Mahabarata, Partawiraya [14]


Karantên sampun têlas wêwangên anggènipun kakendhangakên amila para Pandhawa lajêng nêdya wangsul dhatêng wana Kamyaka. Sadhatêngipun ing Kamyaka, Sri Krêsna amapakakên, saking anggènipun badhe anyobi panggalihipun Yudhisthira, Sri Krêsna lajêng mrayogèkakên supados Yudhisthira amêpak wadyabala sagêgamaning prang. Dene ingkang minôngka senapatinipun Sang Balarama, kadangipun sêpuh Sri Krêsna, lumurug dhatêng Astina. Ananging Yudhisthira puguh, wangsulanipun: sasampunipun kalampahan kalihwêlas taun wontên ing wana, kêdah anamur warna ngantos sataun, sasampunipun punika nyuwun pitulunganipun Sri Krêsna. Manawi botên nyuwun pitulunganipun Sri Krêsna, sintên malih ingkang dipun suwuni pitulungan.

Sutaning Pandhu botên purun nyimpang saking margining kasêtyan, awit para Pritaputra saking kasaenan tuwin sukcinipun, punapadene sawadyabala saha kulawarganipun, sami ngakêni bilih amung Sri Krêsna pangayomanipun.

Nêdhêng ramenipun anggèning sami wiraosan, kasaru rawuhipun Maharsi Markandheya, para Pandhawa punapadene Sri Krêsna sami angurmati, saha lajêng angancarani lênggah. Sasampunipun tata lênggah, Sri Krêsna matur ing sang maharêsi, kaparênga amêdharakên tataning watak utami, tumrap para narendra, para pawèstri tuwin para pandhita. ing ngriku sang maharsi amêdharakên pitêdah warni-warni, nanging ingkang kula pêthik ing mriki amung saprakawis.

Yudhisthira mitêrangakên, wêwatakan kados punapa, ingkang prayogi dipun lampahi. Dhawuh wangsulanipun: anindakna kautamèn dhatêng sagunging dumados, sarta tansah mangangkaha prayoginipun sadaya wau. Ingkang sih dhatêng sagung tumitah, tuwin sampun anangsaya dhatêng sadaya wau. Sampun ngantos kirang pangatos-atos manawi ngandika, ingkang nalôngsa, ingkang santosa pamasesanipun dhatêng ardaning panggalih, punapadene sampun kêndhat anggènipun paring pangayoman dhatêng tiyang sanagari. Ngangkaha kautamèn, tuwin ambirata saliring dosa, sarta ingkang bêkti dhatêng lêluhur saha para dewa, sampun ngantos tumindak ingkang botên kanthi kawêwekan, sarta anglêbura dosa sarana angêgungakên wêlas asih. Kalisa dening ambêg adigung, ingkang andhap asor, sadaya wau wêwatakan ingkang prayogi ing atasipun panjênêngan nata. Manawi sawarnining kadunyan anangsaya, mugi ingkang santosa, manawi makatên yêkti kamulyan ingkang ginadhangakên paduka. Makatên kawontênanipun watak sae ingkang kawursita wontên ing sêrat piwulang luhur.

Tumrap para pandhita kados ing ngandhap punika: pandhita kêdah amusthi dêdamêl têtiga, sêmanggêm mêpêt pangandika, akudhung mêrang kaanam, gundhul, anyandhang klikaning kajêng utawi lulanging kewan. Têtêp dhatêng sêsanggêman, badanipun sukci, kurban latu, manggèn wontên ing wana, saras badanipun, ewadene sadaya wau sampun tanpa guna, manawi botên sukci manahipun, luhuring budi, sampun ngantos anglampahi dosa ing dalêm tindak, manah tuwin cipta, makatên wau sajatining pandhita ingkang dêrêng kasutapanipun. Dados sanès tiyang ingkang anangsaya badan, sarana angêblêng (babar pisan botên nêdha punapa-punapa) tuwin sapanunggilanipun malih. Tiyang ingkang kirang rumêsêp dhatêng kadang warganipun, punika botên sagêd kalis dening dosa, sanadyan badanipun sampun sukci, sintên ingkang manahipun wangkal têtela mêngsahing kasutapan, nadyan atapa brata, punika botên nama anyingkur kamulyan ing dunya.

Sintên ingkang tansah sukci, saha kêbak dening kautamèn, nadyan sujanma wau angêgungakên katrêsnan, inggih punika sajatining muni. Malah ngantosa tiyang wau taksih nunggil kalihan kulawarganipun, botên sagêd kalepetan dosa. Pasa tuwin subrata sanèsipun malih, punika botên dados panglêburing dosa, nadyan kados punapa anggènipun anglêlêsu anggaringakên badanipun, amargi punika amung daging tuwin rah kemawon. Sintêna tiyangipun, ingkang botên rahayu budi, amung nyênyakit sarira, sarana cêcêgah, punika lampah pamuta tuli. Angurang-ngurangi iku, sanadyan apa bae kang kinarêpake, yèn sarana sarupaning laku kang mangkono mau ora dadi jalaraning uwal saka dosa.

Sing sapa kang angsung pangan wong kaluwèn, lan sapa bae kang angadêgake omah, kanggo pamondhokaning sadhengah wong kang têka, iku ginantungan ganjaran marga saka sêsajine mau.

Kadospundi dene jêjaka Hindhu ngupaya puruhitan dhatêng agami sanès, sêrat-sêrat sukcinipun piyambak sampun angêwrat dêdongengan pintên-pintên ingkang amarah prakawis kautamèn.

Kunêng ingkang sami wiraosan saha dêdongengan, kados ta cariyos lêlampahanipun Brahmana Kusika anggènipun amulang dhatêng juru ngupaya paksi kang ambêg utami.

Gêntos ingkang winiraos, Prabu Sangkuni kalihan Karna tansah angojok-ojoki, supados Duryudana martuwi dhatêng para Pandhawa, wigatos amung ngangkah Pandhawa nyumêrêpana kamulyanipun Duryudana, ngantos èngêt dhatêng sangsaraning kawontênanipun, amrih lajêng kuwur manahipun. Saking anggènipun nêdya anilapakên sang prabu Drêtarastra, Karna mrayogèkakên, supados Duryudana pamit kang rama, badhe sêsaji dhatêng wana Dwita tilas padununganipun para Pandhawa.

Ananging Prabu Drêtarastra ugi mirêng manawi padununganipun para Pandhawa botên têbih saking ngriku, mila lajêng dhawuh supados Duryudana utusan kemawon, sampun ngantos lumampah piyambak, Sangkuni sumambung ing atur, manawi badhe botên anyêlaki padununganipun para Pandhawa, pratela api-api prasêtya botên nêdya pinanggih kalihan para sutanipun Pandhu. Mila Prabu Drêtarastra paring palilah. Duryudana lajêng bidhal, kadhèrèkakên wadyabala agêng sangkêp sagêgamaning ajurit. Samargi-margi para Kurawa tansah mangun suka, ingkang warni-warni sarananipun, sarta nacahakên wadyabalanipun, ngantos dumugi sacêlaking talaga sukci ing Dwita wana, padununganipun para Pandhawa.

Ing nalika pacalanging lampah wiwit lumêbêt ing wana, sakubênging talaga sukci wau rinêksa dening para gandarwa, margi botên kenging kaambah, awit ratuning gandarwa sampun rawuh saking anggènipun lêlana, mila wana kadhawuhan rumêksa sampun ngantos kalêbêtan tiyang mônca. Ananging Duryudana mêksa badhe anglajêngakên lampahipun, mila lajêng dados prang agêng. Para Kurawa kathah ingkang katiwasan, malah Karna ingkang kasantosanipun kadi sela karang, dangu-dangu mêksa kapalajêng. Dene Duryudana amargi botên purun oncat lajêng katawan, punapadene Dusasana sarta sanèsipun malih lajêng sami kawarôngka.

Wadyabalanipun Kurawa ingkang kapalajêng wau sami ngungsi dhatêng Pandhawa, supados dipun ayomi. Sugal wangsulanipun Bima, malah angundhat-undhat, sarta pratela manawi botên purun amitulungi. Ananging Yudhisthira lajêng dhawuh: iki dudu mangsane angêcapake wicara wêngis, sarta lajêng ngandika, sanadyan kadange iku mungsuhe garêjêgan, nanging iya kudu angluhurake wajibing kêkadangan, yèn kadange mau kamungsuh dening wong liya. Yudhisthira dhawuh supados para ari sami sawega dêdamêl, sarta lajêng pangkat angrêbat Duryudana sakadangipun ingkang sami kawarôngka.

Para gandarwa botên purun angluwari boyonganipun, mila Pandhawa lajêng narajang ing para gandarwa, têmah sami pêpêrangan ngantos ratunipun angêdali kapapagakên dening Arjuna, prang rukêt ulêng-ulêngan, nanging Citrasena lajêng angèngêtakên pamitranipun, Arjuna pitakèn, punapa sababipun têka prang kalihan Duryudana. Citrasena pratela anggènipun marôngka Duryudana punika amargi kalampahanipun dhatêng ing ngriku wau, prêlu badhe mangerang-erang dhatêng sangsaraning Pandhawa. Sakawitipun Citrasena botên nayogyani manawi boyonganipun kaaturakên Yudhisthira, nanging sarêng sampun nyariyosakên asoring cidranipun Duryudana dhatêng Pandhawa, Citrasena lajêng anglilahakên, amargi Pandhawa amung sumendhe ing pêpasthèn.

Ing nalika wau Yudhisthira tansah angasih-asih supados gandarwaraja tumuntên angluwarana dhatêng Duryudana, sasampunipun Duryudana sakadangipun linuwaran, Yudhisthira pêpèngêt dhatêng Duryudana kalayan mangarah-arah: o kakangmas, sampun anindaki pandamêl ingkang botên prayogi malih. Amargi sintêna ingkang botên prayogi pandamêlipun, punika botên sagêd manggih kabêgjan, dhuh turasing bôngsa Kuru, mugi lêstantuna nugraha sakadang warga, manawi kaparêng ing panggalih suwawi lajêng wangsula dhatêng praja, paduka botên dadak manggih sangsara nglampahi dados boyongan. Narendra kang sadu budi wau kalampahanipun pêpèngêt makatên, amung saking angèngêti, manawi Duryudana punika anunggil rah kalihan sariranipun, sarta dhumawah ing kasangsaran margi saking kalintunipun.

Duryudana kesah kalayan nawung prihatos, sapisan dene kawon anggènipun prang, kaping kalihipun angèngêti anggènipun dipun luwari. Nalika Duryudana lênggah amargi sampun tanpa karêkat, saking sangêting rudatos, Karna anyêlaki kalintu pangintênipun, Duryudana kamanah manggih unggul, mila mangalêmbana dhatêng kalangkunganipun Duryudana, dene sagêd angawonakên gandarwaraja, ingkang Karna piyambak ngantos kapêksa anguncati. Môngka sayêktosipun Duryudana kawon, milanipun Duryudana lajêng nyariyosakên kawontênaning kasusahan, pratela bilih sêdyanipun punika sampun kasumêrêpan, tuwin Yudhisthira ngluwari sariranipun, dados sariranipun wau kapotangan gêsang dening mêngsahipun, ingkang kinuya-kuya. Gêsang makatên rumaos botên kadugi anglampahi, mila pangangkahipun badhe anganyut tuwuh sarana luwe, tuwin mrayogèkakên Dusasana lajêng gumantos kalênggahanipun.

Dusasana anyungkêmi sampeyanipun ingkang raka, sarwi karuna sarta prasêtya bilih botên nêdya gumantos kaprabon, punapadene mangarih-arih supados kang raka anyandèkna karsanipun makatên wau, lêstantuna ngasta pusaraning praja, minôngka pangayomaning para kadang warga. Karna matur malih sarta mratelakakên manawi para Pandhawa botên badhe damêl punapa-punapa kajawi amung anglampahi sadhawuhing ratunipun, punapadene Sangkuni mrayogèkakên supados Duryudana rukuna kalihan Pandhawa. Saha kaparingana pusakaning tiyang sêpuhipun minôngka ganjaran. Ananging Duryudana kêkah nêdya anglampus dhiri, lênggah ing sanginggiling rumput kusa, amawas pribadinipun, angèsthi kamuksan. Gêlênganing para danawa tuwin ditya priksa bilih sirnanipun Duryudana punika badhe anyuda karosanipun, anggèning mêmêngsahan kalihan para dewa.

Mila sarana kasaktènipun ngatingali dhatêng narendra ingkang sangêt prihatos wau, sarta lajêng amambêngi karsanipun, ngaturakên kados punapa kalintunipun manawi ngantos anglampus dhiri. Para danawa tuwin ditya sagah damêl unggulipun Duryudana anggènipun mêmêngsahan kalihan Pandhawa, sarta prasêtya badhe ambiyantu misungsung wadya danawa sinêkti pintên-pintên ingkang badhe kalairakên dhatêng ing dunya pêparingipun mahiswara dhatêng piyambakipun, amêca manawi Sang Karna sagêd anyirnakakên Arjuna, dados Duryudana lajêng mangrèh bawana tanpa tanding. Pratela manawi piyambakipun punika prajuriting Asura, dene Pandhawa minôngka prajuriting dewa. Sarêng midangêt kasagahanipun para danawa tuwin ditya, Duryudana lajêng nyandèkakên anggènipun anganyut tuwuh, tuwin katêtangi kasudiranipun, enggal jumênêng anjangkêpakên dêdamêlipun, kondur dhatêng Astinapura.

Sawangsulipun saking wana, Karna lajêng lêlana andon yuda, anêlukakên pintên-pintên nagari, supados sami nungkul dhatêng Duryudana, sarta amargi saking anggènipun nêdya adamêl pamiwahaning sêsaji, inggih punika sêsaji dhatêng Wisrawa, murih lajêng sinêbut têtungguling para narendra. Ing batos nêdya adamêl rajasuya. Nanging tamtu botên kalampahan sadangunipun Yudhistira taksih gêsang. Anggènipun Karna badhe adamêl bingahipun Duryudana, lajêng prasêtya badhe acêgah daging, botên wisuh, ugi tamtu anyukakakên punapa ingkang katêdha ing tiyang, supados sagêd kalampahan anyirnakakên Arjuna.

Prasêtyanipun Karna wau awon kadadosanipun, amargi Sang Hyang Indra nêdya amitulungi Arjuna, lajêng manggihi Karna, minta kotang kadewatan, tuwin antingipun Karna. Karna nêdya anêtêpi prasêtyanipun, dados kaecalan pirantosipun ingkang dados panulaking sadaya dêdamêl.

Duryudana botên sampun-sampun anggènipun mêmêngsahan kalihan Pandhawa, ananging botên wontên piawon ingkang sêsingidan ing batosipun, mila inggih badhe kalampahan prang. Kendhangipun Pandhawa sampun andungkap dumugi wêwangênipun, Yudhistira kataman cobi agêng bab utamining panggalihipun. Ing satunggiling dintên, wontên kidang ingkang sungunipun kacangkol ing bolongan upêt tuwin pangêburan prêsan kangge damêl mêrtega, gadhahanipun satunggaling brahmana, sarta lajêng katut kabêkta lumajêng. Brahmana nyuwun pitulunganipun para Pandhawa supados pirantosipun kangge damêl sêsaji sagêd pinanggih.

Mila Pandhawa lajêng anutupi kidang wau. Ananging para Pandhawa lêpat anggenipun jêmparing, wêkasan katilapan, Pandhawa lajêng sami kèndêl pambujêngipun kalayan sakangkung sayah tuwin kasatan, Nangkula ingkang kautus Yudhistira angupaya toya, botên dangu lajêng manggih sêndhang, Nangkula botên amaèlu dhatêng suwantên ingkang ngèngêtakên supados sampun ngantos ngunjuk toyaning sêndhang wau, sadèrènge anjawab pitakènipun, nanging lajêng angunjuk kemawon, mila anêmahi palasrta.

Sarêng Nangkula dangu botên wangsul, Sahadewa kautus ngupadosi, kawontênanipun ugi kados Nangkula. Lajêng Arjuna, sasampunipun nuntên Bima, kêkalihipun inggih sami kemawon kados Nangkula tuwin Sahadewa. Kacariyos sarêng ari sakawan pisan sami botên tumuntên wangsul, Yudhistira pangkat angupadosi, botên dangu pinanggih sampun dados kunarpa sadaya. Kalayan sangêt risaking panggalih anggènipun Yudhisthira ngupaya mêngsahipun, ingkang anyirnakakên para ari sakawan, ananging sarêng Yudhisthira nêdya wijik dhatêng ing bêlik, ingkang kacariyos ing nginggil, midhangêt suwantên ingkang prtela, manawi inggih ingkang nyuwantên punika ingkang anyirnakakên kadangipun sakawan, sarta lajêng pêpèngêt kados ingkang sampun-sampun.

Yudhisthira pitakèn sarwi kagawokan, sintên ta piyambakipun wau. Ingkang nyuwantên punika paksi kran wangsulanipun, manawi piyambakipun satunggaling yaksa, sarta pêpèngêt sampun ngantos ngunjuk toyaning sêndhang sadèrèngipun Yudhithira anjawab pitakènipun. Salami-laminipun Yudhisthira sagêd mangrèh sariranipun, mila lajêng mangsuli manawi sariranipun tamtu botên kapingin dhatêng darbèking liyan, dene pitakènipun, punika badhe kajawab sapêntoging kasagêdanipun. Yaksa takèn warni-warni, jawabipun Yudhisthira pratitis sarta cêtha, wasana pun yaksa kalêgan manahipun, ingkang minôngka pituwasipun yaksa badhe anggêsangakên sadhèrèkipun Yudhisthira salah satunggal, pundi ingkang kakarsakakên. Yudhisthira milih Sang Nangkula. Ananging yaksa mrayogèkakên Arjuna utawi Bima, awit Nangkula sadhèrèk sanès ibu. Narendra kang ambêg adil wau mangsuli: manawi botên karsa angrisak kasaenan kang luhur piyambak, inggih punika anegakakên garwaning sudarmanipun ngantos kacurêsan turun, pangandikanipun: pangajêng-ajêng kula, badhe anulak lêlabêtanipun biyung kula, pramila Nangkula kemawon dipun gêsangna malih.

Ing ngriku yaksa wicantên: dhuh pêpêthinganing manungsa, amargi anggèn paduka sumingkir saking pandamêl ingkang anuwuhakên kasangsaran wau taksih langkung luhur tinimbang kabêgjan tuwin kasênêngan, mila para kadang paduka sadaya badhe sugêng malih. Para ari sakawan pisan sami wungu saking seda kalayan tanpa sangsaya. Sarêng Yudhihthira nyuwun katrangan sintên dewa ingkang mindha paksi kran wau, amargi Yudhisthira namtokakên bilih sanès yaksa. Sanalika wau badhar dados Bhatara Darma, dewaning adil, sarta lajêng paring nugraha dhatêng putranipun kang ambbêg utami. Bathara Darma sagah paring ganjaran, Yudhisthira nyuwun, supados gadahanipun brahmana ingkang ical punika kawangsulna.

Pangandikanipun Bathara Darma: kang mindha warna kidang amlayokake upêt lan pangêburan martega darbèking brahmana iku: ingsun, prêlu arêp nyoba ing sira. Sarta lajêng marêngakên Yudhisthira nyuwun sanèsipun malih, aturipun Yudhisthira: manawi sampun kalihwêlas warsa anggèn kula wontên ing wana kalayan para kadang warga, salêbêtipun sataun anggèn kula namur kalayan ngalaya dhatêng ing pundi-pundi, punika sampun ngantos wontên tiyang ingkang sumêrêp dhatêng sajatining kawontênan kula. Bathara Darma angideni panyuwunipun, sarta lajêng dhawuh supados para Pandhawa sami lajêng dhatêng praja Wiratha, sanadyan namur warna kados punapa kemawon. Sarêng sampun dumugi mangsanipun para pandhawa tuwin Dewi Krêsna, pamitan dhatêng Dumeya sarta para brahmana sanèsipun, sasampunipun binarkahan, Pandhawa mangkat dhatêng Wiratha.

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s