Mahabarata, Partawiraya [25]


Paprangan agêng ing dalu wau ingkang anggêgirisi piyambak, prangipun Gathutkaca kalihan Karna. Campuhipun sakalangkung rame, wusana Karna kapèpètakên dening Gathutkaca, ngantos Karna bingung dening pujan kawujudanipun Gathutkaca, mila Karna angunus sanjata Kunta pêparingipun Hyang Indra, sarta anting-antingipun pisan. Lajêng kalêpasakên, ing ngriku botên wontên kawasa ingkang sagêd adamêl cabar. Jêmparing lumêpas angênani Gathutkaca dhawah Kurawa surak mawurahan.

Sarêng Pandhawa priksa bilih Gathutkaca pêjah sami anangis, amung Kesawa surak amratandhani bingahing panggalih. Saking sangêt kagawokan mila Arjuna matur pitakèn dene wontên lêlampahan kang mokal. Kesawa pratela manawi salêbêtipun Karna taksih kanggenan jêmparingipun Hyang Indra, sagêd anyirnakakên mêngsahipun satunggal, pundi ingkang kinajêngakên, môngka samangke sampun kalêpasakên, dados Arjuna mêsthi wilujêng, sarta sagêd anyirnakakên Karna.

Sampun mêsthi jêmparing wau tansah kapundhi-pundhi dening Karna, prêlu badhe kangge mrawasa mêngsahipun ingkang tansah kaajap-ajap, malah badhe kasarêng kalayan Kesawa, ananging kasupèn ing wanci anggènipun badhe anglêpasakên. Samangke pangwasanipun sampun têlas, pangajêng-ajêng dhatêng lêstantunipun gêsang sampun sirna amargi saking pandamêlipun piyambak.

Dumugi wanci têngah dalu, para prajurit ingkang sampun sangêt sayahipun sami tilêm kalayan bôndayuda, mila Arjuna lajêng undhang angèndêlakên prangipun, ngantos rêmbulan dadari.

Paprangan wiwit malih, ramening ingkang sami bôndayuda tansah matambah- tambah, dene ingkang minôngka watêsing dintên paprangan kaping gangsal wêlas, punika campuhipun Arjuna kalihan Drona, kalihipun sami angêdalakên pangabaran warni-warni, botên wontên ingkang kasoran, lajêng sami anêmpuh sanès barisan, nanging taksih sami prang, wasana Kesawa paring dhawuh wontêna ingkang suka pawartos dhatêng Drona, manawi Aswatama kasambut ing adilaga.

Arjuna botên kadugi anglampahi, nanging Bima sigra amêjahi gajah ingkang nama Aswatama, sarwi manguwuh sora: Aswatama mati. Lêrês Aswatama pêjah nanging Aswatama gajah, sanès Aswatama putranipun Drona. Sakawit Drona sêdhih, nanging lajêng sirna, amargi andugi bilih pawartos punika cidra.

Ing nalika wau para maharêsi sami manguwuh dhatêng Sang Drona bilih sampun dumugi mangsanipun Sang Drona anilar marcapada. Sami sanalika, kapapagakên dening Drêstajumna ingkang pinasthi anguntapakên angkatipun Drona dhatêng kaswargan. Drona lajêng larut bingah ing manahipun, enggal pitakèn dhatêng Yudhisthira, ingkang sampun prasêtya bilih botên badhe cidra, sanadyan ginanjar mangrèh tri bawana.

Lêrês punapa botên pawartos pêjahipun Aswatama wau. Saking wêwêlingipun Sri Krêsna kêdah cidra, makatên cobi tumrap sihipun Yudhisthira dhatêng katêmênan. Ing têlênging batosipun Yudhisthira isi watak kirang santosa, sarta kasangêtên rêmênipun miturut dhatêng tiyang sanès, mila botên kawawa madêg saha adamêl kêkêncêngan piyambak. Ambêgipun alus, adil, momot tuwin sih, nanging ing nglêbêtipun isi watak kirang kêkêncêngan, mila tamtu wontên môngsakalanipun kalair, anjalari kuciwanipun, dados gampil sangêt dipun ewahi ing liyan. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [25]

Wayangan KSW Mesir (Video)


KSW Mesir (Kelompok Studi Walisongo) di Mesir adalah sebuah induk organisasi pelajar dan mahasiswa Indonesia yang berasal dari Jawa Tengah, DIY, dan sekitarnya. Pertunjukan ini adalah dalam rangka peringatan 25 tahun KSW Mesir dengan menampilkan Ki Dalang Jaeni melalui pagelaran wayang kreatif.

Walaupun berdurasi tidak lama namun menarik untuk dinikmati wayang kreasi baru ini. Terlihat kebersamaan dalam pertunjukan ini, dari komunitas untuk mereka sendiri.

Salut.

part-1

part-2

part-3

part-4

Mahabarata, Partawiraya [24]


Sawangsulipun Arjuna saking paprangan panggalihipun karaos sangêt botên sakeca, mila matur dhatêng Sri Krêsna supados andhawuhakên darunaning raos sêdhih ingkang nangsaya ing manahipun. Ing pakuwon katingal tidhêm, mila saya sangêt sumêlangipun, dados lampahipun karikatakên. Kados punapa kagètipun Arjuna, sarêng aningali kang raka lênggah botên ngandika sarta Abimanyu botên katingalan wontên ing ngriku.

Sami sanalika batosipun Arjuna sampun priksa kadospundi kawontênaning lêlampahan, mila lajêng pitakèn dene Abimanyu botên katingalan: kajaba Abimanyu apa ora ana kang bisa angrusak gêlar cakra, môngka aku ora marah ing dhèwèke, kapriye undure manèh sawuse manêmpuh. Apa wong Pandhawa ngatag Abimanyu anglêboni gêlar? Ananging bapa wau botên pêrlu dipun wangsuli, amung lajêng anangisi pêjahing anakipun, sambatipun: mêsthi Abimanyu nalika kinêmbulan dening Drona, Karna lan Krêpa ora anggagas, apa wong tuwaku ora angêntas aku saka têngahing bêbaya iki.

Apa wong Pandhawa utawa wong Pancala ora angayomi bocah cilik iku, apa gêgamane iku mung kanggo pasrèn bae. Wong mau banjur kapriye polahe barêng wêruh Abimanyu mati. Kajawi Krêsna kalayan Yudhisthira botên wontên ingkang purun mangsuli, amargi amung kêkalihipun wau ingkang sabên-sabên tinurut dening Arjuna. Yudhisthira ngandika kadospundi sarêng Abimanyu kadhawahan ngrisak gêlar cakra, kadospundi panêmpuhipun Abimanyu, sarta kadospundi anggènipun sagêd angayomi, nanging kapêksa kanggêg amargi saking cinêgatan dening Jayadrata.

Ing nalika wau Arjuna ambêngok: aku prasêtya, dina sesuk Jayadrata dak patèni, yèn dina sesuk, wanci surup srêngenge durung mati, aku mati lumêbu ing gêni murub. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [24]

Mahabarata, Partawiraya [23]


Bab IX Yudhisthira Dosa

Anggènipun anilar Sang Bisma ingkang ngandhêg sugêngipun, para nata kalayan sangêt karêrantan, lajêng tata-tata badhe anglajêngakên anggènipun sami amangun prang. Sintên ta ingkang gumantos dados senapatining Kurawa, sadaya para prajurit sami mandêng dhatêng ingkang botên tumut abôndayuda salêbêtipun sadasa dalu, sarta lajêng sami ambêngok, Karna, Karna. Sang Karna pancèn tansah mirantos umangsah prang, nanging badhe pamit Sang Bisma rumiyin, ingkang lajêng dhawuh supados amagut yuda, sarta Duryudana andangu pamanggihipun, sintên ingkang prayogi sumulih kasenapatènipun Bisma, punapa sariranipun, punapa sanèsipun.

Karna atur pamrayogi, supados sang prabu amiliha sujanma ingkang amarah sagung satriya ing atasipun anandukakên sawarnining dêdamêl, murih sadaya lajêng katêtangi kasudiranipun, inggih guru agêng Sang Maharsi Drona. Sadaya para nata sami jumurung mangayubagya, Drona lajêng winiwaha, têtêp dados senapati, amêngku wadyabala sadaya. Wiwit dintên paprangan kaping sawêlas, lêlampahanipun Drona anglênggahi kasenapatèn, kacariyos wontên ing Dronaparwa.

Sadèrèngipun paguting yuda, Drona ngaturakên pamanggihipun ingkang prayogi sangêt, inggih punika manawi Yudhisthira kacêpêng, môngka lajêng dipun pêjahi, kadangipun salah satunggal gêmantos, tamtu nandukakên wêwalês, nanging manawi dipun wangsulakên, para sadhèrèkipun nèm sadaya tamtu kapêksa miturut ingkang sêpuh piyambak, amung lajêng kabucal malih kemawon, kados nalika kawon anggènipun dhadhu.

Drona matur: kalampahanipun Yudhisthira kenging kacêpêng, punika manawi Arjuna kasingkirakên. Ananging sarêng Pandhawa mirêng pawartos wau, lajêng sami arêrêmbagan kadospundi sakecanipun. Arjuna prasêtya, bilih Drona mêsthi botên sagêd mikut Yudhisthira, sadangunipun Arjuna taksih gêsang, sanadyan Arjuna piyambak botên sagêd anyirnakakên gurunipun, kalayan sêdya makatên wau anggènipun lajêng sami wiwit abôndayuda. Ing golongan kêkalihipun kathah ingkang katingal kasudiranipun. Sang Abimanyu (Sumbadraputra) ingkang misuwur, taksih kaênèmên sangêt bilih tandhing prang kalayan Jayadrata, tuwin Salya. Punapadene Gathutkaca, raksasa putranipun Bima, kêkêndêlanipun anggêgirisi. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [23]

Mahabarata, Partawiraya [22]


Sontên punika Yudhisthira karuna amargi saking angèngêti kathahing rah kang wutah. Kesawa ngandika bilih badhe anyidrani prasêtyanipun, malah-malah badhe anyirnakakên Bisma, ananging Yudhisthira sangêt sih dhatêng katêmênan, botên jumurung manawi Krêsna angingkêti pangandikanipun piyambak. Punapa Sang Bisma botên sampun anyagahi badhe andhawuhakên kadospundi sarananipun sagêd sirna, manawi kula sadaya lan para kadang purun sami marêk ing panjênênganipun, dados Pandhawa kêdah marêk Sang Bisma nyuwun pamrayogi kadospundi sagêdipun unggul. Minôngka panutuping anggènipun sami lêlimbangan Yudhisthira sakalangkung ngêrês sêsambatipun. Nalika kula dalasan para ari taksih sami alit-alit, sarta lola, dipun agêngakên panjênênganipun. O Janardana, panjênênganipun punika eyang kula ingkang sampun sêpuh sangêt, punapa kula badhe nyedani sudarmaning tiyang sêpuh kula, lah punika awonipun bôngsa satriya.

Kesawa anyondhongi dhatêng pamrayoginipun Yudhisthira wau, mila sasampunipun Sri Krêsna, punapadene para Pandhawa sami sèlèh sadaya dêdamêlipun, lajêng sami pangkat, manggihi Sang Bisma, nyuwun katrangan kadospundi sagêdipun Pandhawa anyirnakakên panjênênganipun wontên ing paprangan. Manawi kalaras kalihan panampi gagrag samangke, lampahipun para Pandhawa pancèn anglêngkara sangêt. Bisma nampèni para Pandhawa kalayan rênaning panggalih, Yudhisthira matur sami mêmêla, kadospundi kalampahanipun Bisma kasoran tuwin sirna. Wangsulanipun Bisma, Pandhawa tamtu botên sagêd mênang sadangunipun Bisma taksih sugêng, ananging Pandhawa badhe dipun parêngakên lampah kadospunapa ingkang dipun kajêngakên.

Sarêng Yudhisthira mratelakakên manawi Pandhawa botên sagêd anyirnakakên panjênênganipun, kalayan ayêm Bisma anggènipun anêdahakên wadosipun bilih badhe adamêl sirnanipun. Amargi sujanma kados Sang Bisma punika amung saprakawis kajêngipun, inggih karsaning Kang Maha Luhur. Môngka Pandhawa punika ugi ngakêni bilih piyambakipun punika saking panjênênganipun wau, dados botên parlu nyumêlangakên sedyanipun. Ing antawisipun para Pandhawa, wontên satunggaling prajurit linangkung, inggih punika Srikandhi. Piyambakipun wau rumiyinipun pawèstri, môngka Sang Bisma botên kadugi mêngsah pawèstri, mila Srikandhi dipun pêpanasa ngajêngipun, ing ngriku Sang Bisma tamtu lajêng sèlèh gandhewa. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [22]