Mahabarata, Partawiraya [12]


Anyarêngi lêlampahan punika, Sri Krêsna manggihi Pandhawa, badhe nyariyosakên sababipun dene botên martamu dhatêng Astina anyapih ingkang sami kasukan. Dèwi Drupadi matur sêsambat dhatêng Sri Krêsna. Kula sampun botên gadhah semah, anak, mitra, sadhèrèk tuwin bapa, ugi sampun kecalan paduka, dhuh pangrurahing madu, amargi sadaya wau, punapadene paduka sami manganiyaya, têka amung kèndêl kemawon.

Sri Krêsna mangimur-imur dhatêng Dèwi Drupadi, sarta pratela bilih Dèwi Drupadi badhe dados sorining narendra malih, tur narendra ingkang mangrèh para nata. Sawarga tamtu gumêlar wontên ing dunya, imawat pêcah, jagad sumyur, punapadene sagantên asat, manawi wicantên kula makatên wau botên kalêksanan. Babolèhipun Krêsna botên dados jalaraning kasabaranipun Drupadi, amargi Dèwi Drupadi malah lajêng nyariyosakên tindakipun Yudhisthira, nadyan Yudhisthira sampun minta pangaksama mênggah kalintunipun, ewadene taksih andadra kanêpsonipun, mila Yudhisthira lajêng amêdharakên piwulang luhur bab angêgungakên pangapuntên: manawa wong diunèni kang ora prayoga dening liyan, môngka banjur animbangi muni ala, manawa dicêcamah banjur malês nyênyamah, yèn wong diukum malês ngukum, yèn bapa milara sutane, suta milara bapake, yèn wong lanang matèni bojone, utawa wong wadon matèni priyane, o Krêsna, wong mau apa bisa olèh papan kanggo laire anèng ing dunya. Awit yèn kongsi kaduman papan, pialane mêsthi banjur saya andadra, mula sanadyan kaya apa bae wong gone anyênyamah, kudu kaapura.

Amarga sing sapa kang bisa ngalahake marang kanêpsone dhewe, yaiku wong wicaksana utawa linuwih, sanadyan kang anyênyamah apadene ngilês-ilês mau wong kang dosa. Apura paramarta iku brahma, apura iku kasunyatan, apura iku kalumpukaning panggawene paratapa, apura iku rahayu, mula dunya iki lêstari marga saka apura. Gêgamane para tapa kang dianggo angêyomi lêlakon kang bakal kalakon iku apura, dene apura iku tapabrata. Para wicaksana wajib angêgungake apura, amarga manawa bisa angapura marang sadhengah, iku têkan ing Brahma.

Ananging aturipun Drupadi malah sêmu runtik, sarta botên narimah dhatêng tataning darma. Anggènipun mratelakakên asêmu wêngis, dene Widhi andamêl dolanan dhatêng titahipun amung sakajêng-kajêngipun kemawon, kados lare alit anggènipun nyolahakên utawi angrisak dêdolananipun, punapa ta pigunanipun kasaenan, manawi tiyang sae sagêd kacêmplung ing kasangsaran, nanging tiyang awon manggih kasênêngan.

Dhawuh wangsulanipun Yudhisthira alus nanging aos: sira angluhurake têtêmbungan sarta surasa kang bêcik, ananging sira iku nganggêp kalèru marang Hyang Widhi, o, pramèswarining narendra, sadhengah kang ingsun sambut, ora pisan-pisan ingsun maèlu kadadèhane, mula dak sambut, marga anêtêpi wajib. Ingsun kurban, marga wajib ingsun kurban, ingsun anglakoni kabêcikan, ora marga saka kapengin ngundhuh wohing kabêcikan, ananging mung aja kongsi nêrak pêpacaking Wedha, sarta awèh têtuladan marang sing sapa kang bêcik lan wicaksana.

Lah Drupadi, atiku bangêt korup marang kabêcikan, sapa wonge kang kapengin ngundhuh wohe kabêcikane, iku sudagar kang andagang kabêcikan, watake iku asor, sarta wong mau ora kêna kaewokake wong bêcik. Lajênging pangandikanipun: apa ora wus têtela, yèn kabêcikan iku jalaraning kamulyan, ananging kaananing kamulyane mau mung bisa kawruhan dening para wicaksana, utawa dening sing sapa kang atine wus jênjêm, trêntrêm, lan rahayu. Mula sanadyan sira uga durung bisa mêruhi marang wohing kabêcikan, mêsthine sira ora sêmang-sêmang (ngandêl) marang Brahma utawa marang para dewa. Sira kudu sêsaji kawruh, sarana sinau ngêgungake sih lan nyantosakake karêp, wis aja was sumêlang manèh, panggawe ing dunya mêsthi anguwoh, lan kabêcikan iku langgêng. Brahma pribadi ngandikakake prakara iki marang para putrane, kaya ta: kang linaksanan dening Kasyapa. Mulane yayi, muga sêmang-sêmangira sirnaa kayadene pêdhut kang katêmpuh ing angin, samôngsa sira angèlingi kabèh mau, piandêlira marang kasêtyan mêsthi banjur salin, aja angala-ala marang Widhi, iya Gustine Sagung Dumadi.

Sira angudia mêruhi ing Panjênêngane, sumungkêma ing ngarsane, aja kongsi ana kêkèrène cipta kang mangkono mau. Lan manèh Drupadi, yèn sira nglakoni sarupaning panggawe aja pisan ora nganggo angèlingi ing Gusti, kang angidèni wong mati antuk kalanggênganing urip kagawa saka kasukciane.

Ewadene Dèwi Drupadi taksih dèrèng narimah, amargi lajêng pratela, manawi kawajibaning priyanipun tamtu ngangkah wangsuling prajanipun. Bima condhong dhatêng pamanggihipun Drupadi makatên wau, sarta anêtah kathah-kathah ing kecalanipun Yudhisthira. Botên cêkap amung sae kemawon, aturipun Bima: ing atasing narendra kedah ngatingalakên karosanipun, sarta kêdah prang, Pandhawa kêdah lumawan prang, sarta angrêbat kaprabonipun malih.

Ananging Yudhisthira botên keguh dening panêtahipun Bima, dhawuh wangsulanipun: ingsun ora nêdya malês marang sira, nadyan sira anatoni ing aku sarana têtêmbungan kang landhêpe kaya sara sangkali.

Nalika Yudhisthira kasukan punika wudhar pangrèhipun dhatêng pribadinipun, mila dhumawah ing papa. Ananging Yudhisthira sampun prasêtya badhe anuhoni dhatêng karampungan ingkang katamtokakên dening anggènipun dhadhu, sanadyan sariranipun kakendhangakên punapa botên, sarta sanggêm botên badhe angrisak sêsanggêmanipun. Ing nalika wau sampun saèstu Bima lajêng kèndêl, sanadyan piyambakipun taksih wontên kajêngipun, inggih punika manawi sampun kasanggêman, Pandhawa botên kenging angingkêdi. “Aku ora bisa anyidrani sêsanggêman, amarga kabêcikan dak anggêp luwih aji tinimbang kauripan, sarta sêsanggêman iku kanugrahan kang pinangkane saka kaswargan.”

Kaprabon, anak jalêr, suwur tuwin kasugihan, sadaya punika ajinipun dèrèng satimbang kalihan bagiyaning piwulang kasunyatan ingkang kaping nêmbêlas. Nanging Bima dèrèng narimah, taksih anggêgasah supados kalampahana prang kalayan têmbung anyêrikakên manah, ngantos Yudhisthira sêrêng wangsulanipun: manawa kalakon prang, sira bakal tandhing lan Bisma, Drona, Krêpa sarta Karna, môngka sira ora mênang lan kabèh mau.

Ing ngriku Bima sawêk kèndêl anggènipun mangicuk-icuk, kalihan sakalangkung rudah ing panggalihipun. Ananging sanalika punika ugi Wiyasa rawuh, lajêng anganthi Yudhisthira misah para kadang, dhawuh supados Prabu Yudhisthira matah Arjuna angupaya dêdamêling dewa, saha amêdharakèn kawruhing para dewa, bab anandukakên dêdamêl, murih lajêng kawarahakên gêntos dhatêng Arjuna. Wasana Sang Wiyasa mrayogèkakên, salêbêtipun Arjuna botên wontên, para Pandhawa samia alêlana dhatêng ing pundi-pundi.

Sapêngkêripun kang eyang, Yudhisthira enggal animbali Arjuna, lajêng kawêjang kados ingkang sampun kawêdharakên dhatêng sariranipun, salajêngipun Arjuna nuntên kadhawuhan marêk dhatêng Kaendran, wigatos nyuwun dêdamêling dewa.

Sasampunipun pamitan dhatêng para kadang, tuwin dhatêng Dèwi Krêsna, sarta para brahmana asêsanti, ing ngriku angkatipun sang sudira panêngah Pandhawa, datanpa kanthi dhatêng parêdèn Imalaya, sarta nêdya anginggahi pucakipun ingkang agung linimput ing salju. Ing nalika lampahipun dumugi ing Indrakila, Arjuna midhangêt suwantên ingkang manguwuh supados kèndêla, sarêng katolèh katingalan, manawi ingkang manguwuh wau satunggaling pandhita, ingkang tejanipun sumorot lênggah sangandhaping mandira. Pandhita wau dhawuh supados Arjuna anilar langkapipun, awit Arjuna sampun angancik laladaning padunungan ingkang rahayu prabawanipun. Ananging Arjuna botên purun pisah dêdamêl, sanadyan ngantos marambah-rambah anggènipun angèngêtakên, dangu-dangu lajêng kabadharan dados Sang Hyang Indra, paring nugraha dhatêng Arjuna.

Arjuna amarikêlu, matur nyuwun dêdamêling dewa. Sang Hyang Indra mèsêm, botên kaparêng paring dêdamêl, amung Arjuna badhe kadunungakên wontên ing salah satunggaling padunungan minulya. Ingkang tamtu dados pangajêng-ajêngipun Arjuna.

Nugraha makatên sanès pangajêng-ajêngipun Arjuna, amargi para kadangipun taksih sami sangsara wontên ing wana. ing nalika wau Hyang Indra ngandika: manawa sira wus bisa andulu kang anetra sarta waja têtêlu, iya Sang Hyang Siwah, Gustining Sagung Dumadi, o, gèr, ingsun mêsthi banjur matêdhakake sakèh gêgaman kaswargan, mula ngangkaha bisa andulu pasuryane ratuning dewa, amarga mung sarana iku hèh atmajane Kunthi, bisane kasêmbadan pangarêp-arêpira. Sasampunipun ngandika makatên, Sang Hyang Indra musna botên katingalan, Arjuna kantun anggana lajêng nêdya ambangun tapa wontên ing ngriku.

Saèstunipun ijêngandika taksih sami botên kasupèn bilih nalika wana Kandhawa kabêsmi, Sang Hyang Indra ngatingali dhatêng Arjuna, lajêng sagah manawi badhe angganjar dêdamêl kaswargan dhatêng Arjuna, samôngsa Arjuna sampun kawasa andulu Bathara Mahadewa. Kasagahanipun Sang Hyang Indra makatên wau samangke andungkap kalampahan, ananging Arjuna kêdah sagêd anglaksanani rumiyin sêsanggêmanipun, mila Arjuna amasuh sarira, murih kalêksanan sagêd andulu ratuning dewa. Sakawit amung dhahar ron tuwin wowohan sawatawis, sabên dintên kasuda sakêdhik-sakêdhik, sarêng sampun tigang wulan, lajêng botên dhahar babar pisan. Kalêksanan Arjuna sagêd mangrèh sariranipun, botên kados tiyang ing jaman samangke, lêstantun dados boyonganing badanipun, punapadene Arjuna wuninga, manawi gêsang punika botên gumantung wontên ing têdha. Bathara Mahadewa mindha tuwaburu (Kerata) marêpêki Arjuna. Ing nalika wau Kerata priksa wontên raksasa mindha wraha badhe anubruk dhatêng sang tapa, Arjuna ngadêg lajêng amênthang langkapipun.

Kerata manguwuh supados sampun kajêmparing, amargi sumêrêpipun dhatêng wraha wau rumiyin piyambakipun, nanging pêpèngêtipun Kerata botên pinaèlu, Arjuna lajêng anglêpasakên jêmparing, ingkang sinarêngan dening Kerata. Arjuna pêpèngêt dhatêng Kerata, bilih Kerata purun anyêlaki bathanging wraha, tamtu pinêjahan, amargi Kerata anêrak anggêring tiyang bêbêdhag. Kerata mèsêm, wangsulanipun: awit piyambakipun ingkang amêjahi, mila piyambakipun sampun mirantos nêdya lumawan prang. Arjuna enggal anjêmparing dhatêng tuwa buru, nanging botên anêdhasi, Kerata mèsêm sarwi sêsumbar, supados Arjuna angêtog kadibyanipun. Arjuna angudani jêmparing, ngantos têlas jêmparingipun, ewadene datan wontên ingkang anêdhasi. Arjuna sigra angrukêt, pangangkahipun nêdya pinupuh ing gandhewa, nanging lajêng pinangkis, gandhewanipun Arjuna kaplêsat, Arjuna anarik pêdhang, ananging ugi lajêng tugêl. Saya liwung krodhanipun Arjuna, sadhengah ingkang cêlak nêdya kangge gêgaman: sela, kajêng, tuwin sanès-sanèsipun malih, dipun sawatakên, nanging Kerata botên mingkêt saking panggenanipun kalihan mèsêm, wêkasan Kerata dipun goco, lajêng winalês, goco-ginoco, sêndhal-sinêndhal, dangu-dangu lajêng rangkus-rinangkus sarta bantin-binanting, wêkasan Arjuna kajunjung kinêplèkkên ing siti ngantos kantaka.

Satanginipun saking kantaka Arjuna botên nêdya umangsah malih, ananging enggal mundur lajêng mêndhêt lêmpung kadamêl rêcanipun Hyang Mahadewa, sasampunipun dados, lajêng sinungkêman ngarsanipun, tuwin kinalungan sêkar rinonce. Nanging uncèn-uncèn sêkar wau lajêng musna, katingal kumalung ing lungayanipun Kerata. Sang Arjuna anggarjita jroning wardaya: baya iki Bathara Mahadewa, mila enggal sumungkêm ing pada, sarwi minta aksama, dene ngantos kamipurun lumawan prang, kabêkta saking kirang waspada. Hyang Mahadewa kabadharan, lajêng paring nugraha dhatêng Arjuna, punapadene Hyang Mahadewa andhawuhakên kaluhuraning pribadinipun. Satêlasing pangandikanipun Hyang Mahadewa, Arjuna winêjang mantra manawi anandukakên pasopati, dhawuhipun Hyang Siwah dhatêng Arjuna: nadyan para têtungguling dewa botên wontên ingkang wuninga dhatêng pangwasa punika. Pasopati lajêng anyêlaki Arjuna, kados nalika Sangkara antuk ganjaran dêdamêling dewa. Sasampunipun matêdhakakên gandhewa Hyang Siwah tumuntên botên katingalan.

Salêbêtipun Arjuna taksih anjêngêr kasaru rawuhipun Bathara Indra, Bathara Waruna, Bathara Kuwera, tuwin Bathara Yama, kaayap dening para dewa nayaka saandhahanipun. Bathara Yama matêdhakakên gadanipun, Bathara Waruna maringakên palu rante, Bathara Kuwera paring dêdamêl ingkang anêngsêmakên, inggih punika manawi kalêpasakên, mêngsahipun lajêng tilêm, dene Sang Hyang Indra angganjar rata titihanipun, saha dhawuh supados lajêng tinumpakan kangge minggah dhatêng kaswargan. Sarêng para dewa sampun botên katingalan, rata tumurun, Arjuna sêsuci lajêng mêmuji ing dewa, wontên pucaking Indrakila. Saparipurnaning anggènipun manêmbah, Arjuna aminggah ing rata cahya, rata mêsat anggayuh gêgana. Ing nalika wau Arjuna aningali alam ingkang sumorot, manawi katandhing kalihan kawontênan ing dunya kadi pajaring kartika. Arjuna botên kasamaran, bilih punika Sanarawati kithanipun Sang Hyang Indra. Arjuna lumêbêt ing kitha wau, kapapakakên dening para dewa lajêng angurung-urung lampahipun Arjuna. Sarêng dumugi sangajênging singangsananipun Sang Hyang Indra, Arjuna enggal anyungkêmi padanipun. Arjuna katarik dhatêng dhampar sakiwanipun Sang Hyang Indra, kaparingan palu galudhug tuwin balêdhèg, agêmipun Sang Hyang Indra, sarta kadhawahan lêrêm wontên ing swarga, tuwin puruhita dhatêng Citrasena, narendraning gandarwa, juru lêlagon tuwin gêndhing ing kaswargan, pikajêngipun kawruh bab cacah, swara, tuwin laras (Rythma).

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s