Mahabarata, Partawiraya [7]


Manawi tiyang maos Sêrat Mahabarata sabên-sabên tamtu lajêng èngêt dhatêng kasugihanipun praja Hindhu ing jaman kina, inggih punika nalika kawruh agami taksih kamanah parlu piyambak, dene prakawis kadunyan kadamêl ôngka kalih. Sarêng pamanahipun dhatêng prakawis kasuksman kêndho, Hindhu lajêng lêsu, ngantos dados boyonganipun ingkang angawonakên, wusana rajabrananipun kasumêrêpan, sarta lajêng sumêbar. Kita asring priksa griya tembok agêng tur sakalangkung sae, pinasangan candhela pintên-pintên ingkang inêbipun karêngga-rêngga ing kancana, kamar nglêbêt tinêpi ing motyara, undhak-undhakanipun katutup ing babut prangwêdani.

Ing antawisipun rajabrana agêng ingkang dipun kalêmpakakên dening Prabu Yudhisthira, botên amung sêsotya nawarêtna ingkang sakalangkung kathah kemawon, ananging ugi pintên-pintên têkên tuwin gada jêne, sabên ingkang cêpênganipun saking gadhing tinrètès ing intên jumêrut, punapadene wadhahing dêdamêl, rata paprangan, sakalangkung adi. Singêp ingkang saking rambut, pangangge ingkang saking pita tuwin sutra, prangwadani ingkang panjang sarta endah, pasarean sae-sae, ingkang dipun karodhong dening tênunan kasulam ing renda, sutra, gôndawida tuwin kajêng candhana. Tuwin malih maèwu-èwu dipôngga, kapal, kuldi, tuwin kemar samêkta dalasan kêkapa sarta palananipun.

Ing pundi-pundi tiyang priksa wêwarnèn ingkang anêngsêmakên sarta adi-adi. Botên wontên sanèsipun ingkang langkung cêtha anggènipun anêdahakên luhuring kagunan saha kawruhipun tiyang Hindhu kina, kasugihanipun ingkang tanpa petangan, sarta gêmah ripahipun, kajawi cariyos pamiwahan agêng ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata tuwin Ramayana. Tuwin malih ing ngriku ugi nyariyosakên tata raharja sarta gêmah ripahing nagari. Dipun cariyosakên pintên-pintên griya agêng panggènaning andhasarakên pintên-pintên sawarnining dêdagangan, suyasanipun para luhur ingkang rinêngga-rêngga sakalangkung asri. Nugrahaning Pangeran ingkang kapatêdhakakên inggih punika agami, bêkti, têtêping wajib, tuwin kasaenan, gunggunganipun sawarnining kasaenan pinanggih wontên ing ngriku, punapadene sagunging bôndha.

Para nata saking nagari pundi-pundi sami tumut angèstrèni sêsaji agêng wau, Nangkula kautus ngunjuki uninga ing Prabu Drêtarastra tuwin Sang Bisma dhatêng Praja Ngastina. Widura, Drona, tuwin para putranipun Prabu Drêtarastra, akanthi Karna miwah Krêpa, tuwin senapati sanès-sanèsipun, ingkang sami kacariyos ing dongèng punika ugi sami mrêtamu. Yudhisthira ngaturakên sakathahing rajabrana agêng wau dhatêng Sang Bisma tuwin Bagawan Drona, sarta para pinisêpuh, kanthi panyuwun mugi sami kaparênga paring pitêdah ingkang kêdah dipun lampahi. Sadaya kalampahan kalayan prayogi ngantos dintên wêkasaning pamiwahan, inggih punika nalika Yudhisthira badhe siniram ing tirta nugraha minôngka pratôndha têtêpipun jumênêng nata.

Sarêng Maharsi Naradha aningali sakathahing para narendra ingkang sami angêmpal ing ngriku, kalêmpakan ingkang kaping kalihipun saking pamiwahan wau, panjênênganipun kèngêtan dhatêng cacriyosan bab para dewa ingkang sami manjanma dados manungsa, tuwin Sang Narayana manjanma pribadi, punapadene anggalih manawi Narayana badhe tumuntên anyaponi para ratu pintên-pintên wau. Sang maharsi lênggah kalihan kaèbêkan raos, bilih sadaya sami ringkih, katumusan sayêktos, amargi lajêng kamirêng suwara ingkang mratandhani wiwiting pasulayan agêng. Jalaran Bisma manguwuh para nata, kaaturan argya gêntos-gêntos, urut luhur tuwin sêpuhing kaprabonipun, Yudhisthira matur: ing antawisipun para narendra punika sintên ingkang kaaturan rumiyin. Bisma anudingi Krêsna sarwi ngandika: kang pindha srêngenge ing antaraning sagung kang sumorot, mangkono uga sênêning netyane priyagung iki anèng antaraning para narendra. Mila Sahadewa lajêng angaturakên argya ing Sri Krêsna, sarta lajêng tinampèn.

Ing nalika wau Prabu Sisupala narendra ing praja Cèdhi, jumênêng sarwi anguwus-uwus dhatêng para Pandhawa, sarta nêtah mamakipun Bisma dhatêng kasusilan, mratelakakên manawi Krêsna sanès narendra, ugi sanès ingkang sêpuh piyambak, punapadene sanès guru tuwin pandhita, kapirit saking punapa kemawon, kathah ingkang luhuripun angungkuli Krêsna. Punapa ta darunanipun dene angaturi para narendra, lajêng dipun lingsêmakên sarana anganggêp luhur piyambak dhatêng tiyang sanès narendra. Sisupala mêdal saking papan pambujanan kalihan amêngku duka, katut wingking dening para nata sanès-sanèsipun. Yudhisthira anututi, ngaturi wangsul sarwi angarih-arih, ananging Bisma sarosa amambêngi: sing sapa kang ora nayogyani Kesawa iya pinituwaning jagad, kaluhurake, iku ora prêlu kaarih-arih. Dene patrap sarta wicara arum kêdah kapisungsungakên ingkang sinukci sarta samangke maujud manungsa wontên ing ngriki. Sahadewa manantang dhatêng sintêna kemawon ingkang botên anayogyani Krêsna inggih sudarma sarta guru, kaluhurakên, Nangkula wicantên: sintêna ingkang botên purun angluhurakên Krêsna, kêdah kaanggêp pêjah kemawon, sanadyan tiyang wau taksih ebah, sarta botên parlu dipun ajak rêmbagan malih.

Ingkang wontên ing pasamuwan agêng wau sami anjêngêr, Sang Bisma lajêng dhawuh dhatêng Yudhisthira ingkang sangêt sumêlang, bilih anggènipun sêsaji botên kalampahan kalayan prayogi, pangandikanipun Sang Bisma: sêgawon saèstu botên sagêd adamêl pêjahing singa. Sri Acisuta, (Krêsna) kaupamèkakên singa tilêm. Sisupala anguwus-uwus dhatêng Sang Bisma malih, sarta lajêng nêdya mrawasa, ananging kanggêg amargi dipun èngêtakên dening Bisma, bilih Sisupala sampun kawêca badhe sirna dening Sri Krêsna, awit saking sêsanggêmaning ibunipun, manawi Sisupala sampun kaping satus anggènipun adamêl kalingsêmanipun Sri Krêsna.

Ramening swaranipun ingkang sami rêbat lêrês, sampun kèndêl, wêkasan Sang Bisma pratela malih, manawi Guwinda ingkang kumêdah-kêdah kaaji-aji dening para ratu, sarta nêdha kalêstantuna patrapipun, anantang ingkang agêgaman cakra miwah jala. Punika dipun togna kemawon, jalaran pancèn mangajab enggala pêjah. Bab puniku Sang Bisma ingkang sampun uninga bilih Sisupala sampun wancinipun pêjah dening Sri Krêsna. Ing nalika wau Sisupala anantang Krêsna, ingkang lajêng amangsuli kalayan aris, manawi panyamahipun ingkang sampun tansah kaapuntên, punika anêtêpi sêsanggêmanipun dhatêng ibunipun Sisupala, samangke sampun jangkêp kaping satus, wêngis wangsulanipun Sisupala, Sri Krêsna lajêng angèsthi cakra, wêkasan katingal sampun karêgêm, katamakakên, Sisupala pagas jangganipun, dhawah kadi rêdi sela ingkang kasambêr ing gêlap.

Sapêjahipun Sisupala lajêng têntrêm malih, Sri Krêsna ingkang nata supados sêsaji kalampahan samêsthinipun, sarta Yudhisthira kajumênêngakên narendra, nuntên tinampi ing surak mawurahan dening sagung para ratu. Sabibaring pamiwahan, para narendra sami kundur dhatêng prajanipun sowang-sowang. Sri Krêsna ugi nêdya kundur dhatêng Dwaraka, nanging nalika badhe pamitan, Wiyasa dhawuh mêmêca dhatêng Yudhisthira, manawi badhe wontên lêlampahan ingkang kirang prayogi, sarta sirnanipun para satriya amargi saking anggènipun pasulayan. Yudhisthira ingkang nêmbe kajumênêngakên nata sarta manggih kamulyan wau, sirna sadaya raosipun, ingkang kantun amung raos awrating panggalih, tuwin angatos-atos, sampun ngantos angucapakên têtêmbungan ingkang kirang prayogi, supados sampun nêwahakên pasulayan, ingkang dados jalaraning prang.

Duryudana botên lajêng kundur, ngantos sawatawis dintên, amriksani suyasa iyasanipun Maya, kairing dening Sangkuni. Ngantos rambah-rambah Duryudana anggènipun kalingsêman amargi saking pangwasaning Maya. Duryudana lukar pangagêmanipun anggèning badhe langkung wontên palataran kaca, amargi katingal toya, sarta kacêmplung ing talaga kinintên kaca malih. Sirahipun kajèglug ing kontên kaca awit botên angintên bilih mawi inêp kristal, tuwin analusur kontên mênga kinintên manawi minêb.

Bima, Arjuna, tuwin Nangkula Sadewa, punapadene para kawula sami gumujêng sora, sarêng priksa Duryudana anggènipun tansah kalintu wau. Duryudana sakalangkung runtik, mila lajêng kondur kalihan meranging galih tuwin sangêt mangunêk-unêk, wêkasan ngantos kalair panggrêsahipun dhatêng kang paman Prabu Sangkuni, narendra ing Gandarapura, sarwi pratela bilih badhe anganyut tuwuh. Pamudalèhipun: manawi kula ningali luhuring kaprabon, agênging kasugihan saha mulyaning sêsajinipun, sintên ta tiyangipun ingkang botên rumaos sangsara, para putranipun Prabu Dritarastra sami amblês, ing môngka putranipun Prita sabên dintên saya andêdêl kaluhuranipun.

Prabu Sangkuni mangimur-imur, sarana nyariyosakên alusing pambudidayanipun, manawi Pandhawa botên sagêd risak sarana prang, inggih kêdah asarana cidra. Tuwin lajêng amêmêca: sutanipun Kunthi punika manahipun rêmên ngabotohan, môngka sayêktosipun pancèn botên sagêd. Mila manawi Yudhisthira katantang botohan, tamtu purunipun, kula sagêd sangêt dhatêng kasukan dhadhu. Dhuh têdhaking Kuru, ing dunya botên wontên tiyang ingkang sagêd ngawonakên kula, malah tribawana pisan, botên wontên ingkang sami kalayan kula. Pramila suwawi kadangua, punapa piyambakipun purun kaajak ngabotohan, manawi purun, tamtu kasoran dening kula, o: nak prabu, kaprabonipun Yudhisthira tamtu kula jarah katur ing paduka, wusana paduka manggih kamulyan, ananging sadaya wau kêdah munjuk kang rama sang prabu, manawi kang rama paring dhawuh dhatêng kula, sampun botên sêmang-sêmang malih, manawi sadaya raja darbèking Pandhawa têlas dening kula.

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s