Mahabarata, Partawiraya [27]


Dintên kaping wolulas, Salya ingkang kapilih dados senapatining wadya Kurawa. Lêlampahan ingkang botên sapintêna dangunipun punika kacariyos wontên ing Salyaparwa.

Têtindhihing wadya Pandhawa Sang Yudhisthira, campuhipun wadya Pandhawa kalihan Kurawa sakalangkung rame. Marambah-rambah Yudhisthira tinêmpuh dening mêngsahipun, nanging ingkang nêmpuh wau malah kasêsêr, amargi lajêng tinalabung saking kanan kering, wasana Yudhisthira ingkang rata sapangiridipun sampun sirna dangu, amênthang langkapipun, mantêk mantra lajêng linêpasakên, Salya kenging dhadhanipun, lajêng anggêblag dhawah ing siti.

Kajawi ingkang pinasrahan layoning senapati, sadaya taksih sami anglajêngakên prangipun, ngantos para putranipun Dritarastra kantun kalih, inggih punika Suyudana kalihan Sudarsa. Dangu-dangu kantun Duryudana piyambak, satunggal kemawon sampun botên wontên ingkang ambiyantu anggènipun prang, mila Duryudana lajêng anilar rata ingkang pangiridipun sampun pêjah, lumajêng nilar paprangan sêsingidan ing talaga, toya piniyak saking pangwasaning Masi, lajêng sêsingidan ing dhasaring toya.

Wadya pêpilihaning Kurawa ingkang wahana rata kantun tiga: Krêpa, Aswatama tuwin Kartawarma, ananging Duryudana botên wuninga bilih taksih wontên ingkang kantun, kagalih sampun sirna sadaya.

Sarêng katiganipun wau dipun cariyosi Sanjaya ing pundi pasingidanipun Sang Duryudana, dalunipun lajêng sami anusul kairit dening Sanjaya. Katiganipun atur pamrayogi supados Duryudana angêdali prang malih, nanging Suyudana botên amituruti kabêkta saking kasayahan saha katêlasan upacaraning prang. Para tuwaburu ingkang langkung sacêlakipun ngriku mirêng anggènipun sami wiraosan wau, dados mangrêtos manawi Duryudana nêdya sêsingidan ing salêbêting talaga, para tuwaburu wau lajêng ngaturi uninga dhatêng Pandhawa. Mila Pandhawa sagêd priksa ing pundi pasingidanipun Suyudana.

Yudhisthira manantang supados Duryudana mêdal saking toya, amangun prang ngrêbat kaprabonipun. Duryudana mangsuli, manawi sampun lêrêm sawatawis Duryudana sagah badhe angêdali prang malih. Nanging Pandhawa mêksa manantang, wangsulanipun Duryudana sêmu pangerang-erang, mratelakakên manawi sadaya kêkasihipun sampun sami sirna, panganggêpipun bawana sampun risak, sariranipun amung badhe lumêbêt ing wana kemawon, sarta sampun lila Yudhisthira jumênêng nata amêngku nagari ingkang sampun sonyaruri wau.

Yudhisthira gêntos angerang-erang, pratela manawi sariranipun tamtu botên kadugi nampèni nagari saking palilahing mêngsahipun, ingkang kaajab-ajab amung jarahaning prang, mila Duryudana enggal angêdalana, dados lajêng sagêd ambuka wiwaraning kanugrahanipun. Wangsulanipun Duryudana: ijèn, ora darbe rata lan jaran, tanpa kanthi, tanpa gêgaman, kapriye bisane angêtoni prang, lumawan mungsuh kang tanpa wilangan kèhe, samêkta sagêgamane, lan padha wahana rata, dadi kanggêging kasudiran mung saka kasangsaran, apa aku ijèn kuat nadhahi mungsuh kang maèwu-èwu iku. Ewadene yèn maju siji-siji aku ora bakal angunduri.

Yudhisthira sagah, manawi Duryudana sagêd amêjahi Pandhawa salah satunggal, kaprabonipun kakêkapa. Ing nalika wau Duryudana anantang salah satunggaling Pandhawa, kaajak prang gada dharat, dipun pituruti, mila Suyudana lajêng mêdal saking pasingidanipun, Yudhisthira misungsung sadaya dêdamêl ingkang prêlu badhe dipun angge dening Duryudana, sarta Bima ingkang badhe anandhingi. Para ningali sami linggih angêpang ingkang prang tandhing, Prabu Baladewa kadangipun Guwinda ingkang sêpuh piyambak rawuh, lajêng aningali satriya kêkalih anggènipun badhe amungkasi cêcongkrahanipun sadanguning dumados ing dunya.

Sarêng sampun dumugi anggènipun lêlana, amargi Balarama botên karsa tumut-tumut anggènipun Pandhawa pasulayan kalihan Kurawa. Kathah tirias ingkang dipun ampiri, Balarama mirêng cêcriyosan kathah, pasitèn ingkang kadadosakên pasabinan tuwin patêgilan dening bôngsa Kuru, ingkang lajêng kanamèkakên miturut naminipun ingkang angadani.

Balarama mratelakakên supados anggènipun sami prang tandhing wau sami wangsul dhatêng Têgal Kuru, mila lajêng sami pangkat, sadumugining Têgal Kuru wiwit bôndayuda. Rame sangêt prangipun Duryudana kalihan Bima, sami agêngipun, sami karosanipun, tuwin sami parigêlipun, mila gêntos-gêntos kalindhih. Salêbêtipun kêkalihipun wau sami gada-ginada, jangkah-jinangkah, sarta dêdêr-dinêdêr, Kesawa dhawuh supados Arjuna angèngêtakên prasêtyanipun Bima, sarana anggêbag pupunipun piyambak kang kiwa, ngantos Bima sumêrêp. Bima tanggap cipta sasmitaning kadang, nanging angêntosi sêlaning mêngsahipun, mila tansah angêsuk mêngsah kalihan amutêr gada, badhe pinupuhakên.

Duryudana milar, badhe angrênggani pangrukêtipun Wrêkudara, sinarêngan ginada, dados kenging pupunipun kiwa, rêmuk lajêng andhawah. Bima anyêlaki kalayan sangêt nêpsu amargi èngêt piawoning mêngsahipun ingkang samangke sampun tanpa daya. Duryudana dipun purih angèngêti anggènipun adamêl kawiranganipun Drupadi, Duryudana tumungkul amargi sampun botên kawawa andhangak, lajêng kaidak sirahipun dening Wrêkudara kalayan suku kiwa. Para narendra ingkang sami wontên ing ngriku ing sêmu sangêt botên sarju aningali tindakipun Bima makatên wau. Yudhisthira sangêt duka lajêng ngandika dhatêng Bima: “Wrêkudara, Duryudana iku narendra lan kadang tua, dadi ora pantês yèn sira idak sirahe”. Sarta Yudhisthira mratelakakên kadospunapa gênging karisakanipun Duryudana, mila Yudhisthira enggal marêpêki Duryudana, anglêlipur, bilih langkung prayogi sirna, tinimbang gêsang kalayan tansah dipun sot-sotakên dening para pawèstri ingkang kadang warganipun sami pêjah.

Ing nalika wau Baladewa murina, dene Bima cidra prangipun, karantên ingatasipun satriya, manawi prang gada botên kenging anggêbag sangandhaping udêl. Baladewa angundha gada badhe amupuh Bima, nanging lajêng karangkul dening Kesawa, matur angasih-asih, saha nyariyosakên prasêtyanipun Bima nalika Duryudana anjêjawat ing Dèwi Krêsna. Baladewa lilih lajêng minggah ing rata anilar Pandhawa kalayan karêrantan. Sanadyan sampun kawon, sarta kantun angêntosi pêcating jiwa, tuwin kasia-sia, ewadene Duryudana botên kêndhak kêkêndêlanipun. Nalika katêtah dening Kesawa, wangsulanipun mêksa taksih mawi pangerang-erang: ingsun wus angêlaya bumi, ingsun wus angêsorake kabèh mau, angrèh kabèh sasêgarane pisan, sapa ta kang angungkuli kabêgjaningsun? Wêkasan barêng kabèh para satriya wus angrampungake kawajibane, nuli padha sirna anèng paprangan, ingsun uga mèlu mati, sapa kang kautamane angungkuli ingsun? Kamulyan pêparinging dewa, kang ora gampang ginayuh dening ratu liyane, iku wus dak rasakake kabèh, dadi ingsun wus bisa angunggahi kamulyan kang dhuwur dhewe, sapa ta kang bisa mapaki kaluhuran ingsun?

Samêngko sarupaning wong kang dak trêsnani, dalasan kadang-kadang ingsun padha sun jak bêbarêngan marang kaswargan, hèh sira kang durung tau angrasakake kamuktèn lan kawibawan, êndi kang sira kukup iku, ora sapangarêp-arêpira, kabèh wus rusak dening kasusahan, dadi sira urip anèng ing dunya kang cilaka.

Makatên kasantosaning manahipun para satriya, nadyan sampun kasoran prangipun, amung kantun pêcatipun kemawon, tur kinêpang dening mêngsahipun ingkang sampun angasorakên prangipun, ewadene taksih makatên ucapipun. Lêrês Duryudana punika manggan, judhas, tuwin kirang wicaksana, ananging Duryudana santosa tuwin kêndêl.

Sasampunipun para Pandhawa dumugi pakuwon, Kesawa dhawuh dhatêng Arjuna, supados mandhap ambêkta gandhewa, jêmparing saha dêdamêl sanèsipun, sadaya kawêdalna, punapadene Sri Krêsna ugi lajêng mandhap saking rata. Sarêng rata sampun katilar dening Kesawa, wanara cirining daludag, lajêng musna botên katingalan, makatên ugi rata, bum, kuda pangirit saabah-abahipun lajêng sirna dados awu. Arjuna sangêt ngungun, nyuwun katrangan kadospundi dene wontên lêlampahan ingkang sakalangkung elok, wangsulanipun Sri Krêsna: “rata iki Arjuna, sajatine wus lêbur suwe, dening kèhing gêgaman kang anibani, nanging sasuwene isih sun titihi anèng paprangan, pasthi yèn ora bisa rusak, hèh pangrurahing satru, sayêktine wus dadi awu, dening panahing dewa. Sadurunge aku ninggal rata iki lan pakaryanira durung rampung, pasthi yèn isih kêna di anggo. Sampun têtela manawi Kesawa sadanguning bratayuda, punika dados mitra saha pangayomanipun Arjuna, mila winêca: ing ngêndi kang kadunungan Sri Krêsna, yaiku kang unggul pêrange.

Ing nalika wau Yudhisthira ngaturi supados Sri Krêsna dhatêng Astinapura, atur pawartos ing Dèwi Gêndari, mênggah sirnaning para putranipun. Punapa botên badhe dados runtikipun pandhita sukci ingkang lajêng anglêbur dhatêng mêngsahing para putranipun, upami ingkang atur pawartos wau sanès Sri Krêsna. Kawuningana Sri Krêsna pangkat, sadumugining Astinapura lajêng mangraup padanipun Prabu Drêtarastra sarwi karuna. Kalihan taksih sêrêt suwantênipun Sri Krêsna anggènipun ngaturakên sawarnining lêlampahan ingkang sampun dipun lampahi dening para Pandhawa salêbêtipun prang, ingkang ugi sangêt ngêrês angèngêti ingkang sami kasor prangipun. Angèngêtakên pangandikanipun Dèwi Gêndari piyambak, anggènipun angêsotakên dhatêng putranipun, mila Gêndari enggal ambirat prihatosipun, lajêng ngandika: “dhuh Kesawa, bênêr kaya ucapira, atiku brastha dening kasêdhihan, sanalika banjur kuwur, nanging barêng ingsun wus angrungu caritanira, Janardana, nuli têntrêm manèh. Lah sujanma linuwih, apa kang kudu linakonan dening narendra wuta kang anake wus padha sirna iki, yèn ora angayom marang para senapati Pandhawa lan sira”. Sarwi ngandika makatên Dèwi Gêndari lajêng anutupi pasuryanipun kalihan astanipun kalih pisan, mangkurêb ing siti sarwi karuna kalara-lara. Sri Krêsna nyuwun pamit, sarta ngaturakên pangincim-incimipun Aswatama, ingkang dalu punika nêdya anyidra para Pandhawa. Ing ngriku sang prabu tuwin pramèswari nata lajêng dhawuh dhatêng Sri Krêsna, supados tumuntên wangsul, angayomi Pandhawa. Kesawa madal pasilan, nitih rata wangsul dhatêng pakuwon Pandhawa.

Ing nalika Duryudana sampun andungkap uncat saking kawadhaganipun, galasaran ing siti, Aswatama, Krêpa, tuwin Kartawarma, dhatêng lajêng nangisi. Aswatama matur ing Prabu Duryudana ingkang sampun apêgat-pêgat napasipun, badhe lumawan Pandhawa. Duryudana dhawuh, manawi Krêpa tuwin Aswatama kadadosakên senapati, lêrês senapati ingkang sampun tanpa wadya, ananging kadadosanipun botên wontên mêngsah ingkang sagêd angrubeda. Inggih wiwahan agêng punika ingkang minôngka panutuping Salyaparwa.

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s