Mahabarata, Partawiraya [11]


Bab V Tiga Wêlas Taun Salêbêtipun Kakendhangakên

Kêdah sami nyumêrêpi lêlampahanipun para Pandhawa kalayan garwanipun, salêbêtipun kalih wêlas taun wontên ing wana, tuwin anggènipun anjajah ing parêdèn, sarta salêbêting warsa anggènipun dêdunung wontên ing kitha kalayan manamur. Tiga wêlas taun anggènipun anandhang cobi tuwin anggung sêmang-sêmang. Lêlampahan punika kadamêl kalih parwa, inggih punika kalih wêlas taun sadangunipun wontên ing wana kawastanan: Wanaparwa, dene cariyos lêlampahanipun ing warsa nalika anamur warna, kacariyos wontên ing Wirathaparwa. Wiratha punika asmaning narendra, ingkang nagarinipun dinunungan dening Pandhawa sadangunipun manamur.

Wanaparwa angêwrat lêlampahan pintên-pintên, punika parwa sawingkingipun Santiparwa, kawontênanipun panjang sangêt, sayêktosipun Wanaparwa pantês kapundhi-pundhi, dene panjang tuwin kaèbêkan suraos. Ing ngriku nyariyosakên dongenganipun para rêsi ingkang manggihi para Pandhawa, dongenganipun wau prayogi kangge anggulawênthah, tuwin amulang Pandhawa sadangunipun nandhang papa ing pambucalan. Tamtu tiyang ngrêtos, nanging sasêlaning pakaryanipun kêdah kawaos piyambak. Ing Wanaparwa jêngandika badhe priksa dhatêng lêlampahanipun sang tama, satunggaling awatara, inggih ratuning dewa. Sarta lêlampahanipun Sawitri, ingkang amargi saking bêkti saha juliging pambudinipun, ngantos sagêd angluwari priyanipun saking bêbaya agêng. Punika dongèng ingkang anêngsêmakên sangêt, punapadene babatipun Prabu Nala kalihan garwanipun ingkang akêkasih Dewi Damajanti, tuwin kasangsaranipun ingkang amargi anggènipun rêmên kasukan.

Dados para Pandhawa salêbêtipun wontên pambucalan angsal pitêdah pintên-pintên. Makatên ugi jêngandika inggih badhe manggih sêsêrêpan pintên-pintên, manawi jêngandika karsa mriksani lêlampahanipun para Pandhawa ingkang kawursita ing Wanaparwa wau.

Angkatipun para Pandhawa saking Astinapura, kathahing tiyang ingkang sami andhèrèkakên tanpa wicalan, awit sêdyanipun langkung prayogi andhèrèk dhatêng pambucalan tinimbang kantun wontên ing Ngastina, kaparentah dening Duryudana. Tiyang sami mungêl bilih rêmên dados kanthining kasaenan tinimbang piawon, amargi tiyang ingkang ambiyantu adil, punika sampun anglampahi pitêdahing agami, nanging sintên ingkang atut wuntat tiyang candhala, badhe suda-suda kasaenanipun.

Ucaping tiyang pintên- pintên wau: kula nêdya andhèrèk paduka, ingkang dados lantaraning gumêlaripun kautamèn. Kêkêncênganipun tiyang maèwu-èwu ingkang sami andhèrèkakên para Pandhawa kados ing ngandhap punika:

“kula mangangkah sagêdipun lastantun têtunggilan kaliyan panjênênganipun ingkang sami utami pambêkanipun, saha sampun ngantos kêmpal kalayan tiyang awon,” satunggal kalihan sanèsipun wau sampun sayuk, manawi nunggil tiyang sakit, punika sagêt katularan sakitipun. Môngka sêsakiting pambêkan langkung anggêgirisi tinimbang sêsakiting badan. Tiyang sae sorotipun sukci, nanging tiyang awon nyorotakên rêrêgêd, kalih-kalihipun wau sami anênulari.

Tiyang sarawungan, amiliha tiyang sae, langkung malih para nèm-nèman, manawi sampun saya sêpuh, watakipun sampun langkung santosa tinimbang samangke. Mila botên gampil sagêdipun katut dening pambêkanipun tiyang sanès.

Ananging Yudhisthira priksa botên prayogi manawi kalampahan nilar ratunipun, môngka lajêng andhèrèk sariranipun, mila tiyang wau sami kadhawuhan wangsul. Amung pinitungkas supados sih sarta ingkang bêkti dhatêng Bisma, Drêtarastra, Widura tuwin Dèwi Kunthi, amargi punika kawistara sami sih dhatêng Yudhisthira sakadangipun.

Bilih tiyang rinèh ing Narendra ingkang kirang prayogi, botên lêrês upami anggènipun amaluya wau, sarana andaga utawi anilar ratunipun, amargi tiyang kêdah gadhah ratu ingkang kêdah dipun ladosi, inggih ingkang katêdahakên dening karmanipun tiyang wau. Manawi ratunipun awon, tiyangipun nagari wau kêdah alampah sae, dados karisakaning nagari wau tiyang ing ngriku ingkang kawajiban amaluya, sarana sêtya tuhu. Manawi tiyangipun, amirong kampuh jingga, tiyang wau têtêp dados pangrisaking usadanipun piyambak, wêkasan tiyang sanagari punapa ratunipun lajêng kalêpatan sadaya. Manawi tiyang kalayan sêtya tuhu dhatêng kawajiban, dewa tamtu kaparêng amitulungi tiyang wau, kados lêlampahanipun Duryudana sarêng sampun dumugi mangsanipun prang akarana adil anêmahi sirna. Duryudana kawon dening ingkang sami têtêp anggènipun anglampahi wajibipun, makatèn piwulang Hindhu kina, wohing piwulang wau prayogi tumrap sintêna ingkang anglampahi, tur pikantukipun angungkuli lampah gagrag samangke ingkang awujud daga tuwin damêl rêrêsah.

Tiyang Ngastina lajêng sami mantuk, amargi saking dhawuhipun Yudhisthira. Dene para Pandhawa anglajêngakên lampahipun, urut têpining lèpèn Gangga, kadhèrèkakên dening para brahmana sawatawis, ingkang tansah angidungakên kidung sukci.

Enjingipun Yudhisthira sakalangkung prihatos, dene botên sagêd ngaturi dhaharipun para brahmana, ingkang padatanipun sadintên-dintên anggung pinisungsung dening tiyang maèwu-èwu. Amila para brahmana kaaturan anilar sariranipun, supados sampun sami nandhang sangsara jalaran kasarakat. Ewadene para brahmana botên karsa nilar, dados Yudhisthira mangkurêp ing siti sarwi karuna, sambat-sambat dènnya botên sagêd misungsung para brahmana. Brahmana nama Sunaka tansah mangimur-imur sampun ngantos Yudhisthira mrihatosakên sirnaning kasugihanipun, sarta matur prayoginipun Yudhisthira lajêng ambirata pêpènginanipun dhatêng rajabrana kadunyan. Yudhisthira mangsuli manawi botên kapengin rajadarbe ingkang badhe dipun agêm piyambak, ananging amung kangge amisungsung para brahmana, ingkang sami masrahakên sariranipun dhatêng para Pandhawa. Kadospundi anggènipun badhe sèlèh kawajibanipun angêyomi dhatêng ingkang sami mangayom. Yudhisthira angucapakên ungêling piwulang utaminipun tiyang anyunggata tamu, angsung palêrêman dhatêng tiyang ingkang kasayahan, anyêgah palinggihan dhatêng tiyang ingkang sampun dangu anggènipun ngadèg, angsung toya dhatêng tiyang kasatan, sarta angsung têdha dhatêng tiyang kaluwèn, punapadene ulat manis, manah sênêng tuwin têmbung arum, anggènipun amapagakên tamunipun.

Satêlasing pangandikanipun Yudhisthira lajêng anolèh Maharsi Dumeya sarwi matur, kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi. Dumeya matur supados Yudhisthira amêmuji dhatêng Bathara Surya, ugi anglampahi tapabrata tuwin angêningakên cipta, supados antuk sarana ruwating prihatosipun. Yudhisthira lajêng jumênêng ing lèpèn Gangga sarwi pranayama (ngrèh lampahing napas) èsthining panggalih sumungkêm ing ngayunanipun Dewa Agung, ingkang kadi gumêlar wontên salêbêting srêngenge. Batosipun manglinggamurda ing panjênênganipun, manawi satuhu ingkang andumadosakên sadaya punika. Sanalika wau dewaning srêngenge ngatingali awarni sorot mangalad-alad. Panglinggamurdanipun Yudhisthira katarimah, mila kaparingan ganjaran warni bokor têmbaga, ingkang salami-laminipun tamtu isi têtêdhan, sadèrèngipun Dèwi Krêsna ambukti têtêdhan ingkang wontên ing bokor wau.

Sasampunipun matêdhakakên nugraha, dewaning surya lajêng botên katingal. Yudhisthira inggal angratêngi dhêdhaharan sawatawis, lajêng kadèkèk ing bokor, ingkang kaasta Dèwi Krêsna, kalayan sangêt kapundhi-pundhi. Dhêdhaharan lajêng dados sakalangkung kathah, para brahmana kaaturan dhahar, lajêng para ari, sasampunipun sawêg sariranipun piyambak, sarêng sampun nutug anggènipun dhahar, Dèwi Krêsna lajêng mêndhêt sacêkapipun ingkang badhe kadhahar, ing ngriku bokor sawêg kothong. Salêbêtipun wontên ing pambucalan, ingkang sami kadhahar inggih saking bokor wau, ewadene botên nate kêkirangan. Amargi sagunging têtêdhan punika pinangkanipun inggih saking soroting pêpadhang, tuwin saking bêntèring srêngenge, sarta pakartining surya ing dalêm dunya tuwin ing dalêm uwab. Saking lampahing môngsa, wiji ngantos sagêd dados woh, dados manawi kaangkah punika kenging dipun enggalakên.

Ing mangke wiwit anata lampah-lampahipun wontên ing wana, kalayan nandhang saliring kasusahan tuwin sangsara. Botên watawis dangu Widura martuwi, pratela manawi sariranipun kasiku dening Prabu Drêtarastra, ngantos kakèndêlan saking kalênggahanipun, amargi sariranipun gadhah panyuwun, Duryudana supados kaukum, dene Pandhawa katimbalana mantuk dhatêng Astina. Widura lajêng mêling dhatêng Yudhisthira, supados angêgungna kasabaran, ngandikakakên manawi para wicaksana, tamtu kawawa amikul lêlampahan ingkang botên adil, puwara manggih kamulyan. Yudhisthira sanggêm badhe miturut sadhawuhipun kang paman. Ananging Drêtarastra lajêng piduwung dene kasêsa anggènipun midana dhatêng Widura, ingkang salami-laminipun sêtya ing kawajiban. Sang Widura ugi lajêng wangsul, sadumugining pura, matur ing raka, kalayan mangarah-arah, mratelakakên manawi para Kurawa punika kasaenanipun botên siwah kalihan Pandhawa, nanging ingkang sawêk kapêngkêr punika lajêng malik babar pisan.

Wêkdal samantên Karna anggêgasah Duryudana, supados ambêbujêng dhatêng para Pandhawa anggènipun wontên ing wana. Angkatipun para Kurawa sami dêrêng kados tiyang ingkang badhe adamêl sirnaning Pandhawa. Ananging Sang Wiyasa kang linangkung, amargi saking kawaspadanipun, wuninga dhatêng sêdyanipun Kurawa ingkang sakalangkung awon wau. Sang Wiyasa ngatingal, sarta dhawuh dhatêng para Kurawa supados sampun ngantos anglajêngakên lampahipun. Sasampunipun dhawuh makatên Sang Wiyasa lajêng pinanggih Prabu Drêtarastra, dhawuh supados sang prabu angèngêtna Duryudana, murih ambirata piawonipun wau, awit pandamêl makatên badhe adamêl asoring darajad, pangandikanipun Wiyasa: dhuh narendraning bawana, manawa sira ngangkah bisane para Kurawa lêstari urip, sutanira Duryudana purihên arêrukunan lan para Pandhawa.

Sapêngkêripun Wiyasa, wontên maharêsi malih ingkang rawuh, sêsilihipun Bagawan Mètriya, mratelakakên botên panujunipun dhatêng tindakipun sang prabu, pangandikanipun sang bagawan: awit saking tindakipun para Kurawa punika kados pratingkahing bôngsa asor, amila para ambanguntapa ngantos kalampahan pêpèngêt, makatên wau amung saking pandamêlipun Duryudana. Sasampunipun pêpèngêt makatên dhatêng sang prabu, Bagawan Mètriya anolèh Duryudana, sarwi angèngêtakên supados Duryudana sampun ngantos mêmêngsahan kalihan nak dhèrèkipun, ananging Duryudana sarosa anyablèk pupunipun piyambak kalayan gumujêng alatah-latah, sêmu angrèmèhakên dhatêng sang bagawan. Sang Mètriya lajêng angêsotakên: Duryudana sira bakal angundhuh wohing dêgsuranira, ana ing têngahing paprangan kang bakal kalakon, marga saka panggawenira dhewe, pupunira bakal dirêmuk dening gadane Bima. Drêtarastra mangasih-asih supados sang bagawan kaparêng anjabêl sotipun, sang bagawan ngandika, sot iki bisane bubrah mung yèn Duryudana rukun lan para Pandhawa. Môngka pamrayoginipun botên dipun paèlu, Duryudana sampun botên keguh dening pangowêlipun sang bagawan ingkang sakalangkung prayogi wau. Wontên malih satunggaling para tapa ingkang ngèngêtakên supados Duryudana nyimpanga saking margining piawon, ewadene mêksa botên miturut.

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s