Bagawatgita (1)


Bagawatgita

Bêbuka

Sêrat Bagawatgita, punika papêthikan sêrat “Mahabarata” bageyan nênêm, nyariyosakên para senapatining ngalaga tanah Hindhusêtan, inggih punika lêlampahanipun para putraning Pandhu gangsal, ingkang sinêbut Pandhawa, anggènipun prang mêngsah kadang kaprênah nakdhèrèk, têdhakipun Kuru, ingkang sinêbut Kurawa. Pandhawa wau gangsal pisan sami anggarwa Dèwi Drupadi, panêngahipun akêkasih Arjuna, ibunipun Dèwi Kunthi, pêparap Sang Dyah Prita. Sadèrèngipun paguting prang, Arjuna wiraosan kalihan Narendra Krêsna, ingkang sawêg angusiri ratanipun, Sri Krêsna punika satunggaling Awatara. Tumimbulipun utawi panjanmanipun Bathara Wisnu.

Mênggah ratuning Kurawa ingkang sêpuh punika wuta, ajêjuluk Dritarasta, pêpatihipun nami Sanjaya, punika ingkang anggancarakên kawontênaning paprangan ing panjênênganipun.

Bagawatgita

(Kidung suksma)

Wiraos ingkang sapisan.

Pangandikanipun Sang Prabu Dritarasta: Hèh Sanjaya, sabanjure kapriye kaanane para putraningsun, lan sutane Pandhu kang nêdya bôndayuda, satêkane ana ing Têgalkuru, iya ing Têgal kang sukci.

Aturipun Sanjaya, rikala Prabu Duryudana anguningani bilih wadyabalanipun para putraning Pandhu ingkang sakalangkung agêng punika sampun angrakit gêlaring ayuda, enggal marêki gurunipun (Druna) sarwi umatur.

Katingalana guru: Wadyaning Pandhutanaya ingkang sakalangkung agêng, sampun karakit gêlaring aprang dening atmajaning Drupada. Murit paduka ingkang bèr budi.

Lah punika para senapati agêng ingkang ngirit, wadya sikêp jêmparing kados ta: Bima tuwin Arjuna ingkang sami sudira ing ayuda, Yuyudana, Waratha tuwin Drupada, sami awahana rata.

Dristakètu, Cêkitana, sarta narendra ing praja Kasi (Bênarès) ingkang surayèng ing alaga, Purujit, Kunthiboja tuwin narendra nagri Sibi, sami bêbanthènging manungsa.

Kang prakosa Risang Yudamanyu, atmajaning Sumbadra tuwin ingkang ambêg sura pun Utamuya, sutanipun Drupadi, sami awahana rata.

Dhuh Sang Dwija (ingkang sampun kalairakên kaping kalih)[2] sintên antawisipun sadaya têtindhih wadyabala kula, ingkang prayogi paduka tuduh, murih kula lajêng anjunjung ing panjênênganipun.

Paduka pyambak punapa Sang Bisma (senapati Kurawa kaprênah eyangipun Duryudana utawi Pandhawa (punapadene Karna) putranipun Dèwi Kunthi ingkang pambajêng, tuwin Krapa. Sami pilih tandhingipun ing ayuda, Aswatama sarta Wikarna, punapadene atmajaning Samadati).

Saha para senapati sanès-sanèsipun malih, awit sangking trêsnanipun dhatêng kula, sampun anglilahakên gêsangipun, kalihan asikêp dêdamêl warni-warni, sêdya anandukakên sagunging gêlar wontên samadyaning paprangan.

Sanadyan wadyabala kula dipun pramugarèni dening Bisma. Punapa dèrèng nyêkapi, ananging punapa sampun nyêkapi, Bima dados kondhanging wadyabalanipun mêngsah.

Salêbêtipun paduka amawang-mawang kanthi angayomi sakathahing gêgêlênganipun para prajurit, muhung Bisma ingkang paduka prêlokakên rumiyin.

Sangking anggènipun nêdya anyênêngakên panggalihipun Prabu Duryudana, pinisêpuhipun Kurawa (Sang Bisma) lakar kaprênah eyang sarta ingkang kapundhi-pundhi, nulya anyêbul salomprètipun, ngumandhang ing antariksa, kapiyarsa kadi panggêroning singha.

Sakala wau ing sawarnining suling, napiri, tambur, bêdhuk, miwah salomprèt sami kaungêlakên sadaya, suwaranipun gumaludhuk anggêgêtêri.

Sami sanalika têdhaking Madu (jêjulukipun Krêsna) kanthi panêngahing Pandhawa, awahana rata ingkang pêngirid kuda pêthak, ugi lajêng angungêlakên salomprètipun sangking pêparinging jawata.

Risang mangrèh karsa, Trisikesa (jêjulukipun Krêsna) angungêlakên salomprètipun ingaran singating rasêksi, dene risang tunggul lawan kasugihan[4](Dananjaya, sêsêbutanipun Arya Arjuna) salomprèt ganjaraning dewa, punapa malih sang ambêk baruwang,[5] sêsêbutanipun Wrêkudara, angungêlakên salomprètipun ingkang sakalangkung agêng nama: Paondra, têmahan damêl mirising kathah.

Prabu Yudhisthira angungêlakên salomprètipun kang nami: Sarwamênang. Salomprètipun Nangkula Swaraarum, dene Sadewa kawastanan Mutyara kang Sêkar.

Naranata ing nagri Kasi, têtindhihing wadya sikêp jêmparing, tuwin Sikandhi awahana rata, Drêsthajumêna (atmajaning Drupada) Wiratha, saha Sêtyaki, sami botên kenging kinawona.

Drupada, tuwin Drupaditanaya, Sumbadraputra ingkang pilih tandhingipun, dhuh ratuning bawana (aturipun Sanjaya dhatêng Prabu Dritarasta) sami ngungêlakên salomprètipun piyambak-piyambak.

Swaranipun ingkang gumaludhug anggêgêtêri ngantos angèbêki bawana, têmahan angrêrujit panggalihipun Kurawa.

Risang Pandhuputra, ingkang daludagipun ciri wanara, sarêng uninga bilih para putranipun Prabu Dritarasta (Kurawa) sampun angrakit gêlar, enggal angasta gandhewa, ing nalika punika wiwit ebah sami asewaga dêdamêl.

Aturipun Sanjaya, Gusti, ing ngriku Arjuna lajêng matur dhatêng Narendra Krêsna makatên: Tanpa ringa-ringa, dhuh Risang Asuta (ugi sêsêbutanipun Krêsna), mugi rata kula kaajêngna, ngantos wontên samadyaning wadyabalanipun mêngsah tuwin rowang, murih kula sagêd nyumêrêpi sintên ingkang umagut prang, utawi sintêningkang kêdah kula papagakên.

Kula kapengin pirsa, ingkang sami sêdya mangun yuda, inggih ingkang sampun samêkta ing ngriku sadaya, angajap enggala campuh amung anjurungi awoning sêdyanipun Dritarastaputra (jêjulukipun Duryudana).

Aturipun Sanjaya: Sarêng Risang Mangrèhkarsa (jêjulukipun Sri Krêsna) miyarsa pangatagipun Sang Mardiwèni (Gudhakesa, sêsêbutanipun Arjuna) ugi dipun jarwèni: gustining tilêm, panjênênganipun inggal angajêngakên ratanipun, sarta dipun kèndêlakên satêngah-têngahing wadyabalaning rowang tuwin mêngsah.

Wontên ing ngayunanipun Bisma sarta Durna, tuwin sagunging para nata, ing ngriku Sri Krêsna ngandika: Hèh atmajaning Prita, dulunên kaananing Kurawa kang padha anêkani.

Sakala Arjuna pirsa para kadang, ingkang kaprênah: rama, eyang, guru, paman saking ibu, sadhèrèk, putra, wayah tuwin kônca, marasêpuh, saha mitranipun piyambak, ingkang sami mungging antawising wadyabala ing kalih-kalihipun wau.

Atmajaning Kunthi (Arjuna) sakalangkung trênyuh ing panggalih sarwi sangêt ing prihatos, mila lajêng matur: Dhuh Sri Krêsna, sarêng kula priksa para kadang warga kula sami umajêng prang, githok kula murinding, gorokan kula salit, badan kula gumêtêr, tuwin wulu kula anjêgrik, tangan kula botên kuwawa anyêpêng gandhewa, kulit kula apriyang-priyang, suku kula dhèngkèlên, saha manah kula kuwur.

Dhuh Kesawa (jêjulukipun Krêsna) punika sangking pangraos kula kadi sasmita awon, badhe botên prayogi kadadosanipun, manawi kula amêngsah kadang kula piyambak.

Pukulun, kula botên kapengin mênang, utawi botên kapengin karaton, ugi botên melik kamulyan. Dhuh Pangoning Lêmbu (Gowinda, ugi jêjulukipun Krêsna) pedah punapa gêsang angsal karaton miwah kamulyan.

Mênggah anggèn kula karaya-raya kapengin karaton, kamulyan tuwin kawibawan, prêlunipun amung kangge ngayomi para kadang warga, môngka samangke piyambakipun sami umangsah prang, kalayan anglilahakên gêsangipun, saha raja darbèkipun.

Piyambakipun, guru, bapa, anak, punapa dene eyang, paman sangking ibu, marasêpuh, ipe, putu saha kadang sanès-sanèsipun.

Dhuh Pangrurahing Madu[6] (jêjulukipun Krêsna) kula botên kadugi anyirnakna punika, dadosa kula pêjah-pinêjahan, sanadyan kula antuka ganjaran angêrèh tribuwana.

Dhuh Pangruwataning Manungsa (Danardana ugi jêjulukipun Krêsna) kados pundi anggèn kula ngraos bêgja, manawi asarana nyirnakakên para putranipun Dritarasta, saksirnaning mêngsah kula wau, sampun tamtu piawon ingkang andhatêngi dhatêng jasat kula, mila botên prayogi bilih kula anyirnakna Kurawa, inggih punika kadang kula piyambak, lah, Sri Krêsna, sabab kadospundi anggèn kula sagêd ngraosakên bêgja, bilih kula angèngêti amêjahi para kadang warga kula piyambak.

Manawi piyambakipun botên rumaos dosa anyirnakakên trahing lêluhuripun, sarta botên rumaos awon mêngsah mitra tuwin kadang piyambak, punika kabêkta saking manahipun kandhih dening kamelikan.

Dhuh Krêsna, punapa kula botên anyingkiri piawon ingkang makatên punika. Jalaran kula anganggêp anyirnakakên dhatêng trah punika nandhang dosa.

Awit saking risaking têrah (bôngsa) anggêr-anggêring trah ingkang langgêng ugi sirna, môngka bilih anggêr (darma) wau sirna, sadaya bôngsa badhe karèh tanpa anggêr-anggêr (adarma).

Manawi trah botên karèh ing anggêr-anggêr, èstrinipun trah badhe risak (camah) bilih èstrinipun risak, dhuh Têdhaking Wrêsni (jêjulukipun Krêsna) saèstu badhe nuwuhakên bôngsa camboran.

Campuring bôngsa wau têmahan murugakên naraka tumanduk ingkang risak miwah ingkang rinisak trahing bangsanipun, sabab para lêluhuripun sami kacêmplung ing naraka, karantên botên angsal sêsajèn (kurban) dhêdhaharan miwah toya.[8]

Sarana dosa ingkang kados makatên, sintên ingkang anyurêsakên trahipun, inggih ingkang anjalari campuring bôngsa, kenging winastan botên anindakakên anggêr-anggêring trah utawi bôngsa.

Dhuh pangruwataning manungsa, saking pamirêng kula sintên ingkang botên anindakakên anggêr-anggêring trah, punika badhe manggèn ing naraka salami-laminipun.

Ah piawon punapa ingkang badhe kula panggih, saking kapengin dhatêng kamulyaning ratu ngantos ngangkah amêjahi dhatêng kadang.

Bilih para putranipun Prabu Dritarasta sami angrêgêm dêdamêl, badhe mêjahi kula wonten ing paprangan, môngka kula botên niyat lumawan, punapa punika anjalari kula angsal kamulyan.

Aturipun Sanjaya, satêlasing aturipun Arjuna, sarwi ambucalgandhewanipun, saha jêmparingipun, tuwin lajêng ngalosot wontên jarambah ing rata kalihan trênyuh ing panggalihipun sangêt karêrantan.

Catatan :

(2) § Tiyang Hindhu anggadhahi panganggêp, bilih bôngsa luhur, kados ta: Brahmana, Satriya, Wiswa, katiga pisan wau sampun kalairakên kaping kalih, mila lantip panggraitanipun, dene bôngsa Sudra, nêmbe kalairakên sapisan, mila bodho.

(4) § Bokmanawi punika kapêndhêtakên sangking têgesipun nama Danangjaya, ringkêsing têmbung, dana kang jaya, awit dana utawi sardana, wardanipun (wardinipun) arta, utawi sugih, kang jaya, kang unggul.

(5) § Lugunipun mungêl, atining asu ajag, bokmanawi sangking anggènipun anêgêsi nama: Wrêkudara, awit wrêku, wontên ingkang mardèni sêgawon ajag, dara utawi udara: wardinipun têngah utawi padharan. Mila pantês yèn têmbungipun Jawi kasêrat: ambêg baruwang. (kembali)

(6) § Madu = namaning ditya.

(8) § Bilih para lêluhur botên dipun sajèni ingkang makatên wau, badhe katurunakên saking sawarga.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s