Ramayana [8]


Rama Sinta Batik

“Kalau memang begitu Yayi, marilah kita segera menuju negara Mantili”

<<< ooo >>>

Prabu Janaka Ratu ing Mantili nedya nganakake sayembara. Dewi Sinta, putrane putri kang isih kenya, nedya dipalakramakake; nanging ora sarana tinuku maskawin rajabrana utawa kadhaton. Saupama Dewi Siita kena tinuku rajabrana, sanajan diregani nganti Trailokyarajya (krajan ing jagat tetelu), ora larang kanggo nuku Sang Dewi. Kang dadi pelenging panggalihe Dewi Sita, kepengin winengku priya kinawasa kang sura-sakti mandraguna, luhur ing budi lan lepas pasanging grahita, tur tedlhaking awirya.

Miyose Dewi Sinta saka guwagarba, truntunan utama ari-arine awujud gendhewa pinunjul sing saiki dadi gendhewa pusaka Mantili.

Praptane Regawa lan Lesmana ing alun-alun Mantili, papane sayembara, wis kebak wong, umyang gumuruh suwarane. Sumurup rajaputra Regawa Lesmana, wong-wong padha cingak kagawokan, akeh kang padha rerasanan karo kancane mangkene :

“Sing mentas prapta iku ayake Sang Hyang Aswino (Dewa kembar Bathata Aswan lan Aswin), katandha saka bagus respatining rupane”

Kancane mangsuli : “Dudu ! Bisa uga Bathara Kamajaya karo Bathara Basanta. Kajaba rupane bagus, tindak-tanduke sarwa alus”

Ana maneh wong sing nyuwara : “Mbok menawa Sang Hyang Wisnu nedya mriksani tumindake sayembara”

Prabu Janaka banget karenan priksa rajaputra Regawa lan Lesmana. Sang Prabu kapareng nyoba kekuwatane Sang Rajaputra, mulane maringake gendhewa pusaka Mantili, ndikakake menthang. Gendewa iku duk ing nguni kagungane Bathara Parameswara (Siwah), wis tau kinarya mangruah Tripura.

Kabeh ratu kang ngleboni sayembara wis nyoba menthang gendhewa iku, nanging ora ana kang kuwawa. Mung Regawa kang wasanane kuwawa menthanng nganti agawe tikele gandhawa kang kinarya sayembara.

Tikeling gendhewa dening rajaputra Regawa, agawe suka renaning panggalihe Prabu Janaka. Sang Prabu ngendika marang gegedhuging wadyabala (senapati) Mantili :

“Mung Sang Regawa kang mungguh dikawulani dening Sinta. Dheweke tanpa ceda, tedhaking kusuma, nedheng taruna tur sekti mandraguna. Sira enggal maturana rawuh Prabu Dasarata, matur yen Sang Regawa nedya ingsun dhaupake karo Sita”

Kang tampa dhawuh matur sendika, banjur mangkat menyang Ayodya.

Nalika midhanget atur utusan yen diaturi rawuh ing Mantili mangestoni dhauping putra, Prabu Dasarata nganti tripandurat datan ngendika, kagawa saka kejoting panggalihe. Sawise tata-tata, Sang Prabu banjur tindak menyang Mantili kanti dhanganing panggalih, didherekake wadyabala sabregada. Praptane Prabu Dasarata ing kedhaton Mantili, di pethuk dening Prabu Janaka.

“Dhuh Prabu Dasarata, narendra ingkang sura sakti maha prabawa, saha ingkang tansah netepi dharma-arta-kama (samukawis ingkang alandhesan kaadilan, ingkang migunani lan ingkang dipun pengini). Paduka punika mitranipun Bathara Indra, prasasat dewa mangejawantah. Kawula rumaos saklangkung begja kemayangan kerawuhan paduka. Kawuninganana, putra paduka ingkang saklangkung utami luhur ing budi, susila saha sakti, Sang Regawa, tanpa timbang ing jagat. Anak kawula estri pun Sita badhe nyethi aleladi dhateng putra paduka Sang Regawa. Makaten wigatosipun paduka kawula aturi rawuh ing kedhaton Mantili”

Sawise para tamu lenggah ing pendhapa kadhaton lan sinugato bojana andrawina, Panganten sarimbit, Rama lan Sinta, miyos saka dhatulaya akekanthen asta. Panganten kakung abusana rajakaputran, panganten putri abusana rajakaputren. Tindake panganten sarimbit ngener dununge Prabu Janaka kang lenggah jajar karo Prabu Dasarata. Sawise padha nyungkemi Prabu Janaka lan Prabu Dasarata genti genti, panganten sarimbit banjur lenggah jajar ana ing dhampar pinatik manik nawa retna. Sasuwene lenggah jajar ana ing ngarsane para tamu, kawistara ing semu Sang panganten sarimbit sajak rada lingsem, nanging kaworan seneng.

Ora kocap ramening pamiwahane panganten Rama – Sita. Ing saparipurnaning wiwahan, panganten sarimbit munggah ing suyasa kang rinengga asri anglam-lami, manjing ing senthong panganten. Ora prelu dicaritakake ing sabanjure, manawa sang panganten sarimbit mbeneri ana ing sajrone senthong panganten, kapriye solah tingkahe ing sadurunge sare.

:D :D :D :D :D :D

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s