Bagawatgita (3)


Bagawatgita 2

I. Pangandikanipun Krêsna: Hèh atmajaning Kunthi, yèn manungsa wus ambirat sakabèhe papengenane, lan wis marêm ing dalêm dat, akarana dat iku arane wus têtêp pikire.

Sing sapa pikire ora mirit dening bilai, lan wis sirna kapengine marang kabêkjan, sarta ilang pangôngsa-angsane wêdi lan kanêpsone, iku diarani muni (sukci): sujana kang santosa pikire.

Sing sapa anindaki sagunge panggawe, wus sêpên kamelikan, sanadyan bêcik utawa ala tinêmune, lan wus ora bungah lan ora susah, pratôndha wus têtêp budine.

I. Lan kang sapa bisa nyandhêt kêkarêmane, kaya dene bulus anggone mangkêrêtake sikile lan êndhase, maring thothoke, iku pikire wus santosa.

Apa kang dikarêpake bakal tumiba saka jiwane kang santosa mau, mung kari rasaning ilat, sanadyan rasaning ilat pisan iya bakal ilang, manawa kang Maha Luhur wus bisa katonton.

Hèh Arjuna, iya saka pamêksane karêpe, kanthi wicaksana lan sarosa, pikire kang adrêng mau bisane kawasesa, yèn sajrone nêlukake mau lêstari pangangkahe marang ingsun, sabab sapa kang bisa ngêrèh kêkarêpane iya iku kang têtêp budine.

Manungsa kang mung ngèngêti marang karêpe, iku anuwuhake dhêmêne, saka dhêmên nganakake melik, saka melik nganakake nêpsu,  saka nêpsu banjur nasar, saka nasar êntèk elinge, ilange kaelingane nuli sirna budine, marga sirnaning pambudi wêkasan tumiba ing papa.

Akarana pamasesaning dat, anggone anggarap kang dikarêpake, sêpên hawa napsu lan gêthing, dadi tumindaking sêdya wus katêlukake, iku bakal tumêka ing katêntrêman.

Sajroning têntrêm sirna sakèhe prihatine, sing sapa wus têntrêm pikire, batine nuli bisa timbang (ngadil).

Budi iku ora dumunung kang ora nunggal, apadene sajati iku ora dumunung kang ora nunggal, sing sapa ora kadunungan kaanan jati sayêkti ora têntrêm. Kapriye ing atase manungsa bisa angrasa bêgja yèn ora têntrêm pikire.

Sabab sapa sing anuruti kêkarêpane kang ombra-ombra, saka tinuntun ing iku mau, masthi kawruhe larut, kayadene prau kang kumambang ing banyu katêmpuh ing prahara.

Mulane Arjuna, sing sapa amarga saka pangangkahe wus bisa mêkak kêkarêpane, iku dheweke wus santosa pikire.

Wêngine kang dumadi iku kabèh, ing kono tangine kang angayomi, dene tangine dumadi ing kono wêngine kang angudanèni (iya iku kang Mahasuci).

Sing sapa kêkarepane tansah lumêbur kaya ilining banyu anjog ing sagara, ora pisan-pisan ambaludagake (lire gawe banjiring sagara) iku kang wus tumêka ing katêntrêman, ananging dudu wong angumbar papenginan, ananthi ora duwe sêdhih, lan sêpên ing hawa murka (ahangkara) iya iku wus têkan katêntrêman.

Hèh Arjuna, iku kaananing Brama, sing sapa têkan ing kono wus ora bola-bali, lan sing sapa tumêkaning patine santosa pangikête marang atma mau, iku tumuju marang nirwananing Brahma.

Ingkang kawursita ing nginggil, punika panunggilan sarana sangkya (kawruh utawi pangawikan).

Wiraos ingkang kaping tiga.

Aturipun Arjuna: Bilih pangawikan paduka kagalih luhur, tinimbang pandamêl, punapa sababipun. Dene kula paduka loropaken dhatêng pandamêl ingkang girisi.

Pangandika paduka ingkang ngodhêngakên manah, punika namung ambanjurakên panampi kula, mila andhawuhna pêpuntonipun, kadospundi sagêd kala anggayuh karahayon.

I. Pangandikanipun Krêsna: Kang dhingin ing donya iki sun arani ana dalan loro, minôngka pangruwating dosa, iya iku saka panunggal asarana kawruh (sangkya) utawa nunggal asarana panggawe.

Manungsa ora bisa ngukup, yèn ora nglakoni panggawe kang tanpa gawe, sarta ora bisa sampurna saka lumuhing panggawe.

Sabab sanadyan manungsa watara, ora ana manungsa kang ora nindakake panggawe, marga lakune kabèh iki ora kalawan kinarêpake, wus kagawasaka prakriti. (wiji ingkang gumêlar ing jagad).

I. Sapa-sapaa, sanadyan bisa masesa panggawe, nanging pikire mung amburu kêkarêpane kang kliru, iku sinêbut janma munapèk.

I. Nanging sing sapa nêlukake karêpe sarana pikire, Hèh atmajaning Kunthi iya iku sinêbut bisa anunggal sarana panggawe, mangka ora karêm marang panggaweane.

Wus cukup sira anindaki panggawe bênêr, sabab aku luwih prayoga tinimbang ora tumindak ing gawe, lan pangrêksane jasatira ora prayoga, yèn ora nglakoni panggawe.

Iya ngêmungna panggawe, sanajan panggawe mau kurban, kang andadèkake kabônda ing donya, Hèh atmajaning Prita, mulane panggawe kang tanpa karêm, bisa nyampurnakake.

Krêsna ngandika malih: Sawuse manungsa anyajèkake kurban, pangandikanipun Krêsna (Prayapati) sarana iku sira bisa anganakake kang dadi pangajapanira, iya iku sepi pangarêp-arêp.[39]

Angaturakên dhaharaning dewa (kurban). Sarana mangkono para dewa bakal aparing pangan ing sira, sira sarana iku sira bakal anggayuh karahayon kang linuhung.

Awit dhêdhaharaning para dewa iku kurban, sira bakal pinaringan kasênêngan kang dadi pangarêp-arêpira, sing sapa ora sarana kang mangkono mau, wêwalêsing dewa kasênêngan marang dhèwèke iku têtêp ganjaraning durjana (panglulu).

Manungsa bêcik padha bukti sisaning kurban, têmahan luwar saka dosane, nanging wong ala pangan iku kasadhiyakake kanggo karêpe dhewe, iku diarani pangan piala.

Kawruhana, yèn panggawe iku tuwuh saka Brahma,[40] lan Brahma saka langgêng, iya Brahma kang rumasuk ing kaanan iki kabèh, amakarti ana sajroning kurban.

Dadi sing sapa ora anut jantraning laku, iku dosa ing uripe, sarta wong kang tansah angrêrantam kasênêngane iku uripe tanpa guna.

Ananging sujana kang wus sênêng ing dalêm dat, marêm lan têntrêm ing dalêm dad, dhèwèke wus mardika. Ora ana samubarang kang kudu digarap.

Tumrap dhèwèke wus ora medahake apa kang ginarap, uga ora ana samubarang kaanan kang ora ginarap, dhèwèke kêna diarani titah kang maedahi ing dumadi.

Mulane cukup yèn salawase ora kongsi karêm, sira anindakna panggawe kang kudu linakonan, sabab anindaki panggawe kang wus ora karêm, iku sarana manungsa anggayuh kaluhuran.

Sarana panggawene manungsa bisa andarbèni Janaka,[41] (kawicaksanan) utawa kasampurnan sapanunggalane. Mangkono uga sajroning sira midêr amiling-miling nêdya angayomi manungsa, iya isih kudu anglakoni panggawe.

Kapriye saranane gawe padunungan kang luhur, iya iku amadhakake dhèwèke marang sarupaning manungsa, dene kang dianggo ngukur miturut alame.

Hèh Pritaputra (Arjuna) ing tribawana iki ora ana apa-apa kang kudu daksambut lan ora ana gêgayuhan kang durung kagayuh, ewadene ingsun isih nindaki panggawe. Sabab yèn ingsun ora nindaki ing panggawe, sagunging manungsa mesthi padha anut ing salakuningsun.

Duh atmajaning Prita, alam iki bakal bisa sirna, yèn ingsun ora nindakna ing panggawe, yèn mangkono ingsun anggawe campuring bôngsa kang sabanjure kabèh manungsa anêmahi bilai.

Hèh têdhaking Barata, kaya wong cubluk yèn karêm marang panggawe kang nindakake ananging para wicaksana ênggone nindaki panggawe tanpa karêm, pangarêp-arêpe panggawene mau, amung dadia kamulyaning jagat.

Dudu wong wicaksana kang kuwur budine, para cubluk kang nindaki panggawe marga saka karême anggawe, ananging para wicaksana kabèh panggawene anjalari nunggal lan ingsun.

Saka lakuning prakriti, ananging kang gumêlar iki kabèh padha nindaki panggawe, tuwuhing angkara,[42] kang anjalari sasar banjur mikir anggane pribadi, iku ananingsun.

Hèh kang kawawa papa, sing sapa wêruh beda-bedaning panggawe, sumurupa watêk sinalinan ing dalêm watêk, iku luwar saka bêbandan.

Sing sapa kagawa wataking prakriti kaliru tumindaking lakune, nganti dadi karêm. Lan sapa kang ora mêruhi kang marakake bingunge, iya iku kawruhe durung sampurna.

Sagunging panggawe pasrahna maring ingsun, ciptanira tumanêma ing dat, kanthi tanpa pangarêp-arêp lan pêpenginan, majua pêrang sawuse sirna gêtêring kamelikanira.

Manungsa kang anut piduduh ingsun iki, kanthi pracaya lan ora sêmang-sêmang, tôndha wus luwar saka panggawe.

Ananging kang manggung sêmang-sêmang, lan ora anut pituduh ingsun mau, sarta ngluputake sakèhing kawruh, sumurupa iya iku wong kang tanpa budi.

Amung wong wicaksana kang bisa nyamêktani watêke, ujude iya miturut watêke, êndi panggawene kang ngêndhih karêpe.

Karêp amung dadi panggonane kamelikan, lan ora nêdya ngalahake kêkarêpan, aja nganti ana sujanma kang mangkono, awit karo pisan iku mungsuhe.

Luwih bêcik anêtêpi kuwajibane dhewe (darmma) sanadyan durung bisa sampurna, katimbang bisa anêtêpi kuwajibaning liyan, luwih prayoga mati saka gone nêtêpi wajibe dhewe, katimbang wajibing liyan. Kang kêbak pakewuh.

Aturipun Arjuna: Punapa ingkang andadosakên jalaranipun, tiyang anglampahi dosa ingkang makatên wau, dhuh têdhaking Wrêsni (sasêbutanipun Krêsna) amung sangking kêkajênganipun, têka tiyang kadidene rêmêni (nipun) aya.

Pangandikanipun Krêsna: Iya iku kamelikan, lan iya kanêpson, wêtune saka watêking: rajas, anjalari nandukake tindak kang tan yêkti. Kawruhana, yèn iku mungsuh kita.

Kayadene urup kalimputan ing kukus, lan kayadene kaca kang linimputan ing balêdug, mangkono rajas gone anglimputi.

Hèh Pandhutanaya: Kawicaksanan iku linimputan dening mungsuhe kuna-makuna. Iya iku kang wujud kamelikan, utawa saka pangobaring gêni tanpa marêm. Diarani karêp iku kêkandhanganing pikir miwah budi, sarana iku sajroning anasabi kawicaksanan, kanthi ambalasukake jiwa.

Hèh têdhaking Barata, mula sirnakna kang dadi satruning kawruh lan kawicaksanan, sawuse sira amambêng kêkarêpan kang tan prayoga.

Ing layang: Kata Opanishat. Muni, manawa karêp sadhuwuring badan, sadhuwuring karêp pikiripun, ananging sadhuwuring pikiran iku budi, dene sadhuwuring budi iya panjênênganipun.

Mangkono uga panjênêngane mau, luwih gêdhe saka budi, lan pribadine winasesa ing dat, hèh pangrurahing satru, patining mungsuh kang awujud kamelikan, iku ora gampang.

Piwulang ingkang kasêbut ing nginggil punika, winastan panunggal asarana pandamêl.

Catatan :

(39) § Upami lêmbu kang dipêrês, tamtu ngêdalakên ingkang dipun kajêngaken, (inggih punika puhanipun).
(40) §Ugi sampun kasêbut ing Weddha.
(41) § wahyudyatmika.
(42) § kumingsun.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s