Mahabarata, Partawiraya [8]


Kalampahanipun Prabu Sangkuni ingkang julig punika matur makatên, amung saking wêlasipun dhatêng putra kapenakan, Gandara lajêng marêk ing ngarsanipun Prabu Dritarastra, angaturakên ngênêsing manahipun Duryudana. Sang prabu lajêng animbali Duryudana, pangandikanipun, supados Duryudana sampun anglajêngakên sêdyanipun ingkang kirang prayogi wau. Ananging Duryudana ingkang sangêt wangkalipun sampun botên keguh, atur wangsulanipun, bilih piyambakipun rumaos kasoran kasugihan tuwin kaluhuranipun, môngka Sangkuni mrayogèkakên, raja darbèking Pandhawa sagêdipun ngawonakên sarana ngabotohan. Prabu Drêtarastra botên sagêd angidèni panyuwunipun Duryudana, sadèrèngipun atêtarosan rumiyin kalihan Widura, mila lajêng utusan animbali kang rayi.

Aturipun Duryudana: manawi kang rama botên amarêngakên, piyambakipun badhe anganyut tuwuh, sarta lajêng pratela: manawi kula sampun pêjah, sang prabu, paduka badhe mukti kalihan paman Widura. Sarêng Widura dhatêng Prabu Dritarastra dhawuh, manawi karsanipun badhe angintunakên panantang, dene ingkang piniji kautus dhatêng Pandhawa Widura. Widura kalayan risaking manahipun nêdya pamitan dhatêng Bisma. Ing nalika punika Prabu Dritarastra angarih-arih ingkang putra malih, supados anyandèkna pikajêngipun. Nanging Duryudana puguh, matur kados punapa kasugihanipun tuwin luhuripun Pandhawa, mila piyambakipun sangêt kapengin dhatêng sadaya isèn-isèning kadhaton ingkang sakalangkung anèh punika.

Pangandikanipun kang rama: o, gèr, aja amèrèkake Pandhawa, marga sing sapa mèrèn iku salawas-lawase ora tau bêgja, lan tansah sangsara kaya wong kang kalah prang. Adhuh putraningsun, melik marang darbèking liyan iku watak asor, kosok baline: sing sapa kang narima sadarbèke dhewe, iku nugraha. Sanadyan kang rama sangêt mambêngi, amargi kagalih kirang prayogi kadadosanipun, ewadene Duryudana lêstantun kêncêng pangangkahipun, minôngka lintuning rinêbat prang, inggih punika rinêbat sarana dhadhu.

Prabu Drêtarastra pancèn kirang santosa panggalihipun, lajêng mupus, kagalih manawi pêpasthèn langkung luhur tinimbang punapa kemawon, sarta botên kenging dipun singkiri, kasupèn manawi pêpasthèn punika dumados saking pandamêling manungsa. Kalanipun tiyang taksih gadhah kêkêncêngan, tiyang wau kawasa angewahi pêpasthènipun. Widura wangsul lajêng matur: dhuh ratuning bawana, karsa paduka makatên wau, ulun botên nayogyani, sampun ngantos kalajêngakên, sumêlanging manah ulun, bokbilih adamêl asoring darajadipun bôngsa paduka. Sanadyan kados punapa botên condhongipun Widura, ewadene Widura mêksa pangkat ambêkta panantang dhatêng Pandhawa, amung saking angèngêti ingkang dhawuh punika kadangipun sêpuh tur ratunipun.

Sadumugining Kandhawaprastha, Widura sakalangkung risaking panggalih, dene kapêksa andhawuhakên dhatêng Yudhisthira manawi katimbalan kang uwa, dhatêng suyasa ingkang nêmbe kaêdêgakên, prêlu badhe kaajak kasukan dhadhu. Yudhisthira enggal matur, manawi kasukan asring dados dhakdhakaning pasulayan, wêkasan lajêng nyuwun pamrayoginipun kang paman Sang Widura, kadospundi ingkang kêdah linampahan, wangsulanipun kang paman, mênggahing kasukan dhadhu punika witing karisakan, mila kados punapa aturipun murih kaparêngipun Sang Prabu Drêtarastra makatên wau kasandèkakên, ewadene sang prabu mêksa amatah sariranipun manantang.

Pangandikanipun Widura: gèr: panêmuku kudu sira lakoni, dhuh sira kang wus ora kasamaran marang kawajibanira, ingsun iya abot bangêt anglakoni ayahan, kang prêlu manantang dhadhu, ananging angèngêti ambêk utamaning kasatriyan, ora kêna selak yèn katantang, sanadyan ingsun, pancèn ora pisan-pisan gêlêm anglakoni ngabotohan, ewadene manawa si kianat Sangkuni nantang ingsun anèng ing pasamuwan, saananing ajang mêsthi dak-ajangi, amarga kaya kang wus padha disumurupi, yèn ing atasing satriya pêrang iku angungkuli pati.

Kanthi risaking panggalih, Prabu Anèm Yudhisthira kalihan para ari tuwin garwanipun pangkat dhatêng têgal kasangsaranipun. Ing têlênging batosipun Yudhisthira isi watak rêmên ngabotohan, amung kemawon anggung pinambêngan saking sampun sagêd mangrèh dhatêng sariranipun. Para dewa ingkang anggarap murih watakipun ingkang makatên wau sirna, mila badhe paring piwulang awujud kasangsaran inggih punika wohing pandamêlipun ingkang kirang prayogi.

Sadumugining Astinapura, Yudhisthira sakadangipun kapondhokakên wontên suyasa wêwangunan enggal. Sarêng pasamuwan kaping tiganipun, ingkang sampun têtela badhe dados jalaraning karisakanipun para Pandhawa, sampun samêkta, Prabu Sangkuni ingkang julig sarta culika manawi kasukan dhadhu, manantang dhatêng Yudhisthira, ingkang wangsulanipun kapirêng ing kathah, bilih anggènipun kasukan kêdah lampah salugunipun. Ananging Sangkuni sampun tanpa wirang mangsuli, manawi anggènipun kasukan punika badhe ngangkah mênang, dados manawi Yudhisthira pancèn ajrih, inggih kenging lajêng sumingkir.

Amargi Yudhisthira sakalangkung merang mirêngakên pangerang-erang makatên wau, mila lajêng mangsuli, kalihan ngatingalakên kêkêndêlanipun. Manawi kula katantang, mêsthi kula botên badhe mundur, awit punika sêsanggêman satriya. Ananging sintên ta ingkang sagêd angimbangi piyambakipun, Duryudana anotohakên raja darbèkipun, nanging kang paman Sangkuni, ingkang kapatah nyêpêngakên anggènipun kasukan, punika botên dados sarjuning panggalihipun Yudhisthira, dene dadak mawi nyaraya tiyang sanès, ingkang makatên anêrak tatacara. Sangkuni enggal angancarani, dhuh sang winasis, punapa paduka kêparêng, dene manawi sampun mirantos, suwawi lajêng dipun wiwiti.

Ing ngriku lajêng wiwit kasukan dhadhu kalihan mawi totohan agêng, Yudhisthira notohakên sangsangan uncèn-uncèn mutyara. Sangkuni enggal anguncalakên dhadhu, wêkasan ambêngok: aku mênang. Yudhisthira angêtohakên sêsotya nawarêtna sanèsipun, ananging Sangkuni anjêlèh malih, suwawi kapriksanana, kula kang mimpang. Yudhisthira anotohakên rata kaprabon. Sangkuni ingkang cidra pambucaling dhadhunipun, bêngok malih, kula mimpang. Yudhisthira angêtohakên pawèstri tumbasan, inggih kawon malih. Lajêng notohakên rencang tumbasan jalêr, dipôngga paprangan, dalasan gajahipun èstri, rata paprangan sarakitanipun sarta prajurit. Enggalipun raja darbèkipun Pandhawa, katotohakên sadaya gêntos-gêntos ngantos têlas, ing nalika wau Widura lumêbêt ing pambujan, andhawuhakên timbalanipun Prabu Drêtrarastra, anyapih ingkang sami kasukan, amargi kasukan punika badhe angrênggangakên supêkêtanipun, adamêl kirang rukun, badhe anjalari kadadosan ingkang anggêgirisi.

Duryudana ngabotohan kalayan Pandhuputra, sarta sakalangkung bingah, dene mênang, mênangipun wau anjalari pêrang, wasananipun adamêl karisakaning tiyang kathah. Apa sira panuju yèn sira bisa angukup sakèh raja darbèking Pandhawa, luwih bêcik Pandhawa bae kalahna, awit iku luwih aji tinimbang raja darbe, sabên wong wus padha sumurup kapintêrane Suwala (Sangkuni) yèn dhadhu. Ratu pagunungan, yèn dhadhu lakune cidra, cikbène dhèwèke bali marang ing ngêndi pinangkane, aja pisan sira amiwiti pasulayan lan têdhake Pandhu. Duryudana sangêt nêpsunipun, sarta angundhat-undhat pilih kasihipun Widura, sanadyan Widura punika suwita ing bôngsa Kuru, ewadene niyat ambiyantu Pandhawa. Kalayan têmbung wêngis Duryudana anggènipun angaturi kang paman supados sumingkir, tuwin lajêng anggarapa prakawisipun piyambak.

Ucapipun Duryudana: nadyan wong wadon ala, yèn kawêngku ing priya, iya mêsthi abot marang priyane. Kalayan sakalangkung merang ing panggalih wangsulipun Widura dhatêng ngarsanipun Drêtarastra, sarwi ngaturakên botên pilih kasihipun, Sang Widura ngaturakên kadospundi nêpsunipun Duryudana. Manawi Duryudana rêmên mirêngakên têmbung pamiluta, punapadene pancèn makatên wêwatakipun, tamtu Duryudana amilih mitra tiyang ingkang asor budinipun, ing pundi-pundia tiyang awon ungêlipun mêsthi sakeca kamirêngakên. Ananging tiyang ingkang purun mungêl sayêktosipun manawi wontên prêlunipun, utawi purun mirêngakên ingkang botên sakeca kamirêngakên, punika awis sangêt.

Widura punika têtela kanthinipun sang prabu ingkang rumêksa sayêktos, mila kadugi matur kadospundi prayoginipun, sanadyan aturipun wau dados karênan utawi botên dados rênanipun sang prabu. Widura ambêgipun prayogi, mila sarêng wontên prêlunipun, Widura botên ajrih anglairakên pamrayoginipun, sanadyan aturipun wau botên sakêca kamirêngakên: dhuh susuhunaning bawana, kêparênga angunjuk toya adil, anyingkura tindak pilih kasih, malah panalôngsa, nadyan punika gêtir, pêdhês, botên eca utawi angênêk-ênêki kadosdene jampi, pukulun, amargi manawi kaparêng ngunjuk, paduka badhe manggih kautaman. Sasampunipun matur makatên, Widura lajêng andhingkluk kalayan sangêt karêrantan, kados minôngka pamitipun badhe anilar.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s