Mahabarata, Partawiraya [1]


Mahabarata Jilid 1

Bab I Purwaka

Mênggah ing wigatosipun pakêmpalan dintên punika badhe sami anyuraos sêrat Mahabarata, karantên punika sêrat minulya ing dunya.

Manawi ngangkah murih gampil anggènipun nyuraos, sakawit tiyang kêdah sumêrêp rumiyin ingkang kasinau wau sêrat punapa, sarta ing nalikanipun maos kadospundi anggènipun nyamêktakakên ciptanipun, karana ingkang prêlu punika panggalihipun para marsudi, punapa pancèn kapengin mangrêtos, punapa botên. Bilih sampun samêkta, mangrêtosipun dhatêng sêrat ingkang kaparsudi wau, langkung gampil tinimbang manawi kalintu anggèning nyamêktakakên panggalihipun. Upami jêngandika kapengin priksa dhatêng salah satunggaling kawontênan, kawontênan wau kêdah titi anggèn jêngandika ningali, sampun ngantos kirang waspada, kêdah jêngandika ajêngakên, nanging sampun ngantos kasingkur, sarta kêdah dipun raosakên sayêktos. Makatên ugi tumraping cipta, paningaling cipta kêdah dipun wawasakên, sarta sêrat wau dipun ajêngna.

Tiyang kêdah sumêrap kadospundi anggènipun marsudi, kadospundi wosing pikajêngipun ingkang kêdah winawas sarana cipta wau. Pramila badhe winiwitan saking anyamêktakakên cipta, tuwin anêdahakên pratitising patrap, tiyang kêdah ngangkah sagêdipun sumêrêp kadospundi pamaosipun sêrat wau.

Sasampunipun lajêng dipun pêndhêta saparwa-saparwa (dhil) kaupadosana, pundi ingkang prêlu, katataa ngantos turut dêdongènganipun, tuwin kêdah mangangkah sagêdipun têrang panampinipun dhatêng sadaya ingkang kawrat ing sêrat wau, sarta lêlampahanipun ingkang sami kacariyos wontên ing ngriku, pikajêngipun badhe kangge mulang tiyang golongan punapa, kadospundi pandamêlipun, tuwin punapa pangangkahipun. Kadospundi para dewa anggènipun amitulungi tiyang-tiyang wau, saha kadospundi anggènipun amambêngi. Punapadene para dewa tumut angsal punapa wontên lêlampahan ingkang kalampahan wau.

Ing dunya kathah tiyang ingkang botên pitados manawi para dewa (malaikat) punika anata lêlampahan, sarta botên pitados manawi alam-alam punika tinata dening para dewa. Sintêna ingkang botên pitados dhatêng Agami Hindhu, tamtu badhe amabêni sêrat-sêrat jêngandika ingkang suksci-suksci. Dados inggih kalêbêt saperangan kawajibanipun sabên jêjaka Hindhu ngrêtos sawatawis dhatêng sêrat-sêrat suksci ing agaminipun, sampun ngantos lajêng sami rangu-rangu dening pangrêncananipun tiyang ingkang sami botên sumêrêp.

Manawi tiningalan saking kawruh kasusastran, sêrat Mahabarata punika isi ajèn-ajèn ingkang agêng sangêt. Satunggal-tunggaling bôngsa punika tamtu sami gadhah sêrat, pintên-pintên bôngsa ingkang sangêt angluhurakên, ugi pintên-pintên bôngsa ingkang ngrèmèhakên dhatêng sêratipun wau. Kathah bôngsa ingkang darbe sêrat mawi sinawung lêlagon, cariyosing babad, dongengan, kawruh kasuksman tuwin agami, ingkang adamêl tuwuh-tuwuhing raos pangaji-ajinipun tiyang, punika ingkang kathah saking kawruh kasusastranipun, manawi wontên bôngsa darbe sêrat-sêrat ingkang migunani, bôngsa wau lajêng kaanggêp luhur dening bôngsa sanès, nanging manawi botên gadhah sêrat ingkang luhur-luhur, bôngsa wau tamtu kaanggêp asor, môngka botên wontên bôngsa ingkang sugihipun sêrat luhur kados bôngsa Hindhu.

Saèstunipun jêngandika sampun sami maos anggitanipun Omirus, pujôngga ing praja Grigkênlan, ingkang nyariyosakên lêlampahaning paprangan salêbêtipun sadasa taun. Wontên sanèsipun malih, pintên-pintên pujôngga linangkung ing bab kasuksman tuwin babad. Sarêng tiyang samangke maos sêrat wau, lajêng sami mungêl: Grigkênlan punika rumiyinipun têtela nagari agêng, katitik saking anggitanipun para pujangganipun. Wêkdal samangke tiyang kilenan sami maos sêrat-sêrat ijêngandika ingkang kasêrat ing basa Sansêkrit, sarta sami mungêl: kados punapa luhuring kasagêdanipun bôngsa Hindhu ing jaman kina, dene sampun sagèd nganggit sêrat-sêrat wau. Sêrat Mahabarata punika kêkidungan ingkang luhur piyambak ing dunya, botên wontên sêrat kêkidungan ingkang sami kalihan sêrat Mahabarata. Ing ngriku kaèbêkan sadhengah ingkang prêlu dipun sumêrêpi, utawi pundi kautamèn ingkang kêdah kaparsudi. Tatêmbunganipun sêrat wau wilêd, sarta anyariyosakên lêlampahan prêlu-prêlu ingkang kêdah dipun sumêrêpi dening para jêjaka Hindhu. Saèstu kuciwa, upami tumuwuhipun jêjaka Hindhu botên sinartan kawruh pintên- pintên ingkang kawursita ing sêrat kêkidungan ingkang kaanggit sarta kagêgulang dening lêluhuripun.

Punika pusakanipun bôngsa Arya, amila prayogi sami kasinaua. Ing sêrat wau angêmot prakawis pêrlu tigang warni, (a) piwulang kasusilan, (b) sadarsana, (c) aluraning lêlampahanipun.

(a) Bab piwulang kasusilan, punika pikajêngipun angrêmbag kawruh kasusilan, kados ta: lampah sae, sarta utamining pambêkan. Bilih jêngandika sinau kawruh petang, tamtu jêngandika dipun sumêrêpakên lampah-lampahipun ingkang sampun tinamtokakên. Dene manawi lampah-lampah ing panggarapipun wau sampun jêngandika sumêrêpi, sarta jêngandika têtêpi, tamtu lêrês pametang jênganika, makatên ugi tumraping piwulang kasusilan. Piwulang wau angrêmbag awon sae, pundi ingkang prayogi linampahan, saha ingkang kalintu. Wulang kasusilan botên mungêl: sira kudu bêcik, utawi: sira kudu aja ala. Ananging pamulangipun amung anêdahakên lampah-lampahipun, sarta suka têtuladan. Ingkang kacariyosakên ing ngriku pundi sae pundi ingkang dipun wastani awon, pundi ingkang kêdah jêngandika lampahi, tuwin pundi ingkang kêdah katilar. Sadaya lampah sarta wêwatonipun wau ingkang winastan piwulang kasusilan.

Sêrat Mahabarata, punika wiyaripun kados cakrawalaning piwulang kasusilan, ing ngriku pitêdah kadospundi anggènipun anglampahi. Sêrat wau marah dhatêng lare jalêr èstri ingkang sami wontên ing pamulangan, tiyang sêpuh jalêr èstri, saha mulang dhatêng sadaya wau kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi pêpangkataning umur-umuranipun. Para brahmana, satriya, wiswa, tuwin sudra, saha tiyang ingkang botên kalêbêt wêwilanganing bôngsa punapa kemawon, sadaya sami sagêd angsal pitêdah saking ing ngriku, kadospundi pamanguning wêwatakan ingkang kêdah linampahakên ing gêsangipun sadintên-dintên. Sêrat wau anêdahakên kadospundi darmanipun ing dalêm sakadang warga, tiyang sêsemahan, bapa tuwin anak jalêr, biyung tuwin anak èstri, amarah padataning gêsang padintênan, lampahing pamulangipun sakalangkung prayogi, inggih punika kadhapur dêdongengan. Kangge lintunipun anggèning mungal: ucapira kang têmên, ing ngriku nyariyosakên lêlampahanipun tiyang pintên-pintên ingkang têmên ungêlipun, lajêng kacariyosakên kadadosaning katêmênanipun wau. Dene ingkang kangge lintuning piwulangipun: sira aja goroh, punika lajêng nyariyosakên lêlampahanipun tiyang ingkang sami rêmên goroh, tuwin kadadosanipun. Makatên patrap pamulangipun dhatêng tiyang, murih sami amangun watak utami, dados tiyang lajêng mangrêtos sayêktos. Manawi guru jêngandika mulang wiskêndhê (kawruh etang), guru wau tamtu anêdahakên gunggunganipun cacah ingkang kapetang. Ingkang makatên amimbuhi têranging pangrêtos andika, langkung saking manawi jêngandika metang piyambak ingkang tanpa têtuladan.

Ambêg rahayu punika langkung prêlu tinimbang sakathahing wêwatakan. Kalampahanipun sae, bêgja tuwin majêng, punika têwah saking ambêg rahayu.

Wontên satunggaling dongèng: nyariyosakên lêlampahanipun ditya nami Praladha, amargi saking anggènipun nglampahi wajib sarana ambêg rahayu, lajêng kaparingan nugraha dening Sang Hyang Indra, pinarêngakên mangrèh tri bawana. Nalika Sang Hyang Indra tumêdhak, amindha warna brahmana, Praladha katampi dados siswanipun, saking sangêting sungkêmipun Praladha dhatêng gurunipun, ngantos prasêtya sadaya dhawuhipun badhe dipun lampahi. Wêkdal samantên Sang Hyang Indra lajêng dhawuh: Praladha angaturna saening watakipun dhatêng Sang Hyang Indra. Sanadyan Praladha sangêt sumêlanging manahipun dhatêng kadadosanipun bilih sirna watakipun sae, ewadene Praladha nyandikani, sinaksèn ing prasêtya. Nalika wau Praladha linggih kalayan manah dhatêng kasagahanipun, katingal wontên cahya, sunaripun tanpa watêsan mêdal saking badanipun. Ing ngriku Prabu Praladha pitakèn: sira iku sapa, cahya mangsuli: ingsun iki maujuding watakira bêcik, kang nêdya sira pisah, samêngko ingsun anguncati, arêp manjing marang brahmana kang binaktèn ing siswane. Wontên wujud sanèsipun malih ingkang mêdal saking sariranipun Prabu Praladha, sarêng dipun pitakèni mangsuli: ingsun watak adil, ingsun kudu manggon ing êndi kang dinunungan dening watak bêcik. Makatên ugi wêdaling katêmênan, pandamêl sae, pangwasa sarta kabêgjan, wêdalipun kabêgjan wau sarwi wicantên, hèh Praladha, amarga saka bêciking pambêganira, sira bakal bisa mangrèh tri bawana.

Samêngko wus kasumurupan kabèh, sira amboyong ratuning dewa, marga saka bêciking pambêkan, adil, têmên, panggawe bêcik, pangwasanira lan ingsun pribadi, lah sira kang wicaksana, kabèh mau tumuwuh saka bêciking pambêkan. Sasampunipun makatên kabêgjan lajêng uncat atut wuri dhatêng pambêkan sae, Wontên têtuladan sae sanèsipun, sambêt kalihan kasusilan, ingkang marambah-rambah kula sumêrêpi, wontên ing sêrat, Mahabarata, suraosipun anêdahakên, manawi pambêkan ingkang sae tumrap salah satunggiling tiyang punika botên tamtu prayogi tumrap tiyang sanès, sarta kawajiban punika dumunung wontên tiyang wau tiyang punapa. Manawi andika punika lare, ingkang sae tumrap andika, punika anglampahi saparentahing guru andika, bilih jêngandika dados guru, ingkang sae tumrap andika punika anêdahakên tiyang dhatêng kawajibanipun. Bilih ijêngandika punika bapa, wajib ijêngandika ngayomi suta andika. Nanging manawi jêngandika anak jalêr, wajib ijêngandika angestokakên parentahipun sudarma andika. Ingkang migunani tumraping tiyang, dumunung wontên kawruhipun, sarta wontên pratitisipun anggèning anambut kawajibanipun, ing pundi pamanggènipun ingkang tinêdahakên dening gêsangipun.

Tumrap andika para siswa, botên prêlu nyumêrepi kawajibaning tiyang dados bapa. Ingkang prêlu tumrap andika, nyumêrepi kawajibaning siswa sarta anglampahi.

Sêrat Mahabarata punika ingkang kaluhurakên, prakawis pambêkan sarta pamanggèning gêsang andika.

Sêrat wau nyumêrêpakên sadaya ingkang prêlu tumrap satunggal-tunggaling tiyang, wontênipun ing piwulang kasusilan. Pintên-pintên sêrat ingkang angêwrat piwulang amung tumrap tiyang sagêlêngan, sarta amung piguna tumrap para ingkang sampun luhur kawruhipun, nanging tiyang ingkang botên lantip lajêng botên sagêd nampèni.

Sêrat anggêr amung piguna tumrap tiyang ingkang sami angsal piwulang pangadilan, nanging botên migunani tumraping amongtani. Pintên-pintên sêrating agami ingkang amung tumrap para mursid, ananging sêrat Mahabarata pakangsal tumrap sintên kemawon, sarta sapintên sakêdhiking sasêrêpanipun, ewadene mêksa angsal piwulang. Dados sêrat wau kenging kawaos dening sawiyah tiyang, sarta sabên tiyang sagêd angsal kabêgjan saking ing ngriku. Sanadyan tiyang botên maos sêrat sanèsipun, tiyang badhe sagêd angsal sawêrnining kawruh. Manawi tiyang bêtah badhe ngudi kawruh agami tuwin kasusilan, sagêd angsal kawruh amung saking maos serat Mahabarata.

b) Sadarsana, angrêmbag bab cipta, dayaning kanalaran tuwin daya ing nglêbêtipun manungsa. Sadarsana amarah kasunyataning pangeran, manungsa, dunya tuwin dumados (heelal), sadaya wau pinangkat-pangkat saking ciptanipun. Mahabarata marah bab sadarsana, ingkang alêlandhêsan agami Hindhu. Kacariyos wontên satunggaling narendra ingkang sakalangkung luhur, (Allah), inggih punika pribadi kang esa, dumunung ing nglêbêtipun satunggal-tunggal, tuwin ing nglêbêtipun samukawis. Pangeran punika wontên ing pundi-pundi, ing nglêbêtipun srêngenge, ing rêmbulan, ing lintang, ing nglêbêtipun para dewa tuwin manungsa, ing nglêbêtipun kewan, têtuwuhan, tuwin ing pêpêlikan. Wontên gêsang satunggal, sumimpên ing nglêbêtipun sadaya, inggih punika Pangeran kang Maha Agung. Dados sadaya dumados punika satunggal, mila botên lêrês manawi pêpisahan. Pundi ingkang sae tumrap salah satunggal inggih sae tumrap sadaya, pundi ingkang sae tumrap sadaya inggih sae tumrap salah satunggal. Amila kita kêdah amêmitran kalihan sadaya, sarta asih dhatêng sadaya. Tiyang punika gêsang satunggal, dados manawi tiyang anyêrikakên dhatêng tiyang sanès, punika anatoni manahipun piyambak. Gêsang ingkang wontên ing lêmbu, punapa ing nglêbêting pêksi, punika inggih gêsanging tiyang. Jêngandika wajib kêdah rumêksa sarta angayomi, kados dhatêng gêsang andika piyambak.

Kaparênga kula nyariyosakên lêlampahanipun Prabu Usinara kalihan pêksi dara ingkang nêdya nyuwun pangayoman ing panjênênganipun. Kawajibaning ratu ingkang minulya piyambak punika angayomi sadhengah ingkang sami wontên ing dalêm wawêngkoning kaprabonipun. Dewa kêkalih, Sang Hyang Indra kalihan Bathara Agni, karsa anyobi kasêtyanipun Sang Prabu Usinara ing ngatasing kawajiban. Sang Hyang Indra mancala warna pêksi alap-alap, dene Bathara Agni dados dara. Sasampunipun sami mancala warna, alap-alap lajêng ambujêng pun dara, mila dara ngupaya pangayoman dhawah ing pangkonipun sang prabu. Alap-alap matur manawi dara punika sampun pinasthi dados boyonganipun. Ananging sang prabu botên marêngakên, amargi awêwaton pasêksèn, dene dara nyuwun pangayomanipun ratu ingkang amêngku ing praja wau. Pun alap-alap lajêng pratela manawi kecalan têdhanipun, punika ugi kawajibaning ratu angayomi kawulanipun ingkang badhe pêjah kaluwèn. Sang prabu botên karsa anguculakên dara saking pangayomanipun, mila dhawuh badhe anglintoni tatêdhan sanèsipun, ananging kaparingan punapa kemawon alap-alap botên narimah, pun alap-alap ugi purun nampèni manawi linintu daginging sariranipun sang prabu ingkang bobotipun sami kalihan wawrating dara. Sang prabu marêngakên mila lajêng angiris sariranipun kadèkèk ing taraju sinisihan pêksi dara. Ananging tansah jumplang awrat daranipun, ngantos kawêwahan marambah-rambah kairisakên malih mêksa awrat daranipun, ngantos sariranipun têlas dagingipun, sadaya kadèkèk ing taraju. Sanalika wau dewa kêkalih lajêng sami ngejawantah, sarta paring nugraha dhatêng sang prabu, dene sang prabu sampun kadugi anglilahakên sariranipun piyambak kangge lintunipun titah ingkang nyuwun pangayoman ing panjênênganipun.

(c) Sêrat Mahabarata punika satunggaling sêrat piwulang sae, malah bokmanawi langkung saking samantên, sêrat wau kandêl isi: 18 dhil, ing ngriku nyariyosakên lêlampahan sayêktos watawis sampun gangsal èwu taun dumugi samangke. Gangsal èwu taun ingkang kapêngkêr, Sri Krêsna anggènipun anilar sariranipun wadhag, ing nalika wiwitaning jaman Kali, wêkasaning cariyos wau, ing ngriku anggènipun Sri Krêsna uncat saking dunya. Ingkang prêlu kêdah dipun sumêrêpi, bilih punika sanès pangathik-athiking tiyang, nanging satunggaling cariyos lêlampahanipun tiyang ingkang sampun kalampahan sayêktos, ing ngriku nyariyosakên lêlampahaning bôngsa satriya agêng-agêng, inggih punika prajurit ing tanah Hindhu, ingkang saperangan agêng sirna wontên samadyaning paprangan agêng. Para wadyabalanipun para satriya agêng-agêng wau ingkang sampun adamêl rahayu saha amagêri waja nagari Hindhu. Kalampahan kathah ingkang sami kasambut ing madyaning palagan agêng, sisaning pêjah bôngsa wau lêstantun kados satunggaling golongan ingkang kuwawi, sarta têdhak turunipun kantun sawatawis, sami pating salêbar panggenanipun. Inggih sirnaning bôngsa wau ingkang kadi amêngakakên kontênipun praja Hindhu, wasana lajêng asor sarta alum.

Kaliyoga punika satunggaling jaman, ingkang têtiyanganipun sirna piyandêlipun dhatêng para dewa tuwin pandamêlipun para dewa, mila saya sangêt korupipun dhatêng kawontênan lair. Ingkang kapitados amung samukawis ingkang kenging katingalan, kamirêngakên, ginrayang, kaambu tuwin dipun kênyami. Ringkêsipun samukawis ingkang kenging sinarawung dening indriyanipun badan-badan. Andika pitados dhatêng bangku, amargi kenging andika tingali tuwin ginrayang, andika pitados dhatêng satunggaling griya tiyang, kawontênan sakiwa têngên andika, awit andika sagêd nyumêrêpi. Ananging kathah tiyang ingkang botên pitados dhatêng samukawis ingkang piyambakipun botên sagêd aningali utawi anggrayang. Dhatêng para dewa ingkang salami-laminipun tansah anjangkung manungsa, malah dhatêng kang maha luhur, ingkang sugêngipun ugi dados gêsanging manungsa, sami botên pitados. Kathah tiyang ingkang pitadosipun dhatêng punika wau taksih sêmang-sêmang. Tiyang-tiyang ingkang makatên botên mungêl bilih piyambakipun botên pitados dhatêng para dewa, ananging gêsangipun sampun amratandhani manawi pancên botên pitados. Samukawis kawontênan sakubêngipun tiyang ingkang dipun wontênakên dening para dewa, punika botên kaanggêp bilih dewa ingkang ngwontênakên. Jêngandika mastani kodrad dhatêng srêngenge ingkang andadari, rêmbulan ingkang sumorot, gumrujuging toya, punapadene urubing latu, punika kawontênan ingkang padatan kemawon. Môngka ing nglêbêtipun satunggal-tunggalipun wau isi satunggaling dewa ingkang anambut karya. Bilih latu murub ing tumang punapa ing wana, punika pakartining dewa, dene latu wau lampah pamarkati anggèning ngatingalakên kawontênanipun. Latu punika botên saking pakartining tiyang ingkang sagêd dhatêng kawruh pamisah, ananging punika pakartining Bathara Agni sarêng gumêlar wontên ing dunya. Gumêlaripun wontên ing alam sanès-sanèsipun, santun lampah malih, nanging wontênipun ing ngriki awujud latu. Kados ilining lèpèn Gangga, punika ing ngriku wontên satunggaling widadari ingkang anambut karya. Gumêlaripun wontên kaswargan botên makatên, nanging wontênipun ing ngriki dados lèpèn agêng. Bilih andika botên pitados dhatêng ingkang makatên wau, sêrat Mahabarata lêstantun dados cangkriman ingkang jêngandika botên sagêd ambadhe. Karantên ing sêrat Mahabarata nyariyosakên kawontênan ingkang kados sayêktos, tuwin botên kados pasêmon. Anggènipun badhe nyumêrêpakên punika botên cariyos, manawi latu ambêsmi wana Kandhawa, amung lajêng dipun cariyosakên manawi Bathara Agni anglêbur wana wau.

Sêrat Mahabarata tansah nyariyosakên samukawis ingkang sampun kawontênakên dening dewa. Tiyang ingkang botên pitados dhatêng dewa nganggêp manawi punika amung pangathik-athik ingkang pinardawa. Botên sapintêna tiyang ingkang pitados, bilih makatên wau samangke ugi taksih tumindak, sarta lêstantun tumindak ing salami-laminipun. Ing jaman sanès-sanèsipun, para dewa anambut karya sarta ngatingali ing manungsa. Samangke sêsingidan, amargi pitadosipun manungsa amung dhatêng kawadhagan, botên dhatêng panjênênganipun. Kalamôngsa tiyang ingkang sukci tuwin ambêk sih sagêd sumêrêp dhatêng para dewa, kados ing jaman kina, mila tiyang wau pitados dhatêng ungêling sêrat kados makatên punika, dados cariyosing lêlampahan wau lajêng katingal botên anglêngkara.

Wêkdal samangke sabên-sabên wontên tiyang mungêl, bilih peranganing kodrad ingkang botên kasatmata, winastan kodrad kang luhur, punika kalintu. Kodrading alam-alam sarta kawontênan punika ingkang kathah botên katingalan dening maripat wadhag, ananging têtela punika wau ingkang angebahakên alam kang asor.

Ing têmbe para dewa marah piyambak dhatêng manungsa, kalamôngsa alantaran para linangkung, ingkang sinêbut para wicaksana utawi rêsi. Mantram, pikajêngipun: tatêmbungan, utawi kaèbêkan suraos, ingkang ungêlipun wontên pangwasanipun, tumrap ing alam gaib — kawarahakên supados dipun pedahakên dening tiyang. Dene dayaning mantram wau angedap-edapi. Tiyang sampun sami kawarah kadospundi anggènipun angèsthi, murih ciptanipun tuwuh pangwasanipun.

Kita sampun maos, kadospundi tiyang anggènipun ngèsthi dhatêng para dewa, sarta sagêdipun dewa kasumêrêpan ing tiyang, awit saking pangèsthinipun wau. Kadospundi tiyang anggènipun ngèsthi dêdamêl, sarta sagêdipun dêdamêl wau kadarbe ing piyambakipun. Cipta punika salami-laminipun wontên daya kakiyatanipun, para sarjana sampun kathah ingkang sami anyobi. Nadyan ing jaman kina ugi botên sabên tiyang sagêd anandukakên pangwasa andhatêngakên dewa, utawi andhatêngakên dêdamêl, saèstunipun amung para linangkung ingkang sagêd anêtêpi piwulangipun para dewa tumrap prakawis wau. Samangke wontên yogi sawatawis sagêd nandukakên dayaning cipta, amargi para dewa punika botên nate ewah ginggir, pakartinipun inggih botên nate santun, nanging tiyang saya têlas pangwasanipun, kabêkta saking botên pitados dhatêng dewa.

Para dewa punika ingkang masesa bawana, kadosdene kusir anggèning angêlisi kapal rakitan. Dados dunya punika rinèh ing para dewa. Pêpindhanipun kados jêngandika numpak kareta, kalayan anyêpêng lis, lajêng anginggokakên kapalipun dhatêng ing pundi ingkang andika kajêngakên, makatên wau panjaginipun para dewa dhatêng dunya, sarta anurunakên kakiyatan dhatêng ing dunya, lajêng kaingêr keblatipun.

Salami-laminipun para dewa tansah nindakakên kawajibanipun amranata bawana murih prayoginipun, amargi bawana sampun dangu anggènipun lumampah, mila tamtu manggih pintên-pintên simpangan ingkang nyimpang saking margi agêng. Ingkang kaupamèkakên margi agêng wau kawastanan: kamajêngan (Evolutie) inggih punika ingkang linangkungan sagung dumados, saking wiwitan ngantos wêkasanipun. Manawi jêngandika lumampah saking ing Bênarès ngriki, dhatêng ing Alabat, jêngandika nglangkungi pintên-pintên simpangan, ananging manawi jêngandika lêstantun lumampah urut margi agêng wau, andika badhe tumuntên dumugi ing Alabat. Para dewa anggènipun angusiri bawana kawêdalakên urut margi agêng, ananging manungsa kalamôngsa lajêng minggok anut margi simpangan, ingkang katingalipun sakeca dipun langkungi, môngka saurut pinggiring margi agêng wau pinagêran saha dipun jagang, dados manawi tiyang amargi saking pangangkahipun piyambak nêdya minggok saking margi agêng tamtu lajêng kacêmplung ing jagang utawi katatap ing pagêr, ing ngriku tiyang mastani, manawi tiyang wau manggih sangsara tuwin kasusahan. Ananging kasusahan tuwin kasangsaran wau sae, dene dhumawah ing piyambakipun, awit upami para dewa botên andèkèkana pakèwêd ing margi simpangan wau, tiyang badhe kalajêng-lajêng anggènipun kasasar, wêkasan bilai.

Kalamôngsa, tiyang sanagari sadaya sami langkung margi simpangan, ing ngriku dewa lajêng angwontênakên prang agêng utawi pacêklik, tuwin sêsakit agêng wontên ing margi simpangan wau. Tiyang sabôngsa sami lumampah ing margi simpangan, mila kêdah dipun têdahakên manawi lampahipun kasasar, awarni panandhang, supados sampun anglampahi makatên malih. Paprangan agêng ingkang sami dipun sumêrêpi wontên ing sêrat babad wau, têtela saking kaparênging para dewa, amargi para dewa kawajiban kêdah adamêl kamajênganing tumitah. Tiyang sumêrêp kados punapa kathahing tiyang sarta kewan ingkang anêmahi pêjah ing paprangan wau, ngantos tiyang mastani sakalangkung anggêgirisi, utawi mêmêlas sangêt.

Ananging sayêktosipun sanadyan tiyang punapa kewan, ingkang sami anêmahi pêjah ing paprangan wau, amung ingkang badanipun sampun botên pakangsal kangge amangun kamajêngan. Bilih badaning tiyang punika sampun botên kenging pinakartèkakên, badan wau lajêng kabucal dening para dewa, murih tiyangipun lajêng sagêd angsal badan ingkang saya prayogi. Risaking badan punika limrahipun winastan pêjah. Môngka badan têtela kadosdene pangangge ingkang rinasuk ing tiyang, mila sabên tiyang minggah darajatipun, badanipun tamtu lajêng risak. Sagunging tiyang ingkang lena ing palagan agêng wau, sami lajêng minggah ing kaswargan, nunggil kalihan para dewa.

Pakaryanipun para dewa anindakakên anggêr-anggêring Gusti kang amaha luhur, inggih iswara, ingkang gumêlaripun dados trimurti: Mahadewa, Wisnu tuwin Brahma. Anggêr wau ingkang mangun kamajênganing sadaya dumados ngantos kados ayang-ayanganing Pangeran. Anggarap kamajêngan makatên wau kawajibanipun para dewa, utawi botên amung tumrap salah satunggal, dados kawajibanipun beda kalihan manungsa. Anggènipun para dewa ngwontênakên kasusahan, panasaran, sarta godha, wontên ing margining manungsa, punika badhe anyobi kasantosaning manungsa, supados manungsa saya wimbuh karosanipun saha kasinungan kawicaksanan tuwin sami ambêk utami. Ing nalika para dewa anindakakên pakaryanipun, kalamôngsa kêdah angwontênakên warni-warni, ingkang botên sakeca tumraping manungsa. Anggènipun para dewa ngwontênakên makatên, punika tumrap manungsa ingkang botên anut têpa palupi. Upaminipun para jaksa ngukum tiyang ingkang lampah awon, punika minôngka pemutipun tiyang limrah, manawi tiyang mandung raja darbe andika, tiyang wau lajêng kaukum dening pangadilan, awit tiyang wau anêrak anggêr-anggêr, sanajan botên mandung darbèking jaksa, utawi anêpsoni para jaksa. Ananging upaminipun jêngandika kapandungan, jêngandika nêpsu sarta amarôngka pandungipun, punika jêngandika kalêpatan. Manawi jêngandika langkung sêpuh, jêngandika kawajiban mulang pundi ingkang botên lêrês. Jêngandika manggalih sarta tumindak kangge prayogi andika piyambak. Ingkang kangge adamêl sênênging manah andika piyambak wau, lajêng dipun anggea nglampahi pakaryaning Gusti.

Saking sêrat Mahabarata tiyang sagêd nyumêrêpi, wontên tiyang sabôngsa ingkang kalintu tindakipun, mila bôngsa wau lajêng sangsara. Inggih punika ingkang dipun wastani anggêr-anggêring kasusilan. Dene ingkang anindakakên anggêr-anggêr wau para dewa. Upami kalampahan Hindhu dados samêsthining karajan ingkang kuwawi tuwin mardika, punika tamtu amung saking tiyang Hindhu sampun angèstokakên agami saha lampah sae. Sampun botên wontên sanèsipun kajawi makatên. Amargi ingkang mangrèh dunya punika para dewa, manawi dewa angluhurakên têtiyanganipun satunggaling nagari, punika tamtu ganjaran anggènipun sami lampah sae. Ingkang makatên wau lampah ing anggêr kasusilan. Manawi tiyang sami lampah awon, nadyan suwaunipun bôngsa agêng inggih lajêng dados alit. Dene bôngsa alit ingkang lampah sae, lajêng dipun luhurakên.

Manawi satunggaling bôngsa dumugi mangsanipun ewah, — upaminipun tiyang Hindhu badhe dados kados gangsal èwu taun ingkang sampun kapêngkêr, tamtu wontên sujanma ingkang kalairakên ing Hindhu. Pintên-pintên sujanma ingkang agêng kasaenanipun, tuwin druhaka, kuwawi, saha tiyang awon. Tiyang-tyang wau linairakên ing ngriku, amargi nagari ngriku bêtah sadaya wau, sarta sadaya punika tiyang-tiyang ing gêsangipun ingkang kapêngkêr sampun mirantos badhe anggarap pandamêlan prêlu. Para linangkung wau, nadyan kang sae punapa kang awon, punika botên sawêg sapisan punika wontênipun ing Hindhu. Ing gêsangipun rumiyin sampun sae tindakipun, mila lajêng sinung karosan, kalampahan lajêng linairakên ing môngsa ingkang kaèbêkan bêbaya, prêlu badhe anambut karya sêsarêngan kalihan para dewa. Panunggilanipun malih tiyang ingkang awon- awon, punika suwaunipun murka, bêngis, tuwin tansah mangunêk-unêk, sadaya punika maedahi tumrap anggêr-anggêring kamajêngan, sarta amargi saking panglawanipun wau lajêng andadosakên buthêg, ingkang kêdah dipun sinau kasumêrêpan dening tiyang Hindhu. Bilih makatên kadadosaning lampahipun, nadyan para ingkang sami sae-sae punapa tiyang ingkang awon-awon, punika inggih badanipun piyambak ingkang ngrancang takdiripun. Ingkang sae-sae badhe sêsarêngan anambut karya kalihan para dewa, dene ingkang awon badhe makèwêd, botên kangge pambiyantu prêluning dewa. Ananging tiyang ingkang migunani mêsthi tinuntun dhatêng panggenan ing pundi anggènipun badhe anambut karya, mila linairakên ing ngriku.

Kula manggih cacriyosan ing Adiparwa, inggih punika dhil kapisanan saking sêrat Mahabarata, bilih pangrantamipun prang agêng punika wontên ing kaswargan. Para dewa sami parêpatan lajêng anêmtokakên, kêdah anglairakên sagunging tiyang ingkang sampun tinamtu minôngka panuntunipun. Ingkang pinilih tiyang sakawan, ingkang rumiyinipun sampun nate dados nayakanipun ratuning para dewa, ingkang sinêbut Hyang Indra. Bathara Indra punika angratoni para dewa, sarta sakawan wau suwaunipun inggih Indra. Kacariyos Sang Hyang Indra amargi dados ratuning para dewa, mila lajêng kumaluhur. Wêkasan kasiku kêdah anyèlèhakên kaprabonipun sawatawis môngsa. Pangandikanipun Hyang Mahadewa: sing sapa kang kaya wêwatakanira mau, padha ora olèh nugrahaningwang. Sang Hyang Indra angèstokakên sarwi ngunandika bilih sariranipun kalihan Indra sanèsipun, badhe manjanma prêlu anambut pakaryan ingkang dados gêgadhanganipun, murih sarampunging karya lajêng sagêd wangsul dhatêng ing kaswargan malih. Ing nalika wau Indra sakawan lajêng matur, manawi linairakên saking pawèstri sintên kemawon, sagêda sudarmanipun dewa. Dene Indra ingkang ôngka gangsalipun, pratela bilih panjênênganipun pribadi badhe anitahakên tiyang ingkang ôngka gangsal. Bathara Mahadewa marêngakên (Adiparwa §199).

Sarêng sampun dumugi mangsanipun, Indra sakawan wau linairakên dados Yudhistira, Bima, Nangkula tuwin Sahadewa, dene ingkang minôngka sudarmanipun, inggih punika Bathara Darma (dewaning adil), Bathara Wayu (dewaning angin) sarta Bathara Aswin kalih pisan. Ananging Arjuna punika suwaunipun rèsi agêng, lairipun malih dados putranipun Bathara Indra ratuning dewa. Prajurit gangsal pisan wau ingkang nêdya sami dipun sumêrêpi lêlampahanipun, inggih punika ingkang unggul ing palagan agêng Têgalkuru.

Sabibaring prang agêng wiwit ngancik jaman enggal, kacariyos wêkdal samantên dewaning para dewa ingkang jêjuluk Sang Hyang Wisnu manjanma piyambak dhatêng ing dunya, minôngka awatara, sêsilih Sri Krêsna, asêsarêngan kalihan swasa, naga kalanggêngan ugi manjanma dados sadhèrèkipun Krêsna, kêkasih Balarama (Adiparwa §199) kawuningana awatara punika pangejawantahipun têtungguling dewa, mila manjanma prêlu mangrurah piawon, bilih piawon sampun saya andadra, sarta kawistara badhe angandhêg lampahing kamajêngan.

Tatelanipun sêrat Mahabarata punika babading bôngsa têdhakipun satunggaling narendra, ingkang jajuluk Prabu Barata. Panjênênganipun putranipun Prabu Dusjanta mijil saking Dèwi Sakuntala, ingkang aluraning lêlampahanipun ugi wajib sami andika sumêrêpi, (Sakuntala punika dêdongenganipun Sang Kalidhas). Baratas atêgês têdhakipun Prabu Barata, dene: maha, atêgês agêng, dados sêrat wau babad agêng nyariyosakên lêlampahanipun para têdhak Barata. Ing antawisipun para têdhak Barata wontên satunggal ingkang akêkasih Kuru. Panjênênganipun wau (Kuru) jumênêng nata binathara, punapadene agêng kasubratanipun. Prabu Kuru ambangun tapa wontên ing ara-ara ingkang winastan Têgalkuru-Ksetra, pikajêngipun têgalipun Kuru, inggih ing ngriku ingkang kangge ajanging paprangan agêng punika. Ing antawisipun para darah Kuru wontên têtiga, satunggal sinêbut Dritarastra, netranipun wuta, ingkang putranipun sami amangun yuda ing palagan agêng amung anjurungi piawon. Panênggakipun Pandhu, sudarmanipun nararya gangsal ingkang ambangun prang anglabêti watak sae. Ingkang waruju Sang Widura, punika linangkung ing kawicaksanan sarta adilipun, tuwin dados bangbang pangalum-aluming praja Ngastina. Cariyos lampahan saha pandamêlipun sadaya punika, kasêbut wontên ing sêrat kakidungan agêng ingkang kabagi dados wolulas parwa (dhil) sabên saparwa wontên naminipun piyambak-piyambak kapiridakên cariyos ingkang kamot ing ngriku.

Kidung wau pinangkanipun saking Ugrasarwa katampèkakên dhatêng para ambangun tapa ingkang sami dhadhepok ing wana: Naimisia, dene Ugrasarwa punika putranipun Lomaarsana, apêparab Suti. Ing antawisipun para ambangun tapa wau pitakèn dhatêng Ugrasarwa, piyambakipun punika ing pundi pinangkanipun, winangsulan: manawi mêntas tumut angèstrèni pamiwahaning sêsaji agêng anggènipun Sang Prabu Janamejaya adamêl sêsaji naga. Ing ngriku mirêngipun kidung Mahabarata ingkang lajêng kasinau piyambak. Sêrat punika anggitanipun ingkang wicaksana Krêsna Dwipayana, mila sinêbut Krêsna: amargi kulitipun cêmêng, Dwipayana: awit lairipun wontên ing Pulo Wedhawiyasa, sabab panjênênganipun ingkang ngimpun sarta nata Sêrat Wedha. Rêsi wau nêmbung dhatêng Suti supados kawarah, mila lajêng kalampahan sami kawarah.

Inggih punika babad ingkang badhe kaparsudi, kawiwitan saking bab urutipun punika.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s