Bagawatgita (2)


 INDIAN GOD KRISHNA IN MAHABHARAT WAR WITH ARJUN

Bagawatgita ingkang suci punika, wontenipun ing piwulang wados (opanishad), winastan kawicaksananing Brahma. Sêrat piwulang panunggal, inggih wiraosipun Sri Krêsna kalihan Arjuna.

Ingkang kawasita ing nginggil wau, winastanan wiraosan ingkang kapisan, utawi rangu-rangunipun Arjuna.

Wiraosan ingkang kaping kalih.

Aturipun Sanjaya: Sang Pangrurahing Madu[12] (jêjulukipun Krêsna) andhawuhi dhatêng Arjuna, ingkang sawêg rangu-rangu saha karêrantan, kalihan netranipun akêmbêng-kêmbêng nênggak waspa, awit saking rudahing panggalihipun.

Pangandikanipun Krêsna: Saka ing ngêndi pinangkane kêkêsing ati ingkang tumanduk maring sira Arjuna, iku dudu wêwatêkaning para Arya, ora marakake ing swarga, malah anuntun marang kanisthan.

Hèh atmajaning Prita, aja ngalumpruk, iku ing atase sira, ora patut, beratên anglêsing atinira, lah Pangrurahing Satru (Sarantapa) sêsêbutanipun Arjuna: nuli mangsaha prang.

Aturipun Arjuna: Dhuh pukulun, kadospundi sagêd lumawan Sang Bisma miwah Druna, môngka sakalihan wau pantês ingaji-aji.

Awit ing dunya punika langkung eca nêdha sêkul sapulukan saking anggènipun pêpariman, katimbang kamulyan agêng sarana amêjahi para guru kang dibya: sêngsêmipun dhatêng kasugihan tuwin kamuktèn ingkang makatên wau badhe cêmêr dening rah.

Tuwin malih kula dèrèng uninga, pundi ingkang prayogi tumrap ing kula, punapa kula ingkang mênang punapa kula ingkang kawon, sarèhning mêmêngsahan sami kadang piyambak, upami kula sagêd nyirnakakên piyambakipun, saèstunipun kula ugi bosên gêsang.

Manah kula rumaos kaduwung amargi saking kamiwêlasên, ngantos sêmang-sêmang dhatêng kuwajiban kula, pramila kawula nyuwun pitêdahing paduka: Pundi ingkang prayogi kula lampahi, kadhawuhana kemawon, awit kula punika siswa paduka, mugi paringa piwulang ing jasat kula, ingkang kawêlas asih.

Awit kula botên pariksa, punapa sarananipun ingkang sagêd amberat prihatos ingkang angrêrujit manah kula, sinaosa kula badhe tampi ganjaran angrèh ing dunya tanpa tandhing, malah angratonana para jawata (sura) pisan.

Kula boten kadugi umagut ing prang, satêlasing aturipun dhatêng Sri Krêsna ingkang makatên wau, Arjuna nulya anjêtung.

Aturipun Sanjaya dhatêng Prabu Dritarasta: Risang Pangrèh Pikiran (jêjulukipun Sri Krêsna) wontên antawising wadyabalaning mêngsah tuwin rowang, anyorahakên wêwarah dhatêng Arjuna, sarwi mèsêm.

Pangandikanipun Krêsna:[14] Sira angucapake kawicaksanan, kapriye têka amrihatinake kang bênêre ora parlu disêdhihake, yèn para wicaksana mêsthi ora mrihatinake kang mati lan kang ora mati.

Ingsun lan sira, apadene para ratu iki sakabèhe, ora ana kang durung tau mati, lan ora ana kang ing têmbe ora linairake manèh.

Apadene jiwaa kang bisa badan solan-salin, arupa jabang bayi, wong anom lan kaki-kaki, uga mangkono. Ing têmbe manuksmane ing badan liyane, ananging kaanane kang langgêng iku ora bisa sirna ana ing paprangan.

Hèh, atmajaning Kunthi: Mungguh kang magêpokan alaming kalairan, kang tansah anêkakake utawa anglungakake pangrasa adhêm lan panas, bungah lan susah iku sandhangên Arjuna.

Hèh, Bêbanthènge Manungsa (sasêbutanipun Arjuna). Awit manungsa kang wus sinêbut santosa, ora keguh dening iku, iya kang wus nganggêp bêgja lan cilaka padha bae, iku prayoga kanggo orane, bisa sirna.

Ana iku tinêmu saka ora ana, mangkono uga ora ana tinêmu saka ana, tumindake sakaro-karone mau wêkasan amung kasurupan dening sujanma kang amêruhi kaanan batin (tatwam).

Ananging sêsurupa, mungguh ing dat kang (atma) anglimputi iki kabèh ora bisa sirna, ora ana manungsa kang bisa ngrusak ana ing dat ingkanglanggêng mau.

Dat kang manuksma ing badan iku ingaran langgêng, tan kêna owah gingsir, ora ana watêsane, mulane têdhaking Barata (sasêbutanipun Arjuna) umajua prang.

Kang sapa bisa kojah dat bisa mati, lan sing sapa ngira yèn kêna pinatenan, kang mangkono mau durung ana kang ngalami, sajatine ora tau mati, uga ora kêna pinatenan.

Dat ora linairke, uga ora tau mati, sanyatane ora tau dumadi, lan ing têmbe, iya ora bakal dumadi, langgêng salawas-lawase ana bae wiwit kuna-makuna, sanadyan dadak iki mati, dheweke ora kêna ing pati.

Sapa kang wêruh, yèn dat iku ora kêna karusak, ana salawas-lawase, ora tau kalairake, ora owah gingsir. Hèh têdhaking Barata, kapriye manungsa bisane mateni wong, lan kapriye ênggone amatèni.

Kaya dene jamaking manungsa, sawuse buwang sandhangane kang lawas, banjur salin panganggo kang anyar, mangkono lakune kang manuksma ing badan, sawise buwang panganggone kang rusak, banjur salin panganggo anyar.

Awit dat ora pasah dening gêgaman, ora kobong dening gêni, ora têlês dening banyu, lan ora garing dening angin.

Dat ora bisa kêtaton, ora kobong ora têlês, apadene ora garing, langgêng salawas-lawase ora tau owah gingsir, têtêp anglimputi sakabèhe.

Iya kang ora tau gumêlar, ora kêna kinira-kira, ingaran ajêg bae, rèhning kang mangkono mau, sira wus sumurup, mulane ora parlu disusahake.

Manawa sira duwèni panganggêp, lair bae utawa mati bae, salawase, mêsthine sira ora mrihatinake iku mau.

Amarga saka lair, mulane mêsthi mati, lan kang mêsthi lair iku saka ing pati, rèhning wis ora kêna disingkiri, mulane sira aja sêdhih.

Ananing wujud iki kabèh sakawit ora gumêlar, kang têngah aran iku gumêlar. Hèh têdhaking Barata, kapriye dene sira angêsah.

Panganggêpe manungsa dat iku anggumunake, sawênèh ana kang kôndha, yèn dat iku anggumunake, liyane manèh angrungu, yèn dat iku anggumunake, sanadyan dheweke wus antuk pangrungu ing bab kaananing dat, ewasamono ora ana kang wêruh ing dat.

Kang winaragad sajrôning badan sawiji-wiji, iku ora pasah dening gêgaman, pedah apa Arjuna, sira anusahake sawiji mau.

Yèn sira angèngêti kawajibanira dhewe, mêsthi yèn banjur ora sêmang-sêmang, awit ora ana kang luwih prayoga ing atase prajurit kaya pêrang kang wus sah.

Hèh têdhaking Barata (panguwuhipun dhatêng Arjuna) bêgja prajurit kang nglakoni pêrang, marga yèn dheweke tiwas bakal kawênganan lawanging suwarga.

Manawa sira ora gêlêm nindakake prakara kang adil, awit saka gonira anampik wajib, sarta misuwuring jênêngira, sira anêmpuh piala.

Sarta akèh kang padha nyatur kawiranganira salawase, ing atase satriya wirang iku angungkuli pati.

Jalaran saka sira lumuh prang, para ratu kang padha wahana rata, iku pancène angaji-aji ing sira, têmahan dadi malah anyênyamah.

Lan akèh têtêmbungan kang ora prayoga diunèkake, kang bakal diucapake dening mungsuh kanthi anênacad marang jirihira, apa ana kang ngungkuli kalingsêmane.

Môngka yèn sira nêmahi mati sira nêmu suwarga, dene yèn mênang antuk kamuktèn ana ing bumi, mulane Arjuna, tumandanga umangsah prang.

Sawuse sira anganggêp, bêkja lan cilaka, nêmu lan kelangan, unggul lan asor iku padha bae. Umajua prang sira ora antuk piala.

Piwulang kang sun warahake marang sira iki miturut sangkya (pathokane ngèlmu kawicaksanan) ananging samêngko sira angrungokna piwulang manut, yoga (panunggal) Hèh atmajaning Prita yèn sira anut piwulang mau, sira bisa amudhari bêbandaning panggawe.

Mulane ora ana pitunane, sanajan kang wiwit anyoba iya ora ana pakewuhe, malah kang gêlêm ngudi, dadia mung sawatara bae, bakal linuputake saka baya gêdhe.

I. Mulane pangèsthi siji iku wujude mung kakêncênganing ati, ananging wong kang tanpa kakêncêngan: Hèh têdhake Barata, iku pikire akèh pange, lan tanpa wêkasan.

Hèh Arjuna, pakèrêm marang surasane layang Weddha, katarik saka bêcike tatêmbungane, dadèkake ora andhamangake, iku ngarani wus ora ana liyane manèh.

Sapa sing sêngsêm anggayuh suwarga, kojèh yèn kalairan iku wohing panggawe, murih bisane anggadhuh kasênêngan lan kawasa.

I. Pusthinên pêpasthènira maring kakêncênganing ati, manungsa kang melik marang kamuktèn, lan kawibawan, lan sapa sing pikire korop dening iku, pratôndha ora sêmadi.

Kang winarahake ing layang Weddha, ana wawatêkan têlu (gun) pisaha saka wêwatêkaning guna mau, luwara saka sisihan kang kosokbali,[24] têtêp santosa ing dalêm satwam aja niyat oleh sarupaning raja darbe, amung andarbenana dat.

Ing atase para Brahmana ngarani mungguh gêdhening pigunaning sakèhing layang Wêddha iku kadidene mêgunge talaga kang kêjogan banyu saka ngêndi-êndi.

Sira mung tansah amèlua nindakake panggawe aja pisan melik wohe. Mungguh wohing panggawe iku dudu kang dadi jalaran, mulane aja kapengin, ora nindaki panggawe.

I. Hèh kang unggul lawan kasugihan, santosakna ing panunggal, cukup saka panggawe sawuse anglilakake kamelikan. Sarta nganggêp bêkja lan cilakapadha bae, ingaran ngadil, iya iku panunggal.

Panggawe iku sangisore panunggal, sarana budi, mêmêlas têmên, manungsa kang mung angarêp-arêp marang wohing utawa nganggêp woh iku kang dadi jalaran.

Yèn sujalma wus nunggal sarana budine, nuli ambuwang ala lan bêcik, mulane sira ngangkah anunggal, panunggal iku prayoga kanggo nindakake panggawe.

Para wicaksana bisane anunggal sarana budine, ora maèlu woh kang mêtu saka panggawene, banjur luwar saka bêbandaning kalairan, iya iku tumuju marang panggonan karahayon kang suci.

Manawa budinira wus mênang kalawan bawuring ati kang ana sarake, sira bakal bisa ora praduli marang samubarang kang koprungu, wêkasan amiyarsa.

Yèn budinira wola-wali adêdalan, sruti (sêrat piwulang) wus jêjêg asantosa, nora mobah jroning sêmadi, sira nuli têkan ing panunggal.

Aturipun Arjuna: Dhuh Guru, punapa titikanipun tiyang ingkang sampun jênjêm budinipun, têtêp sêmadinipun, kados pundi panêngêraning ucapipun, lênggahipun, sarta lampahipun kang santosa pikiranipun wau.

Catatan :

(12) § Madu punika namining rasêksa (ditya).

(14) § Ing ngriki wêkasaning purwaka, wiwit peranganing kawruh kasuksman.

(24) § Pikajêngipun sampun bingah sampun susah, sampun rêmên sampun gêthing, sapanunggilanipun

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s