Mahabarata, Partawiraya [10]


Dèwi Krêsna taksih lêstantun anggènipun karuna, tuwin botên wontên ingkang mitulungi. Karna mangatak ing Dusasana supados ambêkta Drupadi dhatêng pêngkêran. Dusasana wiwit anglarak malih dhatêng Drupadi, mila Drupadi nolèh manganan-ngering sarwi sêsambat. Ing nalika wau Duryudana rewa-rewa sagah dhatêng Drupadi, manawi Drupadi badhe kawangsulakên dhatêng priyanipun malih, bilih purun wicantên manawi Yudhisthira ingkang setya tuhu punika, sayêktosipun tiyang ingkang rêmên cidra. Bilih purun makatên Drupadi badhe kaluwaran saking anggènipun dados tiyang tumbasan, punapadene putranipun Hyang Darma ingkang salami-laminipun kukuh dhatêng kasaenan, ngantos kados Sang Hyang Endra, punika samangke sampun sanès gustinipun, ing nalika wau Wrêkudara ambêngok kalihan tanganipun kaobat-abitakên, ucapipun: Prabu Yudhisthira iku nyata adil, sarta sêsêmbahan kang sajati. Panjênêngane iku gustiku ing atase agama utawa kasutapanku, uga gustining uripku: manawi panjênêngane mau kaboyong, aku kabèh iya padha dadi boyongan.

Karna anyênyamah dhatêng Drupadi, sarana amurih Drupadi padosa tiyang jalêr sanèsipun, ingkang botên nyabapakên piyambakipun (Drupadi) dados tiyang tumbasan, amargi kangge totohan anggènipun ngabotohan. Saking mituhu dhatêng dhawahipun kang raka, sarta binônda dening kawajiban tuwin kasaenan, mila Bima lajêng andhingkluk sarwi angunjal napas kabêkta saking sangêt risaking manahipun, thêngêr-thêngêr kadi rêcaning tiyang nawung prihatos. Duryudana amêksa Drupadi supados tumuntên mangsuli. Sarta anggènipun nêdya adamêl murih saya sangêt risaking manahipun Bima, Duryudana nêmaha ngatingalakên anggènipun anjêjawat dhatêng Drupadi. Inggih punika cêthikipun kiwa kadhêsêkakên dhatêng lambungipun Drupadi. Kalayan sangêt nêpsu Bima wicantên sora: muga aku aja bisa angidak dalaning lêluhurku, yèn aku ora angrêmuk cêthikmu kiwa, anèng paprangan kang bakal kalakon. Punika prasêtyanipun Bima kaping kalihipun.

Wasana lajêng tinimbalan dening Prabu Drêtarastra, ingkang badhe adamêl ruwating prihatos. Sang prabu ngandika kalihan têmbung pangimur-imur, Drupadi kalihan gadhah panyuwun, punapa ingkang sang prabu sagêd, mêsthi badhe dipun parêngakên. Mila Drupadi lajêng nyuwun luwaripun Yudhisthira, murih anakipun jalêr sampun sinêbut anakipun tiyang tumbasan, sang prabu marêngakên, lajêng kadhawuhan nyuwun sanèsipun malih, Drupadi nyuwun luwaripun para kadang sak-dêdamêlipun, punika ugi kaparêng. Sarta kadhawuhan nyuwun malih, nanging Dèwi Drupadi matur manawi sampun botên gadhah panyuwunan sanèsipun, amargi luwaring priyanipun punika sampun kaanggêp kacêkap sadaya kabêtahanipun. Ingkang makatên lêrês sangêt, ngantos Karna wicantên: Drupadi iku prau kang angêmot Pandhawa marang pagisikan saka gone kêlêb ing samodraning kasangsaran.

Sasampunipun mangarih-arih dhatêng kanêpsonipun Bima, Yudhisthira lajêng manêmbah sarwi matur dhatêng Drêtarastra, cumadhong dhawuh kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi, amargi Yudhisthira kapengin lêstantun dados abdi. Dhawuhipun Drêtarastra, supados Yudhisthira inggal wangsul dhatêng prajanipun, tuwin ngasta pusaraning kaprabon malih. Aturipun Yudhisthira, amung badhe anglampahi sadhawuhipun, sarta lajêng supe dhatêng dêgsuraning tindakipun Duryudana, sanadyan sang prabu punapadene Dèwi Gandari taksih èngêt kemawon.

Ananging sarêng Pandhawa sampun kesah, Duryudana inggal umarêk ing ngarsanipun sang prabu, pratela manawi Pandhawa sangêt nêpsunipun, dados mutawatosi sangêt manawi dipun kèndêlakên kemawon. Duryudana nyuwun palilahipun sang prabu, supados marêngna dhadhu malih sapisan kemawon, pundi ingkang kawon kêdah kasingkirakên dhatêng wana salêbêtipun kalih wêlas taun. Salajêngipun nuntên manggèn ing padunungan ingkang botên kasumêrêpan ing tiyang, dene manawi ngantos kadênangan lajêng kabucal ngantos kalih wêlas taun malih. Sanadyan Dèwi Gandari matur manawi ingkang makatên badhe anjalari kasangsaranipun Duryudana, ewadene sang prabu mêksa paring palilah, saha sampun botên kengguh dening atur pamrayoginipun Druna, Widura tuwin para luhur sanès-sanèsipun, Pandhawa kapurih wangsul, lajêng katêdahakên putusaning rêmbak, mawi katêrangakên, manawi satêlasing wangênan tiga wêlas taun, pundi ingkang kabucal lajêng badhe kawangsulakên kaprabonipun. Kalihan sakalangkung ngêrês Yudhisthira anggènipun badhe dhadhu wêkasan punika, wasana inggih kawon malih.

Ing nalika wau para putranipun Pandhu inggal lukar busana kasatriyanipun, angrasuk pangagêman ingkang saking cucaling manjangan. Duryudana alatah-latah sarwi angerang-erang Drupadi, supados pados priya sanèsipun. Bima kadi singa ing Himalaya, marêpêki Duryudana kalihan pasêmon ingkang sakalangkung mangunêk-unêk, ananging botên damêl punapa-punapa, amargi Bima botên sagêd sumimpang saking kautamèn, Dusasana abêngok-bêngok, e sapi, sapi. Bima tinindhês dening raosing kanêpsonipun, kalihan atutwuri kadangipun sêpuh, anggagas wutahing rah ingkang badhe kadadosan.

Ananging Arjuna matur dhatêng kang raka kalayan alon: o: kakang mas, manawi trahing awirya tamtu raosing manahipun botên kawêdhar ing pamicara. Kawan wêlas taun saking dintên punika, panduka badhe nguningani kadospundi kawontênaning lêlampahan. Ucaping tiyang ingkang santosa punika wujud pandamêl. Salah satunggaling para ari sakawan wau wontên ingkang anêmtokakên anggèning badhe ngasorakên mêngsahipun.

Pandhawa lajêng sowan ing Prabu Dritarastra, wigatos nyuwun pamit. Nalika Yudhisthira nyuwun pangèstu badhe pangkat, aturipun cinêkak nanging nawung raos trênyuh, botên wontên ingkang sagêd mangsuli, sadaya sami kêmbêng-kêmbêng nênggak waspa. Kados punapa lingsêming panggalihipun Yudhisthira, nanging sajatosipun inggih wêkdal punika anggènipun sami lêlumban ing tirta nugraha. Yudhisthira lajêng anitipakên kang ibu dhatêng Sang Widura, kalayan matur kendhangipun punika bilih botên kalèntu lampahipun, malah kados anyêmbuh kamulyanipun, têmah badhe antuk kakiyatan, ngantos mêngsahipun botên kawawa lumawan. Wangsulanipun kang paman: hèh atmajaning Kunthi, saka pamrayogaku tumuli mangkata, o: têdhak Barata, nugraha kang bakal sira tampani, mêsthi ora ana wong kang ngarani yèn sira dosa: mula pangarêp-arêp ingsun, bisaa ingsun mêruhi balinira kanthi ora kurang sawiji apa, kalayan angrasuk makuthaning kamulyan ing dunya.

Sakalangkung rêmpu panggalihipun Kunthi kapisahipun kalihan para putra, ing batos kadi rinujid, nalikanipun badhe kapisah, nanging ugi lajêng kapêngkêr, amargi arak-arakan ingkang angêrêsakên manah punika lajêng botên katingalan.

Ingkang wontên ing ngajêng piyambak Yudhisthira, lampahipun kalayan anasabi pasuryanipun. Lajêng Bima, ingkang tansah angiling-ilingi baunipun kiwa têngên. Wingkingipun Arjuna, sarwi anyawur-nyawurakên pasir. Wingkingipun malih Sadewa, pasuryanipun dipun calerongi. Lajêng Nangkula, sariranipun sakojur binorehan ing balêduk. Wingkingipun Nangkula: Dèwi Krêsna, pasuryanipun kasasaban ing rukma, dene ing wingking piyambak Dumeya, tanganipun anggêgêm rumput kusa, kalayan gumrêmêng angucapakên mantraning Samawedha, ingkang sambêt kalihan Bathara Yama.

Prabu Drêtarastra amargi karaos sumêlang ing panggalih, mila andangu dhatêng Widura, kadospundi pikajêngipun, dene makatên solahipun Pandhawa. Aturipun Widura, Yudhisthira pambêkanipun sae, dados piyambakipun botên purun maèlu dhatêng punapa kemawon ingkang badhe kadadosan, murih piyambakipun sampun ngantos dosa ingkang awit saking kanêpson. Dene Bima mangajap tumuntênipun dumugi dintên anggènipun badhe anglêksanani pangunêk-unêking manah dhatêng mêngsahipun, sarana karosanipun. Arjuna anyawur- nyawurakên pasir, punika pasêmon anggènipun badhe angudani jêmparing wontên paprangan. Pikajêngipun Sahadewa, pangajêng-ajêngipun, sampun ngantos wontên tiyang ingkang sumêrap dhatêng lêlampahanipun salêbêtipun sangsara. Dene Nangkula, wontênipun paraupan dalah badanipun sakojur binorehan ing lêbu, punika pikajêngipun, sampun ngantos wontên katrêsnan ingkang masesa ing piyambakipun. Drupadi tansah angèngêti semahing mêngsahipun, anggèning nangisi priyanipun têmbe satêlasing wêwangên, tamtu badhe kadosdene lêlampahanipun. Nanging pun Dumeya, sampun angrumiyini angidungakên mantra pahargyaning layonipun ingkang sami badhe sirna ing madyaning palagan ingkang badhe kalampahan.

Ing wêkdal punika jagad nangisi dhatêng kasangsaran ingkang dawêk tumindak tuwin ingkang badhe kalampahan. Punapadene Bathara Naradha, katingalan kairing ing para maharêsi, lajêng ngandika: patbêlas taun saka dina iki, marga saka pialane Duryudana, para Kurawa bakal sirna kabèh dening kasêktène Arjuna lan Bima.

Sasampunipun ngandika makatèn, Bathara Naradha sapangiringipun lajêng musna sami sanalika, kados nalika rawuhipun. Sanadyan surya linimputan ing pêpêtêng, nalika angkatipun para Pandhawa dhatêng wana pambucalan, ewadene wêca kasangsaraning Kurawa katingalan cêtha ing manahipun ingkang sami mirêng.

 

 

 

2 thoughts on “Mahabarata, Partawiraya [10]”

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s