Mahabarata, Partawiraya [15]


BAB VII Wirathaparwa

Dupi Pandhawa sampun sayuk saeka kapti, nêdya suwita Prabu Matswa narendra ing praja Wiratha, Sang Yudhisthira andangu dhatêng para ari sami badhe amindha punapa. Manawi sariranipun amindha brahmana, sêsilih, Kangka, dene ingkang badhe kagiyarakên kawruh ing atasipun kasukan dhadhu, pangangkahipun sagêda dados nayaka bagiyan lêbêt. Aturipun Bima, badhe lumêbêt dados juru olah-olah, tuwin tukang gêlut, sêsinglonipun, Balawa. Sang Arjuna kèngêtan pangandikanipun Sang Hyang Indra tuwin sotipun Apsari Uruwasi, mila lajêng matur manawi badhe mindha warna tiyang wandu, supados sagêd nunggil kalihan para parêkanipun sang prabu, badhe anggiyarakên piwulang bêksa tuwin gêndhing saha kêkidungan, sêsinglonipun, Wrahatnala. Nangkula santun nami Grantika, badhe dados gamêl, dene Sahadewa sêsilih Tantripala, pangangkahipun badhe dados pangèn lêmbu. Nanging Dewi Krêsna pêparap Sarindri badhe dados juru andandosi para putri. Yudhisthira marêngakên sarta sampun botên nyumêlangakên Dèwi Drupadi, amargi nêmtokakên pramèswari nata Wiratha tamtu sih. Dumeya sakancanipun para brahmana kadhawuhan ambêkta latu sukci dhatêng Drupada, tuwin ratanipun dhatêng Dwarawati, dene para abdi dhatêng Pancala. Kajawi Sang Dumeya sadaya botên wontên ingkang priksa ing pundi ingkang badhe dipun dunungi dening para Pandhawa.

Para Pandhawa kalayan Dèwi Drupadi sami pangkat dhatêng Wiratha, dene dêdamêlipun, kasingidakên ing wit-witan agêng sacêlaking pasetran, wit wau lajêng kagantungan mayit, supados sampun ngantos wontên tiyang ingkang purun anyêlaki. Sasampunipun anyingidakên dêdamêl, Yudhisthira lajêng mêmuji dhatêng Bathari Durga ngatingali sarta paring nugraha dhatêng Yudhisthira, punapadene sanggêm badhe angayomi. Yudhisthira sampun antuk nugraha, mila lajêng amêndhêt dhadhunipun ingkang kadamêl saking jêne tuwin nawarêtna, lumêbêt dhatêng karaton Wiratha. Sangking bagusing suwarninipun, Prabu Madswa sakalangkung sihipun, ngantos lajêng kawisudha dados pangajênging nayaka. Bima dhatêng nyuwun dados juru olah-olah, ananging sang prabu ing galih kuwatos punapa kalênggahan punika sampun satimbang kalihan kawontênanipun, pramila lajêng katêtêpakên dados pangajênging juru rêratêngan.

Dèwi Krêsna mangangge sarwa kusut, anyêlaki kadhaton, sarêng pramèswari nata uninga, lajêng kadhawahan nimbali, dinangu pundi pinangkanipun, aturipun Drupadi badhe pados pasuwitan, awit sangking sulistiyaning warninipun Drupadi, anggènipun anampèni kados putrining narendra, botên kados dhatêng pawongan. Dhawuhipun pramèswari nata dhatêng Drupadi, sariranipun ajrih badhe nampèni pasuwitanipun, amargi sumêlang manawi sang prabu kagiwang dhatêng kamanisanipun, ingkang ing dunya tanpa sisihan punika. Ing nalika wau Drupadi sajarwa, bilih piyambakipun punika sampun semah, dene priyanipun gandarwa gangsal, ingkang tansah angayomi, mila sampun saèstu gandarwa wau botên suka manawi wontên tiyang jalêr ingkang badhe angrêsahi. Pramèswari nata Dèwi Sudasena kaparêng ngabdèkakên, sarta sangêt aningali susilaning patrapipun Drupadi, sadaya sami kasamaran, bilih sorining nata. Botên watawis dangu, Sahadewa dhatêng, mangangge cara pangèn lêmbu, matur bilih badanipun sagêd sangêt angupakara lêmbu, mila lajêng katêtêpakên dados juru rumêksa lêmbu. Wasana Arjuna marêk sarwi mangangge pawèstri, nyuwun kadadosna gurunipun putri nata Dèwi Utari, prakawis bêksa sarta têtabuhan.

Sanadyan Prabu Madswa sampun andugi, bilih kathah èmpêripun prajurit tuwin para nata tinimbang dados tiyang wandu, ewadene badhe kacobi rumiyin kasagêdanipun, mila lajêng kadhawahan lumêbêt dhatêng kaputrèn, amiwiti mulang para pawèstri. Wusana Nangkula dhatêng, matur ing nata bilih piyambakipun gadhah kasagêdan ngupakara kapal. Sang prabu kêparêng ing galih, Nangkula lajêng kadadosakên pangagênging gamêl, ing ngriku para Pandhawa amiwiti tigawêlas taunipun anggèning kakendhangakên. Taun punika anggènipun kêdah anamur, ing ngriku sakalangkung têntrêm, botên kasangsaya ing panandhang malih.

Salêbêtipun sadasa wulan para Pandhawa wontên ing karaton Wiratha angladosi sang prabu tuwin pramèswari nata, kawontênanipun kaaji-aji tuwin bêgja. Ananging sarêng ngancik angsal sawêlas wulan, godha agêng anangsaya para Pandhawa, karantên kadangipun sang prabu kang sêsilih Sang Kincaka, têtindhihing wadyabala, sangêt kayungyun dhatêng Dèwi Krêsna, sanadyan Dèwi Krêsna sampun pratela, bilih sampun karabi dening gandarwa gangsal tur sangêt trêsnanipun, ewadene adrêng badhe kagarwa. Kincaka matur dhatêng kang bakyu Dèwi Sudasena, supados Dèwi Krêsna kautusa dhatêng padalêmanipun, sêngadi kadhawahan mundhut anggur. Kados punapa pambudidayanipun Sarindri, sagêdipun wande kautus, dados botên kacêcamah dening Kincaka, murih sampun aminihi lêlampahan ingkang kirang prayogi. Ananging tanpa damêl, awit pramèswari Dèwi Sudasena, sangking anggènipun badhe adamêl bingahipun kang rayi, Sarindri saèstu kautus.

Dèwi Krêsna ing batos nyuwun pangayomanipun Bathara Surya. Sanadyan Dèwi Krêsna botên priksa, ananging sajatosipun Bathara Surya matah raksasa satunggal, anjangkunga sapurugipun Drupadi. Kincaka amapagakên kalayan sangêt lêganing panggalihipun, lajêng kadhawahan linggih. Dèwi Krêsna matur kalayan sangêt mangarah-arah, manawi dhatêngipun punika amung ngêmban timbalanipun pramèswari nata, kadhawahan mundhut anggur. Dèwi Krêsna kacêpêng tanganipun, nanging sarosa kinipatakên, inggal lumajêng wangsul, anjujug sacêlaking Yudhisthira tuwin Bima ingkang wêkdal punika pinuju wontên ngarsanipun sang prabu, Kincaka anututi kalihan sampun saputing driya. Sarindri kajambak rambutipun ngantos kalumah, lajêng dipun jêjêgi wontên ngarsanipun sang prabu. Raksasa ingkang angiringakên Dèwi Drupadi kalihan lêlimunan wau, lajêng ambanting sang Kincaka ngantos kalêngêr.

Kadospundi kawontênanipun Yudhisthira kalihan Bima, wêkdal priksa garwanipun ingkang sangêt dipun trêsnani kasiya-siya makatên wau. Tiyang lajêng sami sagêd andugi, kados punapa nêpsunipun Bima, nanging botên damêl punapa-punapa amargi mirêng panguwuhipun kang raka ingkang asrêp kadidene salju, makatên: he Balawa, apa kowe ora kêkurangan kayu kanggo urub-urub, yèn pancèn durung samêkta, mara banjur mêtua anêgor kayu. Drupadi sangking anggènipun badhe anêtêpi sêsanggêmanipun, mila kamipurun munjuk ing sang prabu, amargi anggènipun kacêcamah wontên ing ngarsanipun. Sang prabu ngandika: sariranipun botên uninga kadospundi purwaning prakawis nalika wontên ing jawi. Sang têtungguling nayaka anggènipun angluhurakên dhatêng sukcining manahipun Drupadi, langkung sangking rubedanipun Kincaka, Yudhisthira botên bibrah pangrèhipun dhatêng panggalihipun: Hèh Sarindri, aja suwe-suwe ana ing kene, nuli balia marang ngarsane gustimu, garwaning para satriya kudu kawawa nandhang prihatin, supaya migunani marang priyane, lan kudu nandhang saliring coba minôngka pisungsung marang sêsêmbahane, ing têmbe wadon mau bisa munggah ing kamulyan kang kaunggahan dening priyane.

Para gandarwa priyanira sumorot kayadene srêngenge. Pangiraku ketoke kanêpsone iku ora dianggêp dalaning kautaman, mula ora age-age anulungi ing sira. O Sarindri: apa sira ora sumurup, yèn kabèh iki ana môngsakalane dhewe, dadi gonmu nangis iki kaya lêkase para dhalang, lan anggêmpal tata têntrêming karaton, mara Sarindri: balika marang dhatulaya, gandarwa lima iku mêsthi bakal gawe lêlakon kang anyênêngake pikirira, lan dhèwèke mêsthi ambirat kasusahanira, lan êndi wong kang dosa marang sira, bakal katiwasan.

Pêdhêsing wangsulanipun Dèwi Krêsna botên kenging cinôndra ing têmbung, nanging sanadyan kados punapa awratipun linampahan, ewadene Drupadi lêstantun sêtya dhatêng sêsanggêmanipun, wangsulanipun kados ing ngandhap punika: sadaya gandarwa semah kula, sangêt sihipun dhatêng kula, ananging amargi gandarwa ingkang sêpuh piyambak punika karêm dhatêng ngabotohan, mila sadaya kailês-ilês dening tiyang.

Kalayan wicantên makatên wau, Drupadi mêdal saking pasewakan, nêdya pados pangayoman dhatêng gêdhong palênggahanipun pramèswari nata, ingkang sampun mirêng pawartos lêlampahanipun Dèwi Krêsna. Dalunipun Dèwi Krêsna ngupadosi Bima, nanging pinanggih tilêm, dipun gugah sarta dipun cariyosi lêlampahanipun, sadaya wau botên sanès amung saking kalêpatanipun Yudhisthira. Kados pundi anggènipun gêsang manawi pawèstri sabên dintên kapêksa nyumêrêpi priyanipun, ingkang sayêktosipun putraning narendra, tur sampun jumênêng nata, môngka lajêng sami nambut pakaryaning bôngsa sudra. Punapadene sariranipun piyambak, trahing awirya ingkang sampun dados sorining nata, samangke lajêng dados pawongan, kapêksa anyarup kêkonyoh, kangge angonyohi tiyang sanès, sarta kêdah lêlados kalayan angatos-atos, lajêng anêdahakên èpèk-èpèking astanipun ingkang kulitipun sakalangkung alus punika, sampun katingal kasap.

Dupi mirêng wêwaduling garwa kang sangêt dipun trêsnani, saking sangêting nêpsunipun nanging ajrih dhatêng kang raka, astanipun Bima kalih pisan katutupakên pasuryanipun kalayan nangis kalara-lara. Ananging mêksa angarih-arih dhatêng kang garwa supados mangrèh dhatêng kasêdhihanipun. Panggalihipun sangêt karêrantan, awit saking sariranipun botên karsa anandukakên wêwalês ingkang botên sarana lampah utami, ucapipun Bima: sarantèkna satêngah sasi bae, sira bakal dadi sorining nata manèh. Nanging Dèwi Krêsna lajêng angunjal napas, sarwi matur, manawi Kincaka botên pêjah, tamtu badhe angrudapaksa, upami kalampahan makatên, saèstu kula botên kadugi gêsang, pramila manawi Bima botên purun amêjahi Kincaka, enjingipun Dèwi Krêsna anggènipun rumêksa dhatêng kasukcianipun, kapêksa pados pangayoman sanèsipun, karantên priyanipun sampun botên kadugi angayomi.

Ing nalika wau Bima sagah badhe amituruti panyuwuning garwanipun, dintên benjing- enjing wanci sontên Drupadi supados amêlingna dhatêng Kincaka, badhe pêpanggihan wontên ing salêbêting capuri dhatulaya ingkang sawatawis lindhuk, ing ngriku anggènipun Bima badhe amêjahi. Kalampahan Dèwi Drupadi anglêksanani pitêdahipun, Bima lajêng anyêgat ing panggenan ingkang sampun katêmtokakên. Sarêng Kincaka anyêlaki sarwi manuara, lajêng katubruk dening Bima, kalampahan sami pôncakara. Dangu-dangu Kincaka kasoran, lajêng kajuwing-juwing. Sasampunipun Dèwi Krêsna dipun têdahakên kunarpanipun Kincaka, Bima mêdal, dene Dèwi Krêsna lajêng api-api anjêrit, sêsambat manawi semahipun gandarwa, amêjahi mêngsahipun. Pawartos pêjahipun Kincaka sumêbar, mila para kulawarganipun Kincaka lajêng sami dhatêng, angêmpalakên kunarpaning kadang, badhe kabêsmi, sarta anyêpêng Dèwi Krêsna, nêdya kabelakakên. Dèwi Krêsna anjêrit asambat-sambat, Bima mirêng lajêng mêdal saking pasingidanipun, lumajêng dhatêng papan pambasminan, sadumugining ngriku Bima ambêdhol mandira kangge gada, lajêng ngamuk, ingkang sami ngêpang kathah kang pêjah, sisaning pêjah sami lumajêng, mila Dèwi Krêsna uwal saking kasangsaranipun. Amargi saking lêlampahan makatên wau, sang prabu kraos ajrih dipun suwitani, mila Dèwi Krêsna katundhung. Dèwi Krêsna botên lênggana, namung angkatipun nyuwun sumêne tigawêlas dintên.

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s