum Brahim Asmara apêputra kalih sami jalêr.

Satêngahing wana bawah nagari Majapait wontên danawa kêkalih tapa, jalêr èstri sami sadhèrèk. Danawa èstri wau sangêt ênggènipun kapingin dados garwanipun Prabu Brawijaya, sarèhning warni danawa, anyipta botên kêdugèn ing pikajênganipun, lajêng malih warni èstri anglangkungi ayunipun, asêsilih nama Endhang Sasmitapura, pamit dhatêng sadhèrèkipun sumêdya sowan ing Sang Prabu Brawijaya, sadhèrèkipun anglilani. Sadhatêngipun nagari ing Majapait, sakathahing tiyang sami eram aningali ayunipun, ngantos kêmirêngan ing sang nata, lajêng andikakakên ngirid dhatêng kadhaton, sarta kadamêl sêlir, lami-lami Endhang Sasmitapura wawrat, kapingin nêdha gêcok mêntah, sang nata anglêgani, sarêng Endhang Sasmitapura nêdha gêcok mêntah, lajêng malih warni danawa malih, sang nata kagèt sarta sangêt ing dukanipun, amundhut waos. Endhang Sasmitapura badhe dipun pêjahi, nanging botên kalampahan, awit enggal lumajêng mantuk dhatêng ing wana malih. Sarêng dumugi ing sangang wulan, danawa èstri gadhah anak jalêr, bagus warninipun, kanamanan Ki Dilah.

Sarêng Ki Dilah sampun birai, atakèn ingkang yoga dhatêng ibunipun. Ibunipun anjatèni, Jaka Dilah lajêng pamitan, badhe lumampah dhatêng nagari ing Majapait, sumêdya ngabdi ing sang nata, dipun ampah botên kenging, mêksa kesah, dumugi ing nagari kêpanggih kalih Patih Gajah Mada wontên ing pasowanan. Sarêng sampun mratelakakên ingkang dados pikajênganipun, lajêng kaaturakên ing sang prabu, sang nata parêng, Jaka Dilah kadadosakên abdi panakawan.

Prabu Brawijaya karsa ambêbujêng dhatêng wana, Ki Dilah matur, sampun susah sang nata adamêl kangelaning sariranipun, ambêbujêng tindak dhatêng wana, Ki Dilah sagah anggiring sawarnining bêbujêngan wana dhatêng alun-alun. Sang nata parêng, nanging bilih botên sagêd andhatêngakên, badhe kapatrapan paukuman pêjah. Jaka Dilah lajêng lumampah dhatêng ing wana, kapanggih kalih ibunipun, awartos ingkang dados kasagahanipun dhatêng ratu ing Majapait. Ibunipun sagah anglêmpakakên sawarnining bêbujêngan wana, sarêng sakathahing bêbujêngan sampun ngalêmpak, lajêng dipun giring dhatêng Jaka Dilah dumugi ing alun-alun ing Majapait. Andadosakên suka bingahipun sang nata. Jaka Dilah katrimah ing damêlipun, sabibaring ambêbujêng Jaka Dilah kajunjung lênggahipun, dados ratu ing nagari Palembang, kaparingan nama Arya Damar, sarta dipun bêktani abdi salêksa, Arya Damar lajêng mangkat saking nagari Majapait, kèndêl wontên ing Garêsik.

Kacariyos Sang Prabu Brawijaya krama malih angsal putri ing nagari Cina, garwanipun sêpuh ingkang saking nagari Cêmpa sangêt ing pamularipun, botên parêng dipun maru kalih putri Cina, anyuwun kaantukakên dhatêng ingkang rama, mênawi botên kabucal marunipun. Saking agênging trêsnanipun dhatêng garwa kawitan, Prabu Brawijaya sagah angantukakên putri Cina dhatêng nagarinipun. Sang nata lajêng animbali Patih Gajah Mada, kautus amasrahakên putri Cina dhatêng Arya Damar, sarta mawi dipun bêktani sêrat. Patih Gajah Mada lajêng lumampah ambêkta putri Cina, sampun kêpanggih kalih Arya Damar wontên ing Garêsik. Andhawahakên timbalanipun sang nata, sarta amatêdhakakên sêrat, ungêling sêrat. Putri Cina kapatêdhakakên dados garwa dhatêng Arya Damar, nanging sarèhning sawêg ngandhêg, botên kalilan anyarènana, angêntosana sababaring wawratan. Arya Damar matur sandika. Arya Damar lajêng mancal, lastantun dumugi ing Palembang, lajêng jumênêng ratu.

Makdum Brahim Asmara, ingkang wontên ing nagari Cêmpa, apêputra kalih sami jalêr, ingkang sêpuh nama Radèn Rahmat, ingkang anèm nama Radèn Santri, Ratu ing Cêmpa inggih sampun pêputra kakung satunggil. Anama Radèn Burèrèh. Radèn Rahmat wau anyuwun pamit dhatêng ingkang paman Prabu ing Cêmpa, kalilana dhatêng ing tanah Jawi, kalih ingkang rayi, badhe tuwi ingkang uwa ratu ing Majapait. Sang nata anglilani, nanging Radèn Burèrèh andikakakên ambêkta, anuntên sami mangkat tiyang têtiga, lastantun dumugi nagari ing Majapait. Sampun kêpanggih kalihan Prabu Brawijaya.

Putra têtiga wau ênggènipun kèndêl wontên ing nagari Majapait sataun. Radèn Rahmat krama angsal putranipun Tumênggung Wilatikta, anama Ki Gêdhe Manila, wondening Tumênggung Wilatikta wau inggih gadhah putra jalêr satunggil, awasta Jaka Said, kaprênah anèm kalih ingkang sampun krama wau, Radèn Rahmat lajêng adhêdhêkah wontên ing Ngampèl Dênta. Radèn Burèrèh kalih Radèn Santri inggih sampun sami krama angsal putranipun Arya Teja, ingkang sêpuh angsal Radèn Santri, ingkang anèm angsal Radèn Burèrèh, anuntên sami dhêdhêkah wontên ing Garêsik.

Kacariyos wontên maolana saking nagari Juldah angajawi, anama Sèh Walilanang, ingkang dipun jujug ing Ngampèl Dênta, arêraosan bab ngèlmi kalihan sunan ing Ngampèl Dênta, sarêng sampun antawis lami ênggènipun wontên ing Ngampèl Dênta, lajêng alêlampah malih angetan lêrês, anjog ing Balambangan, anjujug dhusun ing Purwasata. Ratu ing Balambangan kagungan putra èstri sawêg gêrah sangêt, botên wontên ingkang sagêd anyarasakên. Sarêng dipun jampèni Sèh Walilanang saras, anuntên karsanipun sang nata ingkang putra kadhaupakên kalih Sèh Walilanang, lami-lami sang prabu dipun purih Islama dhatêng ingkang putra mantu, nanging botên purun. Sèh Walilanang lajêng kesah dhatêng ing Malaka, ingkang garwa dipun tilar, panuju wawrat sêpuh. Sakesahipun Sèh Walilanang nagari ing Balambangan kenging wêwêlak agêng, akathah tiyang pêjah. Garwanipun Sèh Walilanang ingkang katilar wau ambabar mêdal jalêr, karsanipun Ratu ing Balambangan, jabang bayi kalêbêtakên ing tabêla, dipun labuh dhatêng ing sêgantên.

Ratu ing Balambangan kagungan abdi, anama Ki Samboja, punika manggih bilai kadukan ing sang nata, kaundur saking kalênggahanipun, lajêng kesah ngabdi dhatêng Ratu ing Majapait, katrimah ing pangabdinipun, kaganjar kalênggahan wontên ing Garêsik. Sapêjahipun Ki Samboja, atilar semah anglangkungi sugihipun. Sarta kathah padagangipun. Anuntên wontên padagangipun amanggih tabêla isi lare, dipun sukakakên dhatêng Nyai Rôndha Samboja, jabang bayi kapêndhêt putra, sarêng sampun agêng dipun kèn ngaos dhatêng Sunan ing Ngampèl Dênta, kancanipun ngaos kalih putranipun Sunan ing Ngampèl Dênta, anama Santri Bonang, wondene putranipun nyai rôndha wau kanamanan Santri Giri, lare kalih wau nuntên sumêja ngaos dhatêng Mêkah, lajêng sami mangkat, kèndêl wontên ing Malaka, kêpanggih kalih Walilanang, sarta dipun guroni, antawis sataun laminipun, lajêng badhe andumugèkakên kaniyatanipun ngaos dhatêng Mêkah, nanging Sèh Walilanang botên angrêmbagi, dipun purih mantuka dhatêng ing nagarinipun piyambak, sarta sami dipun iring jungkat, kalih rasukan jubah, Santri Giri dipun juluki Prabu Sètmata, Santri Bonang dipun jêjuluki Prabu Nyakrakusuma, anuntên sami mantuk dhatêng ing Ngampèl Dênta malih.

Wontên drêwis saking tanah ing Atasangin angajawi, anama Sèh Raidin, adêdunung wontên ing Ngampèl Dênta, lami-lami kesah alêlampah malih, sarêng pêjah dipun pêtak wontên ing Pamalang.

Putranipun Tumênggung Wilatikta ing Majapait, ingkang nama Jaka Said, sangêt rêmênipun ngabotohan, ambalayangan dumugi ing Japara, bilih kawon ambêbegal, angadhang tiyang lumampah wontên ing wana, anama ing Jatisêkar, kaprênah salèr wetanipun ing Lasêm. Sunan Bonang pinuju langkung wontên ing wana wau, dipun andhêg badhe dipun begal. Sunan Bonang ngandika, benjing manawi wontên tiyang langkung ing ngriki, angangge sarwa wulung, sarta asumping sêkar wora-wari abrit, punika prayogi dipun begala, Radèn Said anuruti, Sunan Bonang dipun lulusakên ing lampahipun. Antawis tigang dintên langkung ing panggenan Radèn Said ngadhang tiyang wau, panganggènipun sarwa wulung, asumping sêkar wora-wari abrit. Sarêng dipun andhêg dhatêng Radèn Said, Sunan Bonang dados sakawan. Radèn Said sangêt ing ajrihipun lajêng tobat, amantuni ênggènipun anglampahi padamêlan awon. Nuntên tapa angsal kalih taun, saking ênggènipun angèstokakên pakènipun Sunan Bonang, sasampuning tapa Radèn Said dhatêng ing Carêbon, wontên ing ngriku tapa malih sapinggiring lèpèn, anama Kalijaga, lajêng ngalih nama Sunan Kalijaga, lami-lami kapêndhêt ipe dhatêng Sunan Gunungjati, ingkang angrèhakên ing Carêbon. Kaangsalakên sadhèrèkipun anèm.

Kacariyos putri Cina, ingkang kaparingakên dhatêng Arya Damar, sampun ambabar miyos kakung, dipun jêjuluki Radèn Patah, patutanipun kalih Arya Damar piyambak inggih kakung satunggil, kanamanan Radèn Usèn. Sarêng sampun sami diwasa, karsanipun Arya Damar badhe amagawan, Radèn Patah badhe kagêntosakên jumênêng ratu ing Palembang, Radèn Usèn dadosa patihipun. Nanging Radèn Patah mopo, awit kêdugi dèrèng sagêd anglampahi, ing wanci dalu Radèn Patah lolos saking Palembang, lumampah ing sapurug-purug, angambah wana, anuntên kèndêl wontên pinggiring têlagi.

Radèn Usèn sarêng enjingipun ningali ingkang raka botên wontên, lajêng kesah angupadosi, botên mawi matur dhatêng ingkang rama ibu, utawi dhatêng tiyang sanèsipun. Lampahipun ngantos têbih, anasak-nasak wana, botên kantênan ingkang dipun jujug.

Radèn Usèn angsalipun ngupadosi ingkang raka sampun kêpanggih. Pinuju lênggah wontên pinggiring têlagi, ingkang rayi awad yèn kadukan dhatêng ingkang rama, mila kalampahan kesah saking nagari, putra kêkalih lajêng sami rêmbag dhatêng ing tanah Jawi, angabdi Prabu Brawijaya ing Majapait. Sarêng sami lumampah, kêpêthuk tiyang begal kêkalih, anama Supala Supali, begal kêkalih kawon, lajêng dipun kèn sami mantuk.

Radèn kêkalih andumugèkakên lampahipun, sumêdya ngadhang juragan ingkang mêdal ing sêgantên. Badhe dipun nunuti, nuntên kèndêl wontên ing rêdi ngongkang sêgantên, anama Rêsamuka, wontên ing ngriku sami tapa ngantos tigang wulan, sarta angajêng-ajêng langkunging baita, anuntên wontên baita juragan, kèndêl cêlak ing rêdi wau, purun dipun nunuti, lampahing baita kèndêl ing Surapringga, wontên ing ngriku radèn kêkalih mudhun dhatêng dharat, kèndêl wontên ing Ngampèl Dênta, lajêng sami anggêguru dhatêng Sunan Ngampèl Dênta, sarta sami manjing agami Islam. Sarêng sampun antawis lami ênggènipun wontên ing Ngampèl Dênta, Radèn Usèn angèngêtakên ingkang raka, ênggènipun badhe angabdi ratu ing Majapait. Wangsulanipun Radèn Patah, sarèhning sampun manjing agami Islam. Botên purun angabdi ratu kapir, ingkang rayi kasarah, bilih karsa angabdi piyambak. Radèn Usèn wau inggih lajêng lumampah piyambak dhatêng ing Majapait, sumêdya ngabdi, inggih sampun katrimah ing pangabdinipun, kajunjung lênggah dados Adipati Têrung.

Amangsuli cariyosipun Radèn Patah, ingkang kantun wontên ing Ngampèl Dênta, kadhaupakên kalih putranipun Nyai Agêng Maloka ingkang pambayun, wayahipun Sunan ing Ngampèl Dênta, anuntên Radèn Patah nyuwun pitêdah, ing pundi ênggènipun badhe jêmjêm adhêdhêkah, Sunan ing Ngampèl Dênta inggih asuka pitêdah, Radèn Patah kapurih lumampah ngilèn lêrês. Bilih manggih galagah arum ambêtipun, punika dipun dhêkahana, awit panggenan punika badhe dados nagari, sarta gêmah raharja. Radèn Patah lajêng lumampah anjog ing wana agêng, amanggih galagah wangi ambêtipun. Wana punika anama ing Bintara, ing ngriku Radèn Patah adhêdhêkah, botên antawis lami kathah têtiyang dhatêng, sami tumut gêgriya ing ngriku, sarta sami ambabadi wana, angadêgakên masjid. Sangsaya kathah têtiyang dhatêng, sami anggêguru dhatêng Radèn Patah.

Kacariyos Prabu Brawijaya miyos sitinggil, andangu dhatêng para nujum. Punapa sasedanipun wontên ingkang anggêntosi kaprabonipun, andarbèni panguwasa kados panjênênganipun. Aturipun para nujum inggih wontên, têdhakipun sang nata ugi, nanging badhe ngalih kadhaton ing Mataram. Angèdhêpakên tiyang ing tanah Jawi sadaya. Prabu Brawijaya botên mawi ngandika lajêng kundur angadhaton. Kala samantên sang nata gêrah raja singa, lami botên sagêd miyos-miyos, sawarnining jêjampi botên mantunakên, anuntên wanci dalu sang nata mirêng swara. Hèh sang nata, yèn sira arêp waras, atunggala turu wong wandhan kang kuning rupane, sawungunipun sang nata lajêng mundhut abdi èstri wandhan, bêbêktanipun ingkang garwa saking nagari ing Cêmpa, sarêng dipun sarèni sapisan sang nata saras gêrahipun. Abdi èstri wau wawrat, ambabar miyos kakung, abagus warninipun. Karsanipun sang nata, jabang bayi kaparingakên dhatêng abdi juru sabin, anama Kyai Buyut Masahar, nanging bilih sampun umur sawindu andikakakên mêjahi, awit pambatangipun para nujum, jabang bayi punika ing benjing badhe dados ratu, angrisak panjênênganipun sang prabu, nanging pambatangipun para nujum wau kalintu.

Jabang bayi kabêkta mantuk dhatêng Ki Masahar, kapasrahakên dhatêng semahipun, supados kapulasaraa, sarêng sampun puput, dipun jêjuluki Radèn Bondhan Kajawan. Dumugi umur sawindu Kyai Buyut anyêrêpakên dhatêng semahipun, ingkang dados karsanipun sang nata wau, lajêng ngunus curiga, badhe amêjahi ing Radèn Bondhan Kajawan. Nyai Buyut kalêngêr, Kyai Masahar sande ênggènipun badhe amêjahi, enggal anulungi semahipun. Saking awrating trêsnanipun dhatêng ingkang èstri, Radèn Bondhan Kajawan botên siyos pêjah, Kyai Masahar lajêng sowan ing sang nata, awad yèn sampun anglampahi dhawahipun. Sang nata sakalangkung suka ing galih.

Prabu Brawijaya sampun midhangêt wartos, yèn wontên tiyang dhêdhêkah ing wana Bintara, misuwur ing pundi-pundi mênggah agênging padhêkahan sarta kasêktènipun. Sang nata andangu dhatêng para mantri, yêktos kalihan botênipun. Adipati Têrung matur yèn sayêktos, sarta ingkang dhêdhêkah wau kaprênah sadhèrèkipun sêpuh, sang nata lajêng dhawah animbali, Adipati ing Têrung ingkang lumampah angirit abdi salêksa.

Sadhatêngipun ing Bintara, Radèn Patah dipun timbali, enggal lumampah, kairid dening Adipati Têrung, sadhatêngipun ing ngarsanipun sang prabu, sang nata sakalangkung suka ing galih, sarta luntur sihipun dhatêng Radèn Patah, awit warninipun sami kalihan sang prabu, lajêng kaakên putra, kaangkat nama Dipati ing Bintara, sarta kaparingan abdi salêksa, sang nata anyêrêpakên dhatêng Radèn Patah, yèn padhêkahan ing Bintara benjing badhe dados nagari anama ing Dêmak. Ing ngriku badhe wiwitipun salin agami Islam. Sarêng Radèn Patah sampun dipun pituturi, lajêng kalilan mantuk dhatêng Dêmak, angirid abdi salêksa, sarta kaparingan gajah, kapal, garêbong, padhati. Lami-lami padhêkahan ing Bintara sangsaya gêmah arja.

Ing nagari Kudus wontên tiyang dêdunung, awasta Kyai Agêng ing Kudus. Punika gadhah anak jalêr têtiga, ingkang tunggil biyung kêkalih, wuragilipun sanès biyung, dipun tantun rabi botên purun, andadosakên dukanipun ingkang rama, saking ajrihipun kadukan, ing wanci dalu Ki Jaka kesah, lampahipun anjujug ing rêdi Kêndhêng, atapa wontên ing ngriku, lami-lami kalunta-lunta lampahipun, amanggih patamanan, wontên bèjinipun ayom kaubêngan ing sêsêkaran. Ki Jaka karêmênên alênggah sangandhaping kajêng, ingkang angayomi bèji, wondene ingkang gadhah patamanan punika, anama Kyai Agêng ing Kêmbang Lampir, gadhah anak èstri satunggil ayu, dipun taros laki botên purun.

Ing wanci kèndêling bêdhug siyang, anakipun Kyai Agêng ing Kêmbang Lampir wau angangsu dhatêng ing patamanan, botên mawi rencang. Ki Jaka sarêng aningali wontên tiyang èstri ayu dhatêng, lajêng sênêtan ampingan kajêng, botên katingal dhatêng kang badhe ngangsu, sarèhning botên wontên tiyang satunggil-tunggila ingkang katingal, tiyang èstri wau botên taha-taha, awuda lajêng adus ing bèji, sasampuning adus badhe mantuk, dipun tututi dhatêng Ki Jaka, dipun gujêg lajêng katunggil tilêm. Sarêng sampun, Ki Jaka kesah, tiyang èstri mantuk.

Lami-lami anakipun Kyai Agêng Kêmbang Lampir wawrat, dipun takèni dhatêng bapakipun, mênggah ingkang ngêtêngi, botên purun bêlaka, Kyai Agêng sakalangkung nêpsu, sarta sangêt ing wirangipun. Saking ajrihing dukanipun ingkang rama, anak wau ing wanci dalu lolos, kesah ing sapurug-purug. Sarêng andungkap ing mangsanipun, ambabar mêdal jalêr, wontên ing wana ing Kapanasan. Tiyang èstri pêjah konduran. Jabang bayi wontên ing daganipun.

Kacariyos Kyai Agêng ing Selandaka, karêmênanipun anulup. Anuju kyai agêng dhatêng wana, amanggih jabang bayi, lajêng dipun êmban ing sabukipun. Kyai agêng andumugèkakên anggènipun badhe nulup, anuntên ningali kidang, sangêt ing rêmênipun, kaêtutakên ing sapurugipun. Dangu-dangu kidang ical, sangêt andadosakên cuwaning manahipun muring-muring dhatêng jabang bayi, lajêng kasèlèhakên sangandhaping wit-witan. Kyai agêng andumugèkakên ngupadosi kidang wau.

Wondene panggenanipun anyèlèhakên lare wau, kala rumiyin pratapanipun Kyai Agêng ing Tarub. Satilaripun Kyai Agêng ingkang èstri wulanjar taksih agriya wontên ing ngriku, lare wau dipun panggih dhatêng nyai rôndha, sarta dipun pulasara, sarêng umur pitung taun katingal bagusipun. Kancanipun lare sami dolan asih sadaya, karêmênanipun anulup dhatêng wana, ngantos dumugi ing diwasanipun, badhe dipun rabèkakên botên purun.

Ki Jaka anuju nulup dhatêng wana, aningali pêksi anèh warninipun, sangêt anggènipun kapencut, dipun tulup lêpat. Ngalih-ngalih ênggènipun mencok, kaêtutakên ing sapurugipun, ngantos dumugi ing wana agêng, pêksi lajêng botên katingal. Satêngahing wana punika wontên sêndhang, pasiramanipun widadari. anuju ing dintên Anggara Kasih para widadari sami tumurun asiram ing sêndhang wau. Ki Jaka asênêtan. Widadari sami lukar asiram wontên ing sêndhang, Ki Jaka awas aningali, kapencut ing ayunipun. Anuntên panganggènipun widadari ingkang satunggil dipun cuthik, sarta kaumpêtakên. Para widadari botên wontên sumêrêp, taksih bingah-bingah sami siram. Ki Jaka lajêng dhèhèm. Para widadari kagèt mirêng swaraning tiyang, enggal sami mabur ambêkta panganggènipun piyambak-piyambak. Namung satunggil anama Dèwi Nawangwulan, taksih kantun wontên ing sêndhang, awit panganggènipun botên wontên. Ki Jaka marêpêki, Nawangwulan dipun tantun, bilih purun dipun rabèni badhe kasukanan pangangge, saking kèwêdanipun Dèwi Nawangwulan, sagah anglampahi ingkang nênantun wau, pangangge lajêng kasukakakên, Nawangwulan kabêkta mantuk sarta dipun rabèni, andadosakên suka bingahipun nyai rôndha ing Tarub. Lami-lami nyai rôndha ing Tarub tilar, ingkang putra pupon wau lajêng anama Kyai Agêng ing Tarub, sampun apêputra satunggal èstri, anglangkungi ayu warninipun, kanamanan Rara Nawangsih.

Anuju satunggil dintên Dèwi Nawangwulan badhe angumbah popok dhatêng lèpèn. Ingkang raka dipun aturi têngga dangdanganipun, sarta kawêling wantos-wantos, sampun ngantos angungkabi kêkêb. Sakesahipun Dèwi Nawangwulan dhatêng lèpèn, Kyai Agêng atêngga dangdangan, dipun sambi amomong putra, ciptanipun Kyai Agêng, ingkang garwa amung dipun kêkayani pantun salumbung, môngka sampun antawis lami botên kalong, Kyai Agêng botên sagêd andugi ing sababipun. Saking badhe sumêrêp sapintên ingkang dipun bêthak, kêkêb dipun angkat. Ingkang wontên ing kukusan amung pantun sawuli, kêkêb lajêng katutupakên malih. Sadhatêngipun ingkang garwa angangkat kêkêb. Pantun sawuli taksih kados kalanipun kalêbêtakên. Sangêt andadosakên nêpsunipun sang dèwi, anarka yèn kêkêb dipun ungkabi dhatêng ingkang jalêr, ingkang jalêr lajêng badhe katilar mantuk dhatêng ing kahyanganipun, nanging sang dèwi sampun ical kasêktenipun, botên sagêd wangsul dhatêng ing pawidadarèn.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s