Babad Tanah Djawi (2)


Situs Ciungwanara

Sarêng Prabu Watugunung sampun dipun gêsangakên dhatêng Sang Hyang Narada, kadhawahan wangsul dhatêng nagari ing Gilingwêsi, botên purun. Awit sampun karaos wontên ing swarga, panyuwunipun, ingkang garwa sakalihan, kalih ingkang putra sadaya mugi kainggahna dhatêng swarga, nunggila kalih sang nata. Bathara Guru amarêngi panyuwun punika, lajêng andhawahakên parentah, anginggahakên dhatêng swarga garwa akalihan para putranipun. Pamêndhêtipun saking satunggil-satunggil sabên Ngahad. Punika wiwitanipun wontên wuku tigang dasa.

Saking aturipun Sang Hyang Narada dhatêng Bathara Guru, Bathara Wisnu katurunakên dhatêng marcapada; dados ratunipun ing lêlêmbat. Angêrèhakên wolung panggenan. Ing rêdi Marapi, ing Pamantingan, ing Kabareyan, ing Lodaya, ing Kuwu, ing Wringin pitu, ing Kayu Landheyan, ing Roban.

Bathara Brama katurunakên dhatêng marcapada jumênêng ratu wontên ing nagari ing Gilingwêsi, anggêntosi Prabu Watugunung. Pulo Jawi sampun nungkul. Lami-lami Bathara Brama apêputra èstri, anama Bramani, Bramani apêputra Tri Trustha, Tri Trustha apêputra Parikênan. Parikênan apêputra Manumanasa, Manumanasa apêputra Sakutrêm. Sakutrêm apêputra Sakri, Sakri apêputra Palasara, Palasara apêputra Bagawan Abiyasa, Bagawan Abiyasa apêputra Pandhu Dewanata jumênêng ratu wontên ing Ngastina, Pandhu Dewanata apêputra Arjuna, Arjuna apêputra Abimanyu, Abimanyu seda wontên ing paprangan, atilar garwa wawrat sêpuh, ambabar miyos kakung, anama Parikêsit, jumênêng ratu wontên nagari ing Ngastina ugi, Prabu Parikêsit apêputra Yudayana, Yudayana apêputra Gêndrayana, Gêndrayana apêputra Jayabaya, anuntên sirna nagarinipun.

Jayabaya ing Kadhiri apêputra Jayamijaya, Jayamijaya apêputra Jayamisena, Jayamisena apêputra Kusumawicitra, Kusumawicitra apêputra Citrasoma, Citrasoma apêputra Pôncadriya, Pôncadriya pêputra Anglingdriya, Anglingdriya pêputra Prabu Sawelacala, angratoni ing tanah Jawi nagarinipun ing Purwacarita, Prabu Sawelacala apêputra Sri Mahapunggung, pêpatihipun anama Jugulmudha, Sri Mahapunggung apêputra Kandhihawan. Pêpatihipun anama Konthara, Kandhihawan apêputra gangsal. Ingkang pambayun anama Panuhun. Dados ratunipun tiyang tani, adêdalêm wontên ing Pagêlèn. Panggulunipun anama Sandhang Garba, dados ratunipun tiyang dagang, adalêm wontên ing Jêpara, panêngahipun anama Karungkala, karêmênanipun saba wana, dados ratunipun tuwaburu, adalêm wontên ing Prambanan, ajêjuluk Ratu Baka, sundhulanipun anama Tunggul Mêtung, karêmanipun andèrès, dados ratunipun tiyang anggaota, wuragilipun anama Rêsi Gathayu, anggêntosi ingkang rama, jumênêng ratu wontên ing Koripan. Sadhèrèk sakawan wau sami kalèrèh.

Rêsi Gathayu apêputra gangsal. Pambajêngipun èstri, anama Rara Suciyan. Panggulunipun anama Lêmbu Amiluhur, jumênêng ratu ing Jênggala, panêngahipun Lêmbu Pêtêng, jumênêng ratu ing Kadhiri, sundhulanipun anama Lêmbu Pangarang, jumênêng ratu ing Gêgêlang, wuragilipun èstri, anama Ni Mrêgiwôngsa, krama angsal Lêmbu Amijaya, ingkang jumênêng ratu ing Singasari. Lêmbu Amiluhur apêputra Panji krama angsal putri ing Kadhiri, anama Dèwi Côndrakirana utawi Dèwi Galuh, Panji apêputra Kudalaleyan, jumênêng ratu ing Pajajaran. Prabu Laleyan apêputra Banjaransari, Banjaransari apêputra Mundhingsari, Mundhingsari apêputra Mundhingwangi, Mundhingwangi apêputra Sri Pamêkas. Sri Pamêkas apêputra Arya Bangah, kalih Radèn Sêsuruh, Arya Bangah jumênêng ratu wontên ing Galuh, Radèn Sêsuruh punika ingkang dipun gadhang jumênêng ratu ing nagari Pajajaran.

Anuntên kacariyos wontên ajar, atapa ing rêdi Pajajaran, anama Ajar Cêpaka, misuwur yèn tasdik, sumêrêp samukawis kang dèrèng kalampahan. Wartos punika sampun katur ing sang nata, sang prabu karsa angayoni kasagêdanipun kyai ajar, adhawah dhumatêng pêpatihipun, andikakakên dhatêng rêdi, kêpanggih kalihan ki ajar, sarta ambêkta kalangênan sêlir, prênahing wêtêngipun kinandhutan bokor, sampun kados tiyang wawrat mêkatên. Supados dipun batanga dhatêng kyai ajar, jalêr èstrining wawratanipun. Ki patih lajêng lumampah dhatêng ing rêdi, andhawahakên timbalanipun sang nata dhatêng ki ajar, kyai ajar sumêrêp yèn dipun ayoni kasagêdanipun dhatêng sang nata, wawratan wau dipun badhe jalêr.

Ki patih sampun munjuk dhatêng sang prabu, sang nata sangêt suka ing galih, awit ki ajar wau kagalih dora, sarêng sêlir dipun rucati tapihipun. Bokor botên wontên. Èstu ing wawratipun. Sang nata sangêt duka, lajêng andhawahakên parentah amêjahi ajar, sapêjahipun ki ajar wontên swara kapirêngan ing sang nata, ujaring swara, hèh Sang Ratu ing Pajajaran, aku kopatèni tanpa dosa, besuk aku malês mênyang kowe, yèn ana wong aran Siyung Wanara, ing kono ênggonku malês.

Anuntên nagari ing Pajajaran kenging wêwêlak agêng, kathah têtiyang kang sami pêjah, andadosakên prihatosipun sang nata. Lajêng animbali para nujum andangu têtulaking pagêring, aturipun para nujum, sang nata kapurih suka-suka adhahar eca, sabibaring dhahar lajêng anyarenana tiyang èstri, punika ingkang minôngka têtulaking pagêring, nanging sang nata ing benjing badhe amanggih bilai, dipun sedani dhatêng putranipun piyambak, ingkang mêdal saking garwa sêlir.

Sang prabu inggih anglampahi ing pitêdahipun para nujum. Sabibaring kasukan dhahar eca, sang nata wuru sangêt, lajêng anyarèni sêlir, pinuju ingkang dipun batang wawrat dhatêng ki ajar wau. sarêng sampun andungkap ing môngsa wawratanipun mêdal jalêr, sang nata kèngêtan pambatangipun para nujum, jabang bayi lajêng dipun têdhani wisa, nanging botên pasah, anuntên badhe dipun suwèk-suwèk, nanging para inya amambêngi, rêmbagipun, bilih sang nata kêkah ing karsa, badhe amêjahi jabang bayi, prayogi kalêbêtna ing tabêla, kabucal ing lèpèn Karawang, sang nata inggih sampun marêngi, jabang bayi kalêbêtakên ing tabêla, lajêng dipun kèlèkakên ing lèpèn Karawang.

Tabêla ingkang dipun kèlèkakên wau kapêndhêt ing tiyang mancing, anama Kyai Buyut ing Karawang, sarêng dipun bikak ing lêbêt isi jabang bayi, abagus warninipun. Kyai Buyut saklangkung suka ing manah, lajêng kabêkta mantuk, kapasrahakên dhatêng semahipun. Nyai Buyut sarèhning botên gadhah anak dados sangêt ing bingahipun. Jabang bayi dipun pulasara, sarêng sampun diwasa botên pitajêng yèn Kyai Buyut bapakipun sayêktos. Sangêt ênggènipun ngudi anêdha dipun jatènana, Kyai Buyut saking ênggènipun badhe anglêgani pitakènipun dados adamêl dora, asanjang yèn gadhah sadherekan, atapa wontên satêngahing wana, sumêrêp sadèrèng winarah, amêsthi sagêd anglêgani ingkang dados pitakèn wau, punika prayogi yèn dipun pitakènana. Ciptanipun Kyai Buyut, môngsa kalampahan Ki Jaka purun dhatêng wana, awit saking têbihipun. Ananging lêpat panyiptanipun. Ki Jaka anêdha dipun atêrêna dhatêng wana. Sarêng sami lumampah Ki Jaka aningali kêthèk, kalihan pêksi siyung, lajêng pitakèn dhatêng Kyai Buyut mênggahing wastanipun. Kyai Buyut inggih anyêrêpakên namaning bêbujêngan kalihan pêksi wau, lajêng kapêndhêt dados namanipun piyambak. Ki Jaka dados anama Siyung Wanara.

Sarêng sampun dangu ênggènipun sami lumampah, Siyung Wanara pitakèn griyanipun sadherek wau. Kyai Buyut kèwêdan ing manah, anyalimpangakên, asanjang yèn sadherekipun sampun ngalih dhatêng nagari ing Pajajaran, padamêlanipun pandhe, Siyung Wanara sakalangkung bingahipun, cipta badhe sumêrêp ing nagari, anêdha dipun atêrêna dhatêng griyanipun pandhe, Kyai Buyut anuruti, sadhatênge ing griyanipun pandhe, Siyung Wanara kapasrahakên, lajêng katilar mantuk.

Salamine wontên griyanipun pandhe, Siyung Wanara sinau pandhe, botên antawis lami sampun sagêdaparon dhêngkul, apalu asta, asupit dariji, kathah tiyang ingkang sami dhatêng griyanipun, aningali kasêktènipun Jaka Siyung Wanara.

Anuju Jaka Siyung Wanara kesah dhatêng pêkên kalih Kyai Pandhe, gajahipun ratu ing Pajajaran sawêk dipun guyang, sarêng aningali dhatêng Siyung Wanara lajêng amurugi, mêndhak wontên ing ngajênganipun, yèn sagêda wicantên sêmunipun mêkatên. Gusti, suwawi kula sampeyan titihi, kula bêkta sowan dhatêng rama jêngandika sang prabu, gajah dipun usap gadhingipun. Sakathahipun ingkang aningali sami eram.

Kacariyos Sang Prabu ing Pajajaran miyos sineba ing balanipun, sawêk kalangênan ngabên prang tandhing, Jaka Siyung Wanara anonton, dipun ampah dhatêng Kyai Pandhe botên kenging. Sadhatêngipun ing pasowanan lajêng jajar lênggah kalihan sang nata, botên wontên ingkang sumêrêp, anuntên lumêbêt ing kadhaton, kandhêg wontên ing bale sawo, wondene bale sawo punika bilih dipun gêpok mungêl kados gôngsa sarancak. Bale lajêng dipun lênggahi dhatêng Jaka Siyung Wanara, mungêl swaranipun umyung, adamêl kagètipun sang nata, dukanipun anglangkungi lajêng andhawahakên parentah, anyêpêng ingkang purun-purun anggêpok bale, para abdi mantri sami lumampah, Siyung Wanara pinanggih tilêm wontên ing bale sawo, lajêng dipun tubruk. Siyung Wanara akêkirig, para mantri sami malêsat. Kathah ingkang katiwasan. Sakantunipun ingkang katiwasan sami lumajêng, angunjuki uninga ing sang prabu. Sang nata kadugi ing galih, sumêrêp kasêktènipun Siyung Wanara, lajêng kaabdèkakên, sarta asring dipun utus angirid prajurit ambêdhah nagari, sabên-sabên angsal damêl. Saking sangêt sihipun sang nata Siyung Wanara kajunjung lênggahipun, kaparingan nama Arya Banyak Widhe, sarta alênggah siti karya salêksa, kajawi saking punika kaakên putra, kawênangakên angêtrapakên paukuman badan, sarta paukuman pêjah.

Arya Banyak Widhe anglampahakên sakathahing pandhe, dipun dhawahi damêl kanthil wêsi mawi kori, sarêng sampun dados sarta sampun karêngga, kaprênahakên wontên ing dalêmipun. Kala sêmantên nêgari Pajajaran kadhatêngan mêngsah, sang prabu unggul pêrangipun. Arya Banyak Widhe munjuk ing sang nata, yèn gadhah nadar bilih sang nata unggul ing pêrang, dipun aturi kasukan dhahar eca wontên ing dalêmipun. Sang nata inggih amarêngi, lajêng têdhak dhatêng dalêmipun Arya Banyak Widhe, badhe kasukan dhahar eca. Sabibaring dhahar sang nata aningali kanthil wêsi, andangu dhatêng Arya Banyak Widhe, mênggah pikantukipun adamêl kanthil kados mêkatên punika, Arya Banyak Widhe matur, kanthil punika bilih tiyang lêsu tilêm wontên ing ngriku dados sêgêr, yèn gêrah dados asrêp, yèn asrêp dados gêrah, tiyang sakit dados waluya, sang nata karsa angayoni, nuntên asarean wontên ing kanthil wêsi, sarêng Banyak Widhe aningali sang nata sarean, korining kanthil lajêng dipun kancing, rencangipun dipun kèn anjunjung, badhe dipun labuh dhatêng lèpèn Karawang. Sang nata sangêt ing dukanipun, andangu dosanipun. Wangsulanipun Banyak Widhe, sarèhning kala taksih alit kalabuh ing lèpèn Karawang, ing mangke malês dhatêng sang nata, kanthil wêsi lajêng siyos kalabuh.

Anuntên kauningan dhatêng putranipun sang nata, kang nama Radèn Sêsuruh, lajêng amêpak damêl, badhe anyêpêng Arya Banyak Widhe, botên antawis dangu nuntên pêrang rame, balanipun Arya Banyak Widhe kathah kang pêjah, amargi dipun amuk dhatêng Radèn Sêsuruh, Banyak Widhe amêdali, amêthukakên Radèn Sêsuruh, kêpanggih ajêng-ajêngan. Radèn Sêsuruh dipun lêpasi jêmparing, kenging paningsêtipun tatas, radèn kawirangan sarta giris, mundur lajêng lolos. Lampahipun ngetan lêrês, kandhêg wontên ing dhusun Kaligunting ing griyanipun rôndha, Radèn Sêsuruh lajêng kapêndhêt anak.

Salolosipun Radèn Sêsuruh, Arya Banyak Widhe sampun jumênêng ratu ing Pajajaran, lajêng andhawahakên parentah dhatêng para abdi bawahipun sadaya, botên kalilan yèn kanggenan Radèn Sêsuruh, sintên ingkang nêrak pêpacak punika amêsthi badhe manggih bilai agêng. Sarèhning dhusun ing Kaligunting wau kalêbêt talatah ing Pajajaran, nyai rôndha sasadhèrèkipun jalêr têtiga, anama Ki Wiro, kalih Ki Nambi, tiga Ki Bandar, sami sangêt ing ajrihipun, sumêrêp pêpacakipun sang prabu, lajêng sami rêmbagan kalih Radèn Sêsuruh mênggah prayogine ingkang badhe linampahan. Pangandikanipun Radèn Sêsuruh karsa kesah ing sapurug-purug, sampun ngantos nyai rôndha amanggih rêribêd. Nyai rôndha sasadhèrèkipun kêdah tumut ing salampahipun. Anuntên sami kesah saking dhusun ing Kaligunting, brayatipun nyai rôndha ingkang sami andhèrèk watawis tiyang satus, ingkang dipun jujug ing rêdi Kombang, ing ngriku wontên ingkang mara tapa, anama Ajar Camara Tunggal, misuwur tasdik sarta sumêrêp sadèrèngipun winarah, angêrèhakên sakathahing lêlêmbat ing tanah Jawi.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s