Bagawatgita (4)


baratayudha

Wiraos ingkang kaping sakawan.

Pangandikanipun Krêsna: Piwulang panunggal iki nguni sun wêdharake marang Wiwasdan, Wiwasdan marah marang Manu, apadene Manu kang anggêlarake piwulang mau marang Ikwasku.[45]

Hèh pangrurahing satru, tumimbal-timbaling piwulang iku, jalaraning para narendra uninga ing kawicaksanan, ananging piwulang panunggal mau wus kasilêp lawas.

Kang sun warahake marang sira samêngko iki, ora ana bedane karo piwulang panunggal ing jaman kuna, awit sira parêk lan ingsun, utawa manjing mitraningsun, sêjatine iku wêwadi kang luhur.

Aturipun Arjuna, kula kantos botên sagêd andugi ing pangandika paduka, awit paduka sajarwa bilih ing têmbe badhe miyos, môngka ing jaman kina sampun sugêng, kala panjênêngan Wiwasdan, anggèn paduka miwiti amêdharakên piwulang wau.

Pangandikanipun Krêsna, wirang tumimbalan kang wus sun lakoni ing nguni-uni, apadene sira Arjuna, ingsun bisa mêruhi kabèh, ananging sira ora bisa nyumurupi mangkono iku.

Sanadyan ingsun ora manjalma, iya jumênêng dat kang langgêng, utawa gustining dumadi kabèh, mangkono uga sanadyan wus mangrèh prakritiningsun pribadi, ewadene iya kalairake, kang marga saka mayaningsun dhewe.

Sabab sabên-sabên darma iku kêndho, utawa wudharing darma saya dadra, hèh têdhaking Barata, pribadiningwang nuli sun utus manjalma, pêrlu angayomi kabêcikan, lan angrurah pialane si angkara murka, sanadyan darma mau lêstari kaanane, ewadene ingsun ing têmbe iya bakal manjalma rambah-rambah.

Sing sapa wêruh kamulyaning manjalma lan panggaweningsun, dadi ing dalêm batine wis sumurup, sawuse ninggal ragane, Arjuna iya iku kang bisa têkan maring ingsun, ananging ora linairake manèh.

Kabèh padha nyirnakna angkara, wêdi lan kanêpsone, tansah angelingana ingsun, amitulungana ingsun, sarana bantêring pangudi (tapan) kirang langkung kadi para pandhita[46] sarta sêsuci, lantaran kawicaksanan, ing kono bakal têkan ing kaananingsun.

Dhuh atmajaning Prita, manawa manungsa saya anyêdhaki ingsun, pasthi yèn ingsun anampani dhèwèke, sakèhing dalan kang liniwatan manungsa, saka sarupaning keblat, iku saka ingsun.

Sing sapa kapengin sampurna, sajrone panggawene (sampur) akurbana marang dewata sarana iku, amarga ora watara suwe bakal têkan mangsane, donyaning manungsa iki ilang saka panggawe.

Bôngsa papat pisan,[47] iku saka ingsun pinangkane, marga saka ambedakake laku lan panggawe, wêruh yèn kang andadèkake mau ingsun, sanadyana ora nglakoni panggawe (wêruh yèn kang) utawa ora mobah-mosik. Ingsun bakal ora nindaki panggawe, apadene ing atase ingsun, ora kapengin marang wohing panggawe, sing sapa ngawruhi mangkono mau, iya iku kang wus ora kabônda dening sarupaning manungsa.

Awit wus sumurup, mulane wong atuwa-tuwa padha sampurna, utawa kumaceluning mamardikaning panggawe, marmane sira uga bisa sampurna, sarana panggawe kaya lêkase para pinituwa ing jaman kuna.

Êndi kang ingaran panggawe, lan êndi kang ora diarani ora nindaki panggawe, malah para winasis padha bingung panampane bab iku, mulane ingsun nêdya nêrangake panggawe marang sira. Sarana mêruhi iku sira bakal ruwat saka piala.

Sabap panggawe kudu disumurupi, panggawe kang dudu uga kudu winêruhan, apadene ora nindaki panggawe iya kudu diwêruhi angèl bangêt sinau nyumurupi mungguh lakuning panggawe.

Sing sapa sumurup bab panggawe kang tanpa gawe, lan tan anggawe nanging nambutgawe, iku wong wicaksana, iya iku wus ngumpul dadi siji, sanadyan dhèwèke anindakna sadhengaha panggawe.

I. Sing sapa sakèhing lêkase panggawene wus sêpi ing kamelikan, sing sapa panggawene tinunu ing gêni kawicaksanan, iya iku ingaran sarjana amigunani ing aguna.

Sawuse karême marang wohing panggawene wus linilakake, tansah narima, sarta ora nêdya uncat, iku dhèwèke ora manggawe, sanadyan nambutgawea.

Yèn wus ora ngarêp-arêp kabatinan, amambêng kêkarêpane dhewe, sarta sawuse anglilahake sadhengah kang parlu, sanadyan badane nindaki panggawe ala, iku wus kalis ing dosa, sarana kang mangkono mau bakal bisa têntrêm, wus ora duwe sisihan kang kosokbali, ora drêngki lan bisa madhakake bêkja utawa cilaka. Iya mung dhèwèke bae, sanadyan nindaki panggawe kang wus ora kabônda.

Sadhengaha bae, sing sapa karême wus sirna, iya iku kang mardika. Sing sapa atine wus ora kêndho pangikête marang kawicaksanan, iya iku kang ingaran anggawe kurban, ruwat saka sagunging panggawe.

Brahma kang anganakake kurban, iya Brahma kang dadi pangan kang dianggo kurban, gêni kang kinurbanake dening Brahma iya marang Brahma, paraning manungsa kang sêmadi marang Brahma, iya uga marang Brahma.

Para nglakoni panunggal padha kurban marang dewa sarana gênining Brahma, ananging liya-liyane padha kurban amung sak anggêr kurban bae.

Pira-pira kang padha kurban pangrungu, dene liyane sarana amambêng karêp, liyane manèh akurban suwara, lan liyane sarana gênining karsa kanggo nunu karêpe.

Ana manèh kang kurban pakartining pikir, utawa uripe ing dalêm kawicaksanan, lan binasmi ing gêni panunggal sarana masesa pribadine.

Apadene ana kang kurban kasugihan, kurban bantêring pangudi, kurban panunggal, lan kurban pangungsêd kawicaksanan, kanthi antêping budi.

Liyane manèh kurban nyêrot napas sajroning ngêtokake napas, utawa angêtokake napas sajroning nyêrot napas. Utawa ngampêt lêbu wêtuning napas, miwah nglakokake jroning mêgêng napas.

Kajaba iku manci pangane dhewe, akurban uripe, kabèh mau kawruh bab kurban, utawa angruwat dosa sarana kurban.

Wong ngombe banyu urip. Utawa mangan sisaning kurban, iku lumaku tumuju ing kalanggênganing Brahma, dunya iku ora kasadhiyakake marang manungsa kang ora anggawe kurban, hèh Arjuna, liyane manèh wus ora ana.

Akèh warnaning kurban kang prayoga sinajèkake marang Brahma, kawruhana manawa sagunging kurban iku ajalaran panggawe, sarana mêruhi iku mau sira bakal antuk kamardikan.

Kang luwih prayoga saka kurban, samubarang kang maujud iya iku kurban kawicaksanan, saliring panggawe iku bisa ruwat dening kawicaksanan.

Angudia kawruh mau kang kongsi katêmu, sarana sinau, sarana nênitèni, utawa anglakoni, kawicaksanan bakal awèh duduh ing sira, dadi jalarane wêruh kaanan batin.

Amarga mêruhi iku, sira ora bisa kasasar manèh, hèh Pandhutanaya, sarana mau sira bakal wêruh sagunging dumadi ing dalêm dad, utawa sakjêrone dat.

Manawa dosanira ngungkuli sarupaning wong kang nandhang dosa.

Ngèlmi pêrdhukunan.

Badan punika dumados sangking kêmpalaning sèlên, sabên peranganing badan karaos sakit, sampun tamtu sèlênipun botên nyambutdamêl salêrêsipun, kosokwangsulipun manawi sèlên wau nyambutdamêl samêsthinipun, ingkang karaos sakit lajêng saras, mênggah rekanipun angêrèh sèlên supados purun nyambutdamêl, wontên tigang prakawis, kados ing ngandhap punika:

I. Angintunakên prana, utawi daya ingkang angsung gêsang, dhatêng peranganing badan ingkang sakit, katêmahan sèlên sarta otot ingkang lêmbat, lajêng purun nyambutdamêl salêrêsipun, wasana sêsakit lajêng katundhung andadosakên sarasipun.

II. Marentah sarana cipta dhatêng ingkang nguwaosi lampahing sèlên, supados sami nyambutdamêl samêsthinipun sampun sami anglirwakkên kawajiban, awit manawi sêmbrana sèlên botên sagêd makarti ingkang prayogi wêkasan angwontênakên sêsakit.

Manawi anggarap tiyang sakit sarana ginarayang ing asta, kalanipun asta agrayang peranganing badan ingkang sakit, angèsthi mata ngêngintunakên prana utawi daya, kang asung gêsang dhathêng peranganing badan ingkang karaos sakit, sarana makatên. Sèlên sèlas lajêng nami tampi dhawuh supados sami nyambutdamêl, samêsthinipun prana utawi daya kang asung gêsang, lajêng makarti sarta asung tambahing kêkiyatan sarta anyarasakên ingkang sakit.

Asta kapusus punika lajêng bêntèr-bêntèring asta ingkang dayanipun angèngingi sêsakit punika mandi sarta andamêl sudaning sakit, têtela manawi bêntèring asta ingkang katèmpèlakên ing peranganing badan ingkang sakit utawi darijinipun kaêcungakên mriku, punika anumusakên kadi wontên kasêktèn ingkang mêdal sangking ngriku, para sagêd sampun sami anguningani manawi sarana agrayang utawi angêcungi asta sagêd anyarasakên tiyang, makatên wau sêsakit ugi kinging kapindhah dhatêng tiyang sanès kajawi sarana asta sarana dipun ababi.

Prana punika anggêsangakên lampahing êrah (ebahing sèlên) mong kang gêsanging badan punika amung gumantung wontên lampahing êrah, manawi botên wontên prana êrah botên sagêd lumampah.

Tiyang sagêt dipun antuk prana sangking tatêdhan. Ombèn-ombèn sarta hawa ingkang kasêrot kalanipun napas malêbêt. Sèlên ingkang wontên ing badan sadaya isi prana, manawi prananipun amung sakêdhik lajêng angwontênakên sêsakit, sagêdipun saras manawi kaêjokan prana, sadaya ingkang sagêt anambahi prana, sarta anyukakakên prananipun dhatêng tiyang sanès satêmah tiyang ingkang dipun sukani wau lajêng saras.

Ingkang dados uwosipun anjampèni sarana cipta punika angêjogi sèlên ingkang kakirangan prana utawi daya ingkang asung gêsang, têmahanipun sèlên antuk kakiyatan lajêng sagêd nyambutdamêl samêsthinipun.

Rekanipun angintunakên prana punika wontên tigang prakawis.

No.I Amriksani sêsakit sarana titi utawi angintunakên prana sarana mripat.

No.II Angintunakên sarana asta, inggih punika pasên.

No.III Angintunakên sarana abab utawi angababi, sarèhning pangintunipun prana punika sarana kakiyataning cipta. Dados manawi ngintunakên kêdah cipta niyat ngintunakên, ing môngka ingkang minôngka dados marginipun punika mripat, amila manawi anyipta ngintunakên prana, mripat kêdah tumuju dhatêng papan ingkang badhe dipun kintuni. Anjampèni tiyang sakit dadi asta kaungkulakên wontên peranganing badan ingkang sakit punika langkung dening mandi, manawi kalanipun angungkulakên asta sarwi amêlêng cipta lajêng niyat prana kakintunakên mriku (dhatêng panggenan ingkang sakit) punapadene mripatipun kêdah kapêlêngakên kangge mirsani ingkang sakit, sarta dhatêng sèlên supados sagêd nyambutdamêl samêsthinipun.

Anjampèni sarana peranganing badan ingkang sakit dipun ababi utawi gombal ingkang dipun ababi lajêng katèmplèkakên ing dununging ingkang sakit ugi mandi.

Lampah ingkang prayogi piyambak tumrap angintunakên prana utawi daya ingkang asuka gêsang punika asarana asta. Patrapipun wontên kalih prakawis, asta kaungkulakên ingkang sakit utawi kangge grayang, ing ngriku kula badhe anêrangakên kadospundi patrapipun angungkulakên asta. Bakda punika lajêng anyariyosakên patrapipun anggrayang, dene lampahing asta anggèning ngungkulakên. Kados ing ngandhap punika:

Manawi ingkang sakit linggih asta kalih pisan sarta drijinipun kaêgarakên kaungkulna ing sirah, lajêng asta kêkalih wau alon-alon kapêngandhapakên mêdal ing ngajêngipun (sakcêlaking rainipun) trus mangandhap ngantos dumugi ing dhêngkul, manawi sampun dumugi ngriku asta kêkalih kakipatna ngiwa nêngên. Kadi tiyang ngipatakên mawi toya, sapunika lajêng gêntos sangking ngandhap manginggil urut kiwa têngênipun, sariranipun ingkang sakit nanging darijining asta kêdah kaingkupakên sarta èpèk-èpèke madhêp dhatêng badanipun, manawi sampun dumugi sanginggiling sirah lajêng wangsul malih kadi kasêbat ing ngajêng mangandhap ngantos dumugi ing dêngkul, salêbêtipun makatên angêningakên cipta sarta anyipta angêlèkakên prana ingkang mêdal sangking pucuking darijinipun dhatêng badanipun ingkang sakit sakojur, ingkang makatên wau kalanipun asta mangandhap asuka daya asrêp tuwin têntrêm, dene lampahing asta ingkang manginggil madal ing ngajêngipun ingkang sakit asuka daya adhêm sarta beraging manah.

Wontên malih patrap angungkulakên asta sanès gagrak makatên, kawontênanipun kadi ingkang sampun kajarwa ananging botên minggah mandhap amung mandhap kimawon sarta katungkulna sanginggiling peranganing badan ingkang sakit kadosta sirah, asta, pêdhaharan utawi sanès-sanèsipun, ananging poma sampun ngantos kasupèn lampahipun amung sangking nginggil mangandhap, sarta salêbêtipun patrap makatên angèsthia anglunturakên prana sangking pucuking dariji dhatêng peranganing badan ingkang sakit. Dene darijining asta kêdah kajêbèhakên sarta èpèk-èpèk madhêp mangandhap, manawi lampahing asta mangandhap darijining asta kêdah kajêbèbèhakên, nanging manawi manginggil sarta urut kiwa têngênipun ingkang sakit, darijining asta kakincupakên sarta èpèk-èpèk kaajêngakên dhatêng ingkang sakit. Dene têbih cêlakipun sangking asta dhatêng peranganing badan ingkang sakit punika kakintên-kintêna piyambak, ananging limrahipun sak dhèsimètêr, punika ajalari ingkang sakit karaos sêgêr: têntrêm sarta suda panyakitipun, ananging manawi lampahing asta wau alon-alon, manawi lampahing asta radi rikat sarta têbihipun sangking ingkang sakit wau tigang dhèsimètêr punika murukakên manah sarêng dhatêng panggayuh, sarta raos bigar, manawi lampahing asta saya karikatakên sarta têbihipun satêngah mètêr punika, saya prayogi pikangsalipun, awit amurukakên sae lampahing êrah sarta anggigah sagunging pirantos ingkang suwaunipun sami botên nyambutdamêl yêktosan.

Wontên malih lampah ingkang prayogi inggih punika èpèk-èpèk kaadhêpna ing ngajênging peranganing badan ingkang sakit (voorkauden) ananging satunggal kimawon dados botên kalih pisan, kakèndêlna sawatawis mênit, dene têbih cêlakipun kintên-kintên satunggal satêngah dhèsimètêr, punika sagêt amurukakên kiyat sarta raos ayêm tuwin sênêng. Panunggilanipun malih inggih punika driji kaadhêpna ing ngajênging peranganing badan ingkang sakit têbih cêlakipun satunggal satêngah dhèsimètêr. Kakèndêlna sawêtawis dangunipun sarwi angêningna cipta supados prana utawi daya ingkang asung gêsang sagêta mêdal pucuking dariji dhatêng peranganing badan ingkang sakit. Patrap kadi makatên punika agêng sangêt damêlipun.

Wontên malih sanès inggih punika asta kaadhêpna ing ngajêngipun peranganing badan inggih kang sakit sawêtawis mênit dangunipun, sarwi kaebahakên sakiwa têngên kadi lampahipun jarum èrloji, têbihipun satunggal satêngah dhèsimètêr, dene ingkang mandi piyambak punika lampah angebahakên pucuking dariji kadi ngitung makatên patrapipun, driji katujokakên ing peranganing badan ingkang sakit, têbihipun satunggal satêngah dhèsimètêr, sarwi kaebahakên pucukipun sajak anguncêki pênyakit, punika angsal-angsalanipun, asung daya bêntèr wontên ing peranganing badan ingkang sakit, lampah-lampah ingkang sampun kajarwa punika sadaya prayogi ananging kang gampil sarta mayar wah pikangsal punika anyèlèhna asta wontên peranganing badan ingkang sakit sawatawis mênit, manawi sampun asta kapusuha lajêng kasèlèh malih sawatawis mênit, makatên bôngsal-bangsul. Lampah makatên punika ingkang prayogi piyambak langkung malih manawi kangge anjampèni sakit ngêlu utawi peranganing badan karaos pêgêl.

Angusap peranganing badan asarana asta punika, prayogi awit lampahing êrah sagêd anjujurakên lampahing êrah, ugi sagêt anjalari sudaning raos sakit, manawi angusap utawi anggrayang badan ingkang alon-alon trapipun, lampahipun sangking nginggil mangandhap, sarta mêdal sampun ngantos sangking ngandhap manginggil, sarta malêbêt, punapa dene namung kêdah sakturusan, têgêsipun botên kenging mrika-mriki, pucuking driji kêdah amung anggang-aggang panggêpoking badan, sok anggêr nèmplèki mawon. Dados asta botên kapênêtakên ing badaning ingkang sakit sarta amaosa donga makatên, bagas kuwarasan, lêjar, ènthèng.

Manawi agrayang utawi angusap badan sakojur prayogi kabagia dados kalih inggih punika sangking sirah dumugi pusêr, sangking pusêr dumugi suku, manawi anggrayang utawi angusap badan sakojur ingkang prêlu kasalêsihakên panggenan dhadha sarta pêdhaharan awit badhe anjalari sadaya pirantos makardi samêsthinipun.

Panggrayang utawi ngusapi wau botên prêlu sora-sora awit ilining prana botên sabab saking soraning panggrayang ananging sangking êninging cipta, sarta ingkang anyababakên saras punika botên sangking pijêt, ananging sangking daya ingkang asung gêsang (prana) patrapipun anggrayang makatên, èpèk-èpèk sarta driji ingkang bagean ngandhap ingkang kanggè grayang dados pucuking driji botên katut.

Kangge anjampèni sakit rimêtik ugi prayogi, apijêt utawi dipun ulèni, ngulèni punika wontên tigang warni, I kulit kajiwita mawi jêmpol kaliyan panuduh lajêng kadudut sawatawis lajêng kauculakên, asta kalih rumaganga sadaya, gêntosan ngantos badan sakojur waradin. Pijêt ingkang makatên wau amurukakên, lêrês lampahing êrah.

Catatan :

(45) § Asma-asma ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, jêjulukipun para narendra têdhaking surya.
(46) § Bokmanawi kajêngipun tapa brata.
(47) § Inggih punika bramana, wiswa, tuwin sudra.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s