Perkumpulan Para Wanudya


By MasPatikrajadewaku

Obrolan Cangik Limbuk

. . . . Samangsane Pasamuan. . . . .

. . . . alus manis maweh kung, ooooo . . . . . . .

Cangik: Anakku nduuk, wingi lagek kae, ulatmu sumringah mesem ngguyu, aku ngrasaake uwas sumelang. Sumelanging atiku ndelok lageyanmu, awit kowe terkadhang ngguyu dhewe. Atiku uwas sumelang kepara nratab nalika semana. Nanging bareng aku ngerti larah larahe, senengku malah kaya sinundhul puyuh lho nduk. Awit nyatane senenging atimu kuwi kok ya ora tak gerba, ora tak rasa sabab musababe. Nyatane kahanan kang gawe seneng kang kaluwih-luwih kuwi kadhang njuk ngethulake rasa-pengrasa batin kok nduk. Lha bareng saiki, kok kosok balen solah tingkahmu karo sing dek anu kae nduk!

Limbuk: Lho Mak, kowe kok omong ngana kuwi apa ana bab susah kang kok sawang jroning ulatku dina-dina sing kawuri iki ta Mak?

Cangik: Ya mesti wae ta nduk, wong kowe ki amung sawiji sing dadi geganthilaning atiku. Mesti wae, bungahmu ya bungahku, susahmu ya susahku. Mula nduk, kandha-a karo Makmu iki, apa bab kang dadi gawe rasa prihatin lan susahmu.

Limbuk: Ora Mak, sakjane aku ki ora mrihatinake kahanan sakjroning keluwarga. Kahanan kita rak ya ayem tentrem, padha sehat wal afiat, rejeki sempulur lir mbanyu mili. Coba delengen, dhuwitku neng dhompet ki kaya tisu, dijabut siji, siji meneh wis ketok njedhul, ora entek entek.

Cangik: Lha kuwi rak mayar jenenge ta nduk, ora mokal yen kaya ngana kahananmu. Awit nyambut gawemu rak bebasan teken janggut suku jaja. Apa wae alangan lan angeling jejibahan kok lakoni kanthi ati kang tatag. Lha njur sing dadi prihatin sakjabaning keluwarga ki apa hara?

Limbuk: Iki lho Mak, kisruh PSSI nganti dina saiki durung ana wusanane . . . .

Cangik: Ha ha ha ha . . . . .

Limbuk: Cep Mak, lha rak malah aku digeguyu, durung rampung lehku kandha lho Mak.

Cangik: Kok jebule kuwi ta. Aku ki malah gumun karo kowe, lah wong kowe kuwi wanita. Biyasane wanita ki ora ketarik marang bab kaya ngana kuwi, nduk.

Limbuk: Lho Mak, apa kowe ora nate nggatekke aku ta? Senajana wanita aku rak ya sering pamit karo kowe yen ana non-bar kae, aku ya melu nggabung kara mitra-mitraku kakung nonton bal-balan. Senajana wanita aku ya ngerti jenenge siji siji pemain bal lokal lan internasional. Si kuwi main neng klub apa, aku ngerti kok Mak. Ora mung pemain, yen perkara bal balan lokal iki, malah aku lewih kenal penguruse je Mak.

Cangik: Eeehh toblas, iya ki! Yen kowe pamit marang aku nalika kae kuwi, tak kira kowe mung “mejeng” supaya entuk gandhengan. Lha tibake malah tenanan kowe lehe seneng marang olah raga karemane wong kakung ta nduuk . . . Ning ya kuwi, najan aku ya ngana patrapku mbiyen ya meh padha karo kelakuanmu lehe melu seneng karo ulah raga kuwi lho nduk. Nalikane Bapakmu Bei isih sugeng aku ya kadhang melu mrana mrene dijak karo bapakmu. Nalika semana timnas negara kita isih diwedeni karo negara sakupenge. Tak critani lho nduk, nalika semana sering tim-nas kita ngundang tim-nas utawa klub seka negara adoh kang kondhang digdayane perkara bal-balan. Menang tau, ning nek kalah ya ora dadi lumbung gol. Ora ngisin-isini. Bareng wektu-wektu kepungkur iki, rasah dicritake wae ah . . , iya aku ngerti rasa prihatinmu . . . . .

Limbuk:Ngrembakane ulah raga bal-balan nasional ora sepadhan karo “hingar bingare” kompetisi lokal lan seringe conto-conto saka tontonan bal-balan manca sing saben saben disiarake TV kae. Nanging nyatane kok ora ndadeake timnas kita tambah digdaya.Nanging  sakjane, jeneng permainan olah raga kuwi ya Mak, kalah menang ki ya bab kang lumrah. Menang kalah kudu tumindak sportif. Sportif pemaine, “suportere” uga penguruse. Mula olah raga kuwi basa kanane disebut sport.

Lah ing kene Mak sing aku ora patiya sreg. Penguruse bal balan ing negara kita ki jan menang menangan dhewe. Kisruh ora leren leren. Senajana pimpinane wis cacat ing bab garising aturan, ning ya tetep nekad nglanggeke kekuasaane. Aturan dhasar saka induk organisasine diplitir ngiwa nengen karo wong wong kang sakjane ngerti ukum lan aturan. Sekjene sing ngertiku wis karatan lungguh neng singangsana. Saka elingku nalika aku isih kathokan monyet, dekne wis lungguh neng kana. Nganti saiki isih betah lungguh neng kana senajan wis ora besus nyambut gawe. “Lawyer” sing jane ya ngerti marang bab ukum lan basa Inggris, olehe “meng interpretasi” ukara sak ukara saka bahasa asale kitab aturan lan undang undang, diplintir kaya dene ora ngerti yen wong wong liya ki saiki wis padha pinter pinter lan pana pranawa marang ukum lan ukara. Iku jenenge banget banget lehe ora sportif!

Cangik: Eee tobil anak ngkadhal. Kowe kok omong ngono nesu neng ngarepe Makmu ndedawa dawa. Keneng apa ta cah iki?

Limbuk: Aku ki gregetan kok Mak, yen wis ngetok ke unek unek senajan ngetok ke neng ngarepmu sing ora pati dhong, ning yen wis kawetu kuwi rak marahi ati njur krasa plong to Mak.

Cangik: Ya bener kandhamu. Ning ya kuwi, liya saka sabab keneng ngapa ketua lan penguruse kae ora gelem lengser, senajan wus ora pakra ngurus organisasi, nanging tak kandhani ya nduk, ngurus organisasi lan pakumpulan iku ora gampang. Pada karo nglakoni sesrawungan. Ngerti ta nduk?

Limbuk: Bener kandhamu Mak, sedina dina lehku srawung ya mrangguli kanca kadang kang mawarna warna patrap tingkah lakune. Sing nyenengake, yen srawung karo kanca sing seneng gawe bombong ati, atine jembar bawera, senajanta kecenthok ukara kang ora sengaja tak ucapke rada nyolok ati, ning tanggapane ya tetep mesem ngguyu ulate tetep sumeh. Basa kanane wong iku duwe sifat “easy going” ngana Mak. Malah kadhang yen dhekne lawas ora muncul ki malah gawe kangen lho Mak.

Cangik : Lha liyane piye?

Limbuk: Sing wateke netral, tegese biyasa biyasa wae. Ana ya disrawungi, kena kanggo rembuk apa wae. Senajanta terkadhang ya blang blong kae. Kadhang nyambung, kadhang tak ajak omong ya ora ana tanggapane. Ana maneh Mak, wong sing basane ora karuwan. Ora nganggo tata, nganti bingung aku, wong kuwi sakjane omong apa. Nanging ora dadi apa, sabab ya ora tau nglarani ati.

Cangik: Apa ya ana ta nduk sing marakke kowe miris nggonmu srawung?

Limbuk: Ana Mak, ya sing kaya ngene iki sing marakke aku wedi srawung. Merga kowe rak ngerti karo sifatku sing ca blaka malah kepara getapan kaya gusti Prabu Baladewa kae. Mula aku ya sok ngadohi menawa ana tekane kadang kita kang kupinge tipis. Eleke wong sing duwe kuping tipis iki, yen ana rembuk kang kurang nyocoki ati, utawa cengkah klawan isi-isening ati, rembuk kuwi kadhang njur di “blow-up”, njur ngomong sora. Umpamane tulisan kae, omongane kaya ditulis huruf murda, font-e digedhe-ke. Neng kana aku lowung mundur disik Mak, wedi aku, mundhak dadi sulaya.

Cangik: Eeeh toblas . . .  cah iki kok maca siji mbaka siji kanca kancamu. Kuwi kedadeyan ana pakumpulanmu ta nduk? Contone piye sing gawe kowe ngrasa cengkah sipatmu  klawan pepenginanmu sesrawungan nduk?

Limbuk: Ya kuwi Mak, ana malah sing jan naif banget kandhane, jarene yen mlebu ing pakumpulan kuwi ya kudu siyap dadi pangayom. Mangka ora kabeh pawongan kang mlebu ing pakumpulan kuwi nduwe pengangkah kang mengkana. Malah kepara arep ngayom lan ngiyup, jare.

Mangka Mak, dadi pengayom kang becik ki kudu nduwe watak kang momot sakabehing tingkah wataking anggota lan bab kang kedaden jroning pakumpulan. Kejaba kuwi kudu kuwawa ngubengake jantraning kegiyatan kang wus kacithak ing AD/ART. Pancen bener Mak, pemimpin ora kudu tumandang dewe. Dudu “one man show”. Nanging kudu bisa “mendelegasikan” wewenang marang paranpara kang dadi bebahuning kanan lan kering. Nanging ideale aja kaya gustimu Prabu Puntadewa. Ngerti ta Mak?

Cangik: Lho, apa kowe ya nate ditari dadi pengayom neng Perkumpulan Para Wanudya kuwi nduk? Ndang gelema! Mengko rak kaya ketua PSSI,  enak lho nduk, mestine. Nyatane ketua PSSI ki, nganti saiki isih nekat dadi ketua, senajan organisasine wis “dibekukan” karo pemerintah jare nduk . . . . . . .

Derogdog dog dog dog,    Kukusing dupa kumelun, ngeningken tyas sang apekik, kawengku sagung jajahan,  Ooooo  . . . . . . . .

Advertisements

4 thoughts on “Perkumpulan Para Wanudya”

  1. Limbuk : Lha rak diganti ta irah-irahane. Mengko ana sing nesu lo PPW diplesetke vulgar dadi judul lho Mak.
    Ana maneh Mak sipate kancaku. Nek diparingi panganan ki ora kandha apa apa ngerti ngerti disaut terus diemplok ngana wae ha ha ha ha . . . . . . . .

  2. Gumantung interpretasi masing-masing …
    Nek sing positive thinking … kabeh diterima lan ditanggapi kanti apik
    Nesu, misuh-misuh malah nuduhke karo khalayak nek durung iso mengendalikan diri … :)
    wah dadi sok-sokan ki …
    maksude mung saling mengingatkan bae
    rak nggih mekaten to Mbak Limbuk ?

  3. ha…ha..ha …. jian bener-bener bakatte ndalang nanging wonten sing bade nanggap malah ora kerso…..kapan payune….. menawi kula njih dalang namung dalang kerusuhan. Siiip siiip kangmase.

  4. Lha dhalang mung neng wayangprabu sing mboten wonten sabet lan seni swarane ditanggap ndhalang neng panggung nggih dereng saged. Mangke nek sampun sinau sabet kalih Mas Adi Wijaya, njur seni gendhing kalih Mas Al Nurbandana menapa Mas Jaka Lodhang, mangke nembe saged manggung.
    Ning nek kon lungguh sila sing mung kuwat sak jam niku pelatihe sinten Mas Roni ha ha ha ha . . . .

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s