Babad Tanah Djawi (1)


25-prabu-watugunung-r-soelardi-ct-cmprs

Punika sajarahipun para ratu ing tanah Jawi, wiwit saking Nabi Adam apêputra Sis, Êsis apêputra Nur Cahya, Nur Cahya apêputra Nur Rasa, Nur Rasa apêputra Sang Hyang Wêning, Sang Hyang Wêning apêputra Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Tunggal apêputra Bathara Guru, Bathara Guru apêputra gangsal, anama Bathara Sambo, Bathara Brama, Bathara Mahadewa, Bathara Wisnu, Dèwi Sri, Bathara Wisnu wau jumênêng ratu wontên ing pulo Jawi ajêjuluk Prabu Sèt, Kadhatonipun Bathara Guru anama ing Suralaya.

Bathara Guru wau kagungan sêngkêran putri ayu ing nagari Mêndhang, karsanipun badhe kainggahakên ing swarga sarta kadamêl garwa. Anuntên Bathara Wisnu panuju sawêk pêpara, kapencut aningali putri ing Mêndhang wau, botên sumêrêp bilih sampun kasêngkêr dhatêng ingkang rama, lajêng kapêndhêt garwa, punika sangêt andadosakên dukanipun Bathara Guru. Sang Hyang Narada lajêng kautus andhawahakên dêduka dhatêng Bathara Wisnu sarta anglungsur karatonipun, Bathara Wisnu anuntên kesah saking ing nagari, atapa dhatêng ing wana wontên sangandhaping uwit wringin jèjèr pitu, ingkang garwa putri ing Mêndhang wau dipun tilar.

Kacariyos nagari ing Gilingwêsi, wontên ingkang jumênêng ratu ajêjuluk Watugunung, garwanipun kalih, satunggil nama Dèwi Sinta, kalih Dèwi Landêp, putranipun pitu likur, sami kakung sadaya, anama Wukir, Kurantil, Tolu, Gumbrêg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Môndhasiya, Julungpujut, Pahang, Kuruwêlut, Marakèh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Wuye, Manahil, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, sami patutan saking Dèwi Sinta.

Kala sêmantên nagari ing Gilingwêsi kadhatêngan gêgêring agêng, kathah tiyang alit ingkang sami risak, sarta awis têdha, asring wontên grahana srêngenge utawi grahana rêmbulan, jawah salah môngsa, lindhu kaping pitu sadintên, punika sadaya anjalajati, yèn nagari ing Gilingwêsi badhe risak. Prabu Watugunung sakalangkung susah ing galih, aningali risakipun ingkang abdi, sang nata sarean wontên ing kathil gadhing, garwanipun ingkang nama Dèwi Sinta angulik, aningali yèn sang nata ciri mastakanipun buthak, matur pitakèn ingkang dados sababipun, sang prabu anyêrêpakên, yèn kalanipun taksih lare, ingkang ibu sawêg angi, sang nata mothah, lajêng dipun gitik ing enthong, ngantos mêdal rahipun, lajêng kesah sapurug-purug.

Dèwi Sinta kagèt sangêt, botên sagêd ngandika amiyarsakakên pangandikanipun sang prabu, kèngêtan putranipun ingkang kesah lajêng botên mantuk-mantuk amargi dipun gitik ing enthong, tètès kalihan cariyosipun sang nata, sangêt susahing galihipun, awit kagarwa dhatêng ingkang putra piyambak, ambudi marginipun sagêd uwal saking sang nata, sarèhning dangu kèndêl kemawon kadangu ingkang dados sababipun, Dèwi Sinta matur, yèn sadangunipun kèndêl anggalih jangkêping kaluhuranipun sang nata, namung kirang saprakawis, kirangipun punika dene sang nata dèrèng krama widadari ing Suralaya. Ciptanipun Dèwi Sinta, bilih sang nata anglamar widadari ing Suralaya, amêsthi dados pêrang, sang nata anêmahi seda, punika marginipun badhe uwal saking ingkang raka.

Prabu Watugunung sarêng dipun aturi mêkatên, lajêng sumêja nginggahi ing Suralaya anglamar widadari, enggal andhawuhakên parentah dhatêng para punggawa sarta dhatêng anakipun pitu likur wau, angêrig prajuritipun, sang nata bidhal dhatêng ing Suralaya.

Sarêng Bathara Guru mirêng yèn ratu ing Gilingwêsi badhe nginggahi ing Suralaya, lajêng animbali ing para dewa, sami dipun tantun purun akalihan botênipun amêthukakên Prabu Watugunung, sadaya aturipun ajrih. Anuntên Sang Hyang Narada asuka rêmbag dhatêng Bathara Guru, animbalana ingkang putra Bathara Wisnu, mawi dipun sagahana, bilih kadugi angawonakên ratu ing Gilingwêsi, kaapuntên sadosanipun, awit liyanipun Bathara Wisnu kadugi botên wontên ingkang kuwawi mêngsah Prabu Watugunung. Bathara Guru parêng, Sang Hyang Narada lajêng tumurun saking Suralaya, badhe angupadosi Bathara Wisnu.

Sang Hyang Narada sampun kêpanggih kalih Bathara Wisnu, ingkang sawêk tapa wontên sangandhapipun wringin pitu, sarta andhawahakên timbalanipun Bathara Guru, kados ingkang kasêbut ing ngajêng wau. Bathara Wisnu sagah angundurakên Ratu Gilingwêsi, nanging kalilana mantuk rumiyin, badhe pamitan dhatêng ingkang garwa. Sang Hyang Narada dipun aturi angêntosi wontên sangandhaping wit wringin pitu wau.

Bathara Wisnu lajêng mangkat, badhe amanggihi ingkang garwa, kalanipun katilar rumiyin ingkang garwa wawrat, Bathara Wisnu amêling, bilih ambabar mêdal jalêr kanamanana Srigati. Sarêng ambabar mêdal jalêr, inggih kaparingan nama kados wêwêlingipun ingkang raka, wancinipun sampun diwasa, abagus warninipun. Anuntên Bathara Wisnu dhatêng kêpanggih kalih ingkang garwa saha putra, ingkang garwa dipun wartosi, bilih katimbalan ing Bathara Guru minggah dhatêng Suralaya, kakarsakakên mêthukakên ratu ing Gilingwêsi. Ingkang putra kêdah tumut, nanging Bathara Wisnu botên parêng. Sarêng sampun pamitan dhatêng ingkang garwa lajêng mangkat, sampun kêpanggih kalih Sang Hyang Narada wontên sangandhaping wringin pitu.

Radèn Srigati ingkang katilar wau anututi lampahipun ikang rama, dumugi ing wringin pitu alênggah wingkingipun, Sang Hyang Narada sarêng sumêrêp yèn punika putranipun Bathara Wisnu kêdah andhèrèk dhumatêng Suralaya, asuka pirêmbag dhatêng Bathara Wisnu, sampun ngantos ambêkta ingkang putra, bokmanawi amêmungu dukanipun Bathara Guru. Ingkang putra lajêng kadhawahan mantuk. Sang Hyang Narada kalih Bathara Wisnu enggal mangkat dhatêng Suralaya, Radèn Srigati katilar wontên sangandhaping wringin pitu.

Lampahipun Sang Hyang Narada kalih Bathara Wisnu sampun dumugi ing Suralaya, sami sowan ing Bathara Guru, sawêk eca sami gunêman, botên antawis dangu Radèn Srigati ingkang katilar wau anusul lampahipun ingkang rama, dumugi ing kadewatan, alênggah wingkingipun ingkang rama, Bathara Guru sarêng aningali wontên tiyang neneman bagus warninipun, alênggah wingkingipun Bathara Wisnu, andangu dhatêng Sang Hyang Narada, mênggah tiyang neneman punika sintên. Narada nyêrêpakên yèn punika putranipun Bathara Wisnu, patutan kalih putri ing Mêndhang. Bathara Guru sarêng miyarsakakên atur mêkatên sangêt dukanipun jumênêng saking pinarakanipun malêbêt ing dalêm, Narada anututi, sumêrêp yèn Bathara Guru duka. Bathara Guru lajêng andhawahakên parentah dhatêng Sang Hyang Narada, andikakakên mundhut putranipun Bathara Wisnu badhe kapêjahan, kadamêl tawuring swarga, sarta Bathara Wisnu andikakakên mêthukakên mêngsah tumuntên.

Sarêng Bathara Wisnu tampi dhawah mêkatên. Atur wangsulanipun. Bilih ingkang putra kapundhut badhe kapêjahan, botên purun amêthukakên mêngsah. Sang Hyang Narada lajêng munjuk dhumatêng Bathara Guru, mênggah ingkang dados wangsulanipun Bathara Wisnu. Botên dangu ing jawi gègèr, alok mêngsah dhatêng, Bathara Guru sangêt ajrihipun sarta gumêtêr, amundhut rèh dhatêng Sang Hyang Narada. Aturipun Sang Hyang Narada, bilih botên kasandèkakên karsanipun, anggènipun badhe amêjahi pun Srigati, Bathara Wisnu mopo amêdali pêrang, amêsthi botên sande risakipun ing Suralaya, Bathara Guru miturut rèhipun Sang Hyang Narada, botên èstu karsanipun badhe amêjahi wau, anuntên Bathara Wisnu kadhawahan amêthukakên mêngsah.

Bathara Wisnu akalihan ingkang putra sami mêdal saking kadewatan. Badhe amêthukakên Ratu Gilingwêsi, sarêng kêpanggih ajêng-ajêngan kalihan Prabu Watugunung, sang nata anantun dhatêng Bathara Wisnu, botên susah pêrangan, manawi sagêd ambadhe cangkrimanipun. Sang nata ngawon. Suka lila dipun pêjahana, nanging bilih botên sagêd ambadhe, para dewa ing Suralaya sami nungkula, amasrahna sakathahing widadari, badhe kadamêl garwa, Bathara Wisnu amarêngi ingkang dados panantun punika. Sang nata lajêng mangandikakakên cangkrimanipun.

Ana wit adhikih adhakah wohe, ana wit adhakah adhikih wohe. Cangkriman punika kajawab dening Bathara Wisnu, wit adhikih adhakah wohe, punika samôngka, wit adhakah woh adhikih wringin. Sang nata botên sagêd ngandika, rumaos kajawab cangkrimanipun. Lajêng dipun cakra dhatêng Bathara Wisnu, pêgat jangganipun. Sakathahing balanipun sami ngisis. Bibar mantuk sadaya.

Sasedanipun Prabu Watugunung Dèwi Sinta sangêt amuwun. Andhatêngakên gara-gara, ngantos dumugi ing Suralaya, andadosakên susahipun para dewa. Bathara Guru andangu dhatêng Sang Hyang Narada, ingkang dados sababing gara-gara, Sang Hyang Narada anyêrêpakên, yèn wontênipun ing gara-gara awit saking pamuwunipun Dèwi Sinta, prihatos amargi pêjahipun Prabu Watugunung. Bathara Guru lajêng dhawah dhatêng Sang Hyang Narada, anuruni Dèwi Sinta, amuriha kèndêlipun muwun. Sarta anyagahana, yèn ing dalêm tigang dintên Sang Prabu Watugunung badhe dipun gêsangakên malih, katurunakên sarta jumênêng ratu wontên ing nagari Gilingwêsi malih.

Sang Hyang Narada lajêng andhawahakên pangandikanipun Bathara Guru dhatêng Dèwi Sinta, Dèwi Sinta lajêng kèndêl muwun. Gara-gara agêng wau inggih tumuntên ical. Sarêng dumugi ing tigang dintên Prabu Watugunung botên katingal rawuh, Dèwi Sinta lajêng muwun malih, andhatêngakên gara-gara, sangêtipun angungkuli ingkang sampun kalampahan. Bathara Guru andangu malih dhatêng Sang Hyang Narada, ingkang dados sababing gara-gara. Sang Hyang Narada matur, yèn ingkang adamêl gara-gara punika inggih Dèwi Sinta ugi, awit sampun dumugi ing wêwatêsan tigang dintên. Prabu Watugunung dèrèng wangsul dhatêng ing nagari ing Gilingwêsi. Bathara Guru lajêng andhawahakên parentah dhatêng Sang Hyang Narada, anggêsangakên Prabu Watugunung, sarta angantukakên dhatêng nagari ing Gilingwêsi.

Sumber : Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s