Lokapala [2]


wy-sumali

Resi Wisrawa ngendika :

“Yayi Prabu, ingkang ndadosaken gumuning manah kula, dene nini Dewi kok kumedah kedah nguningani sastrajendra hayuningrat. Gek sinten ingkang marahi piyambakipun mbebana aneh nyleneh makaten punika. Kawuningana yayi Prabu, sastrajendra hayuningrat punika wewadosing bawana ingkang sinengker dening Sang Hyang Jagatnata, milanipun pilih janma ingkang uninga. Sanajan pandhita linangkung, tangeh uninga bab punika, manawi dereng bontos ing kawruh. Sastrajendrahayuningrat punika inggil-inggilipun kawruh, mulya-mulyanipun gegebengan. Sato kewan ingkang mireng ungelipun sastrajendra hayuningrat, manawi pejah, yitmanipun saged ketrimah, manunggil kaliyan nyawanipun manungsa wonten ing delahan. Tiyang ingkang wuninga lan saged nyakup wardinipun sastrajendra hayuningrat, manawi palastra, suksmanipun ngalami mulya, saged manunggil kaliyan Jawata”

Midhanget ngendikane Resi Wisrawa mangkono iku, katetangi panggalihe Prabu Sumali, kepengin nguningani wardine sastrajendra hayuningrat. Awit saka iku, banget pangarerepane sang Prabu marang sang Resi, kersaa mejang wardine sastra iku.

Resi Wisrawa : “Yayi Prabu kawuningana, sastrajendra hayuningrat pangruwating raseksa diyu, boten kenging kawedhar wonten ing sadhengah panggenan, ngemungaken wonten ing salebeting sanggar palanggatan.”

Prabu Sumali tumuli dhawuh marang abdi, ndikakake ngresiki sanggar palanggatan lan nyamektakake sawarnaning ubarampe. Sawise samekta, Prabu Sumali tumuli manjing ing sanggar palanggatan bebarengan karo resi Wisrawa. Nganti suwe pamejange resi Wisrawa marang Prabu Sumali. Sawise paripurna, sakarone miyos saka sanggar palanggatan, tindak menyang taman. Kawistara ing netra, sang Prabu banget suka rena, sajak kalegan ing panggalih priksa wardine sastrajendra hayuningrat, yaiku sastra cetha ugering ngaurip, kang jalari patitising pati sampurnaning kamuksan.

Resi Wisrawa sarta Prabu Sumali padha pinarak maneh ing pantisari, nuli sang Prabu dhawuh marang abdi ndikakake nimbali Dewi Sukesi. Sawise sang Dewi marak, Prabu Sumali ngendika aris :

“Nini, wruhira, idham-idhamanira kepengin uninga wardine sastrajendra hayuningrat, bakal kaleksanan, amarga mengko bengi sira bakal winejang bab iku dening resi Wisrawa ana ing sajroning taman. Weling ingsun marang sira nini, aja sira darbe rasa ewuh pakewuh marang sang Resi, panjenengane anggepen kaya wong tuwanira dhewe. Wruhanira nini, salugune panjenengane iku mung sadrema dadi utusaning putrane, yaiku Prabu Wisrawana, ratu ing Lokapala kang banget sura sekti mandraguna, bagus respati nedheng taruna tur isih jaka. Rawuhe resi Wisrawa ing Ngalengka prelu nglamar sira, nedya didhaupake karo Pabu Wisrawana. Sang resi mengko bengi bakal ngleksani bebananira, yaiku mejang marang sira wardine sastrajendra hayuningrat. Poma nini, aja darbe rasa ewuh pakewuh marang calon maratuwanira, sajrone sira winejang sastrajendra hayuningrat dening panjenengane”

Dewi Sukesi : “Kawula nuwun inggih rama Prabu. Kawula sendika ngestokaken dhawuh pangandika paduka”

Prabu Sumali banjur kondur ngadhaton, dene dewi Sukesi lan Resi Wisrawa isih kari ana taman Argasuka, lenggah ing pantisari.

Kocap nalika resi Wisrawa medharake wardine sastrajendra hayuningrat marang Sang Danawaraja Ngalengka, Prabu Sumali, ing marcapada tuwuh gara-gara gora reh kagiri-giri, sumuke gara-gara tekan ing Suralaya, pindha nggonjingake Jonggringsalaka.

Bathara Guru ora kasamaran marang sabab kang njalari tuwuhe gara-gara, mulane kanthi nawung duka, Sang Bathara tumuli tedhak ing taman Argasuka, didherekake Bathari Uma. Rawuhe sang bathara bathari ing taman Argasuka ing wayah bengi, mbeneri Resi Wisrawa lagi mejang sastrajendra hayuningrat marang Dewi Sukesi. Kanthi ancas nandukake panggodha, Bathara Guru manjing ing salirane resi Wisrawa, Bathari Uma manjing ing salirane Dewi Sukesi, satemah Resi Wisrawa lan dewi Sukesi padhadene ketuwuhan panggalih kasmaran, lire : resi Wisrawa kasmaran marang Dewi Sukesi, sang dewi kandhuhan branta marang resi Wisrawa. Awit saka iku, sang resi karo sang dewi banjur padha apulang-resmi. Saparipurnane pulang-asmara, sakarone lagi rumangsa manawa kena ing cobaning jawata. Ing sabanjure nganti sawatara dina suwene, sang resi lan sang dewi tansah ana ing taman bae, pijer padha pepasihan.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s