Ramaparasu [9] : Kang Wus Padha Sumeleh


by MasPatikrajaDewaku

Kacarita tandhing tyasa ing antarane Patih Suwanda lawan Parabu Dasamuka dedreg umyeg anggenirisi. Senajanta dedeging sarirane Patih Suwanda kang prasasat gedhene amung sakpupuning Prabu Dasamuka ya Sang Rahwana Raja, nanging tetela lamun Patih Suwanda saguh anrenggalangi krodane Prabu Dasamuka kang tandange liwung kaya pangamuking singa barong. Patih Suwanda kang putus ing saliring agal lembat senajana mangkana, nanging bawane eling marang pangandikane kang rayi, Bambang Sukasarana, meksa ana rasa kang anggelayut ing telenging ati. Rasa kang aweh sasmita menawa ing kene wus tiba wahyaning mangsa kala, lamun kudu tumuli kumpul bareng kang rayi, munggah ing swargaloka.

Geter pater sarirane Bambang Sumantri kawimbuhan ing pamawas, menawa wiwaraning swarga wus menga lan ing kana ana wewujudaning keng rayi Bambang Sukasrana kang mesem angawe-awe. Mangkana lena pangindhane Bambang Sumantri nalika Prabu Rahwana nggigit janggane. Siyung mingis kang kembeng ing wisa mandi tumancep ing jangga,  kabarakot ponang jangga, sirna marga layu Bambang Sumantri apengawak kusumaning negara. Surak mawurahan ambata rubuh sanggyaning wadya bala Ngalengka Diraja, wruh yen ta tetungguling senapati Maespati wus sirna marga layu.

Sakala pepes barisaning prajurit Maespati kang wruh lamun tetungguling yuda wus kapupuh ing adilaga. Sanajan ta wus ngetog sakehing kekuwataning baris, nanging pangamuking wadya saka ing Ngalengka kang nyata liwung tan ana nganggo paugeraning aprang, meksa prajurit Maespati pada mundur lumaris salang tunjang pati-pati ambentusi.

Nanging ora kandheg amung samana tandange Rahwana Raja, senajanta wus sirna Patih Suwanda, raga maksih kapotheng-potheng, kajuwing lan kabalang-balang ing rananggana.

Nalika samana jenengingsun wus antuk palapuran jangkeping kadaden kang ana ing paprangan. Kabranang rasaku kaya kinilanan pranajaku, dene ana pawongan kang wani ngrudapeksa lan merjaya patihku kang banget tak tresnani. Sirnanaing Patih Surata ing sakjroning pamawasku bakal kaya dene merang kang tanpa landhesan, anggoningsun jejer narendra. Gya menyat saka sungapaning bengawan, galidrah galidrah kaya barongan kang tinanggap, ingsun mrepegi dununging Prabu Dasamuka. Tan angracut aji Triwikrama, Dasamuka kena cinandhak wani tumuli kapikut. Nanging saka pangarih arihing eyange Rahwana kang aran Resi Pulasta, Dasamuka, sun paringi aksama.

Nanging kagyat rasaning atiku bareng aku kondur marang Negara, ingsun nguningani menawa garwaku Citrawati wus nganyut tuwuh, saka pokal gawene abdine kinasih Prabu Dasamuka kang aran Kalamarica. Ora kuwagang ngampah drenging panandhang kang tetumpuk matumpa-tumpa, wusanane jenengingsun kanthi sesidheman jengkar saka praja amung nut kang pecaking suku lan gregeting pangangen angen. Lenging cipta tan ana kang kajangka amung saderma angupadi ing ngendi wenganing bathara. Pamintaku marang jawata, muga-muga ingsun enggal kabanjut sumusul marang papan swargane garwaku Citrawati.

 Sang atapa, kabeh dedongengan kang magepokan kalawan uripku wis tak critaake. Sukur bage lamun jengandika percaya kelawan apa kang ingsun andharake” Mangkana Prabu Harjuna Sasrabahu amungkasi pangandika sawusnya jangkep angandharake dedongengan.

****

“Saiki aku percaya, yekti sira kang jejuluk Prabu Harjuna Sasrabahu. Priyagung kang ingsun upadi seprana-seprene. Apuranen jenengingsun sabab dene cubluk kuthunging ati kang adoh saka tepa-palupi, dene wus kumawani mrawasa sakehing satriya kang tanpa dedosa. Senajana ing sakawit kang kaesthi amung memayu hayuning jagad mbrastha golonganing satriya kang kena ingaran dadi tuk sumbering kisruh”. Jejawab Sang Rama Parasu

“Yagene jengandika Sang Resi ngandika kang kaya mengkana?”

Rama Parasu kang rumasa kabrukan ing dedosa tumuli ngandharake sakabehing lelakon kang wus kawuri, tumeka marang prastawa pepanggihane kalawan Prabu Harjuna Sasrabahu. Bingung kapara ngrasa luput ing sajroning ati, sabab inguni wus akeh bebanten saka tanganing Rama Parasu, nanging kabeh mau amung tumuju marang wujuding upaya, ing ngendi sejatine tentreming jagad lan dununging Bathara Wisnu. “Saiki ingsun wus nora samar, yekti sira kang sarira Bathara Wisnu. Mangkana sang Prabu, wujud crita kawiwitan saka aku lair ing donya tumeka dalaning uripku nggone laku ngulandara. Ing wektu saiki, ora ana sawiji kang kaesthi, sabab dene kaya wus jeleh ngrasaake kabeh umyeging jagad, kumudu jeneng ingsun pasrah patiku. Nanging kawruhana, kang bisa nguntapake patiku iku amung titising Bathara Wisnu ” Rama Bargawa mungkasi jlentrehing lelakon kang wus sumandhang.

“Nanging yagene dene jengandika Sang Resi narka menawa ingsun kang dadi lenging panuju?” Harjuna Sasrabahu tetanya.

“Kabeh gantha kang gumathok ana ing gatrane Bathara Wisnu kang anyarira ing jeneng sira kabeh wis kadulu aneng telenging netraku kanthi cetha wela-wela”

“Jengandika tansah angasorake dhiri, Nanging jenengingsun ora samar manawa jengandika uga sawijining titah kang agung ing budi”

“Ha ha ha  . . . , Paduka Sang Prabu sesorah kadi dene patraping Brahmana” Rama Parasu gumuyu sumeh.

“Jenengingsun amung ngandharake bab kang nyata, ya iki kang kawetu saka jroning batinku, sapurnane jengandika ngandharake dalaning uripira Sang Resi. Ingsun ora jeneng sesorah kaya dene patraping brahmana kang tumuju marang kabecikan. Manawa kena kawedharing lathi, jengandika tetela sejatining titah wujud dewa kang asarira satriya pinandhita. Kabeh para brahmana, nimpuna apadene para narendra lan satriya mesthi sarujuk marang apa kang dak aturake”

“Bener pangandikamu Prabu Harjunasasra, sabab jengandika wus kemput anindakaake darma mangayu hayuning jagad. Sapa wonge kang keduga nglakoni darma mau, ora luput kuwi tetela Paduka Sang Harjuna Sasrabahu kang sejatine panjalmaning Bathara Wisnu!”

“Yen mengkana sira tetep duwe pangira menawa jenengingsun kang asarira Bathara Wisnu?

“Ora luput sabab jengandika kang kawasa ngrucat sarira awujud Triwikrama!” Rama Parasu anjawab, ngunci prakara sabab carita kang wus malembar angebeki jagad, lamun kang sembada Triwikrama sejatine panuksmane Bathara Wisnu

“Yen ingsun anduwa apa kang dadi lenging ciptamu, jengandika bakal tumindak apa?

“Sang Prabu, sira arep dak ruda paripaksa supaya jengandika Sang Prabu kersa nglarapake sanjata Cakra, supaya dienggal ingsun mesat marang loka baka. Amung sira sejatine kang sarira Bathara Wisnu kang widagda nguntapake ingsun marang yomani loka. Amung sira sang Prabu kang saguh mbedhah dhadhaku!”

“Yen ta sanjataku Cakra ora kuwawa mbedhah dhadha jengandika Sang Resi, jengandika arep tumindak apa?” Prabu Harjuna Sasrabahu tetep kabotan minangkani panyuwune Rama Bargawa.

“Sang Prabu arep dak perjaya kanthi pusakaku Kyai Bargawastra. Paduka bakal tumekaning tiwas, karana amung panjalmaning Bathara Wisnu kang keduga nampani senjataku Kyai Bargawastra”

Kumenyut tyas Sang Prabu Harjunasasra karana mirengake ature Resi Rama Bargawa. Awor kalawan rasa trenyuh saka pangira lamun ing kene wus ana pepadhang, Yen ta sugenge wus ngancik ing mangsa wasana. Jroning nala Sang Prabu memuja, mugaa Bargawastra kang dadi lantaran pecating suksma lan sigra ngambah ing loka baka.. Mangkana wuwuse Sang Prabu Harjuna Sasra.”Dhuh Sang Maha Resi, ingsun darbe senjata Cakra, ingsun uga bakal nyoba sepira kaprawiranmu. Ingsun bakal anglarapake senjata iki marang jaja jengandika Sang Resi. Muga muga saka wenganing Jawata, senjata iki tan ana kasektene mbedhah jaja jengandika. Ya ing kana kaeksi, ing ngendi sejatine anane Bathara Wisnu kang saguh nglantarake jenengingsun marang swargaloka”.

Mangkana wus samapta kekalihe nggenya bakal nglarapake sanjata sekti. Sang Rama Parasu kang ngembat gendewa kang sinandhangan Kyai Bargawastra. Senajanta Sang Prabu Harjuna Sasrabahu uga wus ngunus senjata cakra kang sumandhang ing kekendheng. Nanging sajroning nala Sang Prabu Harjuna Sasrabahu wus pasrah dhiri, cakra kang wus kapasang ing kendhengira kacandhet nora nedya kalepasake.

Bawane Sang Rama Parasu kang darbe watak tan ana wigih areringa, gya ngalarapake Sang Bargawastra kang apamor segara muncar. Pranyata Sang Ramaparasu kang kasop kaprawirane ing olah warastra tangkising curiga. Jumepret swaraning kekendheng sumiyut Bargawastra tumanduk jajane Sang Prabu Harjuna Sassrabahu tan ana sisip, ambruk katriwandhan sanalika ing bantala .

 Sakala sidhem kang swasana amung bebisiking ati Sang Harjuna Sasrabahu yen ta kawijiling lesan, “Dhuh Jawata Agung, paparingira kang tanpa pepindhan dene Pukulun sampun kersa paring pitudhuh, ing papan menika, pukulun sampun anitahaken jalma ingkang sampun kuwawi  anglantaraken titah pukulun tumuju marang Sawarga loka, papan dunungipun garwa kula kinasih Dewi Citrawati” Mesem jroning wardaya Sang Prabu senajanta rasa panas kumarangsang tan kaya kena ing ngampah jroning papan tumanceping warastra Kyai Bargawastara. Ludira kang mijil kaya dineres tan rinewes. Nanging kang ana amung bungahing nala amarga wus wahyaning mangsakala Sang Harjuna Sasrabahu bakal kapanggya kalawan ingkang garwa.

Kocap kacarita, anjelih sakala Sang Rama Parasu tatkala uninga manawa sanjata sakti wus keduga tumancep ing jangganing Prabu Harjunasasra. Sigra cinandhak rinangkulan sarirane Prabu Harjuna Sasrabahu kang kuthah ing ludira. Pangandikane sora-anjelih. “ Hah mokal ana kedadeyan kang kaya mangkene !”

Kanthi pegat-pegat pangandikane Sang Prabu Harjuna Sasrabahu angandika. “Ing donya iki . . . . . tan ana prastawa . . . . . kang aran mokal !!”

“Sang Prabu, jengandika cidra ing ubaya! Paduka Sang Prabu nora anglepasake senjata!”

“Jeneng ingsun wus angandharake . . . .  menawa . . .  salumahing bumi sakurebing langit, tan ana sanjata kang kuwawa tumancep ing dhadhaku.  Kang kuwawa tumancep ing dhadha iki, amung sanjata kang kalepasake saka astane Bathara Wisnu. Mula ing wektu iki . . . . tan ana . . . . bab kang angalingi, lamun jengandika Sang Resi kang sejatine . . . .dadi panjalmaning Bathara Wisnu . . . .”

“Paduka Sang Prabu angucap menawa jenengingsun panjalmaning Bathara Wisnu? Bener mangkana kang paduka ngendikaake? Paduka aja ngandika kang ngayawara!!” Sora pangandikane Sang Rama Parasu sarwa angguncang ragane Prabu Harjuna Sasrabahu, kang nandhang katriwandhan.

“ Selehana ragaku Sang Resi. . . . . . Ingsun bakal anjlenterhake apa kang sayekti’” Kaya dene kaprabawan dening ucape Prabu Harjuna Sasrabahu, mangkana sarirane Prabu Harjuna sigra kaselehake ing watu gilang. Kanthi ririh mangkana ature Sang Prabu.”Ingsun ora ngucap . . . . . kang tanpa landhesaning kanyatan. . . . . Jengandika  Sang Resi. . . kang tetela Panjalmaning Bathara Wisnu kang sejati. . . . “

Nanging pangandikane Sang Prabu malah karya muntabe Rama Bargawa, geter lan sora pamuwuse“Panuksmaning jajalanat, memalaning jagad. Ing kene ingsun bakal anguntapake sira marang yomaniloka !!!” Jumangkah Sang Rama Parasu kanthi kabraning tyas. Muntap kanepsone sakala sigra amusti Kyai Wadung. Renguning tyas Sang Rama Bargawa tan kena ingampah. Cinacah sarirane Prabu Harjuna Sasrabahu ajur dadi sawalang walang.

Mangkana krodhane Sang Rama Parasu kaya rinasukan ing sakehing drubiksa tan priksa kalamun jasading Prabu Harjuna Sasrabahu sirna kaya katiyuping samirana. Sakala legeg ing wardaya pungun-pungun kaya wungu saka nendra nalika wus surut krondane. Nanging kacarita kaya ana swara dumeling ing karna, Sang Rama Parasu anjegreg kaya tugu sinukarta, tugu wus ngarani sinukarta tegese kapepaes. Anggateke swara kang kang tanpa sangkan, kadi dene tumumpang ing samirana mandra. “ Oooh Sang Resi, tetela jengandika yekti satriya kang ambeg brahmana. Tan ana sisip kalamun jengandika panjalmaning Bathara Wisnu. Atur panuwunku marang jengandika Sang Resi tanpa pepindhan, dene jengandika wus widagda anguntapake jenengingsun marang ing kasidan jati . . . .!”

Sirna swara kaya katiyuping samirana, sakala ngunguning driya kadi kawiyak kang wewadi lamun Bathara Wisnu kang sejatine wus anyarira ing raga. Nanging meksa maksih ana pitakon kang sesa ing jroning werdaya, mangkana pangandikane ririh. “Apa hiya bener kang dadi pangucape Prabu Harjuna Sasra. Layak mangkonoa jroning urip iki nora nate kepanggih kang ingsun upadi seprana seprene. Ing ngendi sejatine pawongan kang dadi Panjalmaning Bathara Wisnu”.

Kocap kacarita anembe cep klakep pangandikane Sang Resi, sanalika ana geter pater sakupenging papan dununge Rama Parasu nalika samana. Sindhung riwut bayu bajra tumiyup anggegirisi. Tan antara lama mendhane kang bajra herawana, ana swara kang tan ana wujud dumeling anggeteri. “Heh Satriya Pinandhita! Nyata sayekti, yenta sira satemene dadi titah kang tansah nandhang kasangsaya. Awit saka dene sira andhaku menawa sira iku dadi Panjalmaning Bathara Wisnu, samengko dadi sabab Wisnu rucat saka anggamu. Bathara Wisnu wektu iki wus ganti  manunggal marang satriya kang dedunung ing Ngayodya Pala! Upadinen lamun sira kadunungan watak kang adreng ing gegayuhan!

Kagyat gora wekasan Rama Parasu, mangkana ucapira lamun kawijling lesan“Jagad dewa bathara, mangkene panandhang kang sumandhang tetumpuk matumpa tumpa. Yen mengkena kedadiyane, ateges aku kudu angambali anggonku angupadi dununging Bathara Wisnu”

Pepes otot bebayune Sang Rama Parasu, jroning cipta angundhamana marang kang akarya jagad. Sabab rumangsa yen para jawata tansah angrubeda paring panandahang. Ananging pepuntoning galih, sawusnya kaunggah kaudhunake, lamun sejatine wus ana trontong-trontonging pepadhang kang wantah awewentehan, ing ngendi paran dunung sejatine Bathara Wisnu.

(Wonten sambetipun)

Karakit samukawisipun kanthi raos  ingkang sarwa Jawi,  saking Ramayana Basa Indonesia anggitan Herman Pratikto.

26 Juli  2011,  jangkep dwi warsa sesambetan kula kaliyan “wayangprabu”. Menika salah satunggaling wujud udhu klungsu ingkang kula janjeaken ing nguni. 

3 thoughts on “Ramaparasu [9] : Kang Wus Padha Sumeleh”

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s