Mahabarata, Partawiraya [9]


Ingkang kasukan sami taksih lêstantun, Yudhisthira angêtohakên sadaya kêkantunaning rajabrananipun, ngantos tanpa petangan, ewadene mêksa kawon malih. Sadaya raja darbèkipun Yudhisthira, kados ta: kawulanipun, nayakanipun, tuwin kaprabonipun sampun botên wontên ingkang kantun, punapa malih gadhahanipun ingkang kenging katotohakên, môngka bêntèring tiyang kawon ngabotohan tansah angrubeda, amung supêkêting kêkadangan ingkang dèrèng risak, dados Yudhisthira dèrèng katêlasan babar pisan. Kadospundi wicantênipun ingkang kalair ing lathinipun ingkang pucêt: samêngko Si Nangkula kang linuwih karosane, sarta kêndêl, iku uga darbèkku.

Wêkasan lajêng kamirêng malih bêngokipun Sangkuni, samêngko Nangkula uga wus dadi wongku. Supêkêting pasadhèrèkan ingkang sukci punika sampun risak, botên watawis dangu ugi lajêng bibar, amargi Sahadewa lajêng katohakên, punapadene Arjuna, guruning jêmparing, sarta Bima ingkang pilih tandhing, ananging ugi kawon. Sangkuni wicantên sêmu angerang-erang, punapa taksih kagungan punapa-punapa ingkang kenging kangge totohan, ing ngriku Yudhisthira lajêng angêtohakên sariranipun, nanging ugi kawon malih. Dados sakadang warga sadaya botên amung sangêt kasarakat kemawon, ananging ugi kawirangan, amargi satriya ngantos kalampahan dados tiyang tumbasaning mêngsahipun, têtela bilih asoripun sampun tanpa upami, dhawahipun sampun botên sagêd tangi malih: punapa ta kasangsaran sanèsipun ingkang badhe dhumawah malih.

Salêbêtipun sadaya sami kèndêl, ing ngriku kamirêng suwaranipun Sangkuni ingkang sakeca kêdaling pamicaranipun. O: Prabu Yudhisthira, taksih wontên sanèsipun, ingkang dèrèng jêngandika kawonakên, inggih punika: Drupadi, putri ing Pancala, dununging katrêsnan andika, suwawi katotohna, kangge sarana luwaring jêngandika. Amargi sangking pangerang-erang, narendra ingkang santosa wau, lajêng èngêt dhatêng gênging kasangsaran, ingkang tuwuh saking kobongipun tiyang kawon ngabotohan, cipta kados punapa ingkang makarti ing dêmakipun manawi mirêng namining katrêsnanipun kaungêlakên dening tukang begal.

Krêsna (Dèwi Drupadi) dununging katrêsnan, Krêsna ingkang sihipun dhatêng sariranipun kalayan sêtya tuhu. Krêsna ingkang linangkung kawicaksananipun, kalampahan sagêd mangrèh ing salêbêting dhatulayanipun, Krêsna mêmanik ingkang dumunung ing têlênging batos, sarta ibuning sutanipun jalêr misuwur tuwin luhur bangsanipun, ngantos kalampahan dipun totohakên. Kamirêngna panglinggamurdanipun ingkang kawêdhar wontên ing lathinipun Yudhisthira katingal gumêtêr: mêsthine iya kalah manèh dening dhèwèke, ananging iku wus ora beda karo panggawene, para satriya apadene ratu, yèn umangsah prang, mêsthi kongsi sapatine. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [9]

Mahabarata, Partawiraya [8]


Kalampahanipun Prabu Sangkuni ingkang julig punika matur makatên, amung saking wêlasipun dhatêng putra kapenakan, Gandara lajêng marêk ing ngarsanipun Prabu Dritarastra, angaturakên ngênêsing manahipun Duryudana. Sang prabu lajêng animbali Duryudana, pangandikanipun, supados Duryudana sampun anglajêngakên sêdyanipun ingkang kirang prayogi wau. Ananging Duryudana ingkang sangêt wangkalipun sampun botên keguh, atur wangsulanipun, bilih piyambakipun rumaos kasoran kasugihan tuwin kaluhuranipun, môngka Sangkuni mrayogèkakên, raja darbèking Pandhawa sagêdipun ngawonakên sarana ngabotohan. Prabu Drêtarastra botên sagêd angidèni panyuwunipun Duryudana, sadèrèngipun atêtarosan rumiyin kalihan Widura, mila lajêng utusan animbali kang rayi.

Aturipun Duryudana: manawi kang rama botên amarêngakên, piyambakipun badhe anganyut tuwuh, sarta lajêng pratela: manawi kula sampun pêjah, sang prabu, paduka badhe mukti kalihan paman Widura. Sarêng Widura dhatêng Prabu Dritarastra dhawuh, manawi karsanipun badhe angintunakên panantang, dene ingkang piniji kautus dhatêng Pandhawa Widura. Widura kalayan risaking manahipun nêdya pamitan dhatêng Bisma. Ing nalika punika Prabu Dritarastra angarih-arih ingkang putra malih, supados anyandèkna pikajêngipun. Nanging Duryudana puguh, matur kados punapa kasugihanipun tuwin luhuripun Pandhawa, mila piyambakipun sangêt kapengin dhatêng sadaya isèn-isèning kadhaton ingkang sakalangkung anèh punika.

Pangandikanipun kang rama: o, gèr, aja amèrèkake Pandhawa, marga sing sapa mèrèn iku salawas-lawase ora tau bêgja, lan tansah sangsara kaya wong kang kalah prang. Adhuh putraningsun, melik marang darbèking liyan iku watak asor, kosok baline: sing sapa kang narima sadarbèke dhewe, iku nugraha. Sanadyan kang rama sangêt mambêngi, amargi kagalih kirang prayogi kadadosanipun, ewadene Duryudana lêstantun kêncêng pangangkahipun, minôngka lintuning rinêbat prang, inggih punika rinêbat sarana dhadhu. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [8]

Mahabarata, Partawiraya [7]


Manawi tiyang maos Sêrat Mahabarata sabên-sabên tamtu lajêng èngêt dhatêng kasugihanipun praja Hindhu ing jaman kina, inggih punika nalika kawruh agami taksih kamanah parlu piyambak, dene prakawis kadunyan kadamêl ôngka kalih. Sarêng pamanahipun dhatêng prakawis kasuksman kêndho, Hindhu lajêng lêsu, ngantos dados boyonganipun ingkang angawonakên, wusana rajabrananipun kasumêrêpan, sarta lajêng sumêbar. Kita asring priksa griya tembok agêng tur sakalangkung sae, pinasangan candhela pintên-pintên ingkang inêbipun karêngga-rêngga ing kancana, kamar nglêbêt tinêpi ing motyara, undhak-undhakanipun katutup ing babut prangwêdani.

Ing antawisipun rajabrana agêng ingkang dipun kalêmpakakên dening Prabu Yudhisthira, botên amung sêsotya nawarêtna ingkang sakalangkung kathah kemawon, ananging ugi pintên-pintên têkên tuwin gada jêne, sabên ingkang cêpênganipun saking gadhing tinrètès ing intên jumêrut, punapadene wadhahing dêdamêl, rata paprangan, sakalangkung adi. Singêp ingkang saking rambut, pangangge ingkang saking pita tuwin sutra, prangwadani ingkang panjang sarta endah, pasarean sae-sae, ingkang dipun karodhong dening tênunan kasulam ing renda, sutra, gôndawida tuwin kajêng candhana. Tuwin malih maèwu-èwu dipôngga, kapal, kuldi, tuwin kemar samêkta dalasan kêkapa sarta palananipun.

Ing pundi-pundi tiyang priksa wêwarnèn ingkang anêngsêmakên sarta adi-adi. Botên wontên sanèsipun ingkang langkung cêtha anggènipun anêdahakên luhuring kagunan saha kawruhipun tiyang Hindhu kina, kasugihanipun ingkang tanpa petangan, sarta gêmah ripahipun, kajawi cariyos pamiwahan agêng ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata tuwin Ramayana. Tuwin malih ing ngriku ugi nyariyosakên tata raharja sarta gêmah ripahing nagari. Dipun cariyosakên pintên-pintên griya agêng panggènaning andhasarakên pintên-pintên sawarnining dêdagangan, suyasanipun para luhur ingkang rinêngga-rêngga sakalangkung asri. Nugrahaning Pangeran ingkang kapatêdhakakên inggih punika agami, bêkti, têtêping wajib, tuwin kasaenan, gunggunganipun sawarnining kasaenan pinanggih wontên ing ngriku, punapadene sagunging bôndha. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [7]

Mahabarata, Partawiraya [6]


Maharêsi Naradha rawuh, ing nalika para Pandhawa priksa sang maharêsi tumêdhak, enggal sami amapagakên. Anggènipun angurmati sarana tataning kasusilan ingkang kacariyos ing ngriki, inggih punika para Pandhawa sumungkêm ing siti, lajêng tata lênggah. Ing ngriku Rêsi Naradha andangu dhatêng sêsêpuhing Pandhawa sêmu karênan, wigatos badhe anguningani punapa Prabu Yudhisthira sampun anêtêpi wajib ingkang dados jêjibahanipun. Miturut piwulang Hindhu, ratu punika jumênêngipun, ingkang anêtêpakên para dewa. Kuwajibaning nata sakalangkung awrat, sarta kêdah ananggêl sêsanggêmanipun, tumrap pakaryan ingkang botên wontên sampunipun, inggih punika angêgungakên bakti. Bilih ratunipun sae, sadaya ingkang tumrap dhatêng praja miwah têtiyanganipun saèstu prayogi. Têmbe ugi badhe mirêng pangandikanipun Sang Bisma, prakawis kawajibaning narendra. Ing ngriki Maharsi Naradha andangu prakawis punika dhatêng Yudhisthira, punapa Yudhisthira anggènipun anglampahi kawajiban dhatêng agami sampun tinêtêpan, lêrêmipun sampun samêsthining wancinipun, punapa Yudhisthira anggènipun amilih nayaka sampun pratitis, sarta ajêg pamblanjanipun dhatêng wadyabala. Punapa Yudhisthira sampun angayomi lare-lare ingkang tinilar pêjah tiyang sêpuhipun, amargi nglabêti nagari, punapadene dhatêng randhanipun, sarta punapa sampun paring pangayoman dhatêng mêngsahipun ingkang sampun nungkul.

Punapa Yudhisthira marêngakên tiyang sami marêk, dados sabên tiyang botên ajrih pinanggih, kados anak pinanggih tiyang sêpuhipun. Punapa wêdaling waragad sawawrat, sapêrtigan, utawi sapalihing pamêdal. Punapa kabêtahanipun para among tani sampun kacêkap, punapa anggènipun angwontênakên wadhuk toya tuwin talaga sampun anyêkapi kathahipun, dados among tani botên kapêksa angêntosi toya jawah. Punapa tiyang padhusunan sampun botên kêkirangan wiji miwah têdha. Punapa Yudhisthira sampun anyambuti winih, sarta aniti manawi amongtani sarta ingkang sami nangkarakên rajakaya kêdah kawarah ngantos dados amongtani saha juru nangkarakên ingkang pratitis. Tuwin punapa Yudhisthira botên nate anêrak adil, ingkang amargi saking pamêksaning watak cêthil, piawon tuwin kumaluhur. Punapa wontên pamiwahaning para narapraja ingkang sarana rêruba. Punapa Yudhisthira sampun anitipriksa bilih anggènipun angindhakakên paos punika sampun adil yêktos, punapa anggènipun paring epahan utawi bôndha dhatêng para undhagi punika botên langkah saking 4 wulan. Punapa Yudhisthira sampun angayomi prajanipun saking saliring bêbaya, punapadene ratu kawajiban dados bapakipun tiyang wuta, tiyang lempoh, tiyang bisu, tiyang lola, tuwin para ngulandara. Punapa Yudhisthira sampun anyingkiri dosa nêm prakawis, inggih punika: doyan tilêm, nganggur, jêrih, butêng, ngêsèt, tuwin tanpa kêkêncêngan. Continue reading Mahabarata, Partawiraya [6]