Mahabarata, Partawiraya [3]


Mahabarata Jilid 2

Satunggaling dintên Prabu Pandhu kasupèn dhatêng soting kidang, angungrum garwa panênggak badhe pinondhong, dêrênging karsanipun botên kenging dipun sayuti, katêmahan lajêng seda. Dèwi Madri kalara-lara anangisi ing sacêlaking layon, Kunthi enggal marêpêki. Garwa kêkalih lajêng rêbatan badhe ngatingalakên kasêtyanipun, labuh palastra tumuntur ing priyanipun, wêkasanipun Madri ingkang mênang, kêdah bela, amargi sedanipun punika piyambakipun ingkang rinangkul, sanalika wau lajêng angèsthi palastra, dene putranipun kêkalih, Kunthi ingkang kajibah anggulawênthah, sarta pangrêngkuhipun Dèwi Kunthi botên beda kalihan para putranipun piyambak, nalika wau kathah para rêsi ingkang sami dhatêng, lajêng angiringakên Kunthi kalihan para putra gangsal dhatêng Astinapura, kapasrahakên dhatêng Dritarastra tuwin Sang Bisma, punapadene ing Astinapura lajêng adamêl sêsaji saupakartining pamiwahan sedanipun Prabu Pandhu.

Anyarêngi lêlampahan ing nginggil, Dritarastra anugrahani dhatêng garwanipun, saking dayaning nugraha, Dèwi Gandari lajêng apêputra satus, kalihan putri satunggal, ingkang pambajêng sinung nama Duryudana, miyosipun nunggil sadintên kalihan Bima. Ing dintên wau kathah cipta sasmitaning piawon kadosta: prahara agêng, griya kabêsmi, sima, andaka, sagawon ajag, tuwin sanès-sanèsipun bangsaning kewan wana ingkang sami kêrah sarta ambaung. Amargi bilih tiyang runtut gêsangipun kalihan kodrat kang asor-asor tamtu bingah, nanging nangis manawi manungsa kataman panandhang. Bayi ingkang nêmbe lair punika tinakdir badhe dados pangrisaking kulawarganipun, nanging Dritarastra botên sagêd kawêdal pêpèngêtipun amargi panjênênganipun sakalangkung sih dhatêng putra, mila tansah kaugung, têmahan adamêl prihatos tuwin kapitunanipun, kasupèn bilih panjênênganipun wau narendra, kawajiban rumêksa ing tiyang sanagari, tuwin minôngka sudarmanipun tiyang ingkang sami wontên ing wêwêngkonipun.

Lairipun Duryudana punika kangge sarananing para dewa, anggènipun badhe anggêlar piwulang luhur dhatêng ing dunya, inggih punika tumrap sawarnining prakawis ingkang sampun winangun dening watakipun ing gêsang ingkang sampun kapêngkêr. Duryudana linangkung karosanipun, kêndêl tuwin limpat dhatêng agami, sarta kathah pambudidayanipun kangge kawajibaning kaprabonipun, ananging panjênênganipun wau sakalangkung murka, pangajêng-ajêngipun: aku bisaa linuwih, aku kapengin dadi ratu, pangarêp-arêpku kabèh iku kawêngkua dening aku. Makatên wau pangajapipun, mila sabên wontên tiyang ingkang angungkuli sariranipun lajêng rumaos sangsara, kabêkta saking hardanipun, makatên punika kalêpatan ingkang sampun linampahan, jalaran Yudhisthira punika langkung sêpuh tinimbang Duryudana, pramila Yudhisthira ingkang katêtêpakên pangran dipati, ewadene Duryudana ugi kaanggêp gadhah warisan kaprabon.

Para Pandhawa tuwin para putranipun Prabu Dritarastra, sami nunggil pangangkah, dene Bima ingkang linangkung karosanipun, sarta sagêd sangêt ambeda, tansah damêl jalaraning cacongkrahan wontên ingkang binanting, Kurawa sadasa cinêpêng lajêng kalêlêbakên ing toya, ngantos satêngah pêjah. Manawi Kurawa sami mènèk wit-witan prêlu ngundhuh wowohan, witipun lajêng kabêdhol, têmah lajêng sami dhawah ing siti. Sanadyan sampun dipun èngêtakên, sarèhning piyambakipun rêmên mêmarahi, mila kêdah kapisah anggènipun dêdolanan, sarta sampun ngantos angladaki. Nanging sampun sami andugi bilih ingkang makatên punika têwah saking piawon, botên, sadaya wau amung badhe bêbingah. Lare-lare ingkang rosa asring sami pados mêngsah, amargi badhe priksa dhatêng karosanipun, Duryudana sangêt ulap dhatêng karosanipun Bima, mila gadhah pangangkah badhe pinêjahan, kayêktèn lajêng adamêl suyasa sapinggiring lèpèn Gangga kangge palenggaran sabên môngsa bêntèr, sarta lajêng anyuruhi para Pandhawa badhe kaajak bujana. Ing salêbêtipun ôndrawina, Duryudana katingal prayogi sangêt anggènipun among tamu, nanging Bima kasêgah dening têtêdhan ingkang sampun kadekekan wisa dening Duryudana piyambak, saparipurnaning anggènipun sami bujana, para rajaputra sami siram ing lèpèn, dene Bima wiwit karaos dayaning wisa, lajêng anjungkêp ing siti. Ing nalika para kadangipun sami lêrêm wontên ing suyasa adi wau, Duryudana ngantuni, sarta nalika Bima dhawah kalêngêr, enggal katangsulan ing oyoding kêkajêngan, lajêng kacêmplungakên ing lèpèn, Bima silêm, ngantos dumugi karatonipun taksaka raja, ingkang asêsilih Prabu Naga, mila lajêng kacakot, wisaning naga kawawa anyabarakên wisaning têtuwuhan ingkang kadèkèk ing têtêdhan, mila Bima lajêng èngêt, oyod ingkang ambalêbêd ing sariranipun kinirigakên rantas sadaya, sarta mrawasa sawêr wau, ingkang lajêng sêsambat dhatêng ratunipun Prabu Wasuki. Ing antawisipun para taksaka raja, wontên satunggal lêluhuripun Bima saking kang ibu. Saking panyuwuning lêluhuripun, Bima pinarêngakên ngombe unjuk- unjukanipun para dewa ingkang anêwahakên pangwasa. Watawis wolung dintên Bima mantuk pinanggih kalihan para kadang tuwin kang ibu ingkang sakalangkung prihatos, Bima nyariyosakên pandamêlipun Duryudana. Ananging saking pamrayoginipun Widura sarta Yudhisthira, Bima sampun ngantos anggigatakên Duryudana, malah sanadyan Duryudana nglajêngakên panangsayanipun dhatêng Bima sakadangipun, ugi sampun damêl punapa-punapa. Ananging kasaenanipun Pandhawa botên anêdhasi tumrap pun Duryudana, malah anggèning mêngsah dhatêng Pandhawa saya matambah-tambah.

Ing wêkdal punika sang prabu anggalih manawi para putra botên anambut pakaryan, tamtu kirang prayogi, kados limrahipun lare-lare ingkang botên gadhah pandamêlan, mila lajêng kapuruhitakakên dhatêng satunggaling guru nama Krêpa, supados kawulang olah dêdamêl, wêkdal samantên Krêpa kapondhokakên satunggaling brahmana, akêkasih Drona, kaprênah ipenipun Krêpa. Brahmana Drona punika putraning Maharsi Baratwaja, nalika wontên asramanipun kang rama, gadhah mitra putranipun Prabu Prasata, asma Drupada, wigatos puruhita dhatêng Sang Maharêsi Baratwaja, dados nunggil puruhitan kalihan Drona. Brahmana Drona linangkung kasagêdanipun sikêp dêdamêl, punapadene kaparingan saliring dêdamêl dening putranipun Bathara Brigu, sarta winêjang wêwadosing mangrèh dêdamêl, sarêng katilar dening putranipun Brigu, Drona nêdya martuwi Drupada, mitranipun lami ingkang samangke sampun jumênêng nata ing nagari Pancala. Dupi kapanggih Drona taksih lastantun kados limrahipun tiyang dhatêng mitranipun ingkang sangêt dipun trêsnani. Ananging Prabu Drupada, amargi saking kaprabon miwah pangwasanipun, ambêkipun lajêng kumalungkung, wangsulanipun ladak: punapa narendra kalampahan amêmitran kalihan tiyang papariman, tuwin tiyang ingkang sanès ratu botên sagêd mêmitran kalihan satunggaling narendra. Pangandika makatên wau ingkang badhe ngwontênakên kasangsaran warni-warni dhatêng sariranipun, Drona kesah kalihan botên wicantên punapa-punapa, sêdyanipun badhe dhatêng Astinapura, ing griyaning ipenipun, inggih punika Krêpa. Wontênipun ing ngriku, Aswatama putranipun Brahmana Drona ambiyantu Krêpa anggènipun mulang dhatêng para rajaputra.

Nuju satunggiling dintên, nalika para rajaputra sami lêlangên jor, gêmbungipun kacêmplung ing sumur asat, para rajaputra botên wontên ingkang sagêd angêntas, kapinujon ing sacêlakipun ngriku wontên brahmana langkung, kaaturan supados angêntasna gêmbungipun, brahmana wau lajêng anyawatakên sêsupenipun dhatêng gêmbung ing salêbêting sumur, gêmbung kaêntas sarana jinêmparing rumput, dene sêsupe sarana jêmparing. Para rajaputra sakalangkung kagawokan, mila sami kapiluyu nêdya puruhita. Nanging para rajaputra kaaturan pinanggih Sang Bisma, lajêng nyariyosna sadaya punapa ingkang sampun kalampahan, môngka Sang Bisma wêkdal punika pinuju kèmêngan ing galih, anggènipun pados guru ingkang sayogi dados gurunipun para rajaputra wau, mila sarêng rajaputra matur kathah-kathah, Sang Bisma lajêng andugi manawi punika Brahmana Drona.

Sanalika wau Sang Bisma gupuh-gupuh manggihi sarta lajêng angirid Brahmana Drona dhatêng salêbêting pura. Drona nyariyosakên lêlampahanipun, Sang Bisma sakalangkung bingah dene para rajaputra manggih guru ingkang prayogi. Bisma pratela manawi para rajaputra Astinapura nêdya kapuruhitakakên ing piyambakipun.

Wêkdal para rajaputra sampun sami marêk ing ngarsanipun, Drona pratela manawi ing batosipun isi pangajêng-ajêng, mila rajaputra lajêng kapurih prasêtya, bilih ing têmbe sampun sarwa widagda sakridhaning dêdamêl, kêdah ambiyantu sêdyanipun wau. Sadaya sami kèndêl kemawon, amung Arjuna ingkang sanggêm badhe anglampahi, manawi piyambakipun sagêd, punapadene salêbêtipun dados siswa, katingal bêkti sangêt dhatêng gurunipun, pramila dados siswa pinilih sarta sinihan.

Wanci sontên nalika Arjuna nêdha, dilahipun pêjah margi katêmpuh ing angin, ewadene anggènipun nêdha dipun lajêngakên kalihan pêtêngan, amung saking dayaning pangulina, anggènipun muluk wau, ing ngriku Arjuna ciptanipun lajêng èngêt dayaning pangulina. Wiwit titimôngsa punika Pandhuputra ingkang rosa wau lajêng wiwit sinau anjêmparing ing wanci dalu. Dêrêng saha katabêrènipun wau adamêl lêganing gurunipun, amung nyumêrêpi prakawis rèmèh kalamôngsa kenging jêngandika tumrapakên ingkang prêlu-prêlu, kados kawontênanipun Arjuna.

Kathah para putraning narendra ingkang nêdya puruhita dhatêng Drona, ing antawisipun para narpaputra wau wontên satunggal naminipun Ekalaya, putraning narendra ing praja Nisaddha, punika turunipun bôngsa asor, Drona botên purun nampèni panyiswanipun Sang Ekalaya, awit Drona botên badhe mulang kawruh anjêmparing tuwin êmpaning mantra sarta dayaning cipta, kajawi dhatêng têdhaking bôngsa luhur ingkang sampun sêmanggêm anglilahakên gêsangipun minôngka pituwas anggènipun winulang. Sanadyan botên tinampèn, Ekalaya botên nêpsu, mêksa anyungkêmi padanipun Drona, sasampunipun ngaras pada, lajêng kesah dhatêng ing wana. Sadumugining wana Drona dipun rêca kadamêl saking lêmpung, kapundhi-pundhi kadidene gurunipun, sarta lajêng anggêgulang kaprigêlaning sikêp dêdamêl, kalampahan linangkung kasagêdanipun nandukakên dêdamêl, amargi saking sangêt sungkêm dhatêng gurunipun saha bêkti dhatêng sêdyanipun, satunggaling dintên, nalika para rajaputra Astinapura ambêbêdhag dhatêng ing wana, sakalangkung gawok aningali tarampil tuwin titisipun anggèning Ekalaya anjêmparing. Para rajaputra cariyos dhatêng Drona punapa ingkang sampun dipun sumêrêpi, sanalika Drona lajêng dhatêng ing wana kadhèrèkakên Arjuna. Sarêng Sang Ekalaya priksa Bagawan Drona dhatêng, enggal mapakakên lajêng manguswa pada, lênggah angapurancang angêntosi dhawuh. Pangandikanipun Bagawan Drona: lah senapati linuwih, yèn kapara nyata sira iku siswaningsun, mara amisungsunga gurunira. Ekalaya sagah badhe ngaturakên punapa ingkang dados pamundhutipun, aturipun: amargi ing ngriki botên wontên punapa-punapa, mila botên amisungsung ing gurunipun, wangsulanipun Drona: Ekalaya, yèn têmên sira nêdya misungsung, ingsun mundhut jêmpoling tanganira têngên, wêkdal Ekalaya mirêng dhawuhing gurunipun suraos mundhut jêmpolipun minôngka pituwas anggènipun winulang, enggal angiris jêmpolipun, awit sampun prasêtya botên badhe cidra, saha anêtêpi sêsanggêmanipun, mila botên rangu-rangu malih, kalihan pasêmon ingkang mratandhani bingahing manah, anggènipun angêthok jêmpolipun, lajêng kaaturakên.

Prakawis panêdhanipun Drona makatên wau limrahipun tiyang sami amastani manawi awrat sarta pêdhês, ananging ingkang makatên awêwaton piwulang kang luhur. Tiyang kalairakên punika mêsthi laras kalihan pandamêl tuwin ciptanipun ing gêsang ingkang sampun kapêngkêr, dados babadanipun punika saperanganing karmanipun, tiyang botên kenging ngundhuh kabêgjan ingkang dèrèng môngsa, inggih ingkang botên runtut kalihan badanipun wadhag, kêkiranganipun punika kêdah tinampi kalihan sabar ngantos sarisakipun, sarta ngantos dipun wêngani kontên, Ekalaya botên purun angêntosi, wohing awisan kaundhuh kalihan kakêncênganing manah, [ingkang dèrèng matêng] mila badanipun ingkang dosa wau kangge nyauri sambutanipun, ananging sihipun dhatêng guru, ingkang angêbaki batosipun, punika sampun linampahan kalihan kasabaran, sarta kanthi kêkêncênganing kajêngipun, sadaya pandamêlipun wau pakangsal tumrap piyambakipun wontên ing alam luhur, saha kenging tinamtokakên bilih ing têmbe piyambakipun badhe kasêmbadan sapangajêng-ajêngipun, sanadyan wontên ing alam wadhak pisan.

Ing satunggiling dintên Brahmana Drona nêdya andadar kasagêdaning para siswa, mila adamêl pêksi pêpindhan kaencokakên wontên ing panging kajêng kang inggil, dhawuh dhatêng para siswa supados gêntos-gêntos anjêmparing pêksi pêpindhan wau. Ingkang rumiyin piyambak Yudhisthira, gandhewa pinênthang, nanging salêbêtipun angincêng Drona pitakèn: punapa ingkang katingalan anggèr, punapa jêngandika priksa dhatêng wit-witan, kula tuwin para kadang. Yudhisthira matur: bilih sadaya sami katingalan, nalika wau Drona lajêng wicantên: sampun kalajêngakên anisiha kemawon, amargi tamtu lêpat anggèn jêngandila jêmparing. Makatên ugi para narpaputra sanès-sanèsipun, wêkasan Arjuna dipun purih majêng, Drona lajêng pitakèn kados ingkang sampun -sampun, wangsulanipun Arjuna: ingkang kula sumêrêpi amung pêksinipun, sanèsipun botên wontên ingkang katingalan, Drona wicantên malih kalihan mèsêm, manawi ingkang katingalan amung pêksinipun, suwawi kapratelakna. Aturipun Arjuna ingkang tansah angatos-atos: ingkang kula sumêrêpi amung sirahipun, dene badanipun botên katingalan, Drona lajêng mangatag kalihan sênênging manah: suwawi kalêpasna, anggèr.

Suwawi sami katingalana, inggih makatên wau kawontênaning kagunan ingkang sami kita gayuh. Bilih ijêngandika angincêng salah satunggaling lesan, môngka jêngandika taksih priksa dhatêng kawontênan sanès-sanèsipun, punika mratandhani bilih anggèn jêngandika angincêng wau dèrèng golong. [pramana], cipta andika kaklêmpakna dhatêng ingkang nêdya jêngandika jêmparing. Manawi jêngandika badhe sinau prakawis kawruh petang, jêngandika sampun ngantos maèlu dhatêng sadhengah ingkang wontên sajawining kamar, utawi dhatêng kônca andika ingkang sami cêlak, cipta andika kaklêmpakna dhatêng cacah ingkang kasêrat dening guru wontên ing bor, [balabag pamulangan] sanès-sanèsipun sampun karaosakên.

Lami-lami para narpaputra sampun lêbda anggènipun puruhita, mila badhe sami dinadar ing kaprigêlanipun, sarta kangge têtingalan, ing dintên ingkang sampun katamtokakên, saisining dhatulaya Astina, punapadene tiyang sanagari sami dhatêng aningali, Arjuna ingkang katingal langkung piyambak, kados prêlu jêngandika sami nyumêrêpi, ingkang kangge andadar: inggih punika lesan kawujudakên wraha tosan kalampahakên, Arjuna anggènipun jêmparing gangsal kalampahakên sapisan, sadaya sami mencok ing cangkêming wraha. Saparipurnaning anggènipun dinadar, tiyang ningali mirêng suwantên gumuruh, botên watawis dangu katingalan wontên satunggaling prajurit neneman nama Karna, ingkang badhe kathah dêdongenganing lêlampahanipun ing sêrat punika. Karna punika ugi siswanipun Drona, sarta kawistara satimbang kalihan Arjuna. Ing ngriku Karna adamêl kados ingkang sampun dipun solahakên dening Arjuna, sasampunipun kêkalihipun wau lajêng sami ajêng-ajêngan badhe abôndayuda. Ing ngriku Krêpa majêng wigatos badhe anêtêpakên ungêling wêwaton, wicantên sora: mratelakakên kulawarganipun Arjuna, wêkasan lajêng pitakèn dhatêng mêngsahipun, piyambakipun punika kalêbêt golongan utawi kasta punapa, murih kasumêrêpan ing tiyang kathah.

Karna katingal pucêt, nanging Duryudana lajêng ngadêg ing antawisipun Karna kalihan Arjuna, sarwi ngandika makatên: manawi ingkang kenging mêngsah Arjuna punika katamtokakên amung têdhaking narendra, prayogi, samangke Karna kula jumênêngakên narendra. Karna winiwaha dados narendra wontên ing praja Angga, sarta prajanji mêmitran kalihan Duryudana ingkang sampun angganjar kaprabon ing piyambakipun, sanalika wau wontên kusir sêpuh ingkang galoyoran lampahipun kapapagakên dening Karna, ingkang lajêng mangrangkul kados satataning bapa ingkang angrangkul anakipun, sarêng Bima priksa lajêng mancolot majêng kalihan sêmu runtik, tuwin angerang-erang dhatêng Karna, bilih Karna punika sutaning kusir, mila botên satimbang amêngsaha Arjuna ingkang têtela têdhakipun narendra. Sanalika wau Duryudana ugi lajêng malumpat majêng sarwi wicantên, suraos angrencangi mitranipun, ananging katungka sirêping surya, tiyang ningali sami bibaran, mila ingkang sami pasulayan botên sagêd kalêksanan, dados Arjuna tuwin Karna lêstantun sami mangunêg-unêg, anèh sangêt pitakenan punika, dene dèrèng nate wontên jawaban ingkang damêl pamarêm.

Samangke sampun dumugi mangsanipun Drona tampi pituwas anggènipun sampun angajar sawarnining kagunan, mila para siswanipun ingkang sampun sami sawega badhe manjing parameyaning dunya, punika sami dipun kalêmpakakên, wicantênipun Drona: Drupada ratu ing Pancala, kacêpênga wontên madyaning paprangan, lajêng kapasrahna ing kula, punika pituwas ingkang agêng piyambak tumraping kula.

Ing nalika wau para narpaputra lajêng sami pangkat, Kurawa punapadene Pandhawa sami pêpêrangan kalihan Drupada. Para Kurawa gêntos- gêntos kalindhih dening Drupada, ananging Arjuna kalayan para kadangipun lajêng majêng prang, wêkasan Drupada kapikut, sarta lajêng kapasrahakên ing gurunipun. Wicantênipun Drona dhatêng mêngsahipun ingkang sampun katawan botên pisan asarana têmbung wêngis, malah adamêl têntrêming manah: sanadyan samêngko sira wus kacêkêl dening mungsuhira, sira aja nyumêlangke uripira, apa sira samêngko isih gêlêm mêmitran lan ingsun Sasampunipun mungêl makatên, Drona lajêng mèsêm kalihan wicantên malih: dhuh narendra kang sudira ing rananggana, aja nyumêlangake uripira, ingsun iki brahmana, dadi mêsthi angêgungake pangaksama, lan manèh: o bêbanthènging para satriya wêlas asih ingsun marang jênêng sira tansah tumuwuh bêbarêngan lan umur ingsun, amarga ingsun lan sira nguni wus padha têtunggalan anèng pratapaning wong atuwaningsun, yaiku ing nalika padha puruhita, mulane: prabu, ingsun jaluk marang sira mara padha nglêstarèkake mêmitran, dene kang minôngka sihing pawong mitra, saparoning prajanira dak lilahake marang sira manèh, amarga ing nguni sira pratela, kajaba para narendra ora bisa mêmitran lan sawijining ratu, iku sababe gon ingsun ngandhêk prajanira saparo. Sira angratonana tlatah praja sakiduling Bagirati [kali Gangga] dene ingsun kang ngratoni praja saloring kali Gangga: dhuh narendraning praja Pancala, manawa sira panuju, sabanjure sira anganggêpa mitra marang ingsun.

Pandamêlipun Drona makatên wau amung amangsulakên panyamahipun Drupada ingkang sakalangkung siya-siya dhatêng piyambakipun, ananging sarana lampah ingkang prayogi.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s