Mahabarata, Partawiraya [6]


Maharêsi Naradha rawuh, ing nalika para Pandhawa priksa sang maharêsi tumêdhak, enggal sami amapagakên. Anggènipun angurmati sarana tataning kasusilan ingkang kacariyos ing ngriki, inggih punika para Pandhawa sumungkêm ing siti, lajêng tata lênggah. Ing ngriku Rêsi Naradha andangu dhatêng sêsêpuhing Pandhawa sêmu karênan, wigatos badhe anguningani punapa Prabu Yudhisthira sampun anêtêpi wajib ingkang dados jêjibahanipun. Miturut piwulang Hindhu, ratu punika jumênêngipun, ingkang anêtêpakên para dewa. Kuwajibaning nata sakalangkung awrat, sarta kêdah ananggêl sêsanggêmanipun, tumrap pakaryan ingkang botên wontên sampunipun, inggih punika angêgungakên bakti. Bilih ratunipun sae, sadaya ingkang tumrap dhatêng praja miwah têtiyanganipun saèstu prayogi. Têmbe ugi badhe mirêng pangandikanipun Sang Bisma, prakawis kawajibaning narendra. Ing ngriki Maharsi Naradha andangu prakawis punika dhatêng Yudhisthira, punapa Yudhisthira anggènipun anglampahi kawajiban dhatêng agami sampun tinêtêpan, lêrêmipun sampun samêsthining wancinipun, punapa Yudhisthira anggènipun amilih nayaka sampun pratitis, sarta ajêg pamblanjanipun dhatêng wadyabala. Punapa Yudhisthira sampun angayomi lare-lare ingkang tinilar pêjah tiyang sêpuhipun, amargi nglabêti nagari, punapadene dhatêng randhanipun, sarta punapa sampun paring pangayoman dhatêng mêngsahipun ingkang sampun nungkul.

Punapa Yudhisthira marêngakên tiyang sami marêk, dados sabên tiyang botên ajrih pinanggih, kados anak pinanggih tiyang sêpuhipun. Punapa wêdaling waragad sawawrat, sapêrtigan, utawi sapalihing pamêdal. Punapa kabêtahanipun para among tani sampun kacêkap, punapa anggènipun angwontênakên wadhuk toya tuwin talaga sampun anyêkapi kathahipun, dados among tani botên kapêksa angêntosi toya jawah. Punapa tiyang padhusunan sampun botên kêkirangan wiji miwah têdha. Punapa Yudhisthira sampun anyambuti winih, sarta aniti manawi amongtani sarta ingkang sami nangkarakên rajakaya kêdah kawarah ngantos dados amongtani saha juru nangkarakên ingkang pratitis. Tuwin punapa Yudhisthira botên nate anêrak adil, ingkang amargi saking pamêksaning watak cêthil, piawon tuwin kumaluhur. Punapa wontên pamiwahaning para narapraja ingkang sarana rêruba. Punapa Yudhisthira sampun anitipriksa bilih anggènipun angindhakakên paos punika sampun adil yêktos, punapa anggènipun paring epahan utawi bôndha dhatêng para undhagi punika botên langkah saking 4 wulan. Punapa Yudhisthira sampun angayomi prajanipun saking saliring bêbaya, punapadene ratu kawajiban dados bapakipun tiyang wuta, tiyang lempoh, tiyang bisu, tiyang lola, tuwin para ngulandara. Punapa Yudhisthira sampun anyingkiri dosa nêm prakawis, inggih punika: doyan tilêm, nganggur, jêrih, butêng, ngêsèt, tuwin tanpa kêkêncêngan.

Satêlasing pangandikanipun Maharsi Naradha, Yudhisthira lajêng manguswa padanipun risang maharêsi, sarta sanggêm badhe anêtêpi sawarnining kawajiban ingkang kapangandikakakên wau. Ing ngriku Hyang Naradha andhawuhakên prakawis pakêmpalan ing dhatulaya kaswargan.

Awit saking cariyosipun Maharsi Naradha wau, lajêng kasumêrapan manawi amung ratu satunggal sinêbut Prabu Aricandra, ingkang sagêd dêdunung ing karatonipun Sang Hyang Indra, mila Yudhisthira lajêng matur kapengin priksa lêlabêtanipun Prabu Aricandra saha kawontênanipun kang rama. Dhawuh wangsulanipun Rêsi Naradha: amargi Sri Aricandra sampun adamêl sêsaji Rajasuya, dados tampi ganjaran sagêd dêdunung ing kaswarganipun Sang Hyang Indra, mila Pandhu amêmuji mugi anakipun, Sang Yudhisthira unggula ing jagad sarta adamêla sêsaji Rajasuya, dados Sang Hyang Indra sudarmanipun, lajêng anugrahani dhatêng putranipun, puwara sagêd anggayuh padunungan minulya kados Sri Aricandra.

Pitungkasipun Pandhu kadhawuhakên dhatêng Yudhisthira dening Maharsi Naradha. Ananging Maharsi Naradha angèngêtakên awratipun ingkang sami angwontênakên Rajasuya. Sampurnaning sêsaji Rajasuya punika amung manawi ingkang angwontênakên wau nata binathara, môngka para ratu ing dunya punika kalampahanipun anungkul, amung dhatêng nata ingkang kawawa lampah adil, Yudhisthira lajêng aniti sariranipun piyambak, utawi têtarosan dhatêng ingkang sami sayogi tinaros, punapa sariranipun sagêd adamêl sêsaji Rajasuya. Kawontênaning prajanipun, punika sampun dados panitikan manawi adilipun Yudhisthira pantês jumênêng narendra. Yudhisthira salami- laminipun sangêt sih dhatêng kawulanipun, pakartinipun amung kangge kamulyaning tiyang sanagari, botên bau kapine. Panyêbutipun tiyang sanagari dhatêng panjênênganipun: Arjatasatru, pikajêngipun: botên gadhah mêngsah.

Pamêngkunipun dhatêng sadhengah kadi dhatêng kadang warga, punapadene para ari tansah rumêksa tuwin ambiyantu. Para Pandhawa sangêt suka sukur ing dewa, dene prajanipun kalis dening saliring bêbaya. Anggènipun anjagi sawarnining golonganipun tiyang sanagari katiti sayêktos, kathah jawah, mila botên kêkirangan toya, nagari gêmah aripah … sampun têtela sadangunipun Yudhisthira ngasta pusaraning kaprabon, botên wontên tiyang ngapusi, botên sumêlang bilih sakit, kabêsmèn, utawi pêjah saking racun tuwin tuju têluh sapanunggilanipun, pramila para nayaka sami rumojong dhatêng ratunipun ingkang sadu budi wau, anggènipun karsa adamêl sêsaji. Ananging panjênênganipun taksih tansah manglimbang ing batos, botên adaya-daya, lajêng kaèngêtan bilih para wicaksana botên nate kacidran, amargi sabên badhe anindaki saliring pandamêl, salami-laminipun sampun karaosakên rumiyin.

Wasana sampun têtêp karsanipun, mila lajêng ngaturakên nawala dhatêng Sri Krêsna, suraos atêtarosan, amargi priksa manawi botên wontên ingkang sayogi tinarosan kajawi Sri Krêsna. Kacariyos Sri Krêsna lajêng rawuh, kaaturan manawi badhe adamêl sêsaji Rajasuya. Ing ngriku Sri Krêsna pratela manawi wontên pambênganipun agêng, pangandikanipun Krêsna: Yudhisthira sampun pantês angwontênakên Rajasuya, ananging kalampahanipun punika bilih para raja sampun angratu dhatêng Yudhisthira, ing môngka wontên satunggaling narendra asma Prabu Jarasanda, sakalangkung kawasa, saèstu botên purun nungkul. Prabu Jarasanda gadhah pangangkah badhe damêl sêsaji tiyang satus sami narendra sadaya. Sampun wontên ratu wolungdasa nêm ingkang tinawan lajêng kawarôngka, dados jangkêpipun satus amung kirang kawanwêlas. Pangandikanipun Sri Krêsna: amila sintêna ingkang sagêd angalang-alangi piawonipun Jarasanda, suwuripun tamtu kawursita wontên ing manahipun tiyang sajagad, Sri Krêsna mrayogèkakên lajêng sami anglurugi Prabu Jarasanda.

Sasampunipun wiraosan, pinanggihipun anggèning anglurugi Prabu Jarasanda kêdah botên ambêkta wadyabala, amargi wadyanipun Jarasanda sakalangkung agêng. Langkung prayogi Bima kalihan Arjuna kairit dening Sri Krêsna piyambak. Sri Krêsna mratelakakên karosanipun Bima tuwin kasêktènipun Arjuna. Ananging Yudhisthira botên anayogyani, margi angèngêti agênging bêbaya ingkang badhe sami dipun panggih, Sri Krêsna matur: manawi paduka anguningani manah kula, paduka pitados dhatêng kula, minôngka tandhaning pitados paduka wau maringna Bima tuwin Arjuna kalayan sampun maras ing panggalih.

Yudhisthira matur sarwi ngrarêpa, manawi tamtu miturut dhatêng Krêsna, aturipun: Arjuna tuwin Bima ingkang badhe andhèrèkakên paduka, ratuning bôngsa Yadawa. Têtela kasaenan, rajabrana tuwin kakiyatan ingkang adamêl kasêmbadaning sêdya. Katiganipun sami anamur panganggenipun sanataka brahmana, lajêng pangkat dhatêng Magada, kithanipun Prabu Jarasanda. Ananging bedanipun kalihan lampah-lampahing brahmana, sarêng sampun cêlak kalihan kitha Manggada, katiganipun wau lajêng angrisak rêdi sela pêpundhènipun tiyang sanagari. Lumêbêt ing kitha mêdal kontên bêbutulan, sadumigining kitha lajêng angrêbat uncèn-uncèn sêkar sarta pangangge lajêng sami dipun agêm. Sadumugining dhatulaya, katiganipun kawuningan ing Sang Prabu Jarasanda, enggal amapagakên kadi satataning katamuan brahmana. Ananging sang mindha brahmana botên karsa nampèni bêktinipun Jarasanda, Kesawa pratela, sang prabu kaparênga nampèni sasampunipun têngah dalu.

Sarêng sampun dumugining môngsa ingkang sampun katamtokakên sang prabu manggihi, lajêng pitakèn, punapa darunanipun dene sang brahmana sami beda kalihan kalimrahanipun. Snataka brahmana botên nate angrarêngga sarira kalihan uncèn-uncèn sêkar, sarta botên akêkonyoh gônda wida, tuwin angrêrisak, lêbêtipun ing kitha mawi gôragodha. Sri Krêsna mangsuli: manawi para satriya sarta para wisiya, tamtu priksa yêktos dhatêng sêsanggêmanipun para snataka brahmana, katampi kados brahmana, dene sêkar punika atêgês kamulyan. Lêbêtipun dhatêng padununganing mêngsahipun, mêdal ing kontên bêbutulan, tuwin anggènipun lumêbêt ing griyaning mêngsahipun badhe nglaksanani punapa ingkang dipun êmbani. Mila kula sadaya botên purun nampèni pahargyan. Prabu Jarasanda sakalangkung ngungun, lajêng pitakèn: punapa sababipun têka sami nêmaha anyênyamah ing sariranipun. Wangsulanipun Sri Krêsna, amargi sariranipun priksa dhatêng sêdyanipun Prabu Jarasanda, anggènipun badhe sêsaji manungsa dhatêng Rudra. Dados dhatêngipun wau nêdya amambêngi pandamêl awon.

Sri Krêsna mrasajakakên asmanipun tuwin namaning kanthinipun, wasana manantang: hèh Narendra Manggada, ingsun takon marang sira, apa prang apa sira angluwari para narendra kang padha sira warôngka nêdya sira angkatake marang kaprabone Hyang Yama. Sang Prabu Jarasanda, nêdya lumawan, amung prajanji manawi kasoran putranipun kagêntosna, sarta ingkang kapilih dados tandhingipun: Bima.

Kawanwêlas dintên anggènipun prang tandhing, wêkasan Bima priksa manawi mêngsahipun sampun loyo, mila lajêng cinêpêng kaobat- abitakên lajêng kakêplèkakên ing pupu. Sapêjahipun Jarasanda, Krêsna angluwari para narendra saking pawarangkan, nitih ratanipun Prabu Jarasanda kalihan Bima tuwin Arjuna. Para ratu ingkang sami dipun luwari punapadene putranipun Prabu Jarasanda, sami nungkul dhatêng Prabu Yudhisthira. Salajêngipun Sri Krêsna kalihan ari kêkalih kondur kalayan suka amarwata suta.

Para Pandhawa sakawan lajêng sami angirit wadyabala pangkat angêlar jajahan, Arjuna mêngalèr, Bima mangidul, Nangkula mangilèn, dene Sadewa mangetan. Ing pundi-pundi lajêng sami nungkul dhatêng Yudhisthira. Samangke Pandhawa sampun wiyar jajahanipun, sadaya ingkang linampahan dening para ari, punika tumrap kadangipun sêpuh. Sadaya ingkang sampun katêlukakên sami kaaturakên, sadaya jarahanipun ugi kaaturakên kang raka, mila Prabu Yudhisthira lajêng sagêd angwontênakên sêsaji Rajasuya.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s