Mahabarata, Partawiraya [9]


Ingkang kasukan sami taksih lêstantun, Yudhisthira angêtohakên sadaya kêkantunaning rajabrananipun, ngantos tanpa petangan, ewadene mêksa kawon malih. Sadaya raja darbèkipun Yudhisthira, kados ta: kawulanipun, nayakanipun, tuwin kaprabonipun sampun botên wontên ingkang kantun, punapa malih gadhahanipun ingkang kenging katotohakên, môngka bêntèring tiyang kawon ngabotohan tansah angrubeda, amung supêkêting kêkadangan ingkang dèrèng risak, dados Yudhisthira dèrèng katêlasan babar pisan. Kadospundi wicantênipun ingkang kalair ing lathinipun ingkang pucêt: samêngko Si Nangkula kang linuwih karosane, sarta kêndêl, iku uga darbèkku.

Wêkasan lajêng kamirêng malih bêngokipun Sangkuni, samêngko Nangkula uga wus dadi wongku. Supêkêting pasadhèrèkan ingkang sukci punika sampun risak, botên watawis dangu ugi lajêng bibar, amargi Sahadewa lajêng katohakên, punapadene Arjuna, guruning jêmparing, sarta Bima ingkang pilih tandhing, ananging ugi kawon. Sangkuni wicantên sêmu angerang-erang, punapa taksih kagungan punapa-punapa ingkang kenging kangge totohan, ing ngriku Yudhisthira lajêng angêtohakên sariranipun, nanging ugi kawon malih. Dados sakadang warga sadaya botên amung sangêt kasarakat kemawon, ananging ugi kawirangan, amargi satriya ngantos kalampahan dados tiyang tumbasaning mêngsahipun, têtela bilih asoripun sampun tanpa upami, dhawahipun sampun botên sagêd tangi malih: punapa ta kasangsaran sanèsipun ingkang badhe dhumawah malih.

Salêbêtipun sadaya sami kèndêl, ing ngriku kamirêng suwaranipun Sangkuni ingkang sakeca kêdaling pamicaranipun. O: Prabu Yudhisthira, taksih wontên sanèsipun, ingkang dèrèng jêngandika kawonakên, inggih punika: Drupadi, putri ing Pancala, dununging katrêsnan andika, suwawi katotohna, kangge sarana luwaring jêngandika. Amargi sangking pangerang-erang, narendra ingkang santosa wau, lajêng èngêt dhatêng gênging kasangsaran, ingkang tuwuh saking kobongipun tiyang kawon ngabotohan, cipta kados punapa ingkang makarti ing dêmakipun manawi mirêng namining katrêsnanipun kaungêlakên dening tukang begal.

Krêsna (Dèwi Drupadi) dununging katrêsnan, Krêsna ingkang sihipun dhatêng sariranipun kalayan sêtya tuhu. Krêsna ingkang linangkung kawicaksananipun, kalampahan sagêd mangrèh ing salêbêting dhatulayanipun, Krêsna mêmanik ingkang dumunung ing têlênging batos, sarta ibuning sutanipun jalêr misuwur tuwin luhur bangsanipun, ngantos kalampahan dipun totohakên. Kamirêngna panglinggamurdanipun ingkang kawêdhar wontên ing lathinipun Yudhisthira katingal gumêtêr: mêsthine iya kalah manèh dening dhèwèke, ananging iku wus ora beda karo panggawene, para satriya apadene ratu, yèn umangsah prang, mêsthi kongsi sapatine.

Drupadi kangge totohan anggènipun dhadhu, panguwuhipun, dhuh têdhaking Supala, ingkang lênjang-lênjang pun Drupadi kula tohakên. Têmbung pangerang-erang kamirêng dipun ucapakên: adhuh-adhuh: têka wontên lêlampahan makatên. Sarêng Yudhisthira angêtohakên garwanipun, adamêl ebahing manahipun ingkang sami wontên ing pasamuwan, sawênèh wontên ingkang nangis, sawênèhipun ugi gumujêng. Ingkang sih dhatêng Pandhawa sami nangis, nanging ingkang sih dhatêng Kurawa sami gumujêng. Kathah para narendra ingkang sami manangis, ing ngriku lajêng kamirêng malih bêngokipun Sangkuni, suwawi kapriksanana kula mênang. Samangke sampun rampung, anggènipun kasukan bibar, Pandhawa sampun têlas-têlasan.

Ing nalika wau, Duryudana amatah Widura, sêmu mangerang-erang, supados animbali pun Drupadi kadhawahana anyaponi jarambah, murih anêtêpi anggènipun dados pawonganing Kurawa. Kalayan aris Widura anggènipun angêndhat tuwin angèngêtakên, nanging Duryudana sampun botên kengguh, taksih anglajêngakên anggènipun nyawiyah dhatêng boyongan kamênanganipun. Duryudana dhawah dhatêng satunggaling abdi, animbali Drupadi. Abdi ingkang kautus wau kadi angganing sêgawon ingkang lumêbêt ing panggenan sima galak, lêbêtipun dhatêng kamar dunungipun para Pandhawa, anyêlaki Drupadi, ing ngriku lajêng andhawuhakên dhatêng Drupadi, manawi Drupadi sampun dados parêkanipun Duryudana, amargi dipun angge totohan anggènipun Yudhisthira kasukan dhadhu, mila lajêng kadhawahan anambut pakaryaning parêkan.

Pramèswari Drupadi pitakèn kalihan sangêt kagawokan, kadospundi sababipun. Lajêng dipun wangsuli, manawi Yudhisthira sakawit anotohakên kadang-kadangipun, lajêng garwanipun. Kalihan polataning pawèstri ingkang anawung kanêpson, Drupadi anggènipun dhawah dhatêng utusan, wicantênipun: lungaa, takona marang Yudhisthira, sapa ta kang ditotohake dhisik, salirane apa aku. Sawangsulipun utusan matur, manawi Yudhisthira botên ngandika punapa-punapa, amung andhingkluk sêmu rudatos, ing nalika wau Duryudana utusan tiyang supados ambêkta Drupadi dhatêng papan pambujanan, dados lajêng sagêd nyariyosakên kajêngipun. Tiyang ingkang kautus manahipun karaos lingsêm dhatêng tindakipun Duryudana makatên wau, ewadene mêksa lumampah anêtêpi wajibing dinuta, dados piyambakipun botên rumaos dosa.

Drupadi dhawuh dhatêng utusan, supados nyuwun pamrayoginipun para pinisêpuh, kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi, amargi sariranipun mirantos badhe anglêksanani sadhawuhipun para pinisêpuh kemawon. Utusan wangsul, ngaturakên wangsulanipun Drupadi, awit Sang Yudhisthira sampun rumaos bilih Drupadi sampun dados wêwêngkonipun Duryudana, sangking anggènipun badhe anêtêpi luhuring pambêkanipun, kalayan sangêt meranging panggalih, utusan andhawahakên dhatêng Drupadi supados sampun ngantos suwala. Sarêng utusan rumaos botên kadugi mêksa dhatêng Drupadi, lajêng munjuk ing gustinipun, mugi amijia kang rayi: Sang Dusasana amêksa dhatêng Drupadi.

Dusasana pangkat anglampahi ayahaning kadangipun ingkang ambêg siya, lajêng andhawahakên dhatêng pawèstri susila wau, supados miturut lumêbêt ing pambujanan, kalayan sêmu anjêjawad. Ing nalika wau Drupadi lumajêng kalihan sakalangkung maras nêdya dhatêng kaputrèn, ananging kabujêng dening Dusasana, wêkasan kacêpêng rambutipun ingkang panjang, cêmêng mêlês angandhan-andhan, kasèrèt dhatêng antawising pasamuwan, kados punapa sangsaranipun wanita bangsaning ngaluhur ingkang botên nate kasangsaya dening prahara, tuwin botên nate pinandêng dening pasêmon ingkang botên amêrak ati, môngka kaukêl rambutipun, —ingkang dèrèng dangu mêntas kagrujug ing toya nugraha — lajêng kalarak dhatêng ngajênging pakêmpalanipun tiyang jalêr kathahipun tanpa petangan, ngantos pangagêman ingkang anasabi saliranipun ingkang gumêtêr punika kantun salêmbar. Sampun satêngah kasupèn amargi saking kacêcamah kasusilanipun, Dèwi Krêsna anjêrit kalayan sangêt runtik, dene botên wontên satriya purun mambêngi dhatêng bangsanipun ingkang sasar tindakipun, punapa sadaya sami ajrih. Wicantênipun: punapa sababipun, dalasan pêpêthinganing bôngsa Kuru têka kèndêl kemawon aningali tindak ingkang sakalangkung dêgsura punika.

Para priyanipun, inggih gustinipun, punapa botên sagêd angrêbat. Botên, amargi katangsulan dening kawajiban, sarta piyambakipun botên wênang angluwari Drupadi. Sarêng Dusasana priksa manawi Drupadi sampun tanpa sraya, malah saya sangêt anggènipun anyênyamah, ucapipun: e batur tukon, aja kakehan swara. Karna gumujêng latah-latah, punapadene Sangkuni, amargi Dusasana tuwin Duryudana, sarta Karna saha Sangkuni, sami karaos nikmat dhatêng kawiranganipun Dewi Krêsna.

Ing nalika wau Bisma ngandika alon, sarwi sangêt aprihatos, prakawis punika sariranipun botên sagêd amrantasi. Nalika Yudhisthira sampun angêtohakên sariranipun, Yudhisthira sampun botên gadhah wêwênang angêtohakên, sanadyan taksih wontên pawèstri ingkang salami-laminipun kêdah kawêngku ing priyanipun. Pangandikanipun Bisma, punika kula botên sagêd damêl putusan. Nadyan Sang Bisma kawêkèn, sintên malih ingkang sagêd ngrampungi. Dusasana lêstantun anggènipun anyênyamah, ngantos Bima ingkang amargi saking sêsambating katrêsnanipun kalampahan kalair panutuhipun.

Kasangêtên panyiksanipun Yudhisthira dhatêng Drupadi. Sanadyan sanès-sanèsipun kenging kasirnakakên, nanging kalintu sangêt ngantos Drupadi kakurbanakên. Wicantênipun Bima: dhuh prabu, amargi kangge prêlunipun Drupadi, kula ngantos nêpsu dhatêng panduka, asta panduka badhe kula bêsmi, hèh Sahadewa, anjupuka gêni.

Bêngokipun Wrêkudara ingkang kadi panggêroning singa kamirêng cêtha wontên ing pamirêngipun pasamuwan, ananging Arjuna, ingkang botên kalepetan ing rêrêgêd, ingkang satuhu kawasa mangrèh pribadinipun, lajêng amangsuli, Yudhisthira amung anêtêpi kautamèning satriya, kalampahanipun ngabotohan amargi katantang dening mêngsahipun, langkung malih punapa wênang tiyang angundhat-undhat sadhèrèkipun sêpuh. Wêkdal punika Bima mangsuli, kalayan sêrêng amargi pinêksa dening kanêpsonipun: o: Dananjaya, upama aku ora wêruh yèn kang linampahan dening sang prabu iki anêtêpi kasatriyane, mêsthi wus dakpikut banjur dakcêmplungake ing gêni murub.

Wêkdal samantên arinipun Duryudana, ingkang sêsilih Sang Wikarna, lajêng nyuwun têtimbanganipun para narendra ingkang sami wontên ing ngriku, kados pundi anggènipun amutusi dhatêng Drupadi. Sarêng para narendra botên wontên ingkang anjawab, Wikarna lajêng pratela, manawi piyambakipun anganggêp, Drupadi botên kenging kaboyong: sadaya para narendra sami surak amrawata suta, dupi midhangêt ungêlipun Wikarna makatên wau. Ananging Karna, lajêng angawon-awon dhatêng Wikarna, manawi ungêlipun wau suraos anglêpatakên sadhèrèkipun sêpuh sarta sanès-sanèsipun, punapadene Karna kêdah nglajêngakên panganiayanipun dhatêng Drupadi, amargi punika adilipun. Mila lajêng mangatak dhatêng Dusasana, supados para Pandhawa kawudanana, makatên ugi Dèwi Krêsna. Para Pandhawa dipun wudani, kakantunakên lancinganipun, sasampunipun punika, Dusasana nêdya ambucal nyampingipun Drupadi ingkang kantun salêmbar.

Amargi sampun botên wontên tiyang ingkang sagêd amitulungi, sarta sampun kasingkur dening pitulunganing manungsa, mila putrining latu kurban lajêng aminta pitulunganipun juru pangayomaning titah ingkang botên antuk pitulungan, ucapipun: dhuh Guwinda, panduka ingkang ngadhaton ing Dwaraka, lah Sri Krêsna! tuwin anyêbut asmanipun Krêsna sanès-sanèsipun malih. Sri Krêsna midhangêt dhatêng sêsambatipun Drupadi, mila sakalangkung wêlas ing galih, lajêng rawuh sami sanalika, punapadene Hyang Darma, sami alêlimunan anasabi sariranipun Drupadi kalayan pangagêman ingkang sinulam ing bênang jêne, pramila sabên dipun sêndhal, ing nglêbêtipun sampun wontên nyampingipun, dados Drupadi botên nate katingal kulitipun, sanadyan ngantos kaping pintên atus kemawon, mêksa botên têlas, wêkasan Dusasana kasayahan lajêng linggih asêmu wirang.

Bima ambêngok malih nglairakên prasêtya, sangêt adamêl mirising kathah: dhuh para satriya ing dunya, kaèstrènana prasêtya kula, bokmanawi ing nguni ugi dèrèng wontên sanèsipun ingkang prasêtya makatên, punapadene ing têmbe. Dhuh dhuh para narendra ing dunya, manawi kula botên anêtêpi prasêtya ingkang kula ucapakên samangke punika, mugi kula sampun ngantos sagêd lumampah ing margining para lêluhur kula ingkang sampun sami sawarga. Sasampunipun kula pêjahi wontên ing paprangan, pun druhaka Dusasana badhe kula suwèk dhadhanipun lajêng kula unjuk rahipun, bilih botên makatên, mugi-mugi kula sampun ngantos sagêd adêdalan ing margining lêluhur kula, amargi Dusasana anyênyamah dhatêng têdhak Barata. Prasêtyanipun wau anggêgirisi sangêt, sarta kalampahanipun ugi sangêt adamêl ngêrêsing manah.

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s